ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

dokumen-dokumen yang mirip
GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

ASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening:

Novel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)

PEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

Tembung wigati: tindak tutur ngelem, masyarakat, cara medharake, pananggepe mitratutur, konteks sosial

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG

SRI HAPSARI PURWANTI

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

LELEWANE BASA SAJRONE CRITA SAMBUNG WATESING KASABARAN ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN STILISTIKA) DWI LISTIANINGSIH

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013

TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO, KECAMATAN PLUMPANG, KABUPATEN TUBAN

Moralitas Sajrone Cerbung Nggayuh Lintang Anggitane Tiyasti MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI

KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN

NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA

MAKNA SAJRONE NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANE SUPARTO BRATA (Tintingan Struktural)

METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

Ngundhakake Katrampilan Nulis Teks Pawarta Lumantar Medhia Foto Sawenehe Kagiyatan Siswa Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 2015/ 2016

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

PARAGA WANITA SAJRONING CERBUNG TRESNAKU MUNG SEPISAN ANGGITANE ISMOE RIANTO : TINTINGAN KRITIK SASTRA FEMINIS

MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW

NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN LINTANG ING LANGIT WENGI (NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA)

Ngundhakake Katrampilan Crita Pengalaman Pribadi Kanthi Medhia Modhel Boneka Tangan Siswa Kelas Vii B Smp Negeri 2 Gondang Taun Pamulangan 2015/2016

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor)

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

Piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul. Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

KEEFEKTIFAN MODEL PEMBELAJARAN TEAM ASSISTED INDIVIDUALIZATION

Lia Juliana Dewi Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( )

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG KANTHI MODHEL NUMBERED HEADS TOGETHER LUMANTAR MEDHIA AUDIO SISWA KELAS 7 A SMPN 6 TULUNGAGUNG

ASPEK FILOSOFIS SAJRONING CERGAM (CRITA GAMBAR) ASMARA PEGAT JIWA ANGGITANE ARIPURNA

Kadurjanan Ing Jagading Jurnalisme Sajrone Novel Sang Pangeran Pati. Efi Tri Jayanti. Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

WEWATEKANE PARA PARAGA SAJRONING NOVEL NALIKA PRAU GONJING ANGGITANE ARDINI PANGASTUTI

Meyra Hartantika Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

LARASING TEMBUNG LAN TEMBANG SAJRONING ANTOLOGI CAMPURSARI BANYUWANGI ANGGITANE ANDANG C.Y (Tintingan Stilistika)

UPAYA NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN NGGUNAKAKE BASA KRAMA LUMANTAR NULIS SURAT PRIBADI SISWA KELAS VIIIG SMPN 1 BESUKI TULUNGAGUNG JURNAL SKRIPSI

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA CAMPURSARI TAMBANE ATI SKRIPSI. Dening TAUFAN SETYAWAN

PERJUWANGANE WANITA PLANYAHAN SAJRONE CERBUNG LINTANG-LINTANG DADI SEKSI ANGGITANE SAWITRI: Tintingan Dhekonstruksi

UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016

TINDAK TUTUR NGABARI ING DESA JURUG, KECAMATAN SOOKO, KABUPATEN PONOROGO

KAPITAYAN SAJRONE CERBUNG ESEM ING LINGSIR SORE ANGGITANE NARYATA : TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA

Wujud Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa sajrone Antologi Cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana Pengelolaan

WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA

ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.

