Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

dokumen-dokumen yang mirip
TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

SRI HAPSARI PURWANTI

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

Legendha Jeneng Desa ing Kecamatan Jogoroto. Legendha Jeneng Desa ing Kecamatan Jogoroto

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

TINDAK TUTUR INFORMATIF SAJRONE KHOTBAH KEBAKTIAN MINGGU ING GREJA KRISTEN JAWI WETAN ING KUTHA SURABAYA. e-jurnal

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

Bathik Jonegoroan Ing Desa Prayungan, Kecamatan Sumberrejo, Kabupaten Bojonegoro (Tintingan Wujud, Makna, Ekologi Budaya LanFungsi)

Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek(TintinganFolklor) Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek (Tintingan Folklor)

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA

MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor)

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

Novel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)

UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN

Tembung wigati: tindak tutur ngelem, masyarakat, cara medharake, pananggepe mitratutur, konteks sosial

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGETRAPAKE BASA RINENGGA KANTHI METHODE MAKE- A MATCH KLAS VII H SMP NEGERI 1 BARON TAHUN PAMULANGAN JURNAL

Tradhisi Manganan ing Desa Janjang Kecamatan Jiken Kabupaten Blora (Wujud, Makna, Fungsi, lan Owah Gingsir Budaya)

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

UPACARA TRADHISI SEDHEKAH LAUT ING KELURAHAN PACAR KECAMATAN REMBANG KABUPATEN REMBANG

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO, KECAMATAN PLUMPANG, KABUPATEN TUBAN

PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

ASPEK FILOSOFIS SAJRONING CERGAM (CRITA GAMBAR) ASMARA PEGAT JIWA ANGGITANE ARIPURNA

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

Piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul. Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

WERNANE BASA HUMOR SAJRONE DHAGELAN JO KLITHIK JO KLUTHUK

KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

Ngundhakake Kawasisan Apresiasi Tembang Macapat Sinom Kanthi Modhel Pembelajaran Kooperatif Tipe STAD

LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO. Dening: Rindha Novacerya

Alenia Kesatuan dan Kepaduan. Sri Hertanti Wulan

NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA

Implikatur Pacaturan lan Palanggaran Maksim Kerjasama sajrone Tetakonan ing Grup Sumbangsih

KESENIAN JIDOR SENTULAN ING DUSUN SENTULAN, DESA BONGKOT, KAB.JOMBANG (TINTINGAN FOLKLOR)

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA CAMPURSARI TAMBANE ATI SKRIPSI. Dening TAUFAN SETYAWAN

Kapitayan Tradhisi Adeg Griya Madhep Ngalor ing Dhusun Jombok Desa Sembungin Kecamatan Bancar Kabupaten Tuban

NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

TRADHISI BUCENG ROBYONG ING DESA GEGER KECAMATAN SENDANG KABUPATEN TULUNGAGUNG TINTINGAN FOLKLOR. Dening:

UKARA PAMRAYOGA JURNAL

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

SAJRONE WAWANCARA LUMANTAR METODHE ROLE PLAYING SISWA KELAS 8A ING SMPN 5 TRENGGALEK

ASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening:

Tradhisi Jamas Pusaka ing Desa Ngliman, Kecamatan Sawahan, Kabupaten Nganjuk

Sasmita Sajrone Naskah Serat Wedha Tengara (Tintingan Filologi)

UPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR

PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG

SESAMBUNGANE LEGENDHA DESA WOTANMAS JEDONG LAN CANDHI JEDONG ING KECAMATAN NGORO KABUPATEN MOJOKERTO (Tintingan Folklor)

LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN LINTANG ING LANGIT WENGI (NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA)

"Pidhato Basa Jawa Kanthi Modhel Pamulangan Langsung"

NGRUMAT LAYON ING DESA TANJUNG MAGETAN

Transkripsi:

