AAK culture library I Javanese Manuscripts
|
|
|
- Hartono Sutedja
- 8 tahun lalu
- Tontonan:
Transkripsi
1 LAYANG SASMITA TITIKA Mratélakaké sasmitané wong arêp : metu seneng utawa sedih, katekan utawa ora katekan sedyané, nemu bungah utawa susah, nemu begja utawa cilaka, dawa utawa cendhak umuré, kabéh mau katitik saka patitising kawruh titikan, purnéng gita ing Surakarta Warsa cinondra sangkala : (1858) 1e Druk UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL STOOMDRUKKERIJ DE BLIKSEM SOLO 1927 Kasalin saking aksara Jawa Ing aksara latin dening : Mas Kumitir Sidoarjo 10 Januari AAK culture library 1
2 SASMITA TITIKA [3] Sasmita, tegesé : ngalamat utawi pasemon. Titika, tegesé : Kawruh titikan. Dadi : Sasmita titika, karêpé : Pasemon kang kapariksa saka ing kawruh titikan, babaré kapratélakaé ing ngisor iki. 1. Sasmitané wong arêp nemu seneng utawi susah, katitik saka rasaning awak. Sadina-dina rasaning awak kapriyé, kapénak apa ora. Manawa énthéng sarta dhangan apa déné ana kang karasa lara, ngeres, linu, ngelu, mules sapapadhané, iku aran pénak, kang mangkono dadi ngalamat bakal nemu seneng, senengnging ati nélakaké anggawa pakoléh. Kosok baliné, manawa rasaning awak abot aras-arasen ngaléntroh mung tansah kusu turu baé, sarta tansah laranen, iku aran awak ora kapénak, kang mangkono dadi ngalamat bakal nemu sedih, sedih ing ati nélakaké anggawa kapitunan, yén anduwé[4]ni rasa kang kaya mangkono, sakéhing kakarépan kaendhakaké dhisik, mulané manawa krasaa ora kapénak sathithik baé, prayoga nuli kasirnakna sarana totomba, aja nganti kabanjur-banjur, awit lalara iku manawa kaeningaké, watakké saka angrebda. Luwih manéh manawa arêp lulungan adoh, sadurungé mangkat mamalaning awak kudu di rêsikki disik kang nganti bagas kuwarasan apa urus-urus apa adus kramas apa kethok-kethok kuku, lan liya-liyané, kang ora andadékaké pakéwuhing lulungan aja kongsi nemu lalara ana ing paran supaya ora nuwuhaké ribeding pamikir, kajaba yén lunga tirah. 2. Sasmitané wong arêp katekan utawa ora katekan sedyané, katitik saka kahananing lalakon. Titikané wong duwé kakarêpan sanadyan kakarêpan tumrap sadhéngah, manawa sarwa gampang, utawa ora kangelan bakal kalakoné, sarta ora kena ing sambékala lan rubéda, apa déné adoh ing godha rêncana, iku ngalamat bakal kadadiyan sarta makoléhi, kayata : wong [5] duwé karêp kapéngin duwé gawé mantu, nganggo pasamuwan AAK culture library 2
3 mongka jodhoné ana kang gangsar, (panjenengan dalam Nata isih ngagem pétung kang ambiyantu akéh, wong tuwa utawa padha rujuk sanak sadulur sayuk bocahé padha mathuk, kang mangkono nélakaké bakal kadadiyan wekasan kang di mantokaké iya dadi ambangun turut goné bobojowan padha asih atut runtut temah bisa nurunaké anak putu babranahan rijekiné tansah sempulur ora kendhat nganti kakén-kaén ninén-ninén. Kosok baliné, manawa kakarêpan kang grag-greg nunggal-nunggil ikrasikris ora kentheng-mantheng sawiji, iku iya dadi ngalamat bakalé ora pakoléh. Kayata : wong arêp lungan luru pagawéyan pikiré mangumangu ga arêp mangkat ga ora, dumadakan lakuné dadi kangélan ana baé pangkalané. Barêng dilakoni nembung pangawéyan marang sawijining panggedhé, diwangsuli séjv dina baé sabab saiki durung ana garapan bésuk sasi ngarêp baé kapurih bali. Kang luru pangawéyan kapeksa ngarantékaké, bareng tumekaning mongsa semayané di baléni, jebu[6]l wis dileboni wong liya, batiné kang nyarantékaké : ora genah anané, adoh-adoh diparani jebul ngoyani, pancén sembrana temenan gawé kangelaning laku baé. Kayata manéh : wong ajak-ajak prakara remeh, yaiku yén anjagong menyang tanggané diajak barêng, wangsulané kang diajak : Kamanah rumiyin, iku uga nélakaké ora kadadiyan, kang di wangsuli gremengan ing batin : prakara gampanggampangan baé kathik kangelan temen pamikiré, wong diajak barêng anjagong rak mung gelem lan ora, dadak semaya dipikir dhisik kabangeten temen goné ahli pikir, apa pikiré kuwi ora tahu dianggo mimikir, sabab wis angel dadi mung mangkat anjagong dhéwé-dhéwé. Sanadyan ing donya ana lalakon kang wiwitané gampang, wekasané ora kalakon babasan : othak-athik di bethot angel, utawa wiwitané angel wekasané gampang, babasan thik-pril, kaya diné gebyos wadhah lénga wangi, kang tutupé rapet adu seret karo wadhahé, di bukak miring angélé pecat mati, wusanané barêng tu[7]tupé di thithik miring bisa mingar sathithik gréwél banjur menga. Éwadéné gampang angélé mau kudu kadungkap sambung karo wekasané apa ora, yén sambung iya untung, yén ora sambung iya suwung. AAK culture library 3
