MARGI KANG GE N YINGK IRAK EN MA MALA NIN G TYAS
|
|
- Ida Sugiarto
- 6 tahun lalu
- Tontonan:
Transkripsi
1 1 MARGI KANG GE N YINGK IRAK EN MA MALA NIN G TYAS Kumaceluning manah prasasat nyidham rujak cempaluk nalika kula nyobi ngrembag perkawis mamalaning tyas [ati]. Ing ngandhap punika keparenga kula nyaosi rembagan sepala, mbokmanawi kenging kaangge wewahan panglimbang, pinten-pinten saged mikantuki utawi nuju prana tumrap para nupiksa ingkang kepareng migatosaken. Nanging betekipun lalaran wedalan tiyang cubluk, manawi boten adamel marem utawi cocoging panggalih tuwin manawi wonten kidaling tetembungan, waguning ukara, mugi para nupiksa sampun kirang pamengku sarta mugi kersa ngluberaken samodra pangaksama. Saderengipun nlusur punapa sababipun dene manungsa punika kok asring kadunungan mamalaning tyas, keparenga kula ngaturaken panglalar: punapa ta ingkang kawastanan kabatosan punika? Miturut suraosing tetembungan batos punika kosokwangsulipun lahir. Dados kabatosan punika kosokwangsulipun kalahiran. Lahir punika ateges gumelar (wonten ing njawi). Sadaya ingkang gumelar punika gadhah sipat: ewah gingsir, boten langgeng, apes, saged risak, saged sakit, saged jaya, inggih saged dados ringkih. Ringkesipun, sadaya kemawon utawi punapa kemawon ingkang asipat owah gingsir punika kagolong lahir utawi kalahiran, sanadyan ugi gadhah sisipatan ingkang alus utawi samar boten kasat mripating pancadriya, upaminipun: hawa, listrik, lsp. Makaten ugi pikiran, cipta, pangraos, punika wonten ing babagan kawruh kabatosan ugi taksih kaewokaken [kagolong] kalahiran jalaran teksih saged owah gingsir. Wondene kabatosan [inggih punika kosokwangsulipun kalahiran], temtunipun inggih anggadhahi sipat kosokwangsulipun owah gingsir, inggih punika langgeng, kuwaos, kiyat. Sipat punika namung Gusti piyambak ingkang kagungan. Dados manawi makaten kabatosan punika bakunipun kaallah-an. Kawruh kabatosan pikajengipun kawruh utawi ngelmu (gagaran utawi wawaton minangka pangudi) kangge ngretosi utawi nggayuh
2 2 kagaibaning Pangeran. Panalitinipun boten mrika-mrika, nanging cekap wonten salebeting sariranipun piyambak-piyambak jalaran Gusti punika maha agung nglimputi [mengku] lan nglimput [sumamar] wonten sagunging dumados inggih sadaya ingkang gumelar punika. Dados ing salebet kita sipat-sipat wau inggih wonten. Wondene pikiran, raos pangraos, tuwin pancadriya kita, tumrap ngudi kabatosan lugu namung minangka pirantos tuwin paseksen [ingkang ugi nyekseni]. Ungel-ungelan ing ngandhap punika mbokmanawi kenging kangge gagaran kandel-kumandeling tekad tumrap nggayuh kawruh kabatosan: Sintena ingkang nyumerebi [awas utawi mawas, naliti, ngretos] sariranipun [pribadinipun utawi nafsunipun], tamtu badhe kaleksanan sumerab [ing ngriki kajenganipun mangertos] Pangeranipun. Manungsa punika rahsaningsun, nanging Ingsun ugi rahsaning manungsa. Manahipun tiyang ingkang pitados kaliyan yakin, punika prasasat dalemipun Gusti. Wondene sadaya kawontenan ingkang gumelar ing jagad punika dados paseksen kaagungane Gusti, kuwasaning Gusti, karsaning Gusti, kaadilaning Gusti sarta sih kamirahaning Gusti. Sadaya punika sinebat kodrat irodhating Pangeran kang maha kuwasa. Kodrat irodhating Pangeran punika tansah lumintu ndhayani dhateng sadaya isen-isening jagad raya, njalari tuwuhipun, wontenipun utawi mawujudipun kawontenan utawi kadadosan [dumados] ingkang marupirupi. Salajengipun mawarni-warni kadadosan wau satunggal kaliyan satunggalipun inggih lajeng tansah dhaya-dhinaya [samad sinamadan], ngantos lajeng mahanani ewah-gingsiring kawontenan. Lan inggih jalaran saking kadadosan wau ingkang lajeng nuwuhaken wontenipun: lair, makarti, risak. Sarehne risak punika ugi satunggaling kadadosan, mila inggih ateges lair malih. Makaten salajengipun tanpa wonten pedhotpedhotipun, inggih punika ingkang sinebat: Cakra Manggilingan.
