SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB V KASUSASTRAN MODERN
|
|
- Doddy Widjaja
- 6 tahun lalu
- Tontonan:
Transkripsi
1 SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB V KASUSASTRAN MODERN OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum. KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017
2 BAB V KASUSASTRAN MODERN KISI-KISI DAN BAHAN AJAR No. Kompete nsi Utama Standar Kompetensi Guru (SKG) Kompetensi Inti Guru (KI) Kompetensi Guru Mata Pelajaran (KD) Indikator Pencapaian Kompetensi (IPK) Materi pokok A B C D E F 1Profesio nal Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Memahami teori dan genre sastra Jawa a. Memak nai kata dalam konteks geguritan b. Memakna dan unsur intrinsik prosa Gegurita n Prosa A. GEGURITAN Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung gurit sing tegese gubah, karang, sadur, kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Yen ing kamus umum Bahasa Indonesia diterangake geguritan iku asale saka tembung gurit kang ateges sajak utawa syair (Poerwadarminta, 1986: 161). Miturut Hadiwijaya (1967 : 129), Geguritan yaiku golongane sastra kang edi (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kalair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing pathokan-pathokan, wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipate tembang macapat lan sapanunggale. Wondene miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku : iketane basa kang memper syair, mula ana kang ngarani syair Jawa 1
3 gagrag anyar. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane (corojowo.blogspot.com/2010/12/geguritan.htm diakses tanggal 10 Juli 2016). Geguritan kaperang dadi loro (2) yaiku geguritan tradhisional lan geguritan modern. Geguritan tradhisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong geguritan tradhisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe. Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradhisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep, bebas nemtokake jumlah lariklarik ukara ing saben pada, jumlahe pada, lan uga pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakanthi. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak (luwih nges). Geguritan modern uga diarani puisi Jawa gagrag anyar saiki lumrah diarani geguritan.senajan panulise bebas, tegese ora kaiket dening aturan tartamtu. Ewa semono geguritan isih tetep ngugemi ananing rasa kaendahan. Endahe geguritan dumunung ana ing pilihan tembung pantes, mentes, lan mantesi. Geguritan ora padha karo tembang macapat kang isih kaiket guru lagu, guru wilangan lan guru gatra. Yen kababar bedane kaya tabel ngisor iki. Struktur teks geguritan 1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra 2. Cakrike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita. Struktur teks tembang macapat Kaiket ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu Cakrike miturut kaidah jinise tembang Paugerane nulis geguritan: (1) Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. (2) Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik. (3) Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi utawa basa rinengga liyane sawetara bae. 2
4 (4) Isine maneka-warna, kayata: pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane. Amarga guritan kalebu kasusastran kang nggunakake basa kang endah, mula kanggo mahami isine prelu nggatekake langkah-langkah iki: (1) Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan-baleni. (2) Gatekna sesambungane larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//). (3) Golekna teges tembung-tembung kang kokanggep angel, kanthi terus dielingeling. Tembun- tembung sajarone geguritan bisa nduweni teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran. (4) Perlu digatekake menawa saben karangan mesthi nduweni pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca. (5) Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi prasaja (sederhana) lan gampang dingerteni. Sawijining geguritan nduwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake. a. Nada Nada ing geguritan yaiku sikap batine panganggit/ panggurit sing arep diekspresekake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane. b. Swasana Swasana kang dikarepake ini swasana batine pamaca sawise maca geguritan. c. Irama Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsu kang ana gandheng-cenenge karo bab-bab kang sarwa tumata (teratur) d. Pilihan Tembung Pilihan tembung uga diarani dhiksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Tembung-tembung 3
