Nuwuh Ngrembakakake Budi Pakarti Luhur. Lumantar Kagiyatan Ekstra Kurikuler : Kethoprak, Teater Basa Jawa,

dokumen-dokumen yang mirip
BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

Analisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

KISI-KISI PENULISAN SOAL

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

Alenia Kesatuan dan Kepaduan. Sri Hertanti Wulan

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

Tembung wigati: tindak tutur ngelem, masyarakat, cara medharake, pananggepe mitratutur, konteks sosial

Nilai Moral Ing Tembang Dolanan Gegayutan Tumrap Kompetensi Sikape Siswa Ing Sekolah Dhasar

KISI-KISI PENULISAN SOAL

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

BAB III METODE PENELITIAN

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

ASPEK FILOSOFIS SAJRONING CERGAM (CRITA GAMBAR) ASMARA PEGAT JIWA ANGGITANE ARIPURNA

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW

Ing internet, donya iku ora bunder nanging rata (Friedman, 2005)

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGETRAPAKE BASA RINENGGA KANTHI METHODE MAKE- A MATCH KLAS VII H SMP NEGERI 1 BARON TAHUN PAMULANGAN JURNAL

Ngundhakake Kawasisan Apresiasi Tembang Macapat Sinom Kanthi Modhel Pembelajaran Kooperatif Tipe STAD

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA

Meyra Hartantika Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

SAJRONE WAWANCARA LUMANTAR METODHE ROLE PLAYING SISWA KELAS 8A ING SMPN 5 TRENGGALEK

Analisis Konjungsi dalam Wacana Berita pada Rubrik Sariwarta di Majalah Panjebar Semangat Edisi Januari-Desember 2013

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

"Pidhato Basa Jawa Kanthi Modhel Pamulangan Langsung"

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

PEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

SRI HAPSARI PURWANTI

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

NILAI PENDIDIKAN DALAM KUMPULAN DONGENG-DONGENG ASIA KANGGO BOCAH-BOCAH SERI 1, 2, DAN 3

NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI SASTRA MACA CRITA CEKAK NGANGGO MEDHIA KARTU UKARA RUMPANG TUMRAP SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 1 BAGOR JURNAL

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

ENDANG TRI WAHYUNINGSIH

Modhel Pasinaon Langsung kanthi Medhia Video kanggo Ngundhakake Kawasisan Maca Endah Geguritan Siswa Kelas VII A SMPN 1 Kertosono Kabupaten Nganjuk

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek(TintinganFolklor) Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek (Tintingan Folklor)

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK

SOSIOLOGI SASTRA DAN NILAI PENDIDIKAN DALAM ROMAN KADURAKAN ING NGISOR DRINGU KARYA SUPARTO BRATA

UPACARA TRADHISI SEDHEKAH LAUT ING KELURAHAN PACAR KECAMATAN REMBANG KABUPATEN REMBANG

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

Ngundhakake Katrampilan Nyemak Crita Pewayangan Kanthi Medhia Compact Disc Siswa Kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung Taun Pamulangan

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB III PANULISAN AKSARA JAWA

PARAGA WANITA SAJRONING CERBUNG TRESNAKU MUNG SEPISAN ANGGITANE ISMOE RIANTO : TINTINGAN KRITIK SASTRA FEMINIS

TRADHISI BUCENG ROBYONG ING DESA GEGER KECAMATAN SENDANG KABUPATEN TULUNGAGUNG TINTINGAN FOLKLOR. Dening:

LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO. Dening: Rindha Novacerya

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

Moralitas Sajrone Cerbung Nggayuh Lintang Anggitane Tiyasti MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI

ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

Ngundhakake Kewasisan Nembang Gambuh Siswa Kelas IX A SMPN 1 Wilangan Migunakake Medhia Audio Visual MP4

Problem Kajiwane Paraga Utama Jroning Novel Sawise Langite Katon Biru Anggitane Yunani: Tintingan Psikologi Individual Allfred Adler Miftakhul Rohmah

A. Pambuka. Gegayutan karo kurikulum, wiwit saka kurikulum KBK tumekaning. Konteks Lan Jendher Jroning Piwulangan Basa Jawa.

Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

Novel Sintru,oh Sintru Anggitane Suryadi WS. Kawawas Saka Teori Strukturalisme Dinamik. M. Abdullah Faqih. Abstrak

TINDAK TUTUR NGABARI ING DESA JURUG, KECAMATAN SOOKO, KABUPATEN PONOROGO

Jawa 3 kanggo. Kelas III. Utama Basa. SD/MI, hal Buku Wasita. pengalaman iki kanthi becik! Instrumen. Semaken crita. Tertulis.

PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI

Transkripsi:

Nuwuh Ngrembakakake Budi Pakarti Luhur Lumantar Kagiyatan Ekstra Kurikuler : Kethoprak, Teater Basa Jawa, Reyog Kendhang, Tembang, Nulis, Maca Guritan, Sarta Karawitan Dening: Ary Suharno I. PURWAKA Ing jaman sing sarwa modern iki, ing jaman global kang prasasat donya iki wis tanpa wates, babagan tata krama utawa sopan santun wis katon banget lunture. Lunture sopan santun utawa tata krama utawa budi pakarti mau kang njalari mula warna-warna. Bisa saka tontonan kang awujud TV, HP, internet, mediamedia cetak lan wusanane banjur padha ditiru dening para nom-noman dadi gaya panguripane. Lan lumrahe, kang ditiru mau tontonan-tontonan kang ora aweh tuntunan babar pisan. Iki perlune tontonan utawa gambar lan tulisan mau ora mung bisa dideleng wae, nanging uga kudu ngemot tuntunan. Para nom-noman kang lumrahe para pelajar, mligine para siswa SMP lan SMA, sipate mung anon tiron. Anon tegese nyawang, nonton utawa ndeleng. Tiron ateges niru, nyonto, melu-melu. Dadi sipat anon tiron iku ateges mung nyawang utawa ndeleng wae banjur nirokake apa kang dideleng mau tanpa mikir kepriye wusanane. Sing baku seneng atine bisa nirokake tontonan sing tau disawang. Lha yen sing dideleng tontonan-tontonan sing kebak tuntunan, iki dadi dadi masalah. Nanging yen sing dideleng tontonan-tontonan kang ora ana tuntunane?! Iki kang dadi masalah! Lha lumrahe, para pelajar satingkat SMP lan SMA kang duwe sipat anon tiron mau, terus wae niru supaya rumangsa dadi wong modern, wong sing ora ketinggalan jaman. Ing TV upamane nayangake sinetron-sinetron bab panguripane bocah sekolah, nanging ing kono klambine klombrot ora dilebokake. Nganggo make up kliwat ukur, tawuran, balapan, rokokan lan cangkrukan, saba kafe, nrunyam marang guru lam liya-liyane. Ing media cetak uga mangkono. Saupama sing diwaca medeia harian, tulisan-tulisane kebak provokasi, porno, negatif bombastis, emotif superlatif!. Gambare uga mangkono, akeh gambar-gambar kang ngeler pupu, wudel apadene perangan dhadha kanthi rada utawa malah mlaha pisan. Ing HP lan internet malah luwih dene bisa ndrawasi pisan. Awit HP lan internet 1