Bathik Jonegoroan Ing Desa Prayungan, Kecamatan Sumberrejo, Kabupaten Bojonegoro (Tintingan Wujud, Makna, Ekologi Budaya LanFungsi)

Implikatur Pacaturan lan Palanggaran Maksim Kerjasama sajrone Tetakonan ing Grup Sumbangsih

Tintingan Postkolonial. Resistensi tumrap Kolonialisme sajrone Cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng Anggitane Suroso Bc. Hk.: Tintingan Postkolonial

Hegemoni Sajrone Novel Sapecak Bumi Sing Kobong Anggitane Haztin Zaina (Tintingan Sosiologi Sastra)

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

Transkripsi:

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N. Abstrak Cerbung Garising Pepesthen anggitane Suroso Bc. Hk mujudake crita kang narik kawigaten, mligine yaiku ing babagan alur. Alur kang dipunjerake sajroning crita iki yaiku suspense, surprise lan konflik. Konflik nyebabake anane suspense lan surprise sajroning crita iki. Bab mau katitik saka anane suspense, surprise, lan konflik kang diandharake kanthi apik. Adhedhasar lelandhesane panliten iku, mula bisa ditetepake underane panliten, yaiku: (1) kepriye strukture alur sajroning cerbung Garising Pepesthen? (2) kepriye gegebengane alur sajroning cerbung Garising Pepesthen? Ancase panliten iki, yaiku: (1) njlentrehake strukture alur sajroning cerbung Garising Pepesthen ; (2) njlentrehake gegebengane alur sajroning cerbung Garising Pepesthen. Paedah ing panliten iki, yaiku: (1) Sastra Jawa Modern; (2) piwulang sastra; (3) pamaos. Metode kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Sumber data ing panliten iki yaiku cerbung Garising Pepesthen anggitane Suroso Bc. Hk kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat, edhisi 22-36, taun 2012. Data ing panliten iki yaiku tetembungan lan ukara ing cerbung Garising Pepesthen kang gegayutan karo alur. Data kang dikumpulake kanthi cara studi pustaka. Tata cara nganalisis data nggunakake metode analisis deskriptif lan analisis struktur, kang nggunakake teori struktural kang dipunjerake ing perangan alur. Asiling panliten iki nuduhake manawa alur ing cerbung Garising Pepesthen nengsemake saengga bisa nggawe gregeten. Konflik batin lan konflik antarane paraga kang dumadi ing cerbung Garising Pepesthen amarga disebabake dening dr. Anggun kang ora disarujuki sesambungan karo Endah Ratriningsih. Suspense kang diandharake bisa nuwuhake rasa kepengin ngerti lan penasaran marang dalan uripe paraga dr. Anggun. Surprise kang ana ing cerbung iki gawe kecelik. Ni Luh Lusiningtyas ora bisa nerusake sesambungan karo dr. Anggun, amarga Ni Luh Lusiningtyas jebule adhine dr. Anggun. 1. PURWAKA Sastra yaiku salah sawijining wujud nyata saka asiling sastrawan nyuntak ide-ide kang kreatif. Objek kang digunakake sastrawan sajrone karya sastrane yaiku manungsa sarta panguripane kanthi njlentrehake daya imajinasi supaya bisa narik kawigatene para pamaos. Miturut Semi (1988:8) sastra yaiku karya seni kreatif kang nggunakake manungsa lan kabeh kedadeyan-kedadeyan minangka objeke. Supaya bisa nuwuhake asil kang endah lan kreatif sastrawan kudu bisa kreatif sajroning medharake karya sastra. Salah sawijining genre sastra Jawa Modern yaiku crita fiksi mligine cerita sambung utawa cerbung. Miturut KBBI, cerbung utawa crita sambung yaiku crita rekan kang diamot saperangan mbaka saperangan kanthi cara urut ing sajrone layang warta utawa kalawarti (2001:210). Wujude cerbung dawa padha kaya novel, nanging cerbung diterbitake ing kalawarti-kalawarti kanthi cara sambung-sinambung lan kapacak ing kala tartamtu. Unsur-unsur pambangun karya fiksi ana rong jinis, yaiku unsur ekstrinsik lan unsur intrinsik. Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing sanjabane karya sastra, nanging ora langsung nduwe daya pangaribawa tumrap karya kasebut. Unsur intrinsik yaiku unsur kang