5 kang digunakake ana kang nduweni teges lugu utawa apa anane (denotatif), lan tembung kang nduweni teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang. Cara kanggo nggampangake nganggit/nulis geguritan, yaiku: (1) Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema) kangarepdirembug. (2) Yen underaning gagasan wis ditemtokake banjur dimligekake (spesifikasi) dadi tema. (3) Tema kang wis dimligi mau gawenen cengkorongane (kerangka). (4) Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembunglan tatanen ing lariklarik. (5) Kanggo nambahi endahe geguritan, gunakna purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara nggolek ing kamus. Tuladhane mengkene: Bocah-bocah arep nggawe geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisa banjir, gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik. Umpamane mengkene: 1. Apa sing nyebabake banjir? 2. Kepriye kedadeane? 3. Kepriye akibate? 4. Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir? Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing larik-larik mangkene. Manungsa ora bisa nyegah kekarepane Negor wit-witan sasenenge dhewe Alas-alas entek wit-witane Mung kari suket-suket sing dadi kanca lawase Udan sawengi natas Nyirep hawa panas Banyu terus mili ngebaki kali-kali Ora ana sing bisa nyegah Tanggul-tanggul padha bedhah Banyu wiwit mlebu omah 4
6 Kejaba tatacara panulise, geguritan iku uga diripta kanggo diwaca. Geguritan minangka rakitan basa kang endah uga kudu diwaca kanthi endah. Tatacara maca maca geguritan kang becik lan endah paling sethithik ngugemi 4 paugeran, yaiku: Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga. Andharane: (1) Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora kena ragu - ragu, pocapan lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas. (2) Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudhune intonasi kudu dilarasake karo isine sesorah. (3) Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu, seneng, ngenyek, getun lan liya liyane). (4) Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora ketok digawe - gawe.( B. CRITA CEKAK (CERKAK) Crita cekak iku carita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia diarani cerita pendek (cerpen) ( Crita_cekak). Crita cekak mujudake sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-ciri cerkak, yaiku: (1) critane ringkes, (2) cerkak sawijininng karya kang direka-reka (fiksi), lan dudu tuturan prastawa kang nyatanyata kadadeyan kayadene warta (berita, (3) gegayutan karo lelakone manungsa, (4) sifate tuturan utawa naratif. lan (3) alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, lan ngrampungake prakara. Cerkak akeh dipublikasekake lumantar medhia massa, kayata: kalawarti (majalah), ariwarti utawa koran tabloid, utawa diwacakake ing pasamuan sastra, uga ing radhio-televisi ing ruang apresiasi sastra. Cerkak nduweni unsur intrinsik utawa unsur-unsur kang mbangun crita kasebut kang dumadi saka: 1) Tema : gagasan penting sajroning carita. 2) Alur/plot : yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan. 3) Pamaragan (penokohan) : yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga. 4) Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning crita. 5) Amanat : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita. 6) Gegebengane pangarange (point of view); lan 5
7 7) Gaya pangarange (style). Amarga winatese ruangan, umum pangarang mung mentingake salah siji unsur ing cerkak garapane. Ana cerkak kang mentingake alur utawa karakter wae, nanging ana uga kang nengenake gegebengane pangarang, lan sapanunggalane. Senajan kaya ngono ora mbuwang unsur-unsur cerkak liyane. Jelase, cerkak kudu lengkap lan wutuh, ngemot unsur-unsur cerkak ing ndhuwur. Mung wae sang pangripta munjerake cerkake ing salah sijine unsur kang nguwasani cerkake. Dadi saka unsur 7 mau, pangripta miwiti gawe critane, yaiku: (1) Pangripta nggambarake sawijining kahanan; (2 Pecahe sawijine tukar padu (masalah); (3) Kahanan tambah ndadi; (4) Kadadean wis tekan pucuke crita; 5) Pangripta miwiti mecahake masalah lan aweh pungkasaning crita. Kanggo nggambarake paraga-paraga critane, pangripta migunakake rong cara, yaiku cara langsung lan cara ora langsung Kanthi cara langsung, tegese pangripta langsung wae nggambarake wanda laire sawijining paraga. Umpamane wujud fisike (rai, irung, mata, lsp) arane manganggo busana, lan solah-bawane, lagayene, lan sapanunggalane. Kanthi cara ara langsung, tegese pangripta ora langsung nggambarake para paraga critane, nanging kanthi samar utawa sinamudana sajrone nggambarake dalan pikirane lan rasane atine paraga; reaksine karo paraga liyane; kahanan sakiwa-tengene; saengga para maos bisa ngonceki dhewe karaktere sawijining paraga (rajin, sopan, kurang ajar, brutal, soleh, lsp.). Kaloro cara kasebut bisa dianggo selang-seling. C. DRAMA Drama iku salah sawijine karya sastra sing nduweni bageyan kanggo diperanake dening paraga utawa aktor ( Tembung drama asring sesambungan karo sandiwara utawi teater. Sandiwara saka tembung basa Jawa sandi kang ateges rahasia lan tembung warah ateges ajaran. Sandiwara iku piwulang utawa wewarah kang diwedharake kanthi rahasia utawa ora terangterangan. Ewadene teater nduweni teges kang luwih amba amarga bisa nelakake 6