3 3 Manungsa ingkang mawujud titah langkung sampurna tuwin winenang tinimbang titah sanes-sanesipun ugi boten badhe saged sumingkir saking angger-angger cakra manggilingan wau. Dados ugi kawasesa dening dhaya prabawaning alam. Gumelaring isen-isening alam wau mrabani tuwin mrabawani dhateng jasading manungsa nglangkungi [ngliwati] pancadriya, tumaduk ing angen-angen kita, lajeng njalari tuwuhipun pepinginan saha kekajengan ingkang mawarni warni, sarta ugi dados jalaranipun kita saged kataman pangraosing badhan [sasakit, kraos benter, asrep, perih, gregesgreges, lsp.], sasakiting pikir [bingung, kodeng, rangu-rangu, gemblung, bingleng, lsp.], panandhang utawi pakartining manah [sisah, bingah, sumelang, welas, asih, gething, pegel, gela, lsp.]. Kajawi punika tumrap ing babagan kalahiran, dhaya prabawaning isen-isening alam punika ugi saged murugaken manungsa manggih begja, cilaka, nistha, papa, tuwin sanes-sanesipun. Kados ingkang sampun kajereng ing inggil punika cetha, bilih sababipun manungsa saged ngantos kataman kadadosan marupi-rupi punika boten sanes inggih namung saking dhayaning alam, inggih punika kaprabawaning isen-isening jagad raya. Wahananipun [kedadosanipun] wonten ingkang saged karaosaken sae [nyekecakaken], ugi wonten ingkang saged karaosaken awon [boten nyekecakaken]. Lha ingkang karaosaken boten nyekecakaken wau limrahipun dipun anggep memala. Kamangka sejatosipun sanadyan ingkang karaosaken nyekecakaken utawi boten nyekecakaken punika kalih kalihipun tetep dados memala tumrap dhateng Rasa Jati kita. Jalaran sami dene saged damel surem utawi boten weningipun utawi kirang sucinipun Rasa Jati kita. Mangka kaweninganing Rasa jati punika perlu kaudi utawi kajagi. Sabab inggih jalaran saking weninging Rasa Jati punika manungsa lajeng kaconggah nuwuhaken kawruh lahir tuwin batos ingkang salajengipun kadugi mbabaraken kabudhayan, kasusastran, kawaskithan, kasunyatan, tuwin kasampurnan, inggih punika pangertosan bab Sangkan Paraning Dumadi tuwin gaibing Pangeran.
4 4 Nalika manungsa punika saweg tumitis tuwin nalika teksih jumeneng [mretapa] wonten salebeting guwa garbaning ibu, ngantos sasampunipun awujud jabang bayi lahir wonten ngalam donya, ingriku dereng kadunungan mamalaning tyas, dados teksih suci. Nanging sasampunipun lelumban wonten ing madya padha, ingriku wiwit kataman memala. Rasa Jatinipun wiwit surem, boten suci malih. Ingkang makaten wau para ulah kabatosan tansah mbudi dhaya sarana lampah utawi cara warni-warni murih sucining Rasa Jatinipun mberat utawi nyingkiraken memala, sarta kaconggah nampeni wewengan utawi pepadhang inggih punika wahyu utawi sasmita gaib saking Pangeran. Memalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika boten bakal saged dipun icalaken saking gesangipun tiyang. Sagedipun namung anyeyuda, jer memalaning tyas ingkang tuwuh saking karep [kekajengan] punika pancen sampun dados rerangkening tiyang gesang. Hewadene anggenipun kita saged nyirep utawi ngirangi memala punika boten sanes inggih pribadinipun tiyang piyambak-piyambak, mila makaten kedah kanthi nglenggahaken pribadinipun wau. Nglenggahaken pribadi punika kedah sarana semedi, nglowong utawi nyuwung, nyipat mlebet medaling nupus sarta amirengaken swaraning rijal. Swaraning rijal punika manawi wayah dalu cetha sanget kados orong-orong. Dene manawi wayah siang lamat-lamat sanget. Sok sintena ingkang pinuju yipat mlebet medaling nupus, Pribadi tamtu badhe kersa pinarak wonten ing pasenetan suci paring pepadhang. Ing Serat Wulangreh yasan swargi Sinuwun PB IV wonten tetembungan minangka gagaran tumrap para ingkang sami ngudi mbirat mamala wau, sinawung sekar Kinanti makaten ungelipun: "Padha gulangen ing kalbu. Ing sasmita amrih lantip. Aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi. Pesunen sariranira, cegah dhahar lawan guling." Sekar Kinanti sapada wau mengku piwulang ingkang wosipun "Murih kita punika saged nampeni sasmita [dhawuh ghaib], saking Pangeran kalayan gampil, kita kedah tansah ngelatih sarira sarana ngirangi dhahar tuwin ngirangi sare." Ingkang
