AAK culture library I Javanese Manuscripts

dokumen-dokumen yang mirip
Analisis Sosiologi Sastradalam Naskah Layang Sri Juwita karya Mas Sasra Sudirja

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

AAK culture library I Javanese Manuscripts

NILAI PENDIDIKAN DALAM KUMPULAN DONGENG-DONGENG ASIA KANGGO BOCAH-BOCAH SERI 1, 2, DAN 3

Alenia Kesatuan dan Kepaduan. Sri Hertanti Wulan

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

KISI-KISI PENULISAN SOAL

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB III PANULISAN AKSARA JAWA

KISI-KISI PENULISAN SOAL

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Konjungsi dalam Novel Daradasih Karya Sudibjo Z. Hadisutjipto

REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR

ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.

Analisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo

Oleh : Mas Kumitir 1 SERAT KACA WIRANGI

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

URAIAN MATERI KB-2 AKSARA MURDHA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA

BAB II ANALISIS DATA. Bab ini menganalisis penanda kohesi dan koherensi yang terdapat dalam WP

Please purchase PDFcamp Printer on to remove this watermark. BAB 2 KLASIFIKASI DATA

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

AAK culture library I Javanese Manuscripts

KISI-KISI PENULISAN SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER

KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

======= ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA


SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

Volume 4, Oktober 2015 ISSN

Tradhisi Tutur Tinular Sajroning Bebrayan Jawa. Pusaka Kabudayan kang Gedhe Dayane. Dening: Ayu Sutarto

PEMERINTAH KABUPATEN JEPARA DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA Jln. Ratu Kalinyamat, Demaan Jepara ( 0291 ) , ( 0291 )

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Analisis Keterbacaan Buku Ajar Bahasa Jawa Kelas Iv Sekolah Dasar Di Kabupaten Madiun

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Standar Kompetensi : 1. Memahami wacana lisan sastra dalam kerangka budaya Jawa

Analisis Sosiologi Sastra dalam Novel Purnama Kingkin Karya Sunaryata Soemardjo

Analisis Konjungsi dalam Wacana Berita pada Rubrik Sariwarta di Majalah Panjebar Semangat Edisi Januari-Desember 2013

PEMERINTAH KABUPATEN JEPARA DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA Jln. Ratu Kalinyamat, Demaan Jepara ( 0291 ) , ( 0291 )

pemilik code yang close sou bisa membagi source coden melalui lisensi, entah denga gratis maupun membayar. Meskipun gratis, lisensi terte bisa

Kitab Suci Bocah nyuguhaké. Swarga, Daleme Gusti Allah sing

LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO. Dening: Rindha Novacerya

AAK culture library I Javanese Manuscripts

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

Insider13. Jawaban paling apik

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

SERAT WEWADINING RASA

SOSIOLOGI SASTRA DAN NILAI PENDIDIKAN DALAM ROMAN KADURAKAN ING NGISOR DRINGU KARYA SUPARTO BRATA

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

Frase Nominal dan Frase Verbal pada Novel Pinatri Ing Teleng Ati Karya Tiwiek SA

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek(TintinganFolklor) Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek (Tintingan Folklor)

Tindak Tutur Ekspresif dalam Novel Emas Sumawur Ing Baluarti Karya Partini B

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Jawa 3 kanggo. Kelas III. Utama Basa. SD/MI, hal Buku Wasita. pengalaman iki kanthi becik! Instrumen. Semaken crita. Tertulis.

SANGKAN PARAN PARANING DUMADI. Dening Ki Sondong Medali

B. Kompetensi Dasar K I Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

SERAT PATRAPING NGELMU PANGUKUDAN DALAM KAJIAN STRUKTURALISME TZVETAN TODOROV

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

AAK culture library I Javanese Manuscripts

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

B. Kompetensi Dasar K 1 Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

BAB III METODE PENELITIAN

Adverbia Verba Bahasa Jawa pada Cerbung Ngonceki Impen pada Majalah Panjebar Semangat Edisi Maret Agustus 2014