8 teges gedhung pagelaran, panggung, group pamain drama, uga bisa ateges sakabehe wujud tontonan kang dipentasake ing ngarepe wong akeh. Seni drama utawi teater punika seni pagelaran audhio visual amarga bisa ditonton lan bisa dirungokake. Drama lumrahe kaya karya sastra liyane isine minangka potret panguripane manungsa. Ing jaman saiki drama bisa diwujudake mawa maneka warna medhia, yaiku bisa ing ndhuwur panggung, filem, lan utawa televisi. Drama uga kadhangkala dikombinasi karo musik lan tari, kayadene jroning sawijine opera (mangga dipirsani melodrama). Ing Indonésia, tontonan sajinis drama nduweni istilah sing werna-werna, kayata: wayang wong, kethoprak, ludruk (ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan), lenong (Betawi), randai (minang), reog (Jawa Kulon), rangda (Bali) lan sapanunggalane. Katilik saka isine, drama kaperang dadi rong jinis, yaiku: (1) Drama Tragedi Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake ati (sedhih). (2) Drama Komedi Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu. Kaya karya sastra liyane, drama uga nduweni unsur pambangun, yaiku: (1) Unsur Intrinsik Naskah utawa skenario drama sing ngemot kedadeyan sing bakal dimainake dening para paraga. Sing kalebu unsur intrinsik, yaiku: a. Paraga Wong sing bakal meragakake drama. b. Setting/ latar Latar utawa kahanan panggonan, wektu, lan lingkungan sosial dumadine crita. c. Alur Rantaman utawa urutan prastawa kang mbangun lakone crita. d. Dhialog Pacelathon antarane paraga siji karo paraga liyane. Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku : (1) Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih. (2) Monolog : pacelathon dhewean. (3) Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama. (4) Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama. (2) Unsur Ekstrinsik Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku: a. Busana/ kostum lan rias 7
9 b. Panggung/ papan pentas c. Gamelan Pagelaran drama mbutuhake anane sutradara. Sutradara iku salah sijining pawongan kang ngendalekake pamentasan drama lan uga ngendhalekake paraga sajrone crita. Sing kudu ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama, yaiku : (1) Maca naskah drama kanthi mangerteni isine. (2) Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah kang arep diperagakake. (3) Nyiapake papan panggonan (setting). (4) Milih lan nemtokake paraga. (5) Akting (carane paraga berekspresi). (6) Bloking : tata posisi paraga ing panggung. (7) Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana, lan pangaturane lampu. 8
10 DAFTAR PUSTAKA Hutomo, Suripan Sadi Kesastraan Jawa. FPBS IKIP Surabaya. Padmosoekotjo, S Ngengrengan Kasusastran Djawa : Kanggo Para Siswa Sekolah Guru B Lan Sadjadjare (K.G.B., K.L.P.S.G.B., S.M.P.) Jogjakarta : Soejadi., 1955, Ngengrengan Kasusastran Djawa, Vols. I-I I. Jogjakarta: Hie Hoo Sing. Paget, R. K., Subalidinata, RS Sarining Kasusastran Jawa. Yogyakarta. FSK UGM. Subalidinata, RS Seluk Beluk sastra Jawa. Yogyakarta. FSK UGM. Tirtawirya, Putu Arya Apresiasi Puisi dan Prosa. Bandung: Nusa Indah. Sumber Internet: (1) (corojowo.blogspot.com/2010/12/geguritan.htm diakses tanggal 10 Juli 2016). (2) ( Crita_cekak). 9
UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)
UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB) 1. Identitas a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Basa Jawa) b. Semester : 2 (Dua) c. Kompetensi Dasar : 3.4 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis karya fiksi dan
Lebih terperinciUNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
DIKSI DALAM NOVEL CLEMANG-CLEMONG KARYA SUPARTO BRATA SKRIPSI Untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Oleh Nama : Ria Hutaminingtyas NIM : 2102405609 Prodi : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Jurusan
Lebih terperinciGAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001
GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001 SKRIPSI Diajukan Untuk Memenuhi Syarat Mendapatkan Gelar Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa oleh
Lebih terperinciUNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
STRUKTUR SERAT PARTAWIGENA SKRIPSI Disusun untuk memperoleh gelar Sarjana Sastra oleh Nama : Imam Arief Hidayat NIM : 2151407002 Program Studi : Sastra Jawa Jurusan : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Lebih terperinciA. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE
A. OMAH PANGGANG PE Cakrik omah panggang pe iki minangka cakrik omah jawa kang prasaja dhewe yen katandhingake karo cakrik-cakrik liyane. Dumadi saka papat utawa enem saka. Saka kang separo rada endhek
