BUPATI KULONPROGO WEDHAR SABDA WONTEN ING ACARA MUSYAWARAH CABANG VII GABUNGAN PELAKSANA KONSTRUKSI NASIONAL INDONESIA (GAPENSI) KABUPATEN KULONPROGO Wates, 12 Februari 2011 Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya. Ingkang kinormatan. Unsur Muspida plus Kabupaten Kulonprogo, Pangarsaning BPC. GAPENSI Provinsi DIY, Pangarsaning BPC. GAPENSI Kabupaten Kulonprogo, Bapak-Ibu tamu undangan ingkang kebak ing suka basuki. L.TopTos/Sambt11/Feb/MuscabGapensiKP 1
Sumangga langkung rumiyin sesarengan munjukaken puja puji syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Wikan, awit paringipun rohmat lan hidayahipun saengga kula lan panjenengan sedaya taksih dipun keparengaken makempal saha silaturrahmi ing papan punika, saperlu nglekasanaaken Purwakaning Musyawarah Cabang ingkang kaping VII (pitu) Gabungan Pelaksana Konstruksi Nasional Indonesia (GAPENSI) Kabupaten Kulonprogo, kanthi wilujeng. Kula aturaken agenging panuwun wonten ngarsanipun panitya saha sedherek sedaya ingkang saestu sampun sami nyengkuyung, saengga acara punika saget lumampah kanthi sae lan rancak. Para rawuh ingkang kinormatan, Kula lan panjenengan uningani bilih Jasa Konstruksi mujudaken satunggiling pakaryan ingkang saestu nggadhahi mumpangat ingkang ageng tumraping kemajengan pembangunan ing negari Indonesia punika. L.TopTos/Sambt11/Feb/MuscabGapensiKP 2
Sampun kathah perusahaan jasa ingkang madeg ing negari punika, sae wonten ing tataran daerah, regional punapa dene ing tataran nasional. GAPENSI punika mujudaken organisasi jasa konstruksi ingkang paling rumiyin utawi ingkang paling sepuh. Punika katitik saking madegipun ing warsa 1959 (Sewu Sangangatus Seket Sanga). Kanthi mekaten kula pitados sampun kathah perkawis ingkang dipun raosaken ugi dipun lampahi, sae perkawis ingkang sae lan ngremenaken, punapa dene perkawis ingkang damel cuwa, kepara malah damel sengkeling manah. Namung mekaten, kula pitados sedaya perkawis ingkang sampun dipun lampahi punika ndadosaken tansaya kiatipun GAPENSI. Bab punika kabukten bilih GAPENSI tansaya ngrembaka, kepara malah anggotanipun tansaya kathah. Jumbuh kalian punapa ingkang dados visi-misi lan tujuanipun, GAPENSI ingkang mujudaken organisasi ingkang profesional, kiat, kokoh lan mandiri, saget ngempalaken perusahaan kontraktor ing Indonesia, L.TopTos/Sambt11/Feb/MuscabGapensiKP 3
makarya sesarengan kanthi sae tanpa wonten raos bekbekan utawi rebatan, kangge mbangun ekonomi ing negari punika. GAPENSI ugi sesambetan lan makarya sesarengan kalian pamarintah, swasta ing sak lebeting negari punapa dene manca negari, kanthi pakaryan ingkang tanggeljawab lan profesional. Para rawuh ingkang kebak ing suka basuki, Wonten ing kalodhangan punika badhe dipun leksanaaken Musyawarah Cabang ingkang kaping VII (pitu) GAPENSI Kabupaten Kulonprogo, saking punika sumangga wekdal ingkang mirunggan punika saget dipun ginakaken kanthi sak sae-saenipun kangge nuwuhaken bab-bab ingkang mumpangati, saengga GAPENSI tansaya majeng lan ngrembaka. Wekdal punika ugi sae kangge mulat salira dening para sedherek sedaya, menapa kemawon ingkang sampun dipun tindakaken sak dangunipun mlebet dados anggotanipun GAPENSI punika. Mekatena ugi kula pitados, sak lebeting L.TopTos/Sambt11/Feb/MuscabGapensiKP 4
nindakaken pakaryan temtu wonten ingkang kirang ugi lepat. Mila wekdal punika saget kangge menggalihaken kados pundi anggenipun damel sae saha ngrembakakaken GAPENSI Kabupaten Kulonprogo. Ing acara punika temtunipun ugi badhe dipun adani milih para sedherek ingkang badhe nglenggahi kursining kepengurusan GAPENSI Kabupaten Kulonprogo. Kanthi mekaten kula nggadhahi panyuwunan, sumangga anggenipun milih calon pengurus ingkang sak estu saget dipun ndelaken, ingkang saget nindakaken jejibahanipun jumbuh kalian kewajibanipun. Mekaten ugi sumangga agenipun nindakaken pemilihan sampun ngantos ngginaaken tindak KKN, awit menawi tindak KKN punika dipun lampahi, sak mangkenipun sedherek ingkang kapilih temtu mboten saget nindakaken pakaryan saha tanggeljawab kanthi profesional. Saking punika sumangga demokrasi kula suwun supados dipun leksanaaken kanthi sae kangge milih pengurus GAPENSI ingkang amanah. L.TopTos/Sambt11/Feb/MuscabGapensiKP 5
Mekaten lan semanten ingkang saget kula aturaken, ing mbok bilih pinanggih bab-bab ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun samodraning pangaksami. Wusana kanthi lafal Bissmillahirrohamnirrohim, Musyawarah Cabang ingkang kaping VII (pitu) GAPENSI Kabupaten Kulonprogo, kanthi resmi KAPURWAKAN. Mugi-mugi Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Wikan, tansah paring ridho dumateng kula lan panjenengan sedaya. Amin. Matur nuwun. Wassalamu alaikum Wr. Wb. BUPATI KULONPROGO H. TOYO SANTOSO DIPO L.TopTos/Sambt11/Feb/MuscabGapensiKP 6