BAB II ANALISIS DATA. A. Kajian Filologi

Citra Tokoh Utama Wanita dalam Trilogi Roman Kelangan Satang karya Suparto Brata

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

di Perkuliahan Akuntansi Keuangan 1 EKA025 / 3 / 3

BAB IV ANALISIS DATA

Ingkang Minulya Dagpo Rinpoche SERAT PANGAYOMAN BAB I. Diaturake nalika 9-14 Desember 2003 ing Dharma Center Kadam Tashi Choe Ling, Malaysia

Oleh : Marwan Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa

Novel Sintru,oh Sintru Anggitane Suryadi WS. Kawawas Saka Teori Strukturalisme Dinamik. M. Abdullah Faqih. Abstrak

Surat Al - Baqarah. Kitab al-qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah

KEKERASAN EMOSIONAL PADA MASA PACARAN DITINJAU DARI KONSEP DIRI REMAJA SKRIPSI. Oleh : DIAN VITANIA ANGGRAINI

Kegagalan Aktualisasi Dhiri Paraga Utama Priya Sajrone Novel Wewadine Alas Pejaten Anggitane C. Is Sarjoko (Psikologi Kapribadhen Maslow)

ANALISIS TINDAK TUTUR DALAM NOVEL JARING KALAMANGGA KARYA SUPARTO BRATA

Kitab Suci Bocah. nyuguhaké. Nuh lan Banjir Gedhe

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

DIMENSI ALAM KEHIDUPAN DAN MANUNGGALING KAWULA GUSTI DALAM SERAT JATIMURTI Natural Life Dimension and Manunggaling Kawula Gusti in Serat Jatimurti

Transkripsi:

LAYANG SASMITA TITIKA Mratélakaké sasmitané wong arêp : metu seneng utawa sedih, katekan utawa ora katekan sedyané, nemu bungah utawa susah, nemu begja utawa cilaka, dawa utawa cendhak umuré, kabéh mau katitik saka patitising kawruh titikan, purnéng gita ing Surakarta Warsa cinondra sangkala : (1858) 1e Druk UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL STOOMDRUKKERIJ DE BLIKSEM SOLO 1927 Kasalin saking aksara Jawa Ing aksara latin dening : Mas Kumitir Sidoarjo 10 Januari 2017 @@@ AAK culture library 1

SASMITA TITIKA [3] Sasmita, tegesé : ngalamat utawi pasemon. Titika, tegesé : Kawruh titikan. Dadi : Sasmita titika, karêpé : Pasemon kang kapariksa saka ing kawruh titikan, babaré kapratélakaé ing ngisor iki. 1. Sasmitané wong arêp nemu seneng utawi susah, katitik saka rasaning awak. Sadina-dina rasaning awak kapriyé, kapénak apa ora. Manawa énthéng sarta dhangan apa déné ana kang karasa lara, ngeres, linu, ngelu, mules sapapadhané, iku aran pénak, kang mangkono dadi ngalamat bakal nemu seneng, senengnging ati nélakaké anggawa pakoléh. Kosok baliné, manawa rasaning awak abot aras-arasen ngaléntroh mung tansah kusu turu baé, sarta tansah laranen, iku aran awak ora kapénak, kang mangkono dadi ngalamat bakal nemu sedih, sedih ing ati nélakaké anggawa kapitunan, yén anduwé[4]ni rasa kang kaya mangkono, sakéhing kakarépan kaendhakaké dhisik, mulané manawa krasaa ora kapénak sathithik baé, prayoga nuli kasirnakna sarana totomba, aja nganti kabanjur-banjur, awit lalara iku manawa kaeningaké, watakké saka angrebda. Luwih manéh manawa arêp lulungan adoh, sadurungé mangkat mamalaning awak kudu di rêsikki disik kang nganti bagas kuwarasan apa urus-urus apa adus kramas apa kethok-kethok kuku, lan liya-liyané, kang ora andadékaké pakéwuhing lulungan aja kongsi nemu lalara ana ing paran supaya ora nuwuhaké ribeding pamikir, kajaba yén lunga tirah. 2. Sasmitané wong arêp katekan utawa ora katekan sedyané, katitik saka kahananing lalakon. Titikané wong duwé kakarêpan sanadyan kakarêpan tumrap sadhéngah, manawa sarwa gampang, utawa ora kangelan bakal kalakoné, sarta ora kena ing sambékala lan rubéda, apa déné adoh ing godha rêncana, iku ngalamat bakal kadadiyan sarta makoléhi, kayata : wong [5] duwé karêp kapéngin duwé gawé mantu, nganggo pasamuwan AAK culture library 2