dadi pamangun karya sastra, kaya ta kedadeyan, crita, alur, paraga, tema, latar, sudut pandang, basa utawa lelewaning basa. Miturut Stanton, alur yaiku crita kang isine urutan kedadeyan, nanging saben kedadeyan iku digayutake kanthi sebab-akibat (sajroning Nurgiyantoro, 2005:113). Sajroning alur ana perangan kang diarani konflik. Konflik yaiku samubarang kang nduweni sipat dramatik lan ana aksi sarta reaksi (Wellek lan Weren, 1990:285). Wujud konflik kang bisa dituwuhake ing cerbung salah sijine yaiku konflik batin. Konflik batin yaiku konflik klawan atine manungsa dhewe kang bisa awujud rasa lara ati, rasa mangkel, tresna asih, uga bisa kuciwa (Nurgiyantoro, 2005:124). Konflik batin sajroning cerbung direka daya lan dipungkasi dening sastrawan kanthi cara manekawerna. Semono uga kang kinandhut sajroning cerbung Garising Pepesthen kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat taun 2012. Cerbung Garising Pepesthen narik kawigaten kanggo ditliti mligine ing babagan alur, perangane yaiku struktur alur lan gegebengan alur. Struktur alur minangka unsur kang wigati sajroning ngrembakane alur, wujude yaiku kedadeyan, konflik, lan klimaks. Gegebengan alur minangka gegebengan kanggo ngrembakake alur, wujude yaiku plausibilitas, suspense, lan surprise, nanging kang dipunjerake yaiku ngenani suspense lan surprise. Plausibilitas ing cerbung Garising Pepesthen iki ora dirembug amarga paraga crita kang nduwe prakara durung tamtu manungsane dhewe nduwe prakara kaya paraga crita. Saliyane iku durung tamtu manungsa dhewe bisa mungkasi prakara-prakara kaya paraga crita. Strukture alur lan gegebengane alur sajroning cerbung Garising Pepesthen iku nengsemake, amarga suspense, surprise lan konflik bisa kabangun saka urutan kedadeyan. Cerbung Garising Pepesthen iki diripta dening sastrawan produktif yaiku Suroso Bc. Hk kang kalebu sastrawan dekadhe taun 70-an, sabarakan karo Tiwiek S.A lan Djajus Pete, lan liya-kiyane. Karya sastra kang diripta dening Suroso Bc. Hk arupa crita sambung kang asring kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat kanthi migunakake basa Jawa ngoko lan basa Jawa krama kang digunakake ing pacelathon antarane paraga wong enom marang wong tuwa. Karya sastra reriptane panjenengane kalebu karya sastra hiburan kang bisa narik kawigaten, amarga karya sastrane akeh kang nyritakake ngenani kedadeyan kang ana ing urip sabendina lan basa kang digawe gampang kanggo dingerteni. Karya sastra kang diasilake dening Suroso Bc. Hk ing antarane yaiku Njareme pangigit-igit, Racun-racun ing Puri Buleleng lan isih akeh maneh karya liyane. Underane panliten ing panliten iki yaiku nggunakake metode deskriptif kualitatif lan dianalisis nggunakake analisis struktural kanggo nyuguhake urutan-urutan kedadeyan adhedhasar teks cerbung Garising Pepesthen kanthi migunakake basa kanggo mangsuli prakara kang ditliti. Sajroning nganalisis data kang ditindakake tata carane ana lima, yaiku: (1) maca lan mangerteni cerbung Garising Pepesthen, (2) data kang wis nglumpuk diklasifikasikake miturut underane panliten, (3) nganalisis data gegayutan karo underane panliten, yaiku suspense, surprise, lan konflik nggunakake teori struktural, (4) intrepretasi asil analisis kanthi maca sacara hermeneutik, (5) nggawe dudutan.