Lebih terperinciCERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS
CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS SKRIPSI Untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa Oleh Finna Dwi Estianingrum 2102407038 PENDIDIKAN
Lebih terperinciUNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
GAYA BAHASA DALAM NOVEL SER! SER! PLONG! KARYA SUPARTO BRATA SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Esty Peniarti NIM : 2102405606 Program Studi : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Lebih terperinciURAIAN MATERI KB-2 AKSARA MURDHA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
URAIAN MATERI KB-2 AKSARA MURDHA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA 1. AKSARA MURDA a) Tegese Aksara Murda Tembung murda tegese sirah (Padmosoekotjo, 1989: 37). Ing Baoesastra Djawa, tembung moerda
Lebih terperinciPiwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati
Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (renileiliawati@ymail.com) Abstrak Naskah minangka salah sawijining wujud kasusastran
Lebih terperinciSKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS
PEROLEHAN BAHASAA JAWA ANAK PLAYGROUP AULIYAA KENDAL USIA 3-4 TAHUN SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama NIM : Elok Wahyuni : 2102407065 Program studi :Pendidikan Bahasa dan Sastra
Lebih terperinciTINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK
TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA Hendra Setiawan ABSTRAK Basa minangka sarana komunikasi, saka basa mitra tutur bisa mangerteni apa sing dikarepake dening penutur.
Lebih terperinciKESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG
KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG SKRIPSI disusun untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Nopita Ika Rahmawati NIM : 2102406677 Prodi : Pendidikan Bahasa
Lebih terperinciNARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG
NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG Skripsi Untuk mencapai gelar Sarjana Pendidikan Oleh Nama : Arie Ikha Safitri NIM : 2102407060 Program Studi : Pendidikan Bahasa dan
Lebih terperinciPengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan
PENGEMBANGAN MEDHIA EXPLOSION BOX TUMRAP KAWASISAN NULIS TEKS GEGURITAN SISWA KLAS VII SMPN 26 SURABAYA TAUN 2017-2018 Niabatul Waladiyah Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, Unesa, niabatul123@gmail.com
Lebih terperinciBENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI
BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Oleh: Nama : Dewi Larasati NIM : 2102408087 JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS
Lebih terperinciSet Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo
SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL Andi Susilo 12020114238 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya (Andisusilo1922@gmail.com) Surana Pendidikan Bahasa dan Sastra
Lebih terperinciASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT
ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Anik Tantining NIM : 2102407173 Program Studi
Lebih terperinciSUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB III PANULISAN AKSARA JAWA
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB III PANULISAN AKSARA JAWA OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA,
Lebih terperinciPANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013
PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013 DESWYNTA SHINTA NUR FAJARINA PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI
Lebih terperinciNilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014
Kalawarti Panjebar Semangat Taun Nilai Sastra Sajrone Dongeng ing Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun Alviana Nirmalasari Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas
Lebih terperinciAndreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan
KONFLIK SAJRONE CERBUNG WAYANG MBUJUNG LINTANG ANGGITANE ST. SRI PURNANTO Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan Tikethotel2014@gmail.com Pembimbing Dr.
Lebih terperinciANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA
i ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Nila Haryu Kurniawati NIM : 2102407144 Prodi : Pendidikan Bahasa
Lebih terperinciNgundhakake Katrampilan Nulis Teks Pawarta Lumantar Medhia Foto Sawenehe Kagiyatan Siswa Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 2015/ 2016
Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 015/ 016 NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS TEKS PAWARTA LUMANTAR MEDHIA FOTO SAWENEHE KAGIYATAN SISWA KLAS VII D SMPN SUKOMORO TAUN PAMULANGAN 015/ 016 Suryani, Dr.