5 5 dipun kajengaken ngirangi dhahar ing riki boten namung ateges nyenyuda isining padharan kemawon, nanging ugi mengku pikajeng ngirangi tedhaning panca driya sanesipun. Dados wosipun nyegah hardhaning pancadriya. Kajawi punika ugi kedah nyandhet lampahing pikiran ingkang ngambra ambra. Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing tutuk [lesan - cangkem], inggih punika nyegah wedaling pangandika ingkang tanpa paedah. Cegah ngraosi awon lsp. Mila sadaya wau kedah dipun cegah [kirangi] jalaran wedaling pangandika langkung-langkung manawi dipun kanteni grengseng tuwin kemrungsunging penggalih, punika ateges mbeboros dhaya kekiyatan ingkang wonten salebeting sarira, ingkang manawi kita gegem [regem] saged mujudaken dhaya prabawa ingkang ageng pigunanipun samangsa wonten kapreluwan ingkang wigatos. Manawi dhahar sampun ngantos tuwuk-tuwuk [wareg], jalaran manawi padharan kekebaken, adhakanipun murugaken ngantuk ingkang njalari lena kirang weweka. "Kulu wa asrobu wal tasrifu innahu layu khibul musrifin", tegesipun mangana sabisa bisa mung sapratelone isining wetengmu. Weteng kuwaregen bisa nggedhekake bapakne toha, banjur lalen, seneng goroh, adoh saka tindhak utama, sabab jasmani lan rohanine lungkrah sing dipikir ya mung siji kuwi. Tiyang ingkang tuwuk punika boten saged waskitha [ngretos utawi sumereb] ing ghaib. Jalaran saking wewaton kados ingkang kasebat ing inggil wau, mila para ulah tapa brata ingkang sami nglampahi siyam tuwin ambisu [ngirangi utawi boten ngucap ingkang boten prelu]. Pamrihipun inggih namung supados wening Rasa Jatinipun, sageda nampi sasmitaning pangeran. Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing grana kadosta nyegah: a. ngambet ingkang boten eca, amis, bacin, penguk, apek, badheg, lsp. Awit wusananipun saged nyuda kasarasaning badhan salajengipun saged
6 6 murugaken sureming Rasa Jati. Pramila para olah samadi asring mapan ing panggenan ingkang boten ngganda awon. Malah asring migunakaken kekonyoh ganda wida akekutug ratus ingkang amrikarum angambar-ambar wangi, asumping sekar-sekar ingkang arum lsp. Jalaran ambet ambetan amrikarum punika manawi boten ngantos nduleg [sanget], saged njalari nentremaken jiwa. b. ngisep-isep awoning sanes utawi wadosing sanes. Tumindak kados makaten punika damel kapitunan boten sakedhik tumrap badhanipun piyambak awit nuwuhaken gegeter ageng, ingkang temahan sanget adamel kuceming Rasa Jatinipun. Paedahipun boten sumbut kaliyan kapitunenipun bebasan mburu uceng kelangan dheleg. Inggih awawaton kalih warni ing inggil punika para olah pranayoga tumindakipun sarana nglaras, ngelus tuwin ngemataken mlebet medaling ambegan kanthi alon. Lampahing ambegan ingkang alon, alus, utawi ening punika saged ngeniraken [ngleremaken, ngicalaken] pangganda ngantos tumandukipun sadaya ambet [ganda] boten ndayani dhateng antenging Jiwa [Rasa Jati]. Temahan boten sanes inggih namung ngudi sagedipun hanampeni sasmita gaibing Pangeran. Ingriki kula badhe mratelakaken bilih tiyang punika temtu tansah mbudidaya sagedipun eca lan sekeca. Rehning sadaya rubeda punika badhe ndadosaken boten sekecaning manah [dados mamalaning tyas] mila temtu boten dipun ajengi. Awit saking punika rehning manah punika limrahipun tansah ngajeng-anjeng eca lan sekeca, mangka badhe tansah mrangguli bab-bab ingkang damel boten sekecaning manah, mila tiyang punika tansah nandhang kuwatos utawi melang-melang. Dados tansah boten nggadhahi katentreman utawi boten tansah kadunungan ayeming manah. Makaten punika ateges kendel-kumandel dhateng panguwasaning Pangeran. Menggah wohipun badhe gampil ketrajang was-sumelang. Dene srananipun kangge nyirnakaken raos boten tentrem, inggih raos boten sekeca wau, tiyang kedah tansah nyantosakaken tekadipun: Aku Wani, Gelem Nglakoni.
7 7 Wonten ancer-ancer ingkang kangge margi nyingkiraken mamalaning tyas, inggih punika kanthi migunakaken pathokan lan pangretosan sapisan ingkang diwasesa [punika pun raos was sumelangipun], kaping kalihipun ingkang masesa [punika pun tiyang, utawi tiyangipun], lan pungkasanipun sageda mangretosi bilih pun tiyang ingkang masesa raos was sumelang wau teksih wonten ingkang nguwaosi lan masesa, inggih punika ingkang Maha Kuwasa. Kanthi nyumerebi lan mangretosi trap-trapan makaten wau, tiyang badhe langkung gampil angsal tuntunan anggenipun ngrekadhaya mbengkas reribed utawi mamalaning tyas manawi kalayan sumendhe lan nyuwun kekiyatan dhateng panguwaosing Pangeran. Kosok- wangsulipun manawi boten kanthi srana makaten wau saestu badhe rekaos kalampahanipun. Ing Serat Rama wonten tetembungan 'gampang-gampang angel, yen wis dadi siji ora ana' tegesipun manawi penganggep gampil lan awrat wau sampun saged kakempalaken, ingriku badhe saged nyirnakaken samukawis pepalang. Mila makaten jalaran pun panganggep angel lajeng luluh kaprawasa dening pun gampang. Utawi ungel-ungelan ing inggil wau mratelakaken manawi gampang lan angel sampun manunggil, ingriku lajeng sampun boten wonten sambikala punapa-punapa. Awit saking punika badhe prayogi manawi kita sami nyatunggilaken pun gampang kaliyan pun angel, supados saged damel sirnaning raos was sumelang tuwin mamalaning tyas. Mamalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika mretandhani bilih ingkang nandhang sakit punika manahipun. Sakiting manah punika amargi saking nandhang raos boten sekeca. Menggah panandhang wau wonten werni-werni kadosta tumrap sakiting badhan, manahipun inggih tumut ngraosaken. Tumrap sakiting pikiran pun manah ugi tumut ngraosaken. Manah tumut ngraosaken raosing sesakit makaten wau, punika boten klebet memalaning tyas. Wondene ingkang klebet dados mamalaning tyas, inggih punika panandhang raos pangraosipun tyas utawi manah piyambak, kadosta ngraos samar lan sumelang tuwin sanes sanesipun. Rehning punika wau namung raos pangraos, murih boten
