Kitab Suci Bocah. nyuguhaké. Paskah Pisanan

dokumen-dokumen yang mirip
Kitab Suci Bocah nyuguhaké. Paskah Pisanan

Kitab Suci Bocah. nyuguhaké. Nuh lan Banjir Gedhe

Kitab Suci Bocah nyuguhaké. Swarga, Daleme Gusti Allah sing

Kitab Suci Bocah. nyuguhaké. Wiyose Gusti Yesus

Alkitab untuk Anak-anak memperkenalkan. Paskah yang Pertama

Alkitab untuk Anak-anak memperkenalkan. Paskah yang Pertama

Alkitab untuk Anak-anak. memperkenalkan. Paskah yang Pertama

Alkitab untuk Anak-anak memperkenalkan. Cerita 54 dari 60.

Alkitab untuk Anak-anak. memperkenalkan. Paskah yang Pertama

KISI-KISI PENULISAN SOAL

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

KISI-KISI PENULISAN SOAL

Alenia Kesatuan dan Kepaduan. Sri Hertanti Wulan

NILAI PENDIDIKAN DALAM KUMPULAN DONGENG-DONGENG ASIA KANGGO BOCAH-BOCAH SERI 1, 2, DAN 3

pemilik code yang close sou bisa membagi source coden melalui lisensi, entah denga gratis maupun membayar. Meskipun gratis, lisensi terte bisa

Analisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

Analisis Psikologis dan Nilai Moral dalam Roman T Spookhuis Karya Suparto Brata

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

Alkitab untuk Anak-anak. memperkenalkan. Paskah Pertama

Alkitab untuk Anak-anak memperkenalkan. Paskah Pertama

Analisis Keterbacaan Buku Ajar Bahasa Jawa Kelas Iv Sekolah Dasar Di Kabupaten Madiun

ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.

KISI-KISI PENULISAN SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER

1:1 Sadurungé jagad dititahaké, Sang Sabda wis ana. Sang Sabda mau tetunggilan karo Gusti Allah, sarta Sang Sabda kuwi pancèn Allah.

Alkitab untuk Anak-anak memperkenalkan.

BAB II PEMBAHASAN. Dalam pembahasan ini akan dipaparkan mengenai penanda kohesi (baik

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

Oleh : Marwan Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa

Analisis Sosiologi Sastradalam Naskah Layang Sri Juwita karya Mas Sasra Sudirja

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN PATI KECAMATAN JUWANA ULANGAN KENAIKAN KELAS SEKOLAH DASAR TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Surat Al - Baqarah. Kitab al-qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah

BAB IV HASIL PENELITIAN DAN PEMBAHASAN. A. Hasil Penelitian. Hasil penelitian menyajikan deskripsi data, analisis dan hasil temuan

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

Ikrar Minamata インドネシア語

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Konjungsi dalam Novel Daradasih Karya Sudibjo Z. Hadisutjipto

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB III PANULISAN AKSARA JAWA

menyusun teks lisan sesuai unggahungguh. berbagai keperluan.

B. Kompetensi Dasar K I Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

B. Kompetensi Dasar K 1 Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

AAK culture library I Javanese Manuscripts

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Analisis Psikologis Sastra pada Novel Amrike Kembang Kopi Karya Sunaryata Soemardjo

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR

URAIAN MATERI KB-2 AKSARA MURDHA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO. Dening: Rindha Novacerya

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

Analisis Nilai Moral Rubrik Wacan Bocah dalam Majalah Djaka Lodang Edisi Juni-Desember 2013 dan Relevansinya dengan Kehidupan Sekarang

Tabel 3 : Analisis Macam-Macam Paragraf dan Pola Pengembangan Paragraf pada Karangan Narasi Berbahasa Jawa Siswa Kelas X SMA N 1 Pejagoan

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Analisis Sosiologi Sastra dalam Novel Purnama Kingkin Karya Sunaryata Soemardjo

Insider13. Jawaban paling apik

KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA TOKOH UTAMA DALAM NOVEL LINTANG KARYA ARDINI PANGASTUTI B.N.