mujudake piranti canggih kang paling gampang kanggo mbukak gambargambar porno. Yen diprosentase, kira-kira wae saka bocah satus iku paling ora mesthi ana bocah 85 sing wis nate mbukak HP lan internet sing gambare porno. Kanthi mangkono, iku mujudake tantangan tumrap masyarakat; mligine guru lan wong tuwane murid. Liwat dalan endi kanggo ngawekani kabeh mau? Kudu kepriye langkahe guru lan wong tuwane murid mau manawa meruhi kahanan kasebut?! Iki mula mujudake tantangan tenan. Sebab, ana sekolahan, bocah iku watara mung limang jam, sing akeh wektune ana ngomah lan njaba omah. Lan sing mesthi, wong tuwa mokal bisa ngawasi terus utawa bocah mau bisa diremote. Ing kasunyatan panguripan saben dina wektu iki, bocah lanang wadon srawung bebas ora mung sethithik. Sing kebablasen ya ora mung sethithik. Sing niru adegane Miyabi uga mesthi ana. Bab iki ora bisa diselaki maneh. Bocah sekolah, nom-noman, cetha banget owah-owahan uripe ing jaman modern; jaman globalisasi iki. Bocah lanang nganggo anting, tindhikan, rokokan, kena miras lan narkoba, wis dudu crita tabu. Bocah wadon uga mangkono. Bocahbocah sing duwe gelar SH uga ora mung sethithik. (SH = saba hotel). Lha kepriye nuwuhake kapribaden luhur tumrap bocah-bocah mau? Mangka wektu ing sekolahan mung winates. Sejatine wulangan Basa Jawa wangsulane! Awit ing wulangan basa Jawa, bab basa krama, unggah-ungguh utawa sopan santun diwenehake. Sadurunge Kementerian Pendidikan Nasional ngoprakoprak supaya ing pamulangan nyeselake budi pekerti utawa Pendidikan Karakter Bangsa, wulangan basa Jawa wis wiwit biyen mula.mung, apa wektune nyukupi? Awit wulangan basa Jawa ing sekolah alokasi wektune mung 2 jam pelajaran. Uga ana sing mung 1 jam pelajaran, ana sing diilangi awit wulangan basa Jawa dianggep ketinggalan jaman lan ora wigati. Ana maneh jam-jam wulangan basa Jawa dijaluk wulangan mata pelajaran liyane sing dianggep luwih penting. Cetha ing kagiyatan intra kurikuler ora nyukupi wektune. Apa maneh manawa kudu ngetrapake pendidikan karakter bangsa, genah wektu sing sumadya isih nyamut-nyamut. Mulangake pendidikan karakter bangsa iku ora gampang, awit kang diolah iku mental, moral utawa kapribadene peserta didik. Ora mung kaya malik epek-epek, kari mak grembyang ngono wae. Nanging perlu proses lan wektu kang suwe. Lan sing perlu maneh, peserta didik iku sipate anon tiron. Mung nyawang lan niru. Lha kang disawang lan ditiru iku, yen guru ya guru idolane. Yen artis utawa tokoh 2

prasasat kaya meh kabeh kang disawang lan ditiru. Kudune, wong-wong kang dadi idola utawa panutan mau tansah ora waleh-waleh aweh tontonan lan tuntunan, awit obah saobah, tindak satindak; ucap saucap tansah dadi panutane. Yen kita nyadhari kahanan mangkono, ing larar TV ota susah-susah masang tulisan: R, BO, RBO, lsp. Ing kagiyatan intra kurikuler basa Jawa, yen dicakake tenan cetha banget yen wektune ora nyandhak. Kepriye bisa nuturi murid yen wektune ora ana lan diuber ngentekake materi wulangan? Kepriye bisa mulang nembang, mulang gawe crita, gawe lan maca guritan, karawitan, teater lan kethoprak, ludruk, yen lagi mulang wektune wis entek? Luwih-luwih senajan wis ana SK Gubernur Jawa Timur No. 188/KPTS/013/2005 ngenani basa Jawa kang minangka wulangan wajib ana SD/MI, SMP/MTs, nanging cak-cakane isih mujudake muatan lokal. Iki kang perlu langkah lan sosialisasi nyata, ora mung wujud SK tanpa untu. Saka kahanan iku, kanggo nuwuh ngrembakakake budi pakarti luhur utawa sopan santun utawa tata krama ora liya kanthi langkah: lumantar kagiyatan ektra kurikuler. Awit, kanthi nukulake greget nindakake budi pakarti kang becik iku salaras karo gegebengane Pendidikan Karakter Bangsa kang saiki digembar-gemborake cak-cakane ing sekolah. Pendidikan budaya lan Karakter Bangsa ditegesi minangka pendidikan kang mekarake nilai-nilai budaya lan kapribaden bangsa tumrap para siswa (peserta didik), saengga para siswa mau banjur nduweni nilai lan kapribaden minangka kapribaden dhiri pribadine, lan bisa ngetrapake kapribaden mau tumrap dhiri pribadine lan ing bebrayan agung minangka warga masyarakat, warga negara kang religius, nasionalis, prodhuktif lan kreatif. II. GEGARAN Kanggo nindakake cak-cakan pamulangan intra kurikuler apadene ekstra kurikuler, minangka gegaran yaiku: 1. Undang-Undang Republik Indonesia No. 20 taun 2003 ngenanisisdiknas ing BAB XI pasal 39 ayat (2) nyebutake: Pendidik merupakan tenaga profesional yang bertugas merencanakan, dan melaksanakan proses pembelajaran, menilai hasil pembelajaran, melakukan pembimbingan dan pelatihan, serta melakukan penelitian dan pengabdian kepada masyarakat. 3