8 8 kataman rubedaning manah, kita kedah ngicali raos samar lan sumelang wau. Mila tiyang kataman mamalaning tyas punika jalaranipun margi saking koncatan punapa-punapa ingkang boten dipun senengi lan ingkang dipun tresnani. Inggih ical utawi oncating raos wau ingkang mbetahaken seserepan, mbetahaken pitedah tuwin piwulang supados saged ngretos dunungipun. Pundi pitedah utawi piwulang ingkang dipun ajengi [dipun mathuki] sarta lajeng katindhakaken, inggih makaten punika ingkang badhe dados srana jampining mamalaning tyas. Mewahi andharan sawatawis punika, bilih ingkang dados bibit utawi tuking raos nyumelangaken inggih punika saking pakartinipun tiyang anggenipun sami nampik lan milih. Manawi ingkang jumedhul punika ingkang dipun tampik [boten dipun senengi], tiyang lajeng rumaos kuciwa, boten seneng, boten lega, boten mathuk, tuwin sanes sanesipun. Dene manawi ingkang jumedhul ingkang dipun mathuki [pilih], lajeng rumaos lega lan bingah. Kamangka bab kuciwa, boten seneng lega, bingah, mathuk, sadaya punika sejatosipun sami nunggil golongan, inggih punika golonganing raos pangraos. Manawi raos pangraos makaten wau kita selehaken, pun raos was sumelang tuwin sabangsanipun mamalaning tyas lajeng boten wonten. Milanipun manungsa kataman mamalaning tyas ugi saged jalaran nggadhahi pepingin lan pangangkah kadumugena ingkang dipun kajengaken. Padhatan inggih saking margi anggenipun tumindhak mbudidaya murih kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, punika lajeng mahanani tuwuhing raos boten tentrem. Saupami sampun saestu saged kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, nunten tuwuh pepinginan sanes malih. Makaten salajengipun tanpa gadhah marem. Tumrap tiyang ingkang kados makaten, punika dipun wastani kenging mamalaning tyas. Pepinginan punika dados sumber kasantosaning karep [kakajengan]. Prayoginipun pepinginan wau tansah dipun gladhiya [dipun lelantih]
9 9 supados tansah tumuju dhateng kautaman. Sanadyan makatena kita kedah tansah enget lan ngretos bilih pepinginan ingkang tansah boten nggadhahi pemarem wau, saestunipun inggih tansah ngereh [ngemudheni] tiyang. Manawi tiyang tansah dipun tumpaki pepinginan punika badhe gampil kenging sambekala utawi mamalaning tyas. Mila prayogi sami kabudidhaya supados kita boten tansah dipun reh ing pepinginan. Kosokwangsulipun supados mbudidaya sageda ngereh pun pepinginan wau. Sapunika keparengan kula ngaturake srana kangge nyirep mamalaning tyas, punika wonten kalih warni: sepisan ingkang kangge nyuda, kaping kalihipun ingkang kangge netepaken. Murih saged nyuda kedah ngretos rumiyin bilih raos was sumelang ingkang dados memala punika bakunipun tuwuh saking raos panginten-intening raos pangraosipun piyambak, utawi gambaranipun piyambak. Rehning namung gambaran, punika saged dipun icali piyambak. Salajengipun supados saged langkung rosa anggenipun nyabili utawi ngicali, kedah dipun kanteni [sarengi] cara satunggal malih, inggih punika netepaken. Wujudipun netepaken wau kedah anggadhahi panganggep ngemohi. Emoh sumelang utawi kuwatir. Manawi pangretosan wau sampun wonten lajeng ngrosani anggenipun mbucal gambaran was sumelang wau, ingriku saboten-botenipun badhe nyuda mamalaning tyas. Cekak aosipun, menggah pangudi anggenipun badhe ngicali mamalaning tyas wau manungsa kedah tansah nyuwun pangapura lan eling dhateng Pangeranipun, lan kedah wani dhateng punapa kemawon ingkang kita anggep dados sumber ingkang nuwuhaken memalaning tyas wau. Kangge sanepa kadosta, upami kita ngutangi arta, kita kedah wani nagih. Manawi kita lumuh [boten purun] nagih, raos kepingin [kedah] nagih wau, kedah kita bucal babarpisan supados saged ical saking manah. Ngadhepi kawontenan kados tuladha ing ngajeng punika tumrap tiyang Jawi limrahipun nuwuhaken sipat ewuh pakewuh, punapa malih manawi ingkang dipun utangi punika sedherek utawi pawong mitranipun piyambak. Punika kula namung mendhet tuladha ingkang gampil kemawon.