mongka jodhoné ana kang gangsar, (panjenengan dalam Nata isih ngagem pétung kang ambiyantu akéh, wong tuwa utawa padha rujuk sanak sadulur sayuk bocahé padha mathuk, kang mangkono nélakaké bakal kadadiyan wekasan kang di mantokaké iya dadi ambangun turut goné bobojowan padha asih atut runtut temah bisa nurunaké anak putu babranahan rijekiné tansah sempulur ora kendhat nganti kakén-kaén ninén-ninén. Kosok baliné, manawa kakarêpan kang grag-greg nunggal-nunggil ikrasikris ora kentheng-mantheng sawiji, iku iya dadi ngalamat bakalé ora pakoléh. Kayata : wong arêp lungan luru pagawéyan pikiré mangumangu ga arêp mangkat ga ora, dumadakan lakuné dadi kangélan ana baé pangkalané. Barêng dilakoni nembung pangawéyan marang sawijining panggedhé, diwangsuli séjv dina baé sabab saiki durung ana garapan bésuk sasi ngarêp baé kapurih bali. Kang luru pangawéyan kapeksa ngarantékaké, bareng tumekaning mongsa semayané di baléni, jebu[6]l wis dileboni wong liya, batiné kang nyarantékaké : ora genah anané, adoh-adoh diparani jebul ngoyani, pancén sembrana temenan gawé kangelaning laku baé. Kayata manéh : wong ajak-ajak prakara remeh, yaiku yén anjagong menyang tanggané diajak barêng, wangsulané kang diajak : Kamanah rumiyin, iku uga nélakaké ora kadadiyan, kang di wangsuli gremengan ing batin : prakara gampanggampangan baé kathik kangelan temen pamikiré, wong diajak barêng anjagong rak mung gelem lan ora, dadak semaya dipikir dhisik kabangeten temen goné ahli pikir, apa pikiré kuwi ora tahu dianggo mimikir, sabab wis angel dadi mung mangkat anjagong dhéwé-dhéwé. Sanadyan ing donya ana lalakon kang wiwitané gampang, wekasané ora kalakon babasan : othak-athik di bethot angel, utawa wiwitané angel wekasané gampang, babasan thik-pril, kaya diné gebyos wadhah lénga wangi, kang tutupé rapet adu seret karo wadhahé, di bukak miring angélé pecat mati, wusanané barêng tu[7]tupé di thithik miring bisa mingar sathithik gréwél banjur menga. Éwadéné gampang angélé mau kudu kadungkap sambung karo wekasané apa ora, yén sambung iya untung, yén ora sambung iya suwung. AAK culture library 3

3. Sasmitané wong arêp nemu bungah utawa susah, kathithik saka kaconggahing budi. Katitik saka kaconggahing budi, utawa rasaning poncodriya. Wong arêp nemu bungah, iku wis anggawa ngalamat kang ngantarani bakal tumeka, yaiku manawa : 1. Ora duwé lalayan prajanji, kasaguhan semayan lan sanggeman kang kasangsitan dening liyan. 2. Ora anduwéni butuh anjaluk pitulunganing liyan. 3. Ora anduwéni kamilikan marang darbéking liyan. 4. Ora kepingin oléh pangaji-aji saka pakurmataning liyan. 5. Ora kapingin nulad kang dadi lakuning liyan. 6. Ora kapingin methik kawruh kang dadi panemuning liyan. Samubarang tindak kaconggah nglakoni sarta ngrasakaké dhéwé. Sawisé saka rasa mangkono, nuli anduweni ka[8]éngetan yén kabungahan iku nganggo watara, ora ambanjur tanpa andhegan nganti gawé lali marang apesing manungsa. Kang mangkono wis ngantarani cedhakking mangun kabungahan. Kosok baliné, wong arêp nemu susah iku uga wis angawa ngalamating ngantarani tumeka, yaiku manawa : 1. Rasaning ati tansah kumelap ora karuwan jalarané. 2. Pangucapé ora patitis tansah anggladrah tanpa tuménja. 3. Pratingkahé ambalasak tansah ora jujur. 4. Lakuné tansah saléwéngan. 5. Linggihé moyég tansah ora jenjem. 6. Poncodriyané tansah moyar, ora maton kayata, manawa : a. Pangepokkaning awak ora nanggor, yaiku yén : nyénggol nyampé, nyampar, nyandhung, sapanunggalané, padha ora di rumasani. b. Pangandané ora landhep ora bisa ambédakaké wangi lan arum [9]. c. Pangenyamé ora énak ora bisa ambédakaké gurih lan anyir. d. Pangrunguné ora dhamang, ora bisa ambédakaké cumenthéng lan kemlénthéng. e. Panduluné ora pramana, ora bisa ambédakaké putih lan mayamaya. AAK culture library 4