Lebih terperinciNGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK
NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK SAKA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT TAHUN 2015 TUMRAP SISWA KELAS VIII F SMP NEGERI 1 GONDANG TULUNGAGUNG Supanji,
Lebih terperinciPEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
PEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Anggraita Dyah Tantri NIM : 2102407090 Program
Lebih terperinciJawa 3 kanggo. Kelas III. Utama Basa. SD/MI, hal Buku Wasita. pengalaman iki kanthi becik! Instrumen. Semaken crita. Tertulis.
SILABUS Nama Sekolah : SD... Mata Pelajaran : Bahasa : III (Tiga) Semester : 1(Gasal) I. Standar Kompetensi Mendengarkan (Nyemak) Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan tentang cerita teman
Lebih terperinciTINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA
TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA SKRIPSI disusun untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Ikasari Indah Hibridani NIM : 2102406042 Prodi : Pendidikan
Lebih terperinciNOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Tiwiek S.A. mujudake pengarang sastra jawa gagrag anyar periode
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nama Sekolah : SMP Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/ Semester : VIII / II Standar Kompetensi : Mendengarkan Memahami unsur instrinsik dalam cerita fiksi yang diperdengarkan
Lebih terperinciPurwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.
Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya. Nembang macapat ing Kutha Surabaya ana wiwit taun 1980-an nganti saiki,
Lebih terperinciNGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016
NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016 PURWAKA Lelandhesane Panliten Kawasisan maca minangka salah sijine katrampilan
Lebih terperinciPENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016
PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016 Ayu Sri Ambarwati S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan
Lebih terperinciKontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang
Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang Sudarmanto S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya Jukys@ymail.com Drs. Surana,
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. A. Kompetensi Inti KI1 : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Satuan Pendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Materi Pokok Pertemuan Alokasi Waktu : SMP Negeri 3 Jetis : VII/ Gasal : Bahasa Jawa : Pengalaman Pribadhi : ke-3 : 2 x
Lebih terperinciPENGEMBANGAN BUKU PANDUAN MENULIS TEKS DRAMA BERBAHASA JAWA UNTUK MENINGKATKAN KEMAMPUAN EKSPRESI SASTRA PADA SISWA SMA
S PENGEMBANGAN BUKU PANDUAN MENULIS TEKS DRAMA BERBAHASA JAWA UNTUK MENINGKATKAN KEMAMPUAN EKSPRESI SASTRA PADA SISWA SMA SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan Oleh Nama : Ratna Imani NIM :
Lebih terperinciPANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO
PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO RIZKY DAMAYANTI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI
Lebih terperinciMETODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016
METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016 ENDANG NARIMO Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan
Lebih terperinciBENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)
BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK) SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Anggun Setyorini
Lebih terperinciSINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI
SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Nama : Suciati Duwi Sartika NIM : 2102407125 Prodi Jurusan : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa :
Lebih terperinciAspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com
ASPEK PRAGMATIK MAKSIM KERJASAMA SAJRONE HUMOR ING MEDHIA SOSIAL KETAWA.COM NUR HIDAYATUL FAHRI Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Surabaya hidayatfahri2693@gmail.com
Lebih terperinciPengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La
PENGARUH MEDHIA SMART CARD KANTHI TEKNIK TS-TS (TWO STAY-TWO STRAY) TUMRAP KAWASISAN NULIS PASANGAN CA, JA, MA, BA LAN KA, TA, LA SISWA KELAS VII SMP NEGERI 5 SIDOARJO TAUN PIWULANGAN 2013-2014 Dwi Yulianti
Lebih terperinciOwah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE
Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE Fuad Mujahid Jurusan S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan
Lebih terperinciPANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA
PAGEMBAGA MATERI AJAR TEKS DRAMA MODER AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP EGERI 19 SURABAYA Devi ur Ratna Eko Putro S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah Fakultas Basa lan Seni Universitas egeri Surabaya
Lebih terperinciNgundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016
Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016 Indriani, Dr. Surana, S.S., M.Hum Pendidikan Bahasa
Lebih terperinciABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.
