BUPATI KULONPROGO WEDHAR SABDA WONTEN ING ACARA SMK MA ARIF I WATES NAMPI SERTIFIKAT SISTEM MANAJEMEN MUTU ISO : 9001 : 2008 SAKING PT. TUV RHEINLAND INDONESIA LAN NGEPYAKAKEN GEDUNG ENGGAL Wates, 26 Februari 2011 Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya. Ingkang kula hormati, Pangarsaning Dinas Pendidikan Kabupaten Kulonprogo, Pangarasaning SMK Ma arif I Wates, saha sedaya guru lan staf, Pangarsaning PT. TUV Rheinland Indonesia, Bapak-Ibu tamu undangan saha para rawuh ingkang kebak ing suka basuki. L.TopTos/Sambt11/Feb/SMKMa arifnampisertifikat 1
Langkung rumiyin sumangga tansah ngaturaken agunging panuwun syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Wikan, bilih wonten ing titi wanci punika kula lan panjenengan sedaya taksih dipun keparengaken makempal wonten ing papan punika, wontening acara SMK Ma arif I (setunggal) Wates nampi Sertifikat Sistem Manajemen Mutu ISO : 9001 : 2008 saking PT. TUV Rheinland Indonesia, lan Ngepyakaken Gedung Enggal, kanthi kebak ing kawilujengan. Kula aturaken pamatur nuwun wonten ngarsanipun panitia saha sedaya ingkang sampun nyengkuyung, saengga acara punika saget lumampah kanthi rancak lan sae. Mugi-mugi kanthi dipun tampi Sertifikat punika, SMK Ma arif I (setunggal) Wates tansaya monjo lan majeng wonten ing babagan pawiyatan. Para rawuh ingkang kinormatan, L.TopTos/Sambt11/Feb/SMKMa arifnampisertifikat 2
Wonten ing kalodhangan ingkang mirunggan punika, sak derengipun kula ngaturaken mawerni-werni bab ingkang magayutan kaliyan acara punika, langkung rumiyin kula ngaturaken ndherek bingah awit SMK Ma arif I (setungggal) Wates, wonten ing wekdal punika sak estu nampi Sertifikat Manajemen Mutu ISO : 9001 : 2008 saking PT. TUV Rheinland Indonesia. Kanthi mekaten nedahaken bilih SMK Ma arif I (setunggal) Wates punika nggadhahi satunggiling prestasi ingkang monjo wonten ing bab manajemen. Awit sertifikat punika mboten saben sekolah saget nampi, bab mekaten temtunipun magayutan kaliyan prestasi ingkang saget kagayuh kaliyan satunggiling sekolah. Kanthi mekaten kula aturi dumateng pangarsaning SMK Ma arif I (setunggal) Wates saha sedaya guru lan siswa, prastawa punika sumangga dipun tampi kanthi raos syukur, lan sak lajengipun kedah saget ngekahaken prestasi punika, syukur bage saget tansaya majeng lan monjo. Saengga sekolah punika saget dados sekolah unggulan wonten ing L.TopTos/Sambt11/Feb/SMKMa arifnampisertifikat 3
tlatah Kulonprogo punika. Saklajengipun, kula lan panejengan uningani bilih ISO : 9001 : 2008 punika mujudaken satunggiling standar internasional kangge sistem manajemen mutu utawi kualitas. ISO : 9001 : 2008 netepaken syarat lan rekomendasi kangge desain lan panaliten sawijining sistem manajemen mutu. ISO : 9001 : 2008 sanes mujudaken standar produk, awit mboten wonten syaratsyarat ingkang kedah dipun cekapi dening satunggiling produk ingang awujud barang utawi jasa. ISO : 9001 : 2008 namung mujudaken standar sistem manajemen kualitas. Namung, kados pundi kemawon dipun suwun bilih satunggiling produk kedah dipun asilaken saking sistem manajemen kualitas internasional, kanthi istingarah produk ingkang dipun asilaken ugi badhe mujudaken barang ingkang kulaitasipun sae. Saengga saget dipun pendhet intisarinipun, bilih Quality Management Systems (ISO : 9001 : 2008) mujudaken cara ingkang dipun dokumentasi lan praktek- L.TopTos/Sambt11/Feb/SMKMa arifnampisertifikat 4
praktek standar kangge manajemen sistem, ingkang tujuanipun njamin kualitas barang utawi jasa tumraping kebetahan utawi syarat ingkang mirunggan. Mekatena ugi kebetahan utawi syarat ingkang mirunggan dipun temtokaken dening pelanggan utawi organisasi. Para rawuh ingkang kebak ing suka basuki, Wonten ing kalodhangan punika ugi badhe dipun leksanaaken acara ngresmekaken gedung enggal SMK Ma arif I (setunggal) Wates. Kanthi mekaten kula ugi ndherek binggah lan ndherek ngraosaken bombonging manah, bilih sekolah punika saget mbangun gedung enggal. Mugi kanthi wontenipun gedung ingkang enggal punika, sak mangkenipun saget nambah grengseng saha gumreguting pangarsaning sekolah, guru, karyawan punapa dene para siswa wonten ing pawiyatan punika, saengga prestasi SMK Ma arif I (setunggal) Wates punika tansaya monjo. Mekaten lan semanten ingkang saget kula aturaken, L.TopTos/Sambt11/Feb/SMKMa arifnampisertifikat 5
menawi wonten kekirangan saha kekhilafan nyuwun samodraning pangaksami. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Kuwaos tansah paring ridhonipun dumateng kula lan panjenengan sedaya. Amin. Matur nuwun. Wassalamu alaikum Wr. Wb. BUPATI KULONPROGO H. TOYO SANTOSO DIPO L.TopTos/Sambt11/Feb/SMKMa arifnampisertifikat 6