10 10 Makaten wau angsal kula ngonceki bab-bab ingkang kaanggep dados sasakiting manah. Sanadyan namung rembag ingkang isi pamanggih, ewadene punika wau klebet satunggling kawruh utawi seserepan ingkang wigatos sanget. Indhaking kawruh boten sanes inggih saking linton pemanggih. Isinipun saged kasaring, pundi ingkang dipun mathuki, lan pundi ingkang boten nyocogi, punika badhe saged rumesep migunani dhateng sarira pribadi. Langkung langkung tumrap seserapaning batos, punika pancen saged dados bumbu ingkang badhe saged nandhesaken bontosing tekad, mugi mugi saged murakabi dhateng sintenan kemawon ingkang sami kepareng nggalih.
BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode
BAB III CARA PANALITEN A. Jinising Panaliten Panaliten menika kagolong jinising panaliten ingkang ngginakaken metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode deskriptif inggih menika
Lebih terperinciMugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.
BUPATI KULONPROGO WEDHAR SABDA WONTEN ING ACARA MBIKAK UNDIAN KUPON BLONJO MIRAH ING BALAI DESA NOMPOREJO, GALUR Assalamu alaikum Wr. Wb. Wates, 5 Maret 2011 Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan
Lebih terperinciAssalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.
BUPATI KULONPROGO WEDHAR SABDA WONTEN ING ACARA SMK MA ARIF I WATES NAMPI SERTIFIKAT SISTEM MANAJEMEN MUTU ISO : 9001 : 2008 SAKING PT. TUV RHEINLAND INDONESIA LAN NGEPYAKAKEN GEDUNG ENGGAL Wates, 26 Februari
Lebih terperinciAssalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.
BUPATI KULONPROGO WEDHAR SABDA WONTEN ING ACARA MUSYAWARAH CABANG VII GABUNGAN PELAKSANA KONSTRUKSI NASIONAL INDONESIA (GAPENSI) KABUPATEN KULONPROGO Wates, 12 Februari 2011 Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng
Lebih terperinciDHASARING KAWERUH SEJATI
Oleh : Mas Kumitir 1 DHASARING KAWERUH SEJATI Sampun dados satunggaling tujuan tumrap dhateng sedaya janma punapa dene ingkang sami kumelip ing madiya pada, bilih sedaya sediyanipun sageda kasembadan.
Lebih terperinciUNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*
UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI* Dening Sutrisna Wibawa Universitas Negeri Yogyakarta 1. Pambuka Unggah-ungguhing basa mujudaken perangan ingkang baku soksintena ingkang ngginakaken basa Jawi. Tiyang dipunwastani
Lebih terperinciTANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 WARSA 2016
TANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 WARSA 2016 Dinten/Surya kaping : Jumah Pahing, 18 Nopember 2016
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBALAJARAN
RENCANA PELAKSANAAN PEMBALAJARAN Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/ Semester Pertemuan Ke : SMP N 2 Ngemplak : Bahasa Jawa : VIII/ Ganjil : 1 X Pertemuan Standar Kompetensi : 2. Mampu mengungkapkan pikiran
Lebih terperinciFIRMAN MENYATAKAN KESALAHAN & KEBENARAN
Khotbah Jangkep Minggu, 4 September 2011 Pekan Biasa Ke Dua Puluh Tiga (Hijau) FIRMAN MENYATAKAN KESALAHAN & KEBENARAN Bacaan I: Yehezkiel 33:7-11; Tanggapan: Mazmur 119:33-40; Bacaan II Roma 13:8-14,
Lebih terperinciMEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI
Media Pasinaon Maos... Destiya Novia 65 MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI READING JAVANESE SCRIPT LEARNING MEDIA WITH POP-UP BOOK FOR STUDENT
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/Semester Pertemuan Ke Alokasi Waktu Kemampuan berbahasa : SMP N 4 Wates : Bahasa Jawa : VIII/ Gasal : 1 (satu) : 2 x 40 menit :
Lebih terperinciDAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP
DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP Ines Ika Saputri 11205244015 Sarining Panaliten Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken cara mujudaken media
Lebih terperinciMEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII
44 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 6, Juni 2017 MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP
Lebih terperinciMEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI
MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Kangge Njangkepi
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) SatuanPendidikan : SMP N 4 WATES Kelas/Semester : VII/1 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi Pokok : Unggah-ungguh Alokasi Waktu : 2 X 40 menit (80 menit) A. Kompetensi
Lebih terperinciPAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI
PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI Dening Sutrisna Wibawa Universitas Negeri Yogyakarta-Indonesia Makalah kangge Seminar Internasional Basa Jawi Ingkang dipunadani dening
Lebih terperinciMEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI
MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Kangge Njangkepi Sarat
Lebih terperinciPENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI
PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas
Lebih terperinciKONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI
KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI Dipunaturaken dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Kangge Njangkepi Salah Satunggaling Sarat Minangka kangge
Lebih terperinciPEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI
PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping Pandadaran
Lebih terperinciTEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI
TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkepaning
Lebih terperinciRELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI
RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI Dipunanjengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeping Pandadaran Anggayuh Gelar Sarjana
Lebih terperinciKAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO
30 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 3, Maret 2017 KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO THE RELIANCE IN MBAH
Lebih terperinciAssalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.