ABSTRAK Mustikawati,Yaroh. Menelusuri Makna Serat Suluk Kaga Kridha Sopana karya Raden Sastra Darsana. Skripsi. Program Studi Sastra Jawa. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas
Lebih terperinciMeyra Hartantika Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA
Dongeng ing Rubrik Crita Taman Putra Jaya Baya 2012 lan Pasinaone Sastra Meyra Hartantika Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (Meyra_hartantika@yahoo.co.id) Abstrak Dongeng sajroning rubrik Crita Taman
Lebih terperinciRencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) Nomor: 1
Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) Nomor: 1 Nama Sekolah :... Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : VI/1 Alokasi Waktu : 1 35 menit Standar Kompetensi Mendengarkan : Mampu mendengarkan dan
Lebih terperinciPANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014
LKS Elektronik Katrampilan Nyemak Dongeng PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014 Amelia Febriana, Dra.
Lebih terperinciALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.
ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N. Abstrak Cerbung Garising Pepesthen anggitane Suroso Bc. Hk mujudake crita kang narik kawigaten, mligine
Lebih terperinciNulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik
Ngundhakake Kawasisan Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik Siswa Klas IX F SMPN 3 Kertosono Taun Ajaran 2015/2016 Agus Wiyono, Dr. Surana, S.S., M.Hum. Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah
Lebih terperinciASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening:
ASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening: Tri Wulan Oktiya Maghfiroh 102114239 S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra
Lebih terperinciUmmi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan
PANGARIBAWANE MEDHIA VIDHEO ANIMASI TUMRAP KAWASISAN NULIS GURITAN SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 SUKORAME TAUN PIWULANGAN 2015-2016 Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan
Lebih terperinciMODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW
MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI CERKAK SISWA KLAS VIII C MTs NEGERI MOJOSARI KABUPATEN MOJOKERTO Solikhah, Dra. Hj. Sri Wahyu Widayati, M.Si Pendidikan
Lebih terperinciElipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa
ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA Choirunnisa Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya (unsa_run@yahoo.co.id) Drs Sugeng Adipitoyo, M.Si Pendidikan Bahasa dan
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Nama Sekolah Mata Pelajaran Kelas/Semester Materi Alokasi Waktu : SMP Negeri 1 Prambanan : Bahasa Jawa : VII/1 : Tembang macapat Gambuh : 2 x 40 menit A. Kompetensi Inti
Lebih terperinciDra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.
PANGARIBAWANE MEDHIA PASINAON ABASIS INTERNET (BLOG) TUMRAP KAWASISAN NEMBANG MACAPAT SISWA KELAS VIII SMP N 4 PACITAN Putri Al Nasrum Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas
Lebih terperinciUPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016
UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016 E-JOURNAL dening UPIK DEWATI 13020114092 JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA
Lebih terperinciSMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL
DENING SUMONO ING SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL DENING: YUSUF WIDHIARSO 082114236 JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRAA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA 2013 1 DENING SUMONO
Lebih terperinciPiwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul. Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA
Piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA (padrianaayujayanti@gmail.com) Abstrak Naskah minangka salah sawijine wujud karya sastra tradhisi kang
Lebih terperinciMANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA
Mantra sajrone Naskah Serat Ruwat Murwakala lan Prosesi Ruwat Murwakala MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA Arum Kusuma Sari S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah,
Lebih terperinciTRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG
TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG DENING : AFIF NURMA GUPITASARI 082114016 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA
Lebih terperinciWUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA
WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA Widharma Alit Sukma Putra Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya widharmaputra99@gmail.com Drs. Sugeng
Lebih terperinciNovel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)
NOVEL JUMINEM DODOLAN TEMPE ANGGITANE TULUS SETIYADI (Tintingan Sosiologi Sastra) IVA NILASARI NUR CAHYA Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Dhaerah Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Surabaya
