DHASARING KAWERUH SEJATI

dokumen-dokumen yang mirip
BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Menggagas Teori Pendidikan Orang Jawa

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBALAJARAN

TANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 WARSA 2016

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

FIRMAN MENYATAKAN KESALAHAN & KEBENARAN

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

MARGI KANG GE N YINGK IRAK EN MA MALA NIN G TYAS

ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

Caranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

Assalamu alaikum Wr. Wb. Mugi karaharjan, kawilujengan lan kasarasan tansah Kajiwa kasalira kula panjenengan sami.

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

Basa Lan Sastra Jawi Minangka Sumber Kawicaksanaan. Kangge Mujudaken Watek Lan Pakerti Bangsa. Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

NGLELURI TRADHISI KENDUREN LAN LAKU JAWI WONTEN ING ERA GLOBALISASI MINANGKA BAHAN PENDIDIKAN MENTAL TUMRAPING GENERASI MUDHA

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

PIWULANG SKRIPSI. dening

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

KONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

IMPLIKATUR ING HOMILI RAMA WONTEN ING MISA EKARISTI

SKRIPSI Dipunajengaken. dening

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG SKRIPSI

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

AJINING FILOSOFIS UPACARA PANGGIH PANGANTEN ING DESA MANGUNJIWAN, KECAMATAN DEMAK, KABUPATEN DEMAK SKRIPSI LISA SATRIANI NPM:

SERAT SASTRA GENDHING DALAM KAJIAN STRUKTURALISME SEMIOTIK

SKRIPSI FILOSOFI MRAPEN ABADHI ING KITHA GROBOGAN TUMRAP BEBRAYAN JAWI SKRIPSI. Dening : Sunarti PROGAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KAWRUH SAJATOSING GÊSANG WONTÊN ING SÊRAT SULUK WARNI-WARNI. Mohamad Wahyu Hidayat

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

BAB II ANALISIS DATA. kode dalam khotbah berbahasa Jawa di Gereja Kristen Jawa Ampel.

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

QUR AN SUCI JARWA JAWI. DALAH TAFSIRIPUN Maulana Muhammad Ali.

Ngrembakakaken Prangkat Pamucalan Basa Jawi Ingkang Adhedhasar. Pendhidhikan karakter Bangsa. Dra.Sri Sulistiani, M.Pd

TEMBUNG KAHANAN POLIMORFEMIS WONTEN ING NOVEL KRIKIL-KRIKIL PASISIR ANGGITANIPUN TAMSIR AS SKRIPSI

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

SKRIPSI. Kasusun dening Rista Sapta Perwitasari NIM

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI

UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA) SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATAS NGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5 SKRIPSI

Transkripsi:

Oleh : Mas Kumitir 1 DHASARING KAWERUH SEJATI Sampun dados satunggaling tujuan tumrap dhateng sedaya janma punapa dene ingkang sami kumelip ing madiya pada, bilih sedaya sediyanipun sageda kasembadan. Inggih sediya punapa kemawon. Sediya awon, sediya sae, sediya nistha, sediya wirang, sediya adamel sakiting manahing sanes, sediya adamel renaning penggalihing sanes, lan sanes-sanesipun. Wosipun sedaya sediyanipun sageda katurutan. PUNAPA TA INGKANG WINASTANAN SEDYA PUNIKA? Sediya kenging dipun wastani niyat, utawi kepengin. Adatipun para janma menawi sampun kagungan sediya utawi niyat sarta kepengin, lajeng kagungan reka daya, ingkang sinebat ambudi daya utawi angupaya marga, mrih sediyanipun utawi niyatipun kala wau saged katurutan utawi kasembadan. Inggih kanthi reka daya lan pambudi daya kala wau wekasan pun janma lajeng angudi ngagem cara-cara ingkang maneka warni, utawi kupiya ingkang rupi-rupi saengga saged kaleksanan ingkang dados tujuanipun. Sagedipun kaleksanan sediyanipun, amargi namung saking temening pangudi lan santering pambudidaya, sinebat tumemen, taberi, nastiti, ngati-ati, ora jelehan, mangerti lan sanes-sanesipun. Caranipun pangudi utawi pambudi daya kala wau limrahipun sinebat Elmu. Inggih elmuning punapa kemawon. Upaminipun elmuning daya kelahiran, inggih kagathukaken kaliyan bab-bab kelahiran. Elmuning sedaya kebatosan, inggih kagathukaken kaliyan dayaning kebatosan, dene menawi elmuning Gesang ugi kedah kagathukaken kaliyan dayaning Gesang. Dados cetha sanget, menawi badhe anggayuh bab-bab kelahiran lajeng ngagem elmuning kebatosan, genah mboten saged kasembadan. Kosok wangsulipun, menawi badhe anggayuh bab-bab ingkang wonten gegayutanipun kaliyan kebatosan, ugi genah mboten saged kasembadan menawi kagayuh mawi elmuning kelahiran. Saya malih badhe angungkap bab-bab ingkang gegayutan kaliyan sejatining HURIP, saya mboten saged badhe kagayuh ngagem elmuning kalih-kalihipun kala wau. Sagedipun