ATUR PALAPURAN PANGARSA BAGIAN PMPK DAN KB BIRO BINA SOSIAL WONTEN ING ADICARA DIALOG INTERAKTIF PANINGKATAN PANYARTANIPUN LARE ING PEMBANGUNAN KABUPATEN/KITHA SE-BAKORWIL III PROVINSI JAWI TENGAH BANJARNEGARA,
Lebih terperinciDERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI
DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI Dipunaturaken dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Kangge
Lebih terperinciAssalamu alaikum Wr. Wb. Mugi karaharjan, kawilujengan lan kasarasan tansah Kajiwa kasalira kula panjenengan sami.
BUPATI KULONPROGO WEDHAR SABDA WONTEN ING ACARA PAGELARAN RINGGIT TOPENG WONTEN ING UPACARA ADAT REBO PUNGKASAN BENDUNG KHAYANGAN NGRANCAH, PENDOWOREJO, GIRIMULYO Wates, 02 Februari 2011 Assalamu alaikum
Lebih terperinciMEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI
MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI Dipunaturaken dhumateng Fakultas Bahasa Dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka
Lebih terperinciBEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI
BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas
Lebih terperinciCaranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak
Caranipun Nggegulang Budi Pakarti Tumrap Generasi Mudha Lumantar Piwucalan Basa Jawi Dening : Imam Riyadi Abstrak Kemajenganing jaman ingkang tansaya ngrembaka anjalari sedaya peranganing ngagesang ngalami
Lebih terperinciB. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Satuan Pendidikan Mata Pelajaran Kelas/semester Materi Pokok Kompetensi Alokasi Waktu : SMP Negeri 1 Prambanan Klaten : Pendidikan Bahasa Jawa : VII/satu : Teks Cerita
Lebih terperinciDAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI
DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta
Lebih terperinciBERFOKUS KEPADA TUHAN
Khotbah Jangkep Minggu, 7 Agustus 2011 Pekan Biasa Ke Sembilan Belas (Hijau) BERFOKUS KEPADA TUHAN Bacaan I: I Raja-raja 19: 9-18; Tanggapan: Mazmur 85: 8-14; Bacaan II: Roma 10: 5 15; Bacaan III: Injil
Lebih terperinciKAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana
KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA Arif Rohmawan 12205244039 Mulyana Sarining Panaliten Panaliten menika kangge ngandharaken bab inferensi salebeting wacana
Lebih terperinciDAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan
DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP Indra Dharmawan 10205241049 Sarining Panaliten Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika: ancas sepisan ngandharaken
Lebih terperinciPENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI
PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI Dipunaturaken Dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka
Lebih terperinciMUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI
MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Kangge Njangkepi
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Sekolah Mata Pelajaran Kelas/Semester Alokasi Waktu : SMP N 8 YOGYAKARTA : Bahasa Jawa : IX/1 : 2 X 40 ( 1 pertemuan) A. Standar Kompetensi Mengungkapkan pikiran, pendapat,
Lebih terperinciUNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI
UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta kangge Njangkepi Saperangan Prasyarat kangge Gayuh Gelar Sarjana
Lebih terperinciPANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI
PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI Diрunaturaken Dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeрing Pandadaran
Lebih terperinci2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina
Bab-bab Wigatos Ingkang Kamot Wonten Ing Sastra Jawi Kina Minangka Pambangun Pekertinipun Saha Watakipun Bangsa Dening: Titik Pudjiastuti [ 1 ] 1. Pambuka Ngrembag ngengingi sastra Jawi Kina tansah nengsemaken
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) SatuanPendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Materi Pokok Alokasi Waktu : SMP N 4 WATES : VII/ Gasal : Bahasa Jawa : Unggah-ungguh : 80 menit A. Kompetensi Inti
Lebih terperinciKAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI
KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping
Lebih terperinciSTRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI
STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping Pandadaran Anggayuh Gelar Sarjana
Lebih terperinciL E D H O K I L I N I N G B A N Y U
1 L E D H O K I L I N I N G B A N Y U B a l i M a r a n g K a s u n y a t a n Rega kaplingan neraka per metere sangsaya mundhak dhuwur karana sangsaya akeh uwong kang mbutuhake kecemplung ing kono, njaluke
Lebih terperinciTRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi
TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN Agung Kurniadi 11205244010 Sarining Panaliten Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukaning tradisi,
Lebih terperinciOleh : Mas Kumitir 1 P A M E L E N G
Oleh : Mas Kumitir 1 A J I P A M E L E N G Tegesipun aji = ratu, pameleng = pasamaden; mengku pikajeng : tandaning sedya ingkang luhur piyambak. Dene empaning pandamelan wau winastan manekung, pujabrata,
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/Semester Pertemuan Ke Alokasi Waktu Kemampuan berbahasa : SMP N 4 Wates : Bahasa Jawa : VIII/ Gasal : 1 (satu) : 2 x 40 menit :
Lebih terperinciUKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI
UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI Dipun-ajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping Pandadaran Anggayuh Gelar
Lebih terperinciKONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO
KONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO Konflik Keluarga Wonten... Ratna Palupi 85 FAMILY CONFLICT IN THE NOVEL OF KETEMU SUWIRANING DAGING BY CH. IS SARDJOKO
Lebih terperinciKAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PRANATANING GÊSANG ING SÊRAT PURWÅKARÅNÅ. Yesi Permata Eko Wardani
1 KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PRANATANING GÊSANG ING SÊRAT PURWÅKARÅNÅ Yesi Permata Eko Wardani 12205241012 SARINING PANALITÈN Panalitèn mênikå ngêwrat gangsal ancas panalitèn. Ancasipun inggih mênikå 1) ngandharakên
Lebih terperinciKRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI
KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI Kaaturaken Dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeping Pendadaran Anggayuh
Lebih terperinciDAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI
DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI Dipun-ajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping
Lebih terperinciATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016
ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016 Assalamu'alaikum Wr. Wb; Kantentreman lan kawilujengan mugi tumandhuk
Lebih terperinciTRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI
TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping Pandadaran