2. ANDHARAN 2.1 Stukture Alur Sajroning Cerbung Garising Pepesthen Strukture alur kaperang dadi telu yaiku kedadeyan, konflik, lan klimaks. Kedadeyan iku cekake minangka gantine kahanan siji ing kahanan liyane. Konflik ngemu teges samubarang kang dramatik, kang imbang lan ana aksi sarta walesan (reaksi). Sing pungkasan klimaks yaiku konflik kang ana ing paling nndhuwur, lan kedadeyan iku ora bisa ditampik dening paraga. 2.1.1 Kedadeyan Kedadeyan utawa peristiwa bisa ditegesi minangka gantine kahanan siji ing kahanan liyane (Luxemburg dkk, 1991:150). Sajroning cerbung Garising Pepesthen iki ana rong kedadeyan miturut urutane, yaiku kedadeyan kronologis lan kedadeyan logis. Kaya kang diandharake dening Luxemburg dkk (1991:149) ngenani alur, yaiku urutan kedadeyan kanthi cara kronologis lan logis kang nduweni sesambungan saka apa kang diakibatake utawa dialami dening paraga. 2.1.2 Konflik Konflik kalebu unsur kang penting sarta kalebu unsur kanggo ngrembakakake alur. Konflik bisa tuwuh amarga anane samubarang kang sipate ora nyenengake kang dialami dening wong siji lan sijine. Ing cerbung iki konflik-konflik kang disebabake krana anane konflik internal lan konflik eksternal. Konflik-konflik kang dialami ing cerbung iki yaiku konflik batin paraga-paraga cerbung lan konflik batin antar paraga. 2.1.3 Klimaks Klimaks yaiku nalika konflik ana ing tingkat kang ndhuwur, lan kedadeyan iku ora bisa ditampik dening paraga (Stanton sajroning Nurgiyantoro, 2005:127). Klimaks bisa tuwuh amarga anane konflik, nanging ora kabeh konflik bisa ana ing titik klimaks (konflik ora ana pungkasane). Ing karya fiksi ora gampang anggone nemtokake klimaks, amarga klimaks ing sajrone konflik bisa luwih saka siji. Mula kudu titi lan tliti supaya bisa nemtokake klimaks ing konflik crita. 2.2 Gegebangane Alur Sajroning Cerbung Garising Pepesthen Gegebengan alur perangane yaiku suspense lan surprise. Suspense yaiku rasa kepengin weruh ngenani kedadeyan apa kang bakal dialami sabanjure, mligine kanggo dialami paraga (Abrams sajroning Nurgiyantoro, 2005:134) Sawijining crita kang bisa narik kawigaten saliyane suspense utawa rasa kepengin weruhe pamaos uga nyebabake anane surprise utawa rasa kaget (Abrams sajroning Nurgiyantoro, 2005;136).