Yén wis kaya mangkono manungsa kudu yitna, ngandheggi karêpê, aja nglalu kabanjur lali, balik di enggal adusa gebyur, ésuk soré aja nganti kendhat supaya bisa ngungkad ngenteling kaéngetan, rumasaha yén manungsa kasinungan apes mulané kang prayoga banjur tobat nalongsa nyuwun pangapura sarta pitulunganing sukma. 4. Sasmitané wong arêp nemu begja utawa cilaka, katitik saka woworané. Kabegjan iku uga ana ngalamaté, kang dadi titkané dumunung ana ing woworan yén manggung woworan lan wong sugih kagunan, sugih kapinteran, sugih raja brana, sugih pangaotan, sugih kawruh mengku pangkat gedhé, sarta rahayu ing budi, apa déné ora karêp woworan li[10]yané kang kasebut ing dhuwur, iku, kanthi kadhasaran watak patang prakara : 1. Ana duwéni kawekelan. 2. Ana duwéni kalantipan. 3. Ana duwéni kuwanthen. 4. Ana duwéni katemenan. Munggug kang baku sajeroning woworan manawa wong mau wis ora ngetung kangelané bahu suku sarta pamikir, karêpé mung marang kasucen nganti ora gelem katémpélan regéding ati salugut karêpé mung kudu mulus lan murni, sanadyan ana kamélikan kang melok anggawa kauntungan kang gedhé, janji ora rêsik iya katampik, kang mangkono dadi ngalamat bakalé oléh kabegjan kang linuwih. Kosok baliné, kacilakan iku iya nganggo ngalamat titikané uga ana ing woworan yén manggung woworan karo wong dhemen anglakoni bébéngkrahan nuruti karêpan kang ngambra-ombra tanpa tumanja, ngumbar angkara murka, nguja hawa napsu tanpa duga watara, dhasar kang winoworan utawa awaké dhéwé, ora anduwéni kawruh, ora anduwéni kapinteran ora anduwéni [11] kagunan anduwéni kawekelan ora anduwéni katemenan apa déné ora anduwéni lalabetan becik kang kaésthi mung thenguk-thenguk nganggur ngathekur, tansah ngulah kapénakking awak doyan mangan tanpa planggeran watoné mung janji arêp baé, sudhing tumandhang ing gawé, sudhing mimikir marang kabecikan sarta ora niyat oncat saka ing woworané kono, mongka AAK culture library 5