2. Undang-Undang Republik Indonesia No. 14 taun 2005 ngenani guru lan dosen ing BAB I pasal 1 ayat (1) diandaharake: Guru adalah pendidik profesional dengan tugas mendidik, mengajar, membimbing, mengarahkan, melatih, menilai dan mengevaluasi peserta didik pada pendidikan anak usia dini jalur pendidikan formal, pendidikan dasar dan pendidikan menengah. Dene ing BAB VI pasal 28 ayat (1) lan (3) disebutake: Pendidik harus memiliki kualifikasi akademik dan kompetensi sebagai agen pembelajaran, sehat jasmani dan rohani serta memiliki kemampuan untuk mewujudakan tujuan pendidikan nasional. Kompetensi sebagai agen pembelajaran pada jenjang pendidikan dasar dan menengah serta pendidikan anak usia dini meliputi: 1. kompetensi pedagogik 2. kompetensi kepribadian 3. kompetensi profesional, dan 4. kompetensi sosial Bab kasebut, salaras karo panemu, yaiku: dari pihak guru dituntut adanya unsur seni, ilmu dan teknologi, pemilihan nilai-nilai dan ketrampilan dalam proses belajar mengajar (J.J. Hasibuan 1986: 37-38). III. TEBANE PANGREMBUG Ing tulisan iki, pangripta bakal ngrembug bab nuwuhake greget utawa nuwuh ngrembakake budi pakarti luhur utawa kapribaden luhur, saengga jumbuh karo sopan santun utawa tata krama utawa karakter bangsa kang kita karepake. Ing kene kang bakal diandharake pangripta ora liya bab pengalaman ing sekolahan, yaiku ing SMP Negeri 1 Kalidawir kabupaten Tulungagung. Saliyane iku pangripta kala-kala uga mbiyantu kagiyatan ekstra kurikuler ing SMK Ngunut, ing SMA Kedungwaru, ing SMA Boyolangu lan SMK I Boyolangu lumantar tugas kantor Dinas Pendidikan. Nanging 95 persen pangripta nindakake kagiyatan mau ing SMP Negeri 1 Kalidawir kabupaten Tulungagung, awit papan nyambut gawene pangripta ana instansi iki. Pengalamane pangripta ora liya yaiku, nggladhi para siswa ing kagiyatan ekstra kurikuler. Ing SMP Negeri 1 Kalidawir iku ing bab kegiyatan kurikulere akeh banget. Ana drum band, band, orkes, hadrah, tartil Quran, rebana, maneka warna olah raga, nulis crita/guritan, maca guritan lan puisi, teater basa Jawa, kethoprak, joged, reyog kendhang, lan karawitan. Nanging ing kene 4