Oleh : Mas Kumitir 2 namung mboten trep. Ing ngendhon janma ingkang mekaten kala wau dhawahipun inggih namung lajeng mboten mitadosi dhateng satunggal lan satunggaling elmu kala wau, mangke sampun wonten pilah-pilahanipun piyambak-piyambak. KAWERUH Elmu ingkang kagem anggayuh tumrap punapa kemawon sinebat KAWRUH. Pramila yen ta janma kepengin angudi sarta ambudi daya satunggaling bab kedah mawi elmu utawi kawruh, dene elmu utawi kawruh satunggal lan satunggalipun kala wau mawa dhasar piyambak-piyambak. Ingkang satunggal lan satunggalipun mboten sami, amargi bedaning sediya utawi niyat, sarta bedaning dhasar kala wau janma ingkang kirang ing weweka lajeng gampil anglepataken satunggal dhateng satunggalipun. Reroncening keterangan punika perlu sanget kagem lambaraning mangudi dhateng satunggaling tujuan, murih mboten tumpang suh ing pawingkingipun, jalaran sampun nyata mangertosi dhateng bedaning elmu utawi kawruh, bedaning pangudi lan caranipun, wekasan ugi bedaning pikolehipun. Menawi sedaya para janma saindhenging bawana sampun saged ngagem raos ingkang mekaten punika, genah badhe tansah ayem lan tentrem lahir lan batosipun. Tembung ELMU utawi KAWRUH punika tegesipun satunggaling cara ingkang dipun mangertosi, perlu kagem ambudi daya amrih sedaya sediyanipun, punapa dene niyatipun saged katurutan utawi kasembadan. Dados elmuning janma ingkang kagungan sediya utawi niyat awon inggih kedah mawi cara ingkang awon, dene janma ingkang kagungan sediya sae, elmunipun inggih kedah sae. Cetha sanget sapunika bilih awon saening elmu punika namung gumantung dhateng sediyaning utawi gegayuhanipun. Inggih namung kanthi dhasar mekaten punika, elmu utawi kawruh saged dipun mangertosi awon lan saenipun. Gumantung malih dhateng sediyanipun. Pramila ing sarehning kathahing janma punika adatipun