woworané mung dhemen anggung-ginunggung, ambek dumukan gumuru, gumaib gumagus gumagah, lan kumasura, wis ora ngéngéhngéngéh, nganti ngorakaké marang kekendelaning liyan dhemen ubyang-ubyung kang tanpa kucur, dhemen saba balasakan kang ora patut-patut lakuné, karêpé mung amberung lan ambekunung, ora doyan marang wulangnging wong tuwa, ora maélu marang susulangnging liyan, sakehing pitutur wis padha kasingkur, kang di tekadi mung amburu pakarémané dhéwé. Wong kang mangkono ora wurung katularan saka woworané, utawa genti nulari marang kancané kang padha sara wungon, iku dadi ngalamat bakal nemoni ka[12]cilakan. Kang baku dadi titikan manusa wong mau kasinungan bongkéngpikiré, wis dadi ciri ana kena ditambani, karêpé mung kudu miala marang sesama, malak marang kamilikan arêp urip dhéwé, ora ngétung saru siku, ora nolak dosa lan duraka. Kang mangkono dadi ngalamat ora lawas wong mau bakal nemu kacilakan. 5. Sasmitané wong arêp dawa utawa cendhak umuré, katitik saka rowa utawa mringkusing karêp. Yén manungsa isih gedhé panggalihé, sanadyan wis wayah tuwa, manawa isih anduwéni rasa jembar tebané, mintir pamikiré, isih kapingin anjajah paran kasonggah lunga menyang ngendi-endi, kapingin mengku kasugihan kasingihan kagunan sarta kapinteran opa déné isih kapingin anglakoni kaluwihaning ngakéh, duwé gawé mantu, tetakan sunatan lan liya-liyané, kang karêngga lawan tatanggapan kanthi semuwa nganti onjo, awit wong mau rumasa durung kalegan pikiré. Kang mangkono dadi ngalamat [13] nelakaké yén isih dawa umuré. Kosok baliné, sanadyan isih nom-noman manawa ngalundhung karêpé, ora anduweni panggayuh kang kaé-kaé, ora ngudi kuwarasaning badan ora sumedya nengkaraké pamikir, nurunaké wiji, anak-anak, puputu, sapituruté, wis ora karaskaké babar pisan apa déné angayuh babagan kang abot-abot sarta kang angél-angvl saya ora kaconggah pikir, sarta maneh ora kapengin sumuruping papan pamikiré muthek bola bali mung menyang tongga teparoné, utawa menyang sanak saduluré kang padha duduning ing cedhak kang manggon ing adoh babar pisan wis ora AAK culture library 6

dirasani. Kang mangkono kena diarani rupak jagadé. Apa maneh yén nuju kataman ing lalara, katitik ing pucuk irung soroté wis katon semu putih, polatané wis katon jrabangan bulé kaya ulesé jaran napas iku dadi ngalamt nélakaké wis nyedhaki cendhak umuré. Awit saka mangkono, sabisa-bisa manungsa aja dhemen ngunder, supaya pikiré ora ngendhel becik kang karêp kakaring lulungan saka ing omah, dadi oléh padhang hawa, kata[14]man soroting srengéngé, wekasan bisa mentheraké pamikir. Parangbara gelem sarawungan lan pawong mitra padha gosokan kawruh, kang anjalari ngrebdaning budi, iku sya luwih déning prayoga, amarga bisa anjembaraké kaéngétan nanging goné sarawungan kudu milih kang nunggal larasan sarta padha jongngé, apa déné kang dhadhasar rahayu ing budi mangko iku bisa kapénak. Mungguh sarawungan mau, ora kudu milih kang lamak wayahé, sanadyan nom tuwa utawa lanang wadon janji gawé bombongé pikir utawa muwuhi pakoléh, iya becik rinaket kang nganti supeket awit senengnging ati bisa ngawétaké umur, sanadyan tumiba ing pati, nanging wis muput uripé ana ing donya, ora kawung gela ing sambékala lan rubéda, kang mangkono kena diarani muwuh kautipané. Kabicara : yén mangkono dawa cendhakking umur apa kena pinardi, déné isih nganggo sarana di seseneng. Wangsulan : dawa cendhakking umur, bener ora kena pinardi, sarta wis pinanci marang kang gawé urip nanging iku tumraping kawruh kabatinan mungguh tumraping kawruh lahir bisa béda, pati iku kena karuda peksa, kayata : yén nuju perang [15] amuk-amukan manungsa ora sumurup pepesthéning pati ana ing ngendhi, wong katrajang lumaraping mimis lumrahé mesthi mati. Mangkono uga kauripan iya kena kaupakara supaya dadi awété, kayata : kaati-ati tindhaké, kaseger awaké, kabobot kukuwatané, sarta kaseseneng pikiré. Awit senengnging pikir nununtun bagasing badan mangkono panggula wentahing ngaurip kang wis katata lan iku bisa mutuhaké kauripan. AAK culture library 7

Ing wusana sakéhing piwulang lan susulang, kang kamot ing layang iki kabeh, muga andadékna kapénakking laku, mung kariya nemu suka lan rahayu. --- titi --- AAK culture library 8