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya. Nembang macapat ing Kutha Surabaya ana wiwit taun 1980-an nganti saiki, dadi udakara 30 taun urip ing Kutha Surabaya. Kabudayan utawa culture yaiku sakabehing sistem gagasan, tumindak, lan asiling karya sing kudu dadi pakulinane manungsa sajrone uriping masyarakat, sing diduweni manungsa kanthi cara sinau (Koentjaraningrat, 1979:180). Budaya nembang macapat ing Surabaya umure lagi 30 taun amarga budaya nembang macapat dudu budayane wong Surabaya. Surabaya pancene ora kenal sing jenenge tembang macapat, nembang macapat, sarta macapatan sadurunge. Dene ing Surabaya, budaya sing dikenal lan kaanggep budaya Surabaya yaiku kidungan lan parikan. Panliten ngenani nembang macapat sadurunge wis tau ditliti dening Arps (1992) kanthi judhul Tembang in Two Tradition. Panlitene iki ngandharake ngenani guna lan panganggone tembang macapat ing kabupaten Banyuwangi lan provinsi Yogyakarta. Panliten nembang macapat kang wis ana umume ngrembug babagan struktur, jinis, wujud, lan liya-liyane, nanging durung ana panliten kang ngrembug fenomena sosial nembang macapat sing isih bisa urip nganti saiki. Nembang macapat ing Kutha Surabaya mujudake sawijining budaya sing tansah eksis satengahe kahanan sing wis sarwa modern kaya saiki. Anane nembang macapat isih bisa kajaga amarga anane sawenehing medhia elektronik ing Surabaya kaya dene radhio. Kasunyatane, senajan ana medhia sing bisa menehi papan kanggo budaya nembang macapat, nanging tanpa ana pawongan sing nekani studhio radhio, mula macapat ora bisa ginelar. Kahanane nembang macapat sing ginelar ing radhio gumantung ana-orane pawongan sing gelem teka menyang studhio nalikane macapatan. Kamangka pawongan sing teka menyang studhio kasebut kudu kurban akeh kanggo mbelani nembang macapat kasebut. Salah siji contone yaiku, macapat sing ana ing radhio ginelar ing wayah wengi, dene pawongan sing asring teka menyang radhio yaiku pawongan sing padha nduweni pakaryan. Dadi nalika pawongan kasebut nekani acara nembang macapat, mula kudu ngalongi wektu istirahate kanggo nembang 1

2 macapat ing radhio kasebut. Saliyane iku, yen ora ana kendharaan, mula pawongan-pawongan sing teka menyang radhio padha nyewa lyn banjur mbayar dhewe-dhewe. Mula pawongan sing isih njaga macapatan kasebut ora bathi nanging malah rugi. Sajrone panliten iki bakal nggoleki lan njingglengi ngenani wacana kritis budaya nembang macapat ing Kutha Surabaya kanthi tintingan Analisis Wacana Kritis kanthi nggunakake limang karakteristik AWK yaiku tumindak, konteks, historis, panguwasan, lan idheologi. Mengko ing tembe mburi, panliten iki mugya bisa menehi paedah tumrap pangrembakane budaya nembang macapat utamane sing ana ing Kutha Surabaya. Kanthi nggunakake asiling panliten iki, mula bisa kawawas kahanane nembang macapat sing urip ing Kutha Surabaya. Wiwit ngerti apa sing dumadi ngenani nembang macapat ing Surabaya, pawongan liya uga mugya bisa njaga eksistensi nembang macapat sing tradhisional ing Kutha Surabaya. Andharan Pratelan asiling analisis data iki dadi sarana kang digunakake kanggo mangsuli punjering panaliten kang wus tinulis ing perangan purwaka kanthi nggunakake maneka warna teori kang wis tinemokake mula bakal kababar sakabehing andharan ngenani Budaya Nembang Macapat ing Kutha Surabaya ing bab iki. Kepriye pratelan asiling analisis data tumrap resistensi tembang macapat ing kutha Surabaya, bakal diandharake kanthi blaka ing bab iki. Objek sing ditliti ing bab iki ana patang objek yaiku Radhio Pertanian Wonocolo (RPW), Radhio Republik Indonesia (RRI), Radhio Carolina, lan Radhio Suara Mahasiswa Turun Bekerja (MTB). Saben objek panlitene bakal dijlentrehake miturut 5 karakteristik AWK. Paguyuban Macapat ing Kutha Surabaya Nembang macapat ing kutha Surabaya iku wis dadi kabudayane wong Surabaya amarga kegiyatan iki mono wis rutin dianakake. Kegiyatan nembang macapat utawa sing umume sinebut macapatan iki nduweni papan panggonan ing kutha Surabaya. Ora mung papan panggonan kanggo nembang, utawa lomba