Oleh : Mas Kumitir 3 namung kepengin anggayuh bab ingkang sae utawi utami, pramila prayoginipun para janma piyambak kersaa angudi sarta angupadosi elmu utawi kawruh ingkang sae sarta utami kemawon, dene wonten sawenehing janma ingkang kepengin anggayuh dhateng piawon, inggih sumangga kemawon, gumantung saking sediyanipun piyambak-piyambak. KAWRUH SEJATI Punapa ta tegesipun Kawruh Sejati punika? Kawruh, asal saking tembung Ka lan Weruh. Ka ing ngriki anggadhahi teges utawi maksud menawi sampun dinarbenan, kaduwen, kamiliki, saking anduweni, tegesipun wus ana ing astane, wus ana ing kuwasane, wus ana ing bisane, wus ana ing ngersane, wus cumepak, wus kinarsakake, wus sumandhing, utawi ingkang langkung cetha wus dinarbenan. Dene weruh, anggadhahi teges, ngerti, kuwasa, bisa, katon cetha welawela, gamblang, jelas, wijang-wijang, mboten tumpang suh, mboten tuna dungkap, pilah-pilah, dhewe-dhewe, menawi kabontosaken dipun sebat pirsa, ingkang asalipun saking tembung pinaringan rasa. Ingkang ateges, pun rasa sampun saged angrasakaken, inggih rasaning pancadriya punapa dene rasa jatine. Pramila tembung Kawruh, anggadhahi teges wus dinarbenan pangertosan, utawi wus pinaringan sarining rasa jati. Tegesipun sedaya sampun gamblang, cetha kados ingkang kapratelakaken ing nginggil. Mangka kawruh punika warni-warni, inggih punika kados ingkang sampun katerangaken kala wau, inggih kawruhing kelahiran, inggih kawruhing kebatinan, utawi kawruhing budhi sayekti. Pramila yen badhe angangkangi babagan kawruh kala wau satuhu kedah manungalaken sedaya kraos ingkang sampun dinarbenan, tegesipun inggih raosing dhewe, sanes raosing sanes, ingkang mboten dinarbenan. Ing ngriki saya cetha, bilih satunggaling kawruh ingkang tinampi namung

Oleh : Mas Kumitir 4 saking rasaning sanes, punika genah dede kawruhing dhewe, nanging tetep kawruhing sanes, pramila inggih wonten riki punika pun raos kagem sanget, kangge anyobi inggih lan mbotenipun kawruh kala wau sampun dinarbenan utawi derengipun. Inggih kanthi mekaten punika ing tembe badhe dados sejatining kawruh kang satuhu lan sayekti, ingkang mboten saged kasuwak ing ngasanes. Janma yen badhe angudi satunggaling kawruh kedah sinau langkung rumiyin bab kawruh ingkang badhe kaudi punika, upaminipun: babagan angudi kawruhing sastra. Angudi kawruhing sastra kedah mangertosi punapa ta sastra punika. Sastra punika tulis. Lha tulis punika punapa? Tulis punika satunggaling gegambaran ingkang saged dipun mangertosi dening ngasanes, punapa ingkang dipun maksudaken utawi dipun kajengaken. Lha tulis punika ginanipun punapa? Tulis punika ginanipun kagem sesambetan ing pangandikan yen ta mboten aben ajeng. Lha caranipun kados pundi? Caranipun nulis kedah mawi asta tengen (mboten ngedhe). Lajeng ingkang kagem nulis punapa? Ingkang kagem nulis satunggaling pirantes yen ta katamakaken ing satunggaling barang ingkang radin tur wiyar lajeng wonten tilasipun. Caranipun nyepengi pirantes wau kados pundi? Caranipun nyepengi pirantes wau jempol asta tengah lan racikan sarta racikan panuding lan pinengah kagathukaken utawi kapepetaken, dene pirantes kala wau kadedek ing tengah-tengahing jempol lan racikan punika kanthi kenceng, mboten minggrang-minggring. Jalaran menawi minggrangminggring pirantes punika gampil ucul saking cepengan. Menawi sampun lajeng katamakaken wiwit manengen wongsal-wangsul ngantos punapa ingkang dipun maksudaken saged katulis sedaya. Lha sak punika caranipun damel tulisan kados pundi? (bab tumindaking kawruh). Punika kedah sinau, inggih sinau punika sinebat angudi dhateng kawruhing tulis utawi kawruhing sastra. Upaminipun damel sastra ha, punika kawiwitan saking sisih kiwa ngandhap lajeng pirantes kala wau katarik minggah miturut inggiling garisan, lajeng katarik malih manengen