4 3. Sasmitané wong arêp nemu bungah utawa susah, kathithik saka kaconggahing budi. Katitik saka kaconggahing budi, utawa rasaning poncodriya. Wong arêp nemu bungah, iku wis anggawa ngalamat kang ngantarani bakal tumeka, yaiku manawa : 1. Ora duwé lalayan prajanji, kasaguhan semayan lan sanggeman kang kasangsitan dening liyan. 2. Ora anduwéni butuh anjaluk pitulunganing liyan. 3. Ora anduwéni kamilikan marang darbéking liyan. 4. Ora kepingin oléh pangaji-aji saka pakurmataning liyan. 5. Ora kapingin nulad kang dadi lakuning liyan. 6. Ora kapingin methik kawruh kang dadi panemuning liyan. Samubarang tindak kaconggah nglakoni sarta ngrasakaké dhéwé. Sawisé saka rasa mangkono, nuli anduweni ka[8]éngetan yén kabungahan iku nganggo watara, ora ambanjur tanpa andhegan nganti gawé lali marang apesing manungsa. Kang mangkono wis ngantarani cedhakking mangun kabungahan. Kosok baliné, wong arêp nemu susah iku uga wis angawa ngalamating ngantarani tumeka, yaiku manawa : 1. Rasaning ati tansah kumelap ora karuwan jalarané. 2. Pangucapé ora patitis tansah anggladrah tanpa tuménja. 3. Pratingkahé ambalasak tansah ora jujur. 4. Lakuné tansah saléwéngan. 5. Linggihé moyég tansah ora jenjem. 6. Poncodriyané tansah moyar, ora maton kayata, manawa : a. Pangepokkaning awak ora nanggor, yaiku yén : nyénggol nyampé, nyampar, nyandhung, sapanunggalané, padha ora di rumasani. b. Pangandané ora landhep ora bisa ambédakaké wangi lan arum [9]. c. Pangenyamé ora énak ora bisa ambédakaké gurih lan anyir. d. Pangrunguné ora dhamang, ora bisa ambédakaké cumenthéng lan kemlénthéng. e. Panduluné ora pramana, ora bisa ambédakaké putih lan mayamaya. AAK culture library 4
5 Yén wis kaya mangkono manungsa kudu yitna, ngandheggi karêpê, aja nglalu kabanjur lali, balik di enggal adusa gebyur, ésuk soré aja nganti kendhat supaya bisa ngungkad ngenteling kaéngetan, rumasaha yén manungsa kasinungan apes mulané kang prayoga banjur tobat nalongsa nyuwun pangapura sarta pitulunganing sukma. 4. Sasmitané wong arêp nemu begja utawa cilaka, katitik saka woworané. Kabegjan iku uga ana ngalamaté, kang dadi titkané dumunung ana ing woworan yén manggung woworan lan wong sugih kagunan, sugih kapinteran, sugih raja brana, sugih pangaotan, sugih kawruh mengku pangkat gedhé, sarta rahayu ing budi, apa déné ora karêp woworan li[10]yané kang kasebut ing dhuwur, iku, kanthi kadhasaran watak patang prakara : 1. Ana duwéni kawekelan. 2. Ana duwéni kalantipan. 3. Ana duwéni kuwanthen. 4. Ana duwéni katemenan. Munggug kang baku sajeroning woworan manawa wong mau wis ora ngetung kangelané bahu suku sarta pamikir, karêpé mung marang kasucen nganti ora gelem katémpélan regéding ati salugut karêpé mung kudu mulus lan murni, sanadyan ana kamélikan kang melok anggawa kauntungan kang gedhé, janji ora rêsik iya katampik, kang mangkono dadi ngalamat bakalé oléh kabegjan kang linuwih. Kosok baliné, kacilakan iku iya nganggo ngalamat titikané uga ana ing woworan yén manggung woworan karo wong dhemen anglakoni bébéngkrahan nuruti karêpan kang ngambra-ombra tanpa tumanja, ngumbar angkara murka, nguja hawa napsu tanpa duga watara, dhasar kang winoworan utawa awaké dhéwé, ora anduwéni kawruh, ora anduwéni kapinteran ora anduwéni [11] kagunan anduwéni kawekelan ora anduwéni katemenan apa déné ora anduwéni lalabetan becik kang kaésthi mung thenguk-thenguk nganggur ngathekur, tansah ngulah kapénakking awak doyan mangan tanpa planggeran watoné mung janji arêp baé, sudhing tumandhang ing gawé, sudhing mimikir marang kabecikan sarta ora niyat oncat saka ing woworané kono, mongka AAK culture library 5
6 woworané mung dhemen anggung-ginunggung, ambek dumukan gumuru, gumaib gumagus gumagah, lan kumasura, wis ora ngéngéhngéngéh, nganti ngorakaké marang kekendelaning liyan dhemen ubyang-ubyung kang tanpa kucur, dhemen saba balasakan kang ora patut-patut lakuné, karêpé mung amberung lan ambekunung, ora doyan marang wulangnging wong tuwa, ora maélu marang susulangnging liyan, sakehing pitutur wis padha kasingkur, kang di tekadi mung amburu pakarémané dhéwé. Wong kang mangkono ora wurung katularan saka woworané, utawa genti nulari marang kancané kang padha sara wungon, iku dadi ngalamat bakal nemoni ka[12]cilakan. Kang baku dadi titikan manusa wong mau kasinungan bongkéngpikiré, wis dadi ciri ana kena ditambani, karêpé mung kudu miala marang sesama, malak marang kamilikan arêp urip dhéwé, ora ngétung saru siku, ora nolak dosa lan duraka. Kang mangkono dadi ngalamat ora lawas wong mau bakal nemu kacilakan. 5. Sasmitané wong arêp dawa utawa cendhak umuré, katitik saka rowa utawa mringkusing karêp. Yén manungsa isih gedhé panggalihé, sanadyan wis wayah tuwa, manawa isih anduwéni rasa jembar tebané, mintir pamikiré, isih kapingin anjajah paran kasonggah lunga menyang ngendi-endi, kapingin mengku kasugihan kasingihan kagunan sarta kapinteran opa déné isih kapingin anglakoni kaluwihaning ngakéh, duwé gawé mantu, tetakan sunatan lan liya-liyané, kang karêngga lawan tatanggapan kanthi semuwa nganti onjo, awit wong mau rumasa durung kalegan pikiré. Kang mangkono dadi ngalamat [13] nelakaké yén isih dawa umuré. Kosok baliné, sanadyan isih nom-noman manawa ngalundhung karêpé, ora anduweni panggayuh kang kaé-kaé, ora ngudi kuwarasaning badan ora sumedya nengkaraké pamikir, nurunaké wiji, anak-anak, puputu, sapituruté, wis ora karaskaké babar pisan apa déné angayuh babagan kang abot-abot sarta kang angél-angvl saya ora kaconggah pikir, sarta maneh ora kapengin sumuruping papan pamikiré muthek bola bali mung menyang tongga teparoné, utawa menyang sanak saduluré kang padha duduning ing cedhak kang manggon ing adoh babar pisan wis ora AAK culture library 6