3 nembang macapat wae nanging paguyuban-paguyuban tembang macapat uga akeh banget sing ana ing kutha Surabaya. Budaya sing asale teka basa sansekerta buddhayah yaiku bentuk jamak teka buddhi sing tegese budi utawa akal (Koentjaraningrat, 1979:181). Tumindake masyarakat sing tansah dilakoni wiwit biyen nganti saiki iku sinebut budaya amarga tumindak kasebut minangka asiling olah pikir, budi, utawa akale manungsa. Kanthi akal lan pikir iku mula manungsa ngupaya kanggo ngowahi uripe. Mula budaya iku dayaning akal sing awujud cipta, rasa, lan karsa. Istilah budaya miturut Masinambow digunakake kanggo dadi pathokan tumrap nilai-nilai lan adat-istiadat (Rahyono, 2009:48). Dadi bisa didudut yen budaya iku samubarang sing mawujud sing bisa dirasakake dening pancadriyane manungsa. Paguyuban nembang macapat sing ana ing kutha Surabaya ing antarane yaiku paguyuban Padmo Rinonce sing ana ing dhaerah Tanjung Perak, Mardika laras lan Marsudi Laras sing ana ing Jemur Andayani, lan Sutresna Macapat sing biyen ana ing Darmo. Paguyuban-paguyuban tembang macapat sing ana iku nyinaoni utawa menehi kawruh tumrap sapa wae pawongan sing ana ing sajrone paguyuban mau kanthi ora winatesan umur lan jinis kelamin. Nanging perlu dimangerteni yen pawongan sing ana sajrone paguyuban iku bisa dikandhakake ora kabeh padha kenal antarane siji lan sijine. Mung merga sakabehing pawongan sing ana sajrone paguyuban iku kepengin sinau nganani macapat mula bisa mlumpuk uga padha kenal. Disawang kaya kahanan sing wis kaandharake sadurunge mau, saemper kaya sing diandharake Tonnies ngenani gemeinschaft utawa paguyuban sing tegese yaiku perkumpulan sing ora amarga paguyuban iku nduweni tujuwan nanging amarga proses pamikir lan pangrasa pawongan kanthi tujuwan pribadine pawongan iku mau saengga bisa rumangsa cocog dadi anggotane paguyuban kasebut (sajroning Soekanto,1987:121). Paguyuban ing kene ditegesi yen ora nduweni tujuwan khusus saka paguyuban dhewe nanging menehi panggonan tumrap pawongan sing nduweni tujuwan-tujuwan sing padha yaiku supaya bisa nembang macapat lan uga bisa mangerteni ngenani panggulawenthah sing ana sajrone tembang-tembang kasebut.

4 Pagelaran Nembang Macapat ing Kutha Surabaya Ngrembug ngenani budaya nembang macapat sing ana ing kutha Surabaya, ora mung ana paguyuban sing nyinaoni ngenani tembang macapat. Saliyane iku uga ana pagelaran-pagelaran ing sakupenge kutha Surabaya. pagelaran kasebut ora dibentuk kanthi maneka warna wujud ing antarane rutinitas nembang macapat sing ana ing radhio, uga macapatan ing aneka warna babagan. Mengko sabanjure ing sub bab iki bakal kaandharake ngenani pagelaran macapatan sing ana ing kutha Surabaya. pagelaran iku awujud lomba rutinitas minggon sing dianakake radhio negri utawa swasta sing ana ing kutha metropolitan Surabaya, lan uga macapatan sing ana ing maneka warna kegiyatan patamuwan. a. Pagelaran Nembang Macapat ing Siaran Radhio Masyarakat budaya nembang macapat kasebut padha guyub rukun nyengkuyung uripe nembang macapat sing kahanane nguwatirake. Budaya nembang macapat lan masyarakat macapat iku rong perkara sing ora bisa pinisahake. Budaya sawijining masyarakat uga ora bisa pinisahake klawan komunikasi. Komunikasi iku wigati tumrap inovasi budaya lan budaya iku wigati tumrap lumakune uriping manungsa. Lumantar komunikasi budaya kawangun, lan nalikane lagi komunikasi klawan liyan, komunikasi kanthi cara budaya (Lull sajroning Ibrahim, 2011). Komunikasi sing dimaksud yaiku panganggone medhia tumrap budaya nembang macapat ing kutha Surabaya. Nembang macapat utawa macapatan ing kutha Surabaya ing antarane yaiku dianakake dening medhia massa. Medhia iku minangka piranti komunikasi sawijining pawongan utawa institusi tumrap masyarakat umum. Kaya dene panemune Burton (1999:9) ngandharake yen istilah medhia iku sakabehing sarana komunikasi kaya dene pers, medhia siyar (broadcasting) lan sinema. Medhia ing kene awujud medhia cethak lan uga elektronik. Medhia sing dimaksud yaiku radhio. Macapatan sing dianakake radhio awujud sawijine segmen ing acarane. Minangka segmen acara, macapatan nduweni jadwal sing pesthi ing radhio-radhio sing nganakake segmen macapatan ing sawijine wektu. Radhio sing nduweni segmen macapatan iku ora akeh senajan radhio sing ana ing kutha Surabaya akeh banget cacahe.