Oleh : Mas Kumitir 5 sakedhik, terus menggok mangandhap, lajeng manengen malih ngantos radi panjang wusana minggah malih, lajeng manengen tikel kaping kalihipun kaliyan penarikipun ingkang inggil kala wau rambah kaping 2, lha punika menawi sampun dados sinebad sastra ha. Lha menawi sampun dados sastra ingkang saged kawaos ha lajeng paedahipun punapa? Paedahipun menawi badhe adamel tembung ingkang wonten swantenipun mungel ha, upaminipun hana. Lha menawi badhe adamel sastra hi kados pundi? We lha punika kedah kapanjingan bunderan alit ing sak nginggiling sastra kala wau sisih tengah, wangunipun kados tetesing toya nanging kawalik, naminipun wulu, lha punika menawi kawaos ungelipun hi. Mekaten sak lajengipun. Lha menawi sampun saged damel sastra lajeng kanthi mboten pepanggihan piyambak sampun saged dipun mangertosi kajengipun dening ngasanes, lajeng kados pundi maksudipun? Maksudipun supados inggal dipun mangertosi, lan awakipun piyambak saged makarti sanes, dados kalihkalihipun lajeng saged kasembadan tur kanthi gampil. Jalaran menawi mara piyambak perlu rerembagan gek dalemipun tebih rak cetha sedaya, paling-paling inggih namung angsal satunggal keperluan thok kemawon, keperluan sanes dereng saged kacakup. Inggih mekaten punika satunggaling kawruh kagem angudi dhateng satunggaling bab, dados sedaya kedah dipun mangertosi kanthi titi, tata lan taliti, ing ngendon temtu badhe saged sempurna, mboten tumpang suh, tur mboten gampil anglepataken dhateng sok sintena kemawon. Mekaten ugi ngudi kawruh kelahiran sanesipun, punapa dene kawruh kaluhuran ingkang permati, inggih kedah mawi cara mekaten punika, inggih ingkang kawastanan bontos ing kawruh lan lakune punika kados

Oleh : Mas Kumitir 6 pangudining bab sastra kala wau. Tembungipun sanes kawruh kuwi kudu saged di: 1. rungokake. 2. rasakake. 3. mangerteni. 4. tindakake, lan. 5. undhuh oleh-olehane dening awake dhewe utawa janma liyan. Menawi dereng saged mekaten, tetep namung grambiyangan kemawon, ingkang ateges sedaya dereng sampurna lan dereng bontos. Menawi dereng bontos angsal-angsalipun inggih namung tuna dungkap utawi tumpang suh kemawon. Wekasan rugi piyambak. Menawi sampun rugi gampil duka, menawi sampun duka badhe ical sedaya kawruh ingkang sampun dinarbenan. Menggah dununging dhasar ingkang ngengingi dhateng kawruh wonten tigang perkawis, ingkang satunggal lan satunggalipun inggih punika: 1. KAWRUH KELAHIRAN JATI, ingkang asalipun saking dayaning pancadriya lahir. 2. KAWRUH SALWA BUDHI utawi kawruh saking dayaning pancadriya batos, ingkang sinebat Parakitan. 3. KAWRUH BUDHI JATI ingkang asalipun saking dayaning Gesang sejati, sinebat Pengracutan. Sedaya wau kenging sinebat kawruh Kasunyatan utawi kawruh Kasampurnan. Nanging kedah dipun emuti daya kekiyatanipun satunggal lan satunggalipun. Tegesipun Sampurna utawi Nyata tumrap pun pancadriya lahir, sampurna lan nyata tumrap pancadriya batos lan sampurna sarta nyata tumrap jatining Gesang, ya gesang sejati, tan kena ing pati, langgeng gesang ing sedaya alam sarta sampun anglimputi sedaya