7 dirasani. Kang mangkono kena diarani rupak jagadé. Apa maneh yén nuju kataman ing lalara, katitik ing pucuk irung soroté wis katon semu putih, polatané wis katon jrabangan bulé kaya ulesé jaran napas iku dadi ngalamt nélakaké wis nyedhaki cendhak umuré. Awit saka mangkono, sabisa-bisa manungsa aja dhemen ngunder, supaya pikiré ora ngendhel becik kang karêp kakaring lulungan saka ing omah, dadi oléh padhang hawa, kata[14]man soroting srengéngé, wekasan bisa mentheraké pamikir. Parangbara gelem sarawungan lan pawong mitra padha gosokan kawruh, kang anjalari ngrebdaning budi, iku sya luwih déning prayoga, amarga bisa anjembaraké kaéngétan nanging goné sarawungan kudu milih kang nunggal larasan sarta padha jongngé, apa déné kang dhadhasar rahayu ing budi mangko iku bisa kapénak. Mungguh sarawungan mau, ora kudu milih kang lamak wayahé, sanadyan nom tuwa utawa lanang wadon janji gawé bombongé pikir utawa muwuhi pakoléh, iya becik rinaket kang nganti supeket awit senengnging ati bisa ngawétaké umur, sanadyan tumiba ing pati, nanging wis muput uripé ana ing donya, ora kawung gela ing sambékala lan rubéda, kang mangkono kena diarani muwuh kautipané. Kabicara : yén mangkono dawa cendhakking umur apa kena pinardi, déné isih nganggo sarana di seseneng. Wangsulan : dawa cendhakking umur, bener ora kena pinardi, sarta wis pinanci marang kang gawé urip nanging iku tumraping kawruh kabatinan mungguh tumraping kawruh lahir bisa béda, pati iku kena karuda peksa, kayata : yén nuju perang [15] amuk-amukan manungsa ora sumurup pepesthéning pati ana ing ngendhi, wong katrajang lumaraping mimis lumrahé mesthi mati. Mangkono uga kauripan iya kena kaupakara supaya dadi awété, kayata : kaati-ati tindhaké, kaseger awaké, kabobot kukuwatané, sarta kaseseneng pikiré. Awit senengnging pikir nununtun bagasing badan mangkono panggula wentahing ngaurip kang wis katata lan iku bisa mutuhaké kauripan. AAK culture library 7
8 Ing wusana sakéhing piwulang lan susulang, kang kamot ing layang iki kabeh, muga andadékna kapénakking laku, mung kariya nemu suka lan rahayu. --- titi --- AAK culture library 8
Analisis Sosiologi Sastradalam Naskah Layang Sri Juwita karya Mas Sasra Sudirja
Analisis Sosiologi Sastradalam Naskah Layang Sri Juwita karya Mas Sasra Sudirja Oleh: Nur Alfatun Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected] Abstrak: Tujuan penelitian ini adalah
NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG
NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG Skripsi Untuk mencapai gelar Sarjana Pendidikan Oleh Nama : Arie Ikha Safitri NIM : 2102407060 Program Studi : Pendidikan Bahasa dan
AAK culture library I Javanese Manuscripts
KITAB PUNTIR PALAKIYAH Bab punika ingkang gadhah pikajengan badhe sires mawi kalantar an2 iji dhadhu, namung bucal sapindhah kadosta main dhadhu. Kadosta: manawi badhe mitaken ing bab prakawis jangka 13
NILAI PENDIDIKAN DALAM KUMPULAN DONGENG-DONGENG ASIA KANGGO BOCAH-BOCAH SERI 1, 2, DAN 3
NILAI PENDIDIKAN DALAM KUMPULAN DONGENG-DONGENG ASIA KANGGO BOCAH-BOCAH SERI 1, 2, DAN 3 Oleh:Fitriani Syarifah program studi pendidikan bahasa dan sastra jawa [email protected] ABSTRAK Penelitian ini bertujuan
Alenia Kesatuan dan Kepaduan. Sri Hertanti Wulan
Alenia Kesatuan dan Kepaduan Sri Hertanti Wulan Pengertian Alinea Alinea adalah himpunan dari kalimat-kalimat yang bertalian dalam suatu rangkaian untuk membentuk sebuah gagasan. pembentukan sebuah alinea
BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014
1 BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014 HUMAS DAN PROTOKOL SETDA KABUPATEN SEMARANG 2 Assalamu alaikum Wr. Wb. Salam
KISI-KISI PENULISAN SOAL
KISI-KISI PENULISAN SOAL Jenis Sekolah : SMP Kelas VII/ Semester 1 Alokasi Waktu : 90 menit Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Jumlah 10 PG, 5 uraian Kurikulum : Kurikulum 2013 NO KOMPETENSI KOMPETENSI KELAS/
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB III PANULISAN AKSARA JAWA
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB III PANULISAN AKSARA JAWA OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA,
KISI-KISI PENULISAN SOAL
KISI-KISI PENULISAN SOAL Jenis Sekolah : SMP Kelas VII/ Semester 1 Alokasi Waktu : 80 menit Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Jumlah 10 PG, 5 uraian Kurikulum : Kurikulum 2013 NO KOMPETENSI KOMPETENSI KELAS/
SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS
PEROLEHAN BAHASAA JAWA ANAK PLAYGROUP AULIYAA KENDAL USIA 3-4 TAHUN SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama NIM : Elok Wahyuni : 2102407065 Program studi :Pendidikan Bahasa dan Sastra
A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE
A. OMAH PANGGANG PE Cakrik omah panggang pe iki minangka cakrik omah jawa kang prasaja dhewe yen katandhingake karo cakrik-cakrik liyane. Dumadi saka papat utawa enem saka. Saka kang separo rada endhek
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/ Semester Alokasi Waktu : SMP N 1 BERBAH. : Bahasa Jawa : VIII/ Ganjil : 2 X 40 menit A. Standar Kompetensi : 4. Mengungkapkan gagasan
Konjungsi dalam Novel Daradasih Karya Sudibjo Z. Hadisutjipto
Konjungsi dalam Novel Daradasih Karya Sudibjo Z. Hadisutjipto Oleh: Eti Purwasih Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected] Abstrak: Penelitian ini bertujuan: (1) mendeskripsikan
REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR
REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Winiar Faizah Aruum 2102406672 JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS
ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.
ABSTRAK Mustikawati,Yaroh. Menelusuri Makna Serat Suluk Kaga Kridha Sopana karya Raden Sastra Darsana. Skripsi. Program Studi Sastra Jawa. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas
Analisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo
Analisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo Oleh: Feni Astuti Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected] Abstrak: Penelitian ini bertujuan
Oleh : Mas Kumitir 1 SERAT KACA WIRANGI
1 SERAT KACA WIRANGI Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin
UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)
UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB) 1. Identitas a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Basa Jawa) b. Semester : 2 (Dua) c. Kompetensi Dasar : 3.4 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis karya fiksi dan
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/ Semester Alokasi Waktu : SMP N 1 BERBAH. : Bahasa Jawa : VIII/ Ganjil : 2 X 40 menit Standar Kompetensi : 1. Memahami wacana lisan sastra
URAIAN MATERI KB-2 AKSARA MURDHA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
URAIAN MATERI KB-2 AKSARA MURDHA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA 1. AKSARA MURDA a) Tegese Aksara Murda Tembung murda tegese sirah (Padmosoekotjo, 1989: 37). Ing Baoesastra Djawa, tembung moerda
BAB II ANALISIS DATA. Bab ini menganalisis penanda kohesi dan koherensi yang terdapat dalam WP
digilib.uns.ac.id BAB II ANALISIS DATA Bab ini menganalisis penanda kohesi dan koherensi yang terdapat dalam WP rubrik Sangu Leladi pada majalah Jaya Baya. Penjelasannya sebagai berikut. A. Penanda Kohesi
Please purchase PDFcamp Printer on to remove this watermark. BAB 2 KLASIFIKASI DATA
14 BAB 2 KLASIFIKASI DATA 2.1 Pengantar Pada penelitian ini penulis membatasi kajiannya seputar bab kemanusiaan dalam teks BBBJ. Data yang tertuang dalam bentuk ungkapan-ungkapan Jawa baik yang berupa
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Satuan Pendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Materi Pokok Pertemuan Alokasi Waktu : SMP Negeri 3 Jetis : VII/ Gasal : Bahasa Jawa : Pengalaman Pribadhi : ke-3 : 2 x
AAK culture library I Javanese Manuscripts
SERAT SASMITA RASA Tegesipun : Pralambanging rasa, medharaken ébah osiking pangraos ingkang badhé mahanani begja cilakaning manungsa, tumraping lalampahan, titikanipun para bijaksana ing cipta sasmita,
KISI-KISI PENULISAN SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER
KISI-KISI PENULISAN SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER Kelas : IX Semester : I Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Tahun Pelajaran : 2013-2014 Standar Kompetensi : 1. Mengapresiasi yang Jumlah soal : (uraian) 2. Mengungkapkan
KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG
KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG SKRIPSI disusun untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Nopita Ika Rahmawati NIM : 2102406677 Prodi : Pendidikan Bahasa
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan : SMK N 2 Karanganyar Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X Semua/ 1 (Gasal) Alokasi Waktu : 2 x 45 menit ( pertemuan ke-11) 2 x 45
GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001
GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001 SKRIPSI Diajukan Untuk Memenuhi Syarat Mendapatkan Gelar Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa oleh
======= ======= AAK culture library I Effort to Preserve National Culture
GAGASAN PRAKARA TINDAKING NGAURIP Gagasan Prakara Tindaking Ngaurip, Kartawibawa, 1921. Gagasan Prakara Tindaking[1] GAGASAN PRAKARA TINDAKING NGAOERIP [2] Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. UITG-MIJ PAPYRUS
CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS
CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS SKRIPSI Untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Oleh Finna Dwi Estianingrum 2102407038 PENDIDIKAN
BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI
BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Oleh: Nama : Dewi Larasati NIM : 2102408087 JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
DIKSI DALAM NOVEL CLEMANG-CLEMONG KARYA SUPARTO BRATA SKRIPSI Untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Oleh Nama : Ria Hutaminingtyas NIM : 2102405609 Prodi : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Jurusan
ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA
i ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Nila Haryu Kurniawati NIM : 2102407144 Prodi : Pendidikan Bahasa
BAB 10 AKSARA MURDA 1. Murda = sirah (Walanda = hoofd, Inggris = head) Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital). Aksara murda iku satemene ORA ANA. Wondene
SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI
SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Suciati Duwi Sartika NIM : 2102407125 Prodi Jurusan : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa :
PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK
PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK Reriptan sastra mujudake gegambaran saka kasunyatan
Volume 4, Oktober 2015 ISSN
NILAI PENDIDIKAN KELUARGA DALAM SERAT LAYANG SRI JUWITA KARYA MAS SASRA SUDIRJA Yuli Widiyono Universitas Muhammadiyah Purworejo Abstrak Makalah ini membahas tentang ajaran berumah tangga dalam serat Layang
Tradhisi Tutur Tinular Sajroning Bebrayan Jawa. Pusaka Kabudayan kang Gedhe Dayane. Dening: Ayu Sutarto
Tradhisi Tutur Tinular Sajroning Bebrayan Jawa Pusaka Kabudayan kang Gedhe Dayane Dening: Ayu Sutarto Sakdurunge kagungan lan wanuh karo aksara, manungsa ing saindhenging jagad iki padha migunake tutuk/cangkem
PEMERINTAH KABUPATEN JEPARA DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA Jln. Ratu Kalinyamat, Demaan Jepara ( 0291 ) , ( 0291 )
PEMERINTAH KABUPATEN JEPARA DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA Jln. Ratu Kalinyamat, Demaan Jepara 59401 ( 0291 ) 591238, 593347 ( 0291 ) 591339 Jepara, 2 September 2013 Nomor : 421.3/4061 Kepada : Sifat
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN SatuanPendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Materi Pokok Pertemuan Alokasi Waktu : SMP N 3 Sewon : VII/Gasal : Bahasa Jawa : Unggah-ungguh basa : ke-2 : 2 x 40 menit
Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa
ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA Choirunnisa Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya ([email protected]) Drs Sugeng Adipitoyo, M.Si Pendidikan Bahasa dan
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
GAYA BAHASA DALAM NOVEL SER! SER! PLONG! KARYA SUPARTO BRATA SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Esty Peniarti NIM : 2102405606 Program Studi : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
STRUKTUR SERAT PARTAWIGENA SKRIPSI Disusun untuk memperoleh gelar Sarjana Sastra oleh Nama : Imam Arief Hidayat NIM : 2151407002 Program Studi : Sastra Jawa Jurusan : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Analisis Keterbacaan Buku Ajar Bahasa Jawa Kelas Iv Sekolah Dasar Di Kabupaten Madiun
Analisis Keterbacaan Buku Ajar Bahasa Jawa Kelas Iv Sekolah Dasar Di Kabupaten Madiun Endang Sri Maruti PGSD, FKIP, Universitas PGRI Madiun [email protected] Rissa Prima Kurniawati PGSD, FKIP, Universitas
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Standar Kompetensi : 1. Memahami wacana lisan sastra dalam kerangka budaya Jawa
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/ Semester Alokasi Waktu : SMP N 1 BERBAH. : Bahasa Jawa : VIII/ Ganjil : 2 X 4 menit A. Standar Kompetensi : 1. Memahami wacana lisan
Analisis Sosiologi Sastra dalam Novel Purnama Kingkin Karya Sunaryata Soemardjo
Analisis Sosiologi Sastra dalam Novel Purnama Kingkin Karya Sunaryata Soemardjo Oleh: Dwi Ratnasari Program studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected] Abstrak: Penelitian ini bertujuan
Analisis Konjungsi dalam Wacana Berita pada Rubrik Sariwarta di Majalah Panjebar Semangat Edisi Januari-Desember 2013
Analisis Konjungsi dalam Wacana Berita pada Rubrik Sariwarta di Majalah Panjebar Semangat Edisi Januari-Desember 2013 Oleh: Nur Widiawati Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected]
PEMERINTAH KABUPATEN JEPARA DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA Jln. Ratu Kalinyamat, Demaan Jepara ( 0291 ) , ( 0291 )
PEMERINTAH KABUPATEN JEPARA DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA Jln. Ratu Kalinyamat, Demaan Jepara 59401 ( 0291 ) 591238, 593347 ( 0291 ) 591339 Jepara, 2 September 2013 Nomor : 421.8/4059 Kepada : Sifat