pangripta mung njupuk kagiyatan ekstra kurikuler kang ditangani langsung dening pangripta, yaiku: kethoprak, teater basa Jawa, tembang, nulis, maca guritan lan karawitan. Dene ing SMK Ngunut pangripta nggarap skenario lan nggladhi kethoprake pisan bareng lan salah sijine seniman. Ing SMA Boyolangu, ing SMA Kedungwaru, lan SMK I Boyolangu, pangripta mung nggladhi tata carane maca guritan. Geneya pangripta milih nggladhi kagiyatan kasebut ana ndhuwur? Ora liya bab kasebut cedhak banget gandhenge karo basa lan sastra Jawa sarta kabudayan Jawa. Kanthi mangkono, siswa tansah bakal rumaket karo basa, sastra apadene kabudayan Jawa, dadi ora kabethot adoh karo kapribaden bangsa. Kajaba iku, ing kagiyatan iki bisa minangka sarana filter tumrap para siswa saengga luwih bisa nresnani basa, sastra lan budaya Jawa. Tanpa rasa tresna, mokal kita bisa ngopeni lan gelem cancut taliwanda ngrungkebi budi pakarti kanggo diwenehake marang para siswa. Kabudayan Jawa kang adi luhung mula kudu diopeni, saengga ora bakal didhaku dening bangsa manca kayadene kasuse Reyog Ponorogo kang didhaku dening Malaysia kae. Dene kagiyatane-kagiyatan ekstra kurikuler kang katindakake pangripta yaiku: 1. Kethoprak Kethoprak mujudake kabudayan Jawa, nggambarake lakon-lakon keraton Jawa, nanging uga bisa lakon-lakon liya. Becik lakon sanjabane Jawa, manca negara lan liya-liyane. Bisa Sage, mitos, legenda, bisa kethoprak humor utawa sing liyane. Ing kethoprak ana gegambaran adegan sopan santun, bekti marang wong tuwa, marang panguwasa, marang Gusti Kang Akarya Jagad. Ana uga gegambaran intrik-intrik politik jroning nagara. Uga ana gegambaran watake manungsi kang becik, wengis, degsiya, wicaksana, andhap asor, kumalungkung lan liya-liyane. Ya nalika nggladhi kethoprak iki, nilai-nilai budi pakarti kita dlesepake alon-alon. Upamane, nalika gladhi ana kang omong kurang prayoga, nuli kita benerake. Ana tata krama kangv kurang bener, nuli kita benerake. Suwe-suwe bocah dadi bakal kulina. Sepisan maneh, kanggo ngetrapake kapribaden, perlu ngulinakake. Pembimbing utawa guru kudu sregep ngelingake kanthi ora natoni atine sing dielingake. Ing kethoprak mula mujudake sinergi antarane wiraga, wirama lan wirasa. Kabeh mau gumantung marang kabutuhan lan kahanan. Ing SMP Negeri 1 Kalidawir, kethoprake kang mawa jeneng Kethoprak Kusuma Budaya iku tata gelare njupuk modhel 5

Mataraman lan uga modhel Siswa Budaya. Nyatane para siswa uga seneng lan bisa. Malah taun kapungkur, para paragane, wiwit pemain panggung nganti pangrawite katindakake dening siswa kelas 7. Lan nyatane, nalika melu festival kethoprak Nyiswa Budaya ing Tulungagung mujudake siji-sijine sekolah kang sutradara, pelatih, pengrawit sarta warangganane katindakake dening paraga saka SMP kasebut. Malah ing perpisahan kelas 9 tahun pelajaran 2010/2011 nggelar kethoprak persis kayadene kethoprak Siswa Budaya lan digiyarake ana JTV. Kanthi kagiyatan iki, pranyata para pemain, guru, komite lan masyarakat pada mongkog lan bombong. 3. Teater Basa Jawa. Cak-cakane teater basa Jawa mula luwih omber lan modern. Nanging intine ya meh padha wae karo kethoprak. Ing bab teater modern. kagiyatan ekstra kurikuler ing SMP Negeri 1 Kalidawir sipate insidental, tegese kala-kala lamun dibutuhake. Nanging gladhine ajeg. Kanggo pagelaran, ditata wektune, aja nganti ngganggu karo wulangan intrakurikuler. Adate digelarake ing adicara Hari Sumpah Pemuda, Agustusan utawa hari Pahlawan. Gumantung cumepake ragad. Ing bab casting, bloking lan sapanunggalane, ing teater basa Jawa iki ora rumit kayadene ing kethoprak. Ing kethoprak akeh banget cak-cakan pranatan, Upamane ratu ora kena metu saka kiwa. Ana sembah pangabekti, lan kadhang sinelingan ing tembang. Ing kethoprak apadene teater mbutuhake kekompakan team kang kedadeyan saka pemain, pengrawit, sutradara lan lingkungan. Durung suwe iki, pas tanggal l7 Agustus teater Basa Jawa SMP Negeri 1 Kalidawir ngadani pagelaran kolosal ana lapangan sadurunge upacara bendera Agustusan diwiwiti. Kang nonton lumayan, ora kurang wong 5000. Penontone uga ora mung sokur. Kajaba para pelajar sakecamatan, uga para pejabat Muspika, pamong desa, guru-guru, Polisi lan Tentara, Veteran lan uga para wartawan cetak sarta wartawan elektronik. Bombonge para pemain pranyata dadi tuwuh ngrembaka. Rumangsa digatekake lan antuk papan. 4. Tembang Ing kagiyatan tembang, wektune njupuk saben dina Kamis sawise bubaran sekolah. Kajaba iku uga kerep njupuk saliyane dina Kamis, manut kabutuhan. Saupama arep ana lomba, wektune ya ditambah. Ing bab tembang, kang digladhekake marang para siswa mligi tembang dolanan lan tembang macapat. Becik kang mawa titi laras slendro apadene kang pelog.ing gladhi iki, wiwit 6