Oleh : Mas Kumitir 7 dumados. Kantun sakpunika para janma piyambak, milih ingkang pundi, nanging adatipun milih ingkang gampil, rak inggih ta?? 1. Kawruh Kelahiran Jati ingkang asalipun saking pancadriyaning sedaya janma. Kawruh punika tumindakipun inggih mawi tumindaking kuwandha, upaminipun nyerat, ngetang, anggambar, adedamelan, maos, ngandika, angganda, mirengaken, ngothak-athik reroncening alam, ngothak athik reroncening bawana, ngothak-athik reroncening jagad sedaya, rerembagan ingkang saged kanalar namung mawi dayaning pancadriya lahir. Sedaya kala wau menawi kaudi temen-temen, dadosipun sae dhateng pakarti, pramila tumindak mekaten punika sinebat Daya Pakarti, inggih pakartining pun panca driya. Nanging awonipun lajeng saya ageng milikipun, jalaran pun kuwandha punika sipatipun namung milik thok, upaminipun lajeng nyuwun opah, nyuwun katebus mawi raja brana, nyuwun kalintenan mawi wewujudan gantos ingkang sakmurwat kaliyan pakartinipun. Dados Kawruh Kelahiran Jati punika satunggaling kawruh ingkang gegayutan kaliyan sedaya kawontenaning lahir utawi kelahiran. Dene kawontenan ingkang sinebat kelahiran mekaten, inggih punika sedaya kawontenan ingkang wonten ing jagad gumelar punika sedaya. Upaminipun: 1. Kawruh tumrap dhateng wontening bawana, candra, kartika, swasana, lan sanes-sanesipun. 2. Kawruh tumrap dhateng wontening jawah, angin, lesus, prahara, barat, benter, lan sanes-sanesipun. 3. Kawruh tumrap dhateng wontening samodra, bengawan, lepen-lepen, arga-arga, bantala-bantala, lan sanes-sanesipun. 4. Kawruh tumrap dhateng janma manungsa, kewan-kewan, thethukulan, lan sanes-sanesipun. 5. Sedaya kawruh tumrap dhateng kabetahaning janma manungsa, ing antawisipun:

Oleh : Mas Kumitir 8 a. Bab pados tedha, lan sandhang. b. Bab makarya. c. Bab pasinaon ing pamulangan. d. Bab sesrawungan. e. Bab kawasisaning janma limrah, lan sanes-sanesipun. Dados wosipun sedaya kawruh ingkang taksih saged lan kenging kanalar kanthi daya kekiyataning ubarampening pancadriya lahir, punika sedaya sinebat kawruh kelahiran jati. Tembung Jati namung kagem mangertosaken bilih kawruh wau pranyata sanes kawruhing kaluhuran nanging pancen saestu-estu kawruhing kelahiran, pramila lajeng katambahan jati, ingkang ateges murih cethanipun. Dados tembung jati ing ngriki sanes ateges jatining dumadosing kedadosan, nanging jati inggih jatining kelahiran. Kanthi dhasaring kawruh kala wau, sakbotenmbotenipun para janma sampun saged anggambaraken pundi ta sejatosipun ingkang sinebat kawruh kelahiran punika. 2. Kawruh Salwa Budhi ingkang asalipun saking dayaning pancadriya batos. Kawruh Salwa Budhi mekaten anglimputi sedaya gegayuhan ingkang gegayutan kaliyan raos pengraosing janma piyambak, ingkang taksih dumunung wonten ing pancadriya batos, dereng ngantos bontos dumugi asal lan puruging dumadi. Menawi para janma sampun saged nindakaken bab-bab punika, inggih punika ingkang ngengingi bab rasa-rumangsa tresna ing sak-padha-padha, welas asih, suba sita weruh ing traping susila, tansah lembah manah, wani ngalah, mboten gampil krenehan, tansah marsudi ing tentreming kalbu, ajrih ing lepat, nanging tansah wani ing bener, lukita ing basa lan sastra, wasis adamel renaning ngasanes, mboten remen gegujengan ingkang tanpa paedah, tansah angggulang ing kautaman, tansah marsudi mrih rahayuning kawontenan, kinajenan ing sesami, tinresnanan ing sesami, lha punika sampun kepetang lumayan.