pemilik code yang close sou bisa membagi source coden melalui lisensi, entah denga gratis maupun membayar. Meskipun gratis, lisensi terte bisa
pemilik code yang close sou bisa membagi source coden melalui lisensi, entah denga gratis maupun membayar. Meskipun gratis, lisensi terte bisa membuat sebuah softw tidak sepenuhnya open sour Misalnya jika
Kitab Suci Bocah nyuguhaké. Swarga, Daleme Gusti Allah sing
Kitab Suci Bocah nyuguhaké Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah Ditulis déning: Edward Hughes Digambari déning: Lazarus Dibesut déning: Sarah S. Diterjemahaké déning: Endang Supardan diproduksi déning:
LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO. Dening: Rindha Novacerya
LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO Dening: Rindha Novacerya ABSTRAK Legendha Pasarean Andongsari minangka sawijining wujud folklor lisan kang dumunung ing desa Ledok
AAK culture library I Javanese Manuscripts
KAWRUH KASAMPURNANING NGAHURIP Buku Kawruh Kasampurnaning Ngahurip Kagunganipun R. M. Mangundipura ing Mangkunegaran Kawruh Kasampurnaning Ngahurip, anggitane Je. Se. Sateryi. BAGIAN I BAB DUMADINING WUJUD
TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG
TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG DENING : AFIF NURMA GUPITASARI 082114016 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/Semester Pertemuan Ke Alokasi Waktu Kemampuan berbahasa : SMP N 4 Wates : Bahasa Jawa : VIII/ Gasal : 1 (satu) : 2 x 40 menit :
Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.
Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya. Nembang macapat ing Kutha Surabaya ana wiwit taun 1980-an nganti saiki,
Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati
Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ([email protected]) Abstrak Naskah minangka salah sawijining wujud kasusastran
BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)
BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK) SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Anggun Setyorini
KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013
KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013 Listyan Purwonugroho Jurusan Pendhidhikan Basa Lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas
ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT
ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Anik Tantining NIM : 2102407173 Program Studi
Insider13. Jawaban paling apik
Insider13 Jawaban paling apik Ngerti dhewe lan ngendi sampeyan pancene, ana 2 masalah paling penting sing kudu sampeyan tindakake. Iku tugas sampeyan kanggo mangerteni. Yen sampeyan nemokake jawaban kanggo
Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan
PENGEMBANGAN MEDHIA EXPLOSION BOX TUMRAP KAWASISAN NULIS TEKS GEGURITAN SISWA KLAS VII SMPN 26 SURABAYA TAUN 2017-2018 Niabatul Waladiyah Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, Unesa, [email protected]
Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La
PENGARUH MEDHIA SMART CARD KANTHI TEKNIK TS-TS (TWO STAY-TWO STRAY) TUMRAP KAWASISAN NULIS PASANGAN CA, JA, MA, BA LAN KA, TA, LA SISWA KELAS VII SMP NEGERI 5 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2013-2014 Dwi Yulianti
SERAT WEWADINING RASA
1 SERAT WEWADINING RASA Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin
SOSIOLOGI SASTRA DAN NILAI PENDIDIKAN DALAM ROMAN KADURAKAN ING NGISOR DRINGU KARYA SUPARTO BRATA
SOSIOLOGI SASTRA DAN NILAI PENDIDIKAN DALAM ROMAN KADURAKAN ING NGISOR DRINGU KARYA SUPARTO BRATA Oleh : Agus Setiaji program studi pendidikan bahasa dan sastra jawa [email protected] ABSTRAK Penelitian
MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI
MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI Febrian Suluh Chrisdyanto Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA, ([email protected]) Abstrak Kabudayan yaiku
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Satuan Pendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Materi Pokok Pertemuan Alokasi Waktu : SMP N 3 Sewon : VII/Gasal : Bahasa Jawa : Parikan : ke-6 : 2 x 40 menit A. Kompetensi
SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL
DENING SUMONO ING SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL DENING: YUSUF WIDHIARSO 082114236 JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRAA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA 2013 1 DENING SUMONO
Frase Nominal dan Frase Verbal pada Novel Pinatri Ing Teleng Ati Karya Tiwiek SA
Frase Nominal dan Frase Verbal pada Novel Pinatri Ing Teleng Ati Karya Tiwiek SA Oleh: Alip Rahman Sulistio Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected] Abstrak: Penelitian ini
TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK
TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA Hendra Setiawan ABSTRAK Basa minangka sarana komunikasi, saka basa mitra tutur bisa mangerteni apa sing dikarepake dening penutur.
Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek(TintinganFolklor) Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek (Tintingan Folklor)
Legendha Desa ing Kabupaten Trenggalek (Tintingan Folklor) Rino Kartikasari Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( [email protected] ) Abstrak minangka salah sawijine kecamatan kang manggon ing Kabupaten
Tindak Tutur Ekspresif dalam Novel Emas Sumawur Ing Baluarti Karya Partini B
Tindak Tutur Ekspresif dalam Novel Emas Sumawur Ing Baluarti Karya Partini B Oleh: Ismatul Firdaus Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected] Abstrak: Penelitian ini bertujuan untuk
Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.
PANGARIBAWANE MEDHIA PASINAON ABASIS INTERNET (BLOG) TUMRAP KAWASISAN NEMBANG MACAPAT SISWA KELAS VIII SMP N 4 PACITAN Putri Al Nasrum Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan : SMK N 2 Karanganyar Mata Pelajaran : Bahasa Kelas / Semester : X Semua/ 1 (Gasal) Alokasi Waktu : 2 x 45 menit ( pertemuan ke-12) 2 x 45 menit
Jawa 3 kanggo. Kelas III. Utama Basa. SD/MI, hal Buku Wasita. pengalaman iki kanthi becik! Instrumen. Semaken crita. Tertulis.
SILABUS Nama Sekolah : SD... Mata Pelajaran : Bahasa : III (Tiga) Semester : 1(Gasal) I. Standar Kompetensi Mendengarkan (Nyemak) Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan tentang cerita teman
SANGKAN PARAN PARANING DUMADI. Dening Ki Sondong Medali
AAK Culture Library 1 SANGKAN PARAN PARANING DUMADI Dening Ki Sondong Medali SANGKAN PARAN (01) Wacana Paraning Dumadi yang dikirimkan ke saya dan kemudian saya teruskan kepada para sejawat semua kiranya
B. Kompetensi Dasar K I Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP 1) SatuanPendidikan : SMP Negeri 1 Piyungan Kelas/Semester : VII/1 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi Pokok : Unggah-ungguh basa Alokasi Waktu : 2 x 40 menit A. Kompetensi
SERAT PATRAPING NGELMU PANGUKUDAN DALAM KAJIAN STRUKTURALISME TZVETAN TODOROV
SERAT PATRAPING NGELMU PANGUKUDAN DALAM KAJIAN STRUKTURALISME TZVETAN TODOROV Diajukan dalam rangka memenuhi salah satu syarat untuk memperoleh gelar sarjana sastra Disusun oleh : Nama : Nita Ana Febriyani
Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang
Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang Sudarmanto S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya [email protected] Drs. Surana,
AAK culture library I Javanese Manuscripts
SERAT JITAPSARA Hamarsitakaken badhé dumadosipun alam Dunya punika dalah saisinipun sadaya Ngantos dumuginipun sampurnaning ngagesang Kaimpun sarta kawedalaken Dening : Raden Ngabei JIWA PRADATA Citakan
TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA
TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA SKRIPSI disusun untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Ikasari Indah Hibridani NIM : 2102406042 Prodi : Pendidikan
Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com
ASPEK PRAGMATIK MAKSIM KERJASAMA SAJRONE HUMOR ING MEDHIA SOSIAL KETAWA.COM NUR HIDAYATUL FAHRI Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Surabaya [email protected]
B. Kompetensi Dasar K 1 Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP ) SatuanPendidikan : SMP Negeri Piyungan Kelas/Semester : VII/ Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi Pokok : Unggah-ungguh basa Alokasi Waktu : x 0 menit A. Kompetensi
ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO
ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO ADITA GALIH SETYOKO PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA ABSTRAK Mantrani pengasihan
BAB III METODE PENELITIAN
digilib.uns.ac.id BAB III METODE PENELITIAN Dalam metode penelitian akan dibahas enam hal yaitu jenis penelitian, data dan sumber data, populasi, sampel, metode dan teknik pengumpulan data, metode dan
Adverbia Verba Bahasa Jawa pada Cerbung Ngonceki Impen pada Majalah Panjebar Semangat Edisi Maret Agustus 2014
Adverbia Verba Bahasa Jawa pada Cerbung Ngonceki Impen pada Majalah Panjebar Semangat Edisi Maret Agustus 2014 Oleh: Siti Mudrikah Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected]
BAB II ANALISIS DATA. A. Kajian Filologi