titi laras, tata carane nabuh gamelan, wirasa lan wirama tansah ditengenake. Kajaba iku, bocah-bocah uga digladhi ing gendhing-gendhing liya. Ing gladhi iki uga kaya ing gladhi kethoprakl lan teater Basa Jawa, saupama ana kang kurang pas mungguhing kapribaden kang becik, pangripta tansah ngelingake. Tata carane lungguh wae perlu dielingake. Kajaba pangripta nangani dhewe, uga dibiyantu dening ahli tembang sakarawitane pisan. Asile ora nguciwakake, nyatane wis bisa tampil ing lomba tembang tingkat kabupaten apadene propinsi, senajan mung antuk juara harapan. Kanthi tembang mangkene, diajab pangrasane siswa dadi luwih dene alus. Bisa ngresepi maknane tembang, ateges nggegladhi ilining batin kang sabanjure tumuju luhuring kapribaden. Kanthi nguwasani tembang-tembang Jawa, para siswa dadi luwih ruruh njatmikani, suda srogal-srogole. 5. Reyog Kendhang Reyog kendhang iku kesenian khas kabupaten Tulungagung. Ing reyog kendhang dumadi saka joged, musik, lan uga seni suwara. Reyog kendhang Tulungagung iki adate dumadi saka 6 paraga njoged, tukang nabuh gong 1, tukang nabuh kenong 1 lan slompret 1. Adakane uga ditambahi sindhen lan wiraswara kanthi nembangake maneka warna genre tembang. Bisa tembang dolanan, tembang macapat, campursari utawa sing modern bisa kanthi lagulagu pop utawa dhangdhut. Ing reyog Kendhang Tulungagung, paraga njoged nyangklong kendhang dibarengi nabuh pisan lan isih diringi dening para niyaga. Joged ing reyog kendhang iki sejatine ajeg, yaiku: midak kecik, andhul, robotan, ngungak sumur sarta menthogan. Iku kang baku, nanging sing modern bisa dikolaborasi karo joged liyane, Pemaine uga mangkono, bisa ditambah utawa kolosal. Ing gladhi reyog iki, pangripta tansah migunakake basa Jawa nalika nggegulang. Aba-abane uga basa Jawa. Prestasine Reyog kendhang SMP Negeri 1 Kalidawir uga ora nguciwani, yaiku juara 2 lan juara harapan I kabupaten Tulungagung sarta nate tampil ing Pawai Budaya Nusantara ing Jakarta dhekj taun 2008; tampil ana Istana Negara sangarepe Presiden! Saka kanyatan iki nganti saprene bocah-bocah reyog duwe pepenginan, tampil maneh ana Jakarta! Rasa mongkog lan bombong nuwuhake rasa percaya dhirine dadi thukul dhuwur. Amarga nalika nggladhi migunakake basa Jawa, rasane luwih raket, cedhak, lan bocah-bocah uga seneng. 7