3. DUDUTAN Cerbung Garising Pepesthen anggitane Suroso Bc. Hk minangka karya sastra hiburan arupa crita sambung kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat kanthi migunakake basa Jawa ngoko lan basa Jawa krama kang digunakake ing pacelathon antarane paraga wong enom marang wong tuwa. Cerbung iki kalebu crita kang narik kawigaten, mligine ing babagan alur. Wujud alur kang wigati sajroing crita iki yaiku suspense, surprise kang ana sajroning gegebengane alur lan konflik kang ana ing sajrone strukture alur. Konflik sajroning cerbung Garising Pepesthen ana loro, konflik kang dumadi saka batin paraga yaiku konflik batin dr. Anggun kang bingung karo Endah Ratriningsih amarga kerep ngatonake rasa butarepane nalika dr. Anggun cedhak karo Yuanita, ana rasa bingung dr. Anggun karo sapa sejatine Pakdhe Rahardja, lan tuwuh rasa nelangsa nalika dr. Anggun sadhar yen dr. Anggun durung tamtu bisa sesambungan karo Endah Ratriningsih amarga dr. Anggun anake wong ora nduwe. Konflik batin paraga Endah Ratriningsih kang yaiku ana rasa bingung nalika dr. Anggun cedhak karo Yuanita, lan tuwuh rasa getun nalika nduwe pikiran ala marang Yuanita Konflik kang dumadi saka antar paraga yaiku konflik antarane Bu Suharsa karo Pak Suharsa, dr. Anggun karo Bu Suharsa, Endah Ratriningsih karo Bu Suharsa. Kang nyebabake anane konflik yaiku dr. Anggun ora disarujuki anggone sesambungan karo Endah Ratriningsih, amarga dr. Anggun dudu keturunane wong ningrat. Adhedhasar asiling panliten saka pitakonan kapindho alur dumadi saka anane suspense kang bisa dijlentrehake ing antarane sapa paraga Endah Ratriningsih, gegayutane Yuanita ing sesambungane dr. Anggun karo Ni Luh Lusiningtyas, gegayutane lagu Blauen Donau ing paraga Endah Ratriningsih lan Ni Luh Lusiningtyas, lan sesambungane dr. Anggun karo Ni Luh Lusiningtyas ing cerbung Garising Pepesthen. Surprise sajroning cerbung yaiku Endah Ratriningsih dudu anake Pak Suharsa lan Bu Suharsa dhewe, Endah Ratriningsih ninggal, lan wewadi kang kewiyak yaiku dr. Anggun ora bisa mbangun bale wisma karo Ni Luh Lusiningtyas amarga dr. Anggun lan Ni Luh Lusiningtyas tibake kakang adhi. 4. DAFTAR PUSTAKA Agustina, Dwi Siska. 2007. Skripsi. Konflik Tokoh Dalam Cerbung Asmaradana Pangikete Tresna Asih Karya NY. Suyati yang Dimuat Pada Majalah Jayabaya Tahun 2003. Skripsi tidak diterbitkan. Surabaya: Unesa. Aminuddin. 2004. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo. Apriliza, Herlin Dwi. 2004. Skripsi Analisis Alur dalam Cerpen Takasebune Karya Mori Ogai Kajian Struktural. Skripsi tidak diterbitkan. Surabaya: Unesa. Arikuntoro, Suharsimin. 2006. Prosedur Penelitian: Suatu Pendekatan Praktek. Jakarta: PT. Rineka Cipta. Suroso. 2012. Cerbung Garising Pepesthen Sajroning Panjebar Semangat Edhisi Nomer 22-36. Surabaya: PT. Percetakan Panjebar Semangat. Darni. 1994. Artikel Makna Radikal Karya Keliek Eswe. Jurnal Ilmiah Prasasti Hardjana, Andre. 1994. Kritik Sastra: Sebuah Pengantar. Jakarta: Gramedia. Luxemburg, Jan Van dkk. 1991. Pengantar Ilmu Sastra (terjemahan oleh Dick Hartoko). Jakarta: Gramedia.

Meilia, Prima A.K. 2012. Skripsi. Konflik Batin Paraga Wanita sajroning Cerbung Tresna Kagiles Ila-ila Anggitane Mbah Brintik. Skripsi tidak diterbitkan. Surabaya: Unesa. Moleong, Lexy J. 2009. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT. Remaja Rosdakarya. Nurgiyantoro, Burhan. 2005. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Pradopo, Rachmat Djoko. 1994. Prinsip-prinsip Kritik Sastra. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Ratna, Nyoman Kutha. 2004. Teori, Metode, Teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar. Rass, J. J. 1985. Bunga Rampai Sastra Jawa Muthakir. Jakarta: PT. Grafitipers. Semi, Atar M. 1998. Anatomi Sastra. Bandung: Angaksa Raya. Hutomo, Suripan Sadi. 1975. Telaah Kesusastraan Jawa Modern. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. Teeuw. A. 2003. Sastra dan Ilmu Sastra: Pengantar Teori Sastra. Jakarta: PT Girimukti Pasaka. Tim. 2001. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka. Wellek, Rene dan Austin Warren. 1990. Teori Kesusastraan. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama. https://login.yahoo.com/config/login_verify2?&.src=ym (diakses ing dina sabtu tanggal 26 Januari 2013)