Oleh : Mas Kumitir 9 Tembung dumunung ing pancadriya batos, jalaran sagedipun tumama taksih angginakaken pancadriyaning lahir, dados menawi tanpa punika ugi mboten badhe saged katindakaken. Sinebat batos mekaten inggih punika daya kekiyatan ingkang asal saking gesang sejati badhe medal anyamadi pancadriya lahir, dados dunungipun wonten ing antawisipun budhi jati kaliyan kelahiran jati. Inggih kawruh punika ingkang sinebat kawruh ingkang taksih mangro tingal. Sinebat mangro tingal, jalaran kados-kados sampun nyinggol dhateng kawruh budhi jati, tundhonipun malah taksih dumunung wonten ing kawruh kelahiran jati. Kados-kados sampun nyandhak ing bab gesang sejati, dhawahipun namung dumunung ing raos pengraos. Kados-kados sampun amberat wontenipun kawruh kelahiran jati, ndadak ngglethek taksih dumunung ing pangandikan thok kemawon ingkang asipan ndakik-ndakik pramila inggih wonten ing kawruh punika janma tansah repot badhe amisahaken satunggal lan satunggalipun kawontenan, jalaran pancen dereng nate pirsa bedanipun lan pilah-pilahanipun. Dene menawi sampun pirsa inggih gampil kemawon, upaminipun sampun mangertosi, yen karembag punika taksih dumunung wonten ing kawruh kelahiran, ingkang karembag punika sampun wonten ing kawruh Salwa Budhi, wekasan ingkang karembag punika sampun dumugi kawruh Budhi Jati. 3. Kawruh Budhi Jati, inggih kawruhing gesang sayekti, inggih kawruh ingkang kagem ngudi dhateng blegering janma manungsa utawi sangkan paraning dumadining janma manungsa. Wonten ing salebeting kawruh punika, janma manungsa wiwit nalusur wiwitaning dumadining janma, blegering janma manungsa, lakuning janma, pikolehing janma, ngantos dumugi ing asalipun malih, sinebat bali marang mula-mulanira, inggih punika tumuju dhateng paranipun. Menawi para janma sampun wiwit andungkap dhateng babagan punika, adatipun alamipun sampun beda kaliyan nalika janma taksih dumunung wonten ing kawruh kalih kasebat nginggil. Beda jalaran sampun kirang ambetahaken

Oleh : Mas Kumitir 10 kekalihipun kala wau, awit inggih pancen tanpa gina yen ta kalih kawruh wau taksih kagape. Pramila kathah-kathahipun sinebat wus datan maelu ing anane jagad gumelar, namung tansah maelu dhateng dhasaring pangudi dhateng Gesang Sejati kala wau. Lha wonten riku punika gawating lampah tumrap janma ingkang taksih srawung kaliyan janma sanesipun, jalaran taksih kedah ngagem tata praja, tata susila, tata basa lan sastra, nanging sejatosipun kala wau tumrap para pangudi Kawruh Budhi Jati kuwi kabeh dudu apa-apa, jalaran wus pirsa ing kahanan kabeh kang gumelar lan kang ora gumelar. Janma ingkang sampun mekaten punika menawi ngendika mesti kaleksanan, menawi dhawuh mesthi leres, menawi tumindak punapa kemawon sampun tanpa kagalih, tanpa kaetang-etang, tanpa kakintenkinten, jalaran kabeh mau sarwi cetha wela-wela. Mboten wonten ingkang sisip lan sembir, kados dene Sang Pandhita Rengganis ingkang teteki ing Arga Pura, sesampunipun nilar keprajan kala rumiyin. Menawi janma sampun saged mekaten, we lha sampun ngantos wani gumampil, punika andrawasi sanget, nanging emanipun lha kok taksih sekedhik sanget ingkang saged mangudi dumugi ing ngriku. Janma ingkang sampun mangertosi pilah-pilahanipun satunggal lan satunggalipun, sedaya kala wau badhe tumindak kanthi gampil lan mboten angel, jalaran pun angel sampun tindak jengkar tebih sanget, dene menawi dereng jebul pun gampil ingkang tebih. Tebih lan celakipun pun angel utawi gampil punika minggahipun dhateng pangertosanipun janma piyambak. Pramila badhe angudi dhateng satunggaling bab, pangertosan kedah langkung rumiyin dipun taros, wus ngerti tenan apa durung.