6. Nulis lan Maca Guritan Kagiyatan nulis ing kene kang dikarepake yaiku kagiyatan nulis crita wernawerna kanthi migunakake basa Jawa. Kajaba nulis crita uga nulis guritan. Kang digladhekake ing kagiyatan iki sing prasaja-prasaja dhisik. Upamane nulis pengalaman pribadi, lelucon, saya munggah crita cekak senajan mung prasaja lan uga nulis guritan.nenulis mujudake sarana olah pikir lan olah rasa. Kanggo nuwuhake rasa tresnane lan bombonge, bocah-bocah kang melu ing kegiyatan iki kerep diajak pangripta tampil ing pendhapa kabupaten, ing acara Dharma Wanita Kabupaten, ing acara PGRI, ing acara TV, acara perpisahan, acara pesta lan liya-liyane. Ing wektu nggegulang mangkene, iki, ora lali uga tansah nyelipake nilai-nilai moral marang bocah-bocah. Uga nggegulang etika utawa tata kramane nulis. Becik kang arupa gancaran apadene geguritan. Senajan tulisan mau landhep, nanging yen panulise mawa etika, kang dikenani mesthi ora krasa lara atine, nanging ngrasakake.ing bab nulis iki, para siswa dadi bisa luwih tepung marang crita cekak apadene crita sambung, guritan awujud epigram apadene ballada sarta uga padha bisa maca kang becik malah dimusikalisasi barang. Dadi luwih nges lan endah. Ing bab nulis, prestasine ya mung ana sawatara dipacak ana majalah Jawa, upamane ana Jayabaya lan Jemparing. Ing bab maca guritan, uga wis nate watara kaping 4 ana JTV, Dhoho TV lan uga juara tingkat kabupaten apadene provinsi. Ing bab guritan maneh, kajaba tampil kaya kasebut ing ndhuwur uga wis kerep tampil ana hotel-hotel, ana acara Hari Anak Nasional tingkat kabupaten lan propinsi. Iki mujudake langkah kanggo nukulake rasa nasionalisme supaya bocah-bocah mau padha kabuncang saka plataran kabudayane dhewe. Wis mesthi wae bab kang mangkene iki ndadekake moncere jenenge bocah, sekolah, guru, wong tuwa lan masyarakat. Dene tumrap siswa kang dibimbing pangripta sing saka SMA Boyolangu, SMA Kedungwara lan SMK I Boyolangi, ing bab geguritan nyatane bisa padha nampa juara 1 lan 2 tingkat propinsi. Iki wis 4 taun maturutturut. Dene saka SMK Ngunut, saben taun bisa tampil ing acara PPST kang dianakake dening Dinas Pendidikan Propinsi Jatim, lan mesthi terfavorit! 7. Karawitan Tumrap SMP Negeri 1 Kalidawir, kagiyatan ekstra kurikuler karawitan wiwit taun 1984 anane. Lan nganti saiki tansah bisa urip. Gladhine kagiyatan iki saben din Kamis uga bareng lan reyog kendhang, joged, lan tembang. Dinane gladhi iki uga digawe luwes manut wektu lan kabutuhan. Kanggo kagiyatan 8

iki, sekolah wiwit taun l984 wis duwe saprangkat gamelan slendro, lan taun iki ditambah saprangkat maneh gamelan pelog. Kanggo ekskul karawitan, uga asring digelarake bareng lan kethoprak, teater basa Jawa sarta joged apadene tembang. Kanthi mangkono, kagiyatan kethoprak banjur bisa madhahi pirangpirang jinis seni lan bisa tampil bareng. Kanthi kagiyatan iki, kekompakan, tepa slira, tanggung jawab, jujur, mandhiri, nglaras rasa, nglaras mangsa lan nglaras swasana bakal bisa thukul becik, amarga bocah-bocah kepengin bisa kanthi becik. Kabeh kang kasebut katindakake dening pangripta mau ing pangangkah bisaa tumuju jati dhirine bangsa ing ombyake jaman globalisasi, saengga perlu nggegem rapet kabudayan lumantar pendhidhikan karakter bangsa kang nduweni nilai religius, jujur, toleransi, dhisiplin, sregep makarya, kreatif lan mandhiri kang sabanjure anjurung nyengkuyung marang laku lan suksese Pendhidhikan Nasional. Kanthi mangkono, para siswa kang gegladhi ing kagiyatan ekstra kurikuler kaya kang katindakake para siswa ing SMP Negeri 1 Kalidawir kabupaten Tulungagung kasebut tumuju marang: Rumangsa handarbeni, melu hangrungkebi lan mulat salira hangrasa wani.kabeh iki mujudake sarana pengembangan diri kang perlu terus-terusan dikulinakake. IV. MUPANGATE PENDHIDHIKAN LAN BUDI PAKARTI LUHUR Mupangate pendhidhikan budaya lan budi pakarti luhur yaiku: 1. Kanggo mekarake potensi siswa supaya bisa nduweni budi pakarti luhur kang sabanjure nduweni patrap lan tumindak kang salaras karo kapribadene bangsa. 2. Kanggo mikuwati kiprahe pendhidhikan nasional kanggo supaya bisa nggegem tanggung jawab sajroning mekarake potensi siswea kang luwih migunani lan anduweni martabat (Indonesia: lebih bermanfaat dan bermartabat). 3. Kanggo saringan (filter) budayaning bangsa dhewe sarta budaya manca kang ora salaras karo kapribadene bangsa kang duwe martabat. 9