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

SOSIOLOGI SASTRA DAN NILAI PENDIDIKAN DALAM ROMAN KADURAKAN ING NGISOR DRINGU KARYA SUPARTO BRATA

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

KAPITAYAN SAJRONE CERBUNG ESEM ING LINGSIR SORE ANGGITANE NARYATA : TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Widuri Pantai Cinta ne Pemalang

Ingkang Minulya Dagpo Rinpoche SERAT PANGAYOMAN BAB I. Diaturake nalika 9-14 Desember 2003 ing Dharma Center Kadam Tashi Choe Ling, Malaysia

Citra Tokoh Utama Wanita dalam Trilogi Roman Kelangan Satang karya Suparto Brata

ANALISIS STRUKTURAL DAN MORALITAS TOKOH DALAM DONGENG PUTRI ARUM DALU KARANGAN DHANU PRIYO PRABOWO

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN ( RPP )

TINDAK TUTUR INFORMATIF SAJRONE KHOTBAH KEBAKTIAN MINGGU ING GREJA KRISTEN JAWI WETAN ING KUTHA SURABAYA. e-jurnal

Adverbia Verba Bahasa Jawa pada Cerbung Ngonceki Impen pada Majalah Panjebar Semangat Edisi Maret Agustus 2014

BAB IV ANALISIS DATA. leksikal maupun gramatikal) dan penanda koherensi wacana novel Sang Pangeran

Analisis Moralitas Tokoh Roman Ser! Ser! Plong! Karya Suparto Brata

O O povo povo está está sendo marcado, veracidade em em capítulos e e versículos bíblicos.

REFERENSI PADA JAGAD JAWA DALAM SURAT KABAR HARIAN SOLOPOS JURNAL ILMIAH

BAB III METODE PENELITIAN

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Ulangan Harian ke Kula.saking sekolah jam 1 siyang, menawi bapak.saking kantor jam 4 sonten.

Jawa 3 kanggo. Kelas III. Utama Basa. SD/MI, hal Buku Wasita. pengalaman iki kanthi becik! Instrumen. Semaken crita. Tertulis.

ASPEK FILOSOFIS SAJRONING CERGAM (CRITA GAMBAR) ASMARA PEGAT JIWA ANGGITANE ARIPURNA

Layangé rasul Paulus marang Timotius

BAB II ANALISIS DATA

ANALISIS PELANGGARAN PRINSIP KERJA SAMA DAN PRINSIP KESOPANAN DALAM KOLOM SING LUCU PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT EDISI FEBRUARI-JUNI TAHUN 2012

Novel Sintru,oh Sintru Anggitane Suryadi WS. Kawawas Saka Teori Strukturalisme Dinamik. M. Abdullah Faqih. Abstrak

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Analisis Kesalahan Kebahasaan pada Lembar Kerja Siswa Kuncaraning Widya Bagelen Kelas X SMA Kabupaten Purworejo

BAB II ANALISIS DATA DAN PEMBAHASAN. dalam tuturan para tokoh yang terdapat pada cerbung Mulih Ndesa, (2) fungsi alih kode dan

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

Analisis Tokoh Utama dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo Ditinjau Dari Psikologi Sastra

Konflik Psikologis Paraga Utama sajroning Crita Sambung Rembulan Wungu Anggitane Ardini Pangastuti

Problem Kajiwane Paraga Utama Jroning Novel Sawise Langite Katon Biru Anggitane Yunani: Tintingan Psikologi Individual Allfred Adler Miftakhul Rohmah

ANALISIS POLA PENGEMBANGAN PARAGRAF PADA KARANGAN NARASI BERBAHASA JAWA SISWA KELAS X SMA NEGERI 1 PEJAGOAN SKRIPSI

BAB II KAJIAN TEORI. dihasilkan (Ahmadi, 1988: 20). Begitu juga istilah karangan (komposisi) yang

Transkripsi:

Kitab Suci Bocah nyuguhaké Paskah Pisanan

Ditulis déning: Edward Hughes Digambari déning: Janie Forest Dibesut déning: Lyn Doerksen Diterjemahaké déning: Endang Supardan diproduksi déning: Bible for Children www.m1914.org 2010 Bible for Children, Inc. Kowe duwé hak motokopi utawa nyithak crita iki, waton ora kanggo diedol.

Wanita iku ngadeg nang pegunungan sing lagi akèh wongé; kanthi sedhih banget mripaté nyawang pemandhangan sing nggegirisi. Anaké wanita iku wis mèh tilar donya. Ibu iku iya Maria sing ngadeg cedhak panggonan Gusti Yésus dipaku nang kayu salib.

Kepriyé déné kedadéyané bisa kaya mengkono? KepriyédénéGusti Yésus sing gesangé utawa uripé apik banget, kebak kabecikan, akiré bisa kaya ngono sengsarané? Kenang-apa Gusti Allah marengaké Putrané dipaku nang kayu salib nganti séda ing kono? Apa Yésus klèru bab Sapa sajané Dhiri-pribadiné? Apa Gusti Allah gagal?