Lebih terperinciSINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI
SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeping Pendadaran Anggayuh Gelar
Lebih terperinciBAB III KAJIAN ISI. dari pemikiran nenek moyang terdahulu. Dasar pemikiran serta teori-teori dasar
BAB III KAJIAN ISI Sumber ilmu dan pengetahuan yang berkembang saat ini, merupakan hasil dari pemikiran nenek moyang terdahulu. Dasar pemikiran serta teori-teori dasar yang kemudian dikembangkan dan dipelajari
Lebih terperinciALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI
ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI Dipunaturaken Dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Saperangan
Lebih terperinciHUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI
HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 0 SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeping
Lebih terperinciBAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa
BAB II GEGARAN TEORI A. Linguistik Historis Komparatif 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif Linguistik historis komparatif inggih menika salah satunggaling cabang ngelmu basa ingkang ngrembag
Lebih terperinciMAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin
MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH Restian Nur Salikhin 12205244046 Sarining Panaliten Panaliten menika dipunadani wonten
Lebih terperinciNYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI
DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri
Lebih terperinciSTRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA
STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA SKRIPSI disajikan sebagai salah satu syarat untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Oleh Galih Mardiyoga 2102406566 JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
Lebih terperinciSKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM
KONFLIK SOSIAL WONTEN ING CERBUNG KIDUNG SUKMA LARASING JIWA ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN KAPACAK WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 4 FEBRUARI - 28 JULI 2012 SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas
Lebih terperinciPIWULANG SKRIPSI. dening
PIWULANG ING SALEBETING DOLANAN N TRADHISIONAL ING KARANGANYAR KELURAHAN BRONTOKUSUMAN KECAMATAN MERGANGSAN YOGYAKARTA SKRIPSI Kaaturaken dhateng Fakultas Bahasaa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nama Sekolah : SMP N 4 Wates Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : VIII/ Gasal Pertemuan Ke : 1 (satu) Alokasi Waktu : 2 x 40 menit Kemampuan berbahasa :
Lebih terperinciSINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI
SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeping Pandadaran
Lebih terperinciSIPATING PARAGA ING CEBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA)
SIPATING PARAGA ING CEBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI Dipunaturaken dhumateng Fakultas Bahasa dan
Lebih terperinciLATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI
LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka
Lebih terperinciSINAU GENDHING KARAWITAN
PENGABDIAN PADA MASYARAKAT SINAU GENDHING KARAWITAN PURWADI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id Februari 2010
Lebih terperinciDAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI
DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta
Lebih terperinciPanganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara
Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara SKRIPSI Dipun-ajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka
Lebih terperinciBasa Lan Sastra Jawi Minangka Sumber Kawicaksanaan. Kangge Mujudaken Watek Lan Pakerti Bangsa. Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta
Basa Lan Sastra Jawi Minangka Sumber Kawicaksanaan Kangge Mujudaken Watek Lan Pakerti Bangsa Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta Watawis wonten 2.500 basa ing sajagad, kalebet basa-basa daerah ing Indonesia,
Lebih terperinciIMPLIKATUR ING HOMILI RAMA WONTEN ING MISA EKARISTI
Implikatur ing Homili... Yuswita Yekti Andriyani 65 IMPLIKATUR ING HOMILI RAMA WONTEN ING MISA EKARISTI IMPLICATURE OF RAMA S PEARCHING IN EUCHARIST MASS Dening: Yuswita Yekti Andriyani, Prodi Pendidikan
Lebih terperinciWUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI
WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN 1993 1994 SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeping
Lebih terperinciKONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI
KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI Dipunaturaken dhumateng Fakultas Bahasa Dan Seni Universitas Negeri
Lebih terperinciKOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI
KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI Dipunaturaken Dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Kangge Jangkepi
Lebih terperinciNGLELURI TRADHISI KENDUREN LAN LAKU JAWI WONTEN ING ERA GLOBALISASI MINANGKA BAHAN PENDIDIKAN MENTAL TUMRAPING GENERASI MUDHA
NGLELURI TRADHISI KENDUREN LAN LAKU JAWI WONTEN ING ERA GLOBALISASI MINANGKA BAHAN PENDIDIKAN MENTAL TUMRAPING GENERASI MUDHA Nanik Herawati PBSD, FKIP, UNWIDHA KLATEN A. PENDAHULUAN Masyarakat Jawi wekdal
Lebih terperinciKAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT ÉNDRÅLAKSITÅ
18 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 8, Agustus 2017 KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT ÉNDRÅLAKSITÅ PHILOLOGY STUDY AND MORAL VALUES IN SÊRAT ÉNDRÅLAKSITÅ
Lebih terperinciUKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI
UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping
Lebih terperinciDAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI
DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta
Lebih terperinciTembang Dolanan Tradisional Jawa. Sebagai Pendidikan Anak Usia Dini. dening : Dyah Padmaningsih. (Dosen akultas Sastra dan Seni Rupa UNS Solo)
Tembang Dolanan Tradisional Jawa Sebagai Pendidikan Anak Usia Dini dening : Dyah Padmaningsih (Dosen akultas Sastra dan Seni Rupa UNS Solo) I. Pambuka Tembang dolanan kalebet budaya tradisi lan salah setunggalipun
Lebih terperinciTETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI
TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri
Lebih terperinciBASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI
BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping Pandadaran Anggayuh Gelar Sarjana
Lebih terperinciTRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi
1 TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL Monica Indah Era Pertiwi 12205244006 Sarining Panaliten Panaliten menika gadhah ancas kangge
Lebih terperinciSKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI
DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP SKRIPSI Kaaturaken dhateng Fakultas Bahasa
Lebih terperinciQUR AN SUCI JARWA JAWI. DALAH TAFSIRIPUN Maulana Muhammad Ali.