BAB II ANALISIS DATA Analisis data SKM dibagi menjadi dua bagian, yaitu kajian filologis dan kajian isi. Kajian filologis dilakukan untuk mendapatkan suntingan teks Naskah SKM yang bersih dari kesalahan
Citra Tokoh Utama Wanita dalam Trilogi Roman Kelangan Satang karya Suparto Brata
Citra Tokoh Utama Wanita dalam Trilogi Roman Kelangan Satang karya Suparto Brata Oleh: Reny Dyah Utami Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa [email protected] Abstrak: Penelitian ini bertujuan
Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran
DAYANE MEDIA AUDIOVISUAL SLIDE BERSUARA TUMRAP UNDHAKING KAWASISAN NGAPRESIASI CRITA RAKYAT SISWA KELAS VIII SMP N 4 NGAWI TAUN AJARAN 2012-2013 Erlasari Septia Gerbiana Pendidikan Bahasa Daerah, FBS,
di Perkuliahan Akuntansi Keuangan 1 EKA025 / 3 / 3
SELAMAT DATANG di Perkuliahan Akuntansi Keuangan 1 EKA025 / 3 / 3 PENGAMPU Nama : Catur Ragil Sutrisno Alamat : Jl. Gereja 26 A Purwokerto (utara SMPN2 / SMAN 5 PWT) Status : K/2 Kontak : 085878486616
BAB IV ANALISIS DATA
digilib.uns.ac.id BAB IV ANALISIS DATA Deskripsi hasil penelitian dalam Bab IV ini merupakan analisis data dan pembahasan tentang bentuk antonimi dalam bahasa Jawa, tipe antonimi dalam bahasa Jawa, dan
Ingkang Minulya Dagpo Rinpoche SERAT PANGAYOMAN BAB I. Diaturake nalika 9-14 Desember 2003 ing Dharma Center Kadam Tashi Choe Ling, Malaysia
Ingkang Minulya Dagpo Rinpoche SERAT PANGAYOMAN BAB I Diaturake nalika 9-14 Desember 2003 ing Dharma Center Kadam Tashi Choe Ling, Malaysia Disulih saka basa Tibet menyang basa Inggris Dening: Rosemary
Oleh : Marwan Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Kajian Struktur dan Sosiologi Cerbung Lintang-Lintang Dadi Seksi Karya Sawitri Dalam Majalah Djaka Lodang Edisi 51 Bulan Mei sampai Edisi 14 Bulan Agustus 2013 Oleh : Marwan Program Studi Pendidikan Bahasa
Novel Sintru,oh Sintru Anggitane Suryadi WS. Kawawas Saka Teori Strukturalisme Dinamik. M. Abdullah Faqih. Abstrak
Novel Sintru,oh Sintru Anggitane Suryadi WS Kawawas Saka Teori Strukturalisme Dinamik M. Abdullah Faqih Abstrak Karya sastra bias dideleng minangka kedadeyan social. Kedadeyan social kang digambarake ing
Surat Al - Baqarah. Kitab al-qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah
Surat Al - Baqarah Alif Laam Miim Kitab al-qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah Kang padha percaya marang barang kang ghaib lan padha
KEKERASAN EMOSIONAL PADA MASA PACARAN DITINJAU DARI KONSEP DIRI REMAJA SKRIPSI. Oleh : DIAN VITANIA ANGGRAINI
KEKERASAN EMOSIONAL PADA MASA PACARAN DITINJAU DARI KONSEP DIRI REMAJA SKRIPSI Oleh : DIAN VITANIA ANGGRAINI 03.40.0243 FAKULTAS PSIKOLOGI UNIVERSITAS KATOLIK SOEGIJAPRANATA SEMARANG 2008 KEKERASAN EMOSIONAL
Kegagalan Aktualisasi Dhiri Paraga Utama Priya Sajrone Novel Wewadine Alas Pejaten Anggitane C. Is Sarjoko (Psikologi Kapribadhen Maslow)
Kegagalan Aktualisasi Dhiri Paraga Utama Priya Sajrone Novel Wewadine Alas Pejaten Anggitane C. Is Sarjoko (Psikologi Kapribadhen Maslow) Fatimah Zayin Mega Selvia Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah,
ANALISIS TINDAK TUTUR DALAM NOVEL JARING KALAMANGGA KARYA SUPARTO BRATA
ANALISIS TINDAK TUTUR DALAM NOVEL JARING KALAMANGGA KARYA SUPARTO BRATA Oleh: Riyana Widya Hapsari program studi pendidikan bahasa dan sastra jawa e-mail: [email protected] Abstrak: Penelitian
Kitab Suci Bocah. nyuguhaké. Nuh lan Banjir Gedhe
Kitab Suci Bocah nyuguhaké Nuh lan Banjir Gedhe Ditulis déning: Edward Hughes Digambari déning: Byron Unger; Lazarus Dibesut déning: M. Maillot; Tammy S. Diterjemahaké déning: Endang Supardan diproduksi
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/Semester Pertemuan Ke Alokasi Waktu Kemampuan berbahasa : SMP N 4 Wates : Bahasa Jawa : VIII/ Gasal : 1 (satu) : 2 x 40 menit :
DIMENSI ALAM KEHIDUPAN DAN MANUNGGALING KAWULA GUSTI DALAM SERAT JATIMURTI Natural Life Dimension and Manunggaling Kawula Gusti in Serat Jatimurti
DIMENSI ALAM KEHIDUPAN DAN MANUNGGALING KAWULA GUSTI DALAM SERAT JATIMURTI Natural Life Dimension and Manunggaling Kawula Gusti in Serat Jatimurti Andi Asmara Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, Jalan Siwalan