Ora, Gusti Allah ora gagal. Uga Gusti Yésus ora kleru apa-apa. Gusti Yésus tansah mangerti yèn Panjenengané bakal dipatèni déning para wong sing jahat. Malahan nalika Gusti Yésus isih bayi, ana wong tuwa sing jenengé Siméon tau ngandhani marang Maria yèn ing tembé mburi bakal ngalami kasedhihan gedhé.

Sawatara dina sakdurungé Gusti Yésus disédani, ana wong wadon marani Gusti, banjur ngesokaké minyak wangi larang sakguci ing samparané Gusti Yésus.

Wong wadon iku mborosaké dhuwit, kandhané para sakabat sing padha ora setuju. Dhewèké nglakoni barang sing becik ngendikané Gusti Yésus. Dhewèké nglakoni mangkono iku kanggo nyedhiyakaké anggonku bakal dikubur. Pangandikané Gusti iku nganèh-anèhi utawa ora lumrah, ya!

Sakwisé iku, Yudas, yaiku salah siji saka muridé Gusti Yésus sing jumlahé rolas, sekongkolan karo para pemimpin Imam, arep ngiyanati Gusti Yésus, diijoli 30 iji utawa sèkel, dhuwit pérak.

Ing dina Riyaya Paskahé wong Jahudi, Gusti Yésus dhahar bebarengan sing pungkasan karo murid-muridé. Gusti ngendikaaké prekara-prekara sing éndah bab Gusti Allah lan janjiné Gusti marang sapa waé sing tresna marang Panjenengané.

Banjur Gusti Yésus mundhut roti lan unjukan banjur diedum-dum. Iku kanggo ngélingaké para murid mau yèn badané lan rahé utawa getihé Gusti Yésus diparingaké kanggo pangapuraning dosa.

Banjur Gusti Yésus ngendika marang para sekabaté yèn Panjenengané bakal dikiyanati, lan para murid kabèh bakal mlayu ngadoh. Kula mboten badhé késah utawi mlajar, aturé Petrus. Sakdurungé jago kluruk wayah ésuk, sira bakal nyélaki aku, kandha ora kenal karo Aku, kaping telu, ngendikané Gusti.

Bengi iku uga, Gusti Yésus tindak ndedonga ing Taman Gètsémané. Para murid sing didhawuhi ngancani Gusti Yésus padha keturon. Pandongané Gusti Yésus mangkéné: Dhuh Rama, menawi kepareng cawan punika kasingkirna saking Kula. Nanging sampun pikajeng Kula, namung karsa Paduka kémawon ingkang kalampahan.

Ujug-ujug ana sakgerombolan wong nggawa senjata mlebu ing taman iku, dipandhu déning Yudas. Gusti Yésus ora nglawan, nanging Pétrus nyerang nganggo pedhangé nganti ana wong sing kupingé prothol. Tanpa ramé-ramé, Gusti Yésus banjur ngemèk kupingé wong kuwi lan dhewèké dadi mari. Gusti Yésus pirsa, yèn prakara penahanané Panjenengané iku pancèn klebu ing kersané Gusti Allah.

Gerombolan mau nggawa Gusti Yésus marang dalemé imam besar. Ing kono, para pemimpin agama Yahudi njaluk supaya Gusti Yesus dipatèni. Ora adoh saka kono, Pétrus ngadeg cedhak para rewang sing padha gegenèn karo nonton.

Ana kaping telu wong-wong namatké lan ngenali Pétrus lan ngucap, Kowé ya sering bareng Yésus! Kaping telu uga Pétrus nyélaki, persis kaya sing dingendikaaké Gusti Yésus sakdurungé. Malah Pétrus uga ngipat-ipati lan sumpah-sumpah.

Persis ing wektu iku, ana jago kluruk. Suwara iku kaya-kaya suarané Gusti Yésus marang Pétrus. Pétrus banjur éling marang pangandikané Gusti Yésus, lan banjur nangis kanthi sedhih banget.

Yudas uga getun. Dhewèké ngerti yen Yésus babar pisan ora duwé kesalahan, ora nglakoni dosa utawa tumindak jahat. Yudas banjur mbalèkaké dhuwit 30 sèkel pérak iku, nanging para imam ora gelem nampa.

Yudas banjur mbuwang dhuwit mau nang ngisor, banjur metu lan nggantung dhiri.

Para imam nggawa Gusti Yésus ngadhep Pilatus, gubernur Romawi ing wilayah kono. Pilatus ngendika, Aku ora nemu kesalahané Wong Iki. Nanging wong akèh terus bengak-bengok uniné: Kasaliba Wong Kuwi! Kasaliba!

