BUPATI KULONPROGO WEDHAR SABDA WONTEN ING ACARA MBIKAK UNDIAN KUPON BLONJO MIRAH ING BALAI DESA NOMPOREJO, GALUR Assalamu alaikum Wr. Wb. Wates, 5 Maret 2011 Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya. Ingkang kinormatan, Kepala Desa Nomporejo saha sedaya perangkatipun, Pangarsaning Pedagang Sayur Keliling sarta anggotanipun, Bapak-Ibu tamu undangan lan para rawuh ingkang kebak ing suka basuki. L.TopTos/Sambt11/Maret/mBikakKuponBlonjoMirah 1
Langkung rumiyin sumangga tansah ngaturaken agungunging panuwun syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Mirah, bilih wonten ing titi wanci punika kula lan panjenengan sedaya taksih dipun paringi berkah lan inayahipun, saengga taksih dipun keparengaken makempal saha silaturrahmi ing Balai Desa Nomporejo punika kangge ngleksanaaken acara mbikak Undian Kupon Blonjo Mirah ingkang dipun adani dening Pedagang Sayur Keliling, kanthi winengku ing karaharjan. Kula aturaken agenging matur nuwun dumateng panitia ugi sedaya sedherek ingkang sampun kesdu nyengkuyung, saengga acara punika saget lumampah kanthi sae lan rancak. Mugi-mugi acara punika mumpangati saha mahanani tumraping pedagang sayur keliling lan warga masyarakat ing tlatah Nomporejo punika. L.TopTos/Sambt11/Maret/mBikakKuponBlonjoMirah 2
Para rawuh ingkang kebak ing suka basuki, Wonten ing kalodhangan ingkang sae punika, saestu kula ndherek bingah saha bombong ing manah, awit pedagang sayur keliling saget nindakaken acara ingkang saestu sae punika. Warga masyarakat uningani, bilih pamarentah Kabupaten Kulonprogo sanget nyengkuyung dumateng upaya masyarakat ingkang nggadhahi satunggiling wirausaha ingkang saget ngasilaken bagya mulyaning keluarga. Semantena ugi ingkang saget paring biyantu tumraping warga ingkang mbetahaken satungging pakaryan. Kados dene bebakulan sayur punika saestu sae, awit saget dados pakaryan ingkang ngasilaken, ugi saget mbiyantu warga masyarakat ingkang mbetahaken sayur kangge keluarganipun. Punapa malih wonten ing kawontenan ekonomi ingkang dereng ajeg lan sae punika, mboten sekedhik L.TopTos/Sambt11/Maret/mBikakKuponBlonjoMirah 3
warga masyarakat ingkang mbetahaken satunggiling pakaryan. Kanthi saget sadeyan sayur keliling ing dusunipun, mila saget pikantuk asil ingkang saget kangge nyekapi kabetahanipun keluarga. Semantena ugi warga masyarakat ingkang mbetahaken blanjan ingkang mboten kathah, cekap anggenipun blonjo wonten ing bakul sayur keliling punika. Bab punika dados sae, awit sami-sami dipun betahaken lan sami-sami mbetahaken. Saklajengipun kula ugi bingah awit penggalihan saking para pedagang sayur keliling ngadani kupon, punika mujudaken satunggiling kawigatosan kangge langgananipun. Bab punika saget tansaya ngremenaken, awit kanthi blonjo ing pedagang sayur keliling, taksih gadhah pengajeng-ajeng pikatuk satunggiling bebungah. Saking punika sumangga penggalihan ingkang sae punika dipun lestantunaken, saengga raos pasedherekan antawisipun para bakul sayur kaliyan warga masyarakat tansaya rumaket. L.TopTos/Sambt11/Maret/mBikakKuponBlonjoMirah 4
Semantena kula suwun, wontenipun undian kupon punika mboten ndadosaken sengkeling manah saperangan warga masyarakat, awit kula yakin bilih mboten sedaya ingkang nggadhahi kupon saget pikantuk bebungah. Saking punika kula suwun anggenipun ngundi utawi ngopyok kupon kanthi jujur, saget dipun sekseni dening sedaya ingkang sami rawuh ing papan punika. Kula aturaken ndherek bingah dumateng warga ingkang sami pikantuk bebungah, lan sampun kuciwa dateng warga ingkang dereng begja. Awit mbok menawi ing wekdal sanes ugi saget nampi kabegjan, sami kaliyan warga sanesipun. Kula kinten semanten lan mekaten ingkang saget kula aturaken, mbok bilih pinanggih atur ingkang mboten mranani penggalih, nyuwun samodraning pangaksami. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Kuwaos tansah paring ridhonipun dumateng kula lan panjenengan sedaya. Amin Matur nuwun. L.TopTos/Sambt11/Maret/mBikakKuponBlonjoMirah 5
Wassalamu alaikum Wr. Wb. BUPATI KULONPROGO H. TOYO SANTOSO DIPO L.TopTos/Sambt11/Maret/mBikakKuponBlonjoMirah 6