Lebih terperinciKAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN
KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN Wahyu Panca Okta Hendrawan Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, Unesa, (wahyu.panca@yahoo..co.id) Abstrak Sesorah minangka salah sawijining seni
Lebih terperinciPEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG
PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG DWI RESTININGTYAS ADI PUTRI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Abstrak Saben tembung iku mesthi nduweni
Lebih terperinciPangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran
Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Citra Purbaranni Juwita S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas
Lebih terperinciKONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA
KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA Kholidiyah Hanum, Drs. Bambang Purnomo, M.Si Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN. : Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Satuan Pendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Materi Pokok Pertemuan Alokasi Waktu : SMP N 3 Sewon : VII/Gasal : Bahasa Jawa : Parikan : ke-6 : 2 x 40 menit A. Kompetensi
Lebih terperincit (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga
Pengembangan Medhia Games Flash How Wants To Be a Siaja PENGEMBANGAN MEDHIA GAMES FLASH HOW WANTS TO BE A SIAJA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGANGGO SANDHANGAN WYANJANA TUMRAP SISWA KELAS VIII
Lebih terperinciMETONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG
METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG Deni Candra Irawan, Prof. Dr. Udjang Pairin M.Basir, M. Pd Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas
Lebih terperinciAlenia Kesatuan dan Kepaduan. Sri Hertanti Wulan
Alenia Kesatuan dan Kepaduan Sri Hertanti Wulan Pengertian Alinea Alinea adalah himpunan dari kalimat-kalimat yang bertalian dalam suatu rangkaian untuk membentuk sebuah gagasan. pembentukan sebuah alinea
Lebih terperinciPATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK
PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK Reriptan sastra mujudake gegambaran saka kasunyatan
Lebih terperinciMAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI
MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI dening: AMBAR PRISTIANA NIM 09020114026 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS
Lebih terperinciREFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR
REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR SKRIPSI untuk memperoleh gelar Sarjana Pendidikan oleh Winiar Faizah Aruum 2102406672 JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN ( RPP )
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN ( RPP ) Tema : Kegiatan Sekolah : SDN... Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Jawa) Tema : Lingkungan Kelas / Semester : III (tiga) / 1 Alokasi Waktu : 10 X 35 menit ( 5 pertemuan)
Lebih terperinciKOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013
KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013 Listyan Purwonugroho Jurusan Pendhidhikan Basa Lan Sastra Dhaerah (Jawa), Fakultas Basa lan Seni, Universitas
Lebih terperinciNILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA
NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA Oktarina Dwi Pratiwi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa
Lebih terperinciPAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI
PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN RESEPSI SASTRA) Siswoyo, Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) FBS Universitas Negeri Surabaya Siswoyosis24@yahoo.com
Lebih terperinciSERAT PATRAPING NGELMU PANGUKUDAN DALAM KAJIAN STRUKTURALISME TZVETAN TODOROV
SERAT PATRAPING NGELMU PANGUKUDAN DALAM KAJIAN STRUKTURALISME TZVETAN TODOROV Diajukan dalam rangka memenuhi salah satu syarat untuk memperoleh gelar sarjana sastra Disusun oleh : Nama : Nita Ana Febriyani
Lebih terperinciPANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)
PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor) Via Puspitasari PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Abstrak Kang dadi underaning panaliten, yaiku:
Lebih terperinciNGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA
Ngundhakake Katrampilan Nulis Aksara Jawa kanthi Sandhangan Swara Siswa Kelas VIII B SMPN 3 Ngunut kanthi Dolanan Kartu Tebak Aksara Taun Pamulangan 2015/2016 NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA
Lebih terperinciUKBM BHS JAWA-3.1/4.1/1/1-1 BAHASA JAWA
UKBM BHS JAWA-3.1/4.1/1/1-1 BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG BJW-3.1/4.1/1/1-1 1. Identitas a. Nama Mata Pelajaran : Mulok Bahasa Jawa b.
Lebih terperinciNgundhakake Katrampilan Crita Pengalaman Pribadi Kanthi Medhia Modhel Boneka Tangan Siswa Kelas Vii B Smp Negeri 2 Gondang Taun Pamulangan 2015/2016
NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN CRITA PENGALAMAN PRIBADI KANTHI MEDHIA MODHEL BONEKA TANGAN SISWA KELAS VII B SMP NEGERI 2 GONDANG TAUN PAMULANGAN 2015/2016 Katimah, Dr. Murdiyanto, M.Hum Pendidikan Bahasa dan
Lebih terperinciMODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)
MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA,LA) MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA
Lebih terperinciAnalisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo
Analisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo Oleh: Feni Astuti Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa fenia228@gmail.com Abstrak: Penelitian ini bertujuan
Lebih terperinciSESAMBUNGANE LEGENDHA DESA WOTANMAS JEDONG LAN CANDHI JEDONG ING KECAMATAN NGORO KABUPATEN MOJOKERTO (Tintingan Folklor)
SESAMBUNGANE LEGENDHA DESA WOTANMAS JEDONG LAN CANDHI JEDONG ING KECAMATAN NGORO KABUPATEN MOJOKERTO (Tintingan Folklor) DENI WINDYARSIH PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI
Lebih terperinciPamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi geguritan Kidung Lingsir Wengi anggitane Suharmono Kasiun
PAMILIHIE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN KIDUNG LINGSIR WENGI ANGGITANE SUHARMONO KASIUN Muhammad Isyommudin S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan imuhammadisyommudin@gmail.com
Lebih terperinciBUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014
1 BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014 HUMAS DAN PROTOKOL SETDA KABUPATEN SEMARANG 2 Assalamu alaikum Wr. Wb. Salam
Lebih terperinciAnalisis Kesalahan Kebahasaan pada Lembar Kerja Siswa Kuncaraning Widya Bagelen Kelas X SMA Kabupaten Purworejo
Analisis Kesalahan Kebahasaan pada Lembar Kerja Siswa Kuncaraning Widya Bagelen Kelas X SMA Kabupaten Purworejo Oleh: Mahasih Hesti Rochayati Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa mahesti0509@gmail.com
Lebih terperinciNgundhakake Kawasisan Apresiasi Tembang Macapat Sinom Kanthi Modhel Pembelajaran Kooperatif Tipe STAD
NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI TEMBANG MACAPAT SINOM KANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD SISWA KELAS VIII C SMP WACHID HASYIM 7 SURABAYA TAHUN AJARAN 2015-2016 Wiwik Winhartatik, Dra. Sri
Lebih terperinciLELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika
LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika Awung Ino Fulandi FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Geguritane Naryata karakit kanthi premati
Lebih terperinciNGUNDHAKAKE KAWASISAN NGAPRESIASI DONGENG KANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD SISWA KELAS 8B SMP NEGERI 6 TULUNGAGUNG
NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGAPRESIASI DONGENG KANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD SISWA KELAS 8B SMP NEGERI 6 TULUNGAGUNG LINDARWATI (13020114083), Prof. Dr. UDJANG PAIRIN M. BASIR, M.Pd PENDIDIKAN
Lebih terperinciRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan : SMK N 2 Karanganyar Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X Semua/ 1 (Gasal) Alokasi Waktu : 2 x 45 menit ( pertemuan ke-11) 2 x 45
Lebih terperinciANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO
ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO ADITA GALIH SETYOKO PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA ABSTRAK Mantrani pengasihan
Lebih terperinciRencana Pelaksanaan Pembelajaran Nomor: 1
Rencana Pelaksanaan Pembelajaran Nomor: 1 Nama Sekolah : Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : III/1 Alokasi Waktu : 1 35 menit Standar Kompetensi Mendengarkan : Mampu mendengarkan dan memahami
Lebih terperinciWujud Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa sajrone Antologi Cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana Pengelolaan
WUJUD PAMILIHE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK NYOLONG PETHEK ANGGITANE ARY NURDIANA (Tintingan Stilistika) Siska Wahyuningtyas Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Fakultas Bahasa dan
Lebih terperinci"Pidhato Basa Jawa Kanthi Modhel Pamulangan Langsung"
NGUNDHAKAKE KAWASISAN PIDHATO BASA JAWA KANTHI MODHEL PAMULANGAN LANGSUNG NGANGGO MEDHIA AUDIO VISUAL SISWA KELAS IX A SMP NEGERI 2 LENGKONG TAUN 2015/2016 Endang Hartiningsih, Drs. Bambang Purnomo, M.S.
Lebih terperinciKEEFEKTIFAN MODEL PEMBELAJARAN TEAM ASSISTED INDIVIDUALIZATION
KEEFEKTIFAN MODEL PEMBELAJARAN TEAM ASSISTED INDIVIDUALIZATION (TAI) BERBANTUAN MEDIA KOMIK UNTUK PEMBELAJARAN MENULIS DIALOG BAHASA JAWA PADA SISWA KELAS VII SMP N 3 KAJEN SKRIPSI untuk memperoleh gelar
Lebih terperinciUPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR
UPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR 2013-2014 Renny Kartika Wulandari, Drs. Murdiyanto M.Hum
Lebih terperinciDayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran
DAYANE MEDIA AUDIOVISUAL SLIDE BERSUARA TUMRAP UNDHAKING KAWASISAN NGAPRESIASI CRITA RAKYAT SISWA KELAS VIII SMP N 4 NGAWI TAUN AJARAN 2012-2013 Erlasari Septia Gerbiana Pendidikan Bahasa Daerah, FBS,
Lebih terperinci