V. ANCASE PENDHIDHIKAN BUDAYA LAN BUDI PAKARTI LUHUR Ancase pendhidhikan budaya lan budi pakarti luhur yaiku: 1. mekarake lan nuwuhake potensi kalbu tumrap siswa minangka manungsa lan warga negara kang nduweni kapribaden (budaya apadene bangsa). 2. nuwuh engrembakakake pakulinan lan tingkah lakune siswa kang pinuji lan salaras karo nilai-nilai universal lan tradhisine bangsa kang religius. 3. Nuwuh ngrembakakake jiwa kepemimpinan lan tanggung jawab tumrap siswa minangka generasi peneruse bangsa. 4. nuwuh ngrembakakake kabisane siswa supaya dadi manungsa kang mandhiri, kreatif lan nduweni wawasan kebangsaan. 5. nuwuh ngrembakakake lingkungan bebrayane sekolah minangka lingkungan pasinaon kang aman, ayom-ayem, tentrem, jujur kebak ing kreratifitas sarta nduweni rasa kebangsaan kang dhuwur lan nduweni kekuwatan tumuju: angudi lan angesthi luhuring budi, anjangka luhuring bangsa adhedhasar Pancasila. VI. DUDUTAN Saka tulisan ing ndhuwur, bisa ditarik dudutan kaya kasebut ing ngisor iki: 1. Nuwuh ngrembakake budi pakarti luhur, kajaba diwulangake ana kelas awujud kegiyatan intra kurikuler uga bisa lumantar kagiyatan ekstra kurikuler kaya kang katindakake ing SMP Negeri 1 Kalidawir. 2. Lumantar kagiyatan ekstra kurikuler: kethoprak, teater basa Jawa, reyog kendhang, temabang, nulis, maca guritan. lan karawitan; kajaba nguri-uri kabudayan bangsa kang adiluhung uga minangka sarana nuwuh ngrembakakake budi pakarti luhur kang salaras karo kapribaden bangsa 3. Kanggo nindakake kagiyatan ektra kurikuler kang tumuju tata krama, sopan santun utawa budi pakarti luhur kudu migunakake gegaran pedagogis lan nilai-nilai Pendidikan Karakter Bangsa, yaiku: religius, jujur, toleransi, dhisiplin, sregep makarya, kreatif lan mandiri. 4. Sawise setaun nindakake kagiyatan ekstra kurikuler kaya kang kasebut ana tulisan ing ndhuwur, para siswa SMP Negeri 1 Kalidawir katon banget 10

owah-owahan kapribadene, yaiku: dadi luwih sopan, ngerti tata krama, luwih alus pangrasane, nduweni tanggung jawab, kreatif lan nduweni rasa kebangsaan lan nasionalisme kang luwih dhuwur. 5. Kagiyatan ekstra kurikuler kang anjurung marang luhuring budi, kapribaden bangsa kang nasionalis perlu ditingkatake. Kajaba angudi luhuring budi uga anjangka luhuring bangsa sarta nguri-uri budaya bangsa supaya ora kebethot didhaku dening bangsa manca. 6. Perlu dituwuhake sipat lan rasa: melu handarbeni, melu hangrungkebi lan mulat salira hangrasa wani. 7. Siswa iku sipate anon tiron, mula kita kudu bisa dadi tuntunan lan bisa ditiru, amarga angudi luhuring budi lan anjangka luhuring bangsa iku kuwajibane kabeh wae, ora mung pihak sekolah; nanging uga pamarentah lan masyarakat. Mula kabeh kudu nyawiji saiyeg saeka kapti mujudake gegebengan mau kanthi nyata. VII. PANUTUP Muga-muga, andharan iki bisa ana guna mupangate tumrap lumaksanane Pendidikan Karakter Bangsa kang ancase bisa tumuju marang budi pakarti luhur lan kapribaden bangsa kang adhedhasar Pancasila. Kanthi cupeting jam wulangan Basa Jawa ana kelas, mula kagiyatan ekstra kurikuler bakal bisa mikuwati laku jantra sarta mobah mosike wulangan Basa Jawa kang kebak ing subasita, tata krama, saru siku lan budi pakarti luhur kang pungkasane dadi jati dhirine budaya lan kapribaden bangsa. Nuwun. Tulungagung, 8 Oktober 2011 11