Pungkasané Pilatus nyerah lan mutus supaya Yésus diukum mati disalib. Para prajurit njotosi Gusti Yésus, ngidoni pasuryané, lan uga mecuti Panjenengané. Wong-wong iku kanthi kejem padha gawe makutha saka eri sing dawa-dawa lan landhep-landhep, dianggokaké ing mustakané Gusti Yésus. Banjur wong-wong mau maku Gusti Yesus nang kayu salib, cikbèn mati.

Gusti Yésus wis pirsa yen Panjenengané arep séda mawa cara sing kaya ngono. Gusi uga pirsa yen sédané bakal nggawa pangapura kanggo wong-wong dosa sing percaya marang Panjenengané. Ana wong jahat loro sing disalib bareng Yesus, ing kiwa lan tengene. Sing siji percaya marang Gusti Yesus lan nderek Gusti nang Swarga. Sing sijine ora ngandel.

Sakwisé ngrasakaké sengsara pirang-pirang jam, Yésus ngendika, Wis rampung, lan banjur séda. Pakaryan utawa gawéané wis dirampungaké. Mitra-mitrané Gusti nyarèkaké Panjenengané nang pesaréan sing anyar.

Banjur para prajurit Romawi nyègel lan njaga pesaréan mau. Dadiné, babar pisan ora ana wong sing bisa mlebu utawa metu ing kubur kuwi.

Yèn crita iki rampung ing kéné, wah mesthi kaanané nyedhihaké banget. Nanging Gusti Allah nindakaké perkara sing ajaib. Gusti Yésus ora tetep séda.

Isih ésuk umun-umun ing dina kapisan minggu iku, sawenèh murid-muridé Gusti Yésus weruh yèn watu kanggo nutup pasaréané Gusti wis semingkir saka kuburan iku. Bareng niliki njeroné, Gusti Yésus wis ora ana nang kono.

Salah siji saka para wanita iku tetep ing kono karo nangis nang sandhing kuburan. Banjur Gusti Yesus ngetingal marang dhewèké!

Dhewèké dadi seneng banget lan énggal-énggal bali nyritakaké marang para murid liyané. GUSTI YESUS GESANG. WIS WUNGU. GUSTI YESUS WIS ORA SEDA MANEH!

Ora let suwe Gusti Yésus ngrawuhi para murid, lan nuduhaké astané sing ana tilas pakuné. Pancèn bener. GUSTI YÉSUS WIS GESANG MANÈH! Gusti ngapura Pétrus sing nyélaki Panjenengané, lan ngendika marang para sekabat supaya nyritakaké marang kabèh wong bab Panjenengané. Sakterusé, Gusti Yésus kondur nang swarga, yaitu dalemé Gusti Yésus sing wiwitan, sakdurungé rawuh ing Natal sing kapisan.

Paskah Pisanan Crita saka Pangandikané Gusti, Kitab Suci bisa digolèki ing Matius 26-28, Lukas 22-24, Yohanes 13-21 Kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi. Jabur 119:130

cunthel

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing ngersaaké supaya kowé wanuh marang Panjenengané. Gusti Allah pirsa yèn awaké dhéwé wis nglakoni prakara sing èlek-èlek, sing disebut déning Gusti Allah, dosa. Ukumané dosa iku pepati, nanging Gusti Allah banget olèhé ngasihi marang kowe, mula ngirim Putrané Ontang Anting, utawa Putra sing ora ana Tunggale, asmané Yésus, supaya séda disalib. Yesus diukum sebab dosa-dosamu. Banjur Gusti Yésus wungu manèh saka séda lan kondur menyang Swarga! Yen kowé pracaya marang Gusti Yésus lan nyuwun pangapura tumrap dosa-dosamu, Panjenengané bakal maringi pangapura! Panjenengané bakal rawuh lan urip nang atimu saiki uga, lan kowé bakal urip bareng Panjenengané saklawasé. Yen kowé percaya yen iki bener, mara matura marang Gusti mengkéné: Gusti Yésus ingkang kawula tresnani, kawula pitados bilih Paduka punika Gusti, lan sampun manjalma dados manungsa supados séda kanggé nyirnaaken dosadosa kawula, lan sakpunika Paduka sampun gesang malih. Mugi rawuha ing gesang kawula lan apuntenana sedaya dosa kawula, supados kawula nggadhahi gesang énggal ing wekdal punika, lan bénjang badhé sesarengan kaliyan Paduka salaminipun. Mugi mitulungi kawula supados saged tansah mbangun turut dhumateng Paduka sarta gesang kagem Paduka, dados putra Paduka. Amin. Macaa Kitab Suci lan geguneman karo Gusti Yésus saben dina! Yohanes 3:16