QUR AN SUCI JARWA JAWI DALAH TAFSIRIPUN Maulana Muhammad Ali www.aaiil.org The Holy Quran Yasanipun Ingkang Anjarwakaken Design Layout : Maulana Muhammad Ali : R. Ng. H. Minhadjurrahman Djajasugita & M.
Lebih terperinciLELAKONING PARAGATAMA INGKANG NYALAWADI WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (kanthi Pendekatan Sosiologi Sastra)
LELAKONING PARAGATAMA INGKANG NYALAWADI WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (kanthi Pendekatan Sosiologi Sastra) SKRIPSI Kaaturaken Dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni
Lebih terperinciUPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI
UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI SKRIPSI Dipunaturaken Dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Jejangkeping Pendadaran Anggayuh Gelar Sarjana Pendidikan
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Materi Pokok Alokasi Waktu : SMP N 4 WATES : VII/ Gasal : Bahasa Jawa : Unggah-ungguh : 80 menit A. Kompetensi Inti
Lebih terperinciMARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI
MARUKU MNANGKA ASL KREAS ANGANGGT ADHEDHASAR ATRON (Sosiologianganggit) SKRS KaaturakendhumatengJurusanendidikanBahasa Daerah FakultasBahasadanSeniUniversitasNegeri Yogyakarta MinangkaJejangkepingandadaranAnggayuh
Lebih terperinciUPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG
UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG Upacara Ruwat Rigen... Eddy Santoso 25 CEREMONY RUWAT RIGEN in KLEDUNG DISTRICT DISTRICT TEMANGGUNG Dening: Eddy Santoso, Prodi Pendidikan
Lebih terperinciMEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi
MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII Skripsi Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta kangge
Lebih terperinciBASA KASAR WONTEN ING PENTAS LASKAR DAGELAN SKRIPSI
BASA KASAR WONTEN ING PENTAS LASKAR DAGELAN SKRIPSI Dipunaturaken Dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Kangge Jangkepi Satunggaling Sarat Minangka kangge Pikantuk Gelar Sarjana
Lebih terperinciSERAT SASTRA GENDHING DALAM KAJIAN STRUKTURALISME SEMIOTIK
SERAT SASTRA GENDHING DALAM KAJIAN STRUKTURALISME SEMIOTIK SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Sastra Jawa oleh Aldila Syarifatul Na im 2151407001 BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS
Lebih terperinciMAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI
MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN SKRIPSI Kaaturaken dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta minangka Jejangkeping
Lebih terperinciKAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER
20 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 3, Maret 2017 KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER THE REVIEW OF JAVANESE DISCOURSE IN THE
Lebih terperinciRr. Nama Cewek. Bg. Nama Cowok
RANCANGAN PARA PARAGA KRIDHA DARMA SAHA PRATELAN LAMPAH-LAMPAHING TATA CARA PAHARGYAN DHAUPIPUN Rr. Nama Cewek. Alamat Kaliyan Bg. Nama Cowok Alamat Ing dinten : Hari Nasional & Hari Jawa Suryo Kaping
Lebih terperinciSKRIPSI. Kasusun dening Rista Sapta Perwitasari NIM
KAPRIBADEN PARAGA WANODYA WONTEN ING CERITA SAMBUNG LINTANG-LINTANG DADI SEKSI ANGGITANIPUN SAWITRI INGKANG KAPACAK ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN 18 MEI 31 AGUSTUS SKRIPSI Dipunajengaken dhateng Fakultas
Lebih terperinciKONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI
KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI Kaaturaken Dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta
Lebih terperinciTRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP
Tradisi Abid-Abid ing... Galih Imam Bazhari 19 TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP THE TRADITION OF ABID-ABID IN DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN MAJENANG
Lebih terperinci