5 Radhio sing nduweni segmen macapatan iku radhio negri utawa radhio duwekke pamrentah lan uga radhio-radhi swasta. Kanthi maneka warna wujud acara sing wis disiyapake tumrap masyarakat, radhio kasebut nduweni konsep sing beda, kaya andharane A. Singer (Sajrone Davis&Walton,2010) yaiku tembung lan ukara minangka sawijining bagiyan mentahe radhio, lan pawongan kanthi pener tertarik nggunakake basa iku. Radhio-radhio kasebut yaiku Radio Republik Indonesia (RRI), Radio Pertanian Wonocolo (RPW), Radio Suara Mahasiswa Turun Bekerja (MTB), lan Radio Carolina. Radhio-radhio kasebut sumebar ing saindenging kutha Surabaya. Kaya dene Radio Republik Indonesia (RRI), lan Radio Pertanian Wonocolo (RPW) iku duweke pamrentah utawa umume sinebut radhio negri, lan dene Carolina, lan MTB iku radhio swasta. b. Pagelaran Nembang Macapat ing Pasamuwan Pagelaran nembang macapat ing kutha Surabaya ana maneka warna. Saliyane pagelaran nembang macapat sing dilaksanakake dening radhio-radhio negri lan swasta, ana uga pagelaran nembang macapat sing dilaksanakake ing sajroning pasamuwan. Pagelaran nembang macapat sing dilaksanakake ing patamuwan iku ateges sawijining pasamuwan sing pancene dianakake mung kanggo ngrembug ngenani macapat lan kanggo nembang macapat. Yen ngrembug jaman biyen, isih cukup akeh pasamuwan nembang macapat, nanging saiki wis ora bisa urip banjur padha bubar siji mbaka siji. Isih ana lan mung kari siji ing Surabaya yaiku pasamuwan saben dina Kemis Pon malem Jumat Wage. Pasamuwan iki dianakake saben sepasar sepisan. Pasamuwan kasebut dianakake ing RRI. Nalikane pasamuwan, ora mung warga Surabaya wae sing teka nanging uga akeh warga sing teka sanjabaning Surabaya.Pasamuwan sing dianakake bebarengan klawan segmen acara macapatan sing dianakake dening RRI saben Kemis wengi malem Jumat. Dadi intine pasamuwan iki uga dadi sawijine acara rutin macapatan malem Jumat sing dianakake RRI, nanging saben sepasar sepisan dianakake pasamuwan sing macapatan ing RRI isih mlaku uga. Dadi bisa didudut yen pagelaran nembang macapat ing pasamuwan sing dilaksanakake ing Surabaya mung kari siji sing isih ana yaiku ing RRI Surabaya.

6 iku bisa uga nandhakake yen budaya nembang macapat ing Kutha Surabaya kapinggirake lan kalah klawan budaya nembang saliyane nembang macapat. c. Lomba Nembang Macapat ing Kutha Surabaya Macapatan sing wis dadi budayane pawongan ing Kutha Surabaya iku diwadhahi maneka warna panggonan lan wujud. Ana sing awujud paguyuban nembang macapat, liyane iku awujud segmen acara ing radhio, lan uga ana sajroning acara-acara pasamuwan. Banjur ana uga kegiyatan nembang macapat ing kutha Surabaya sing awujud lomba nembang macapat. Nembang macapat lumantar lomba yaiku sawijine wewujudan anyar teka nembangake tembang macapat. Maneka warna bentuk lan cara nembang macapat ing wayah saiki nuduhake yen jaman saiki wis klebu jaman postmodern. Postmodern iku mujudake samubarang sing tradhisional nanging dibentuk utawa diwujudake kanthi cara, piranti modern ing kahanan sing wis sarwa modern lan maju kaya jaman globalisasi iki. Postmodernisme iku nengenake marang produk kultural (sajroning seni, film, arsitektus, lsp) sing katon beda teka produk kultural modern (Kumar,1995; Jameson,1991; sajroning Ritzer, 2003:14) Kaya dene lomba-lomba umume, lomba nembang macapat uga awujud uji trampil, lantip, lan limpate anggone nembang macapat. Kawruh ngenani tembang macapat wiwit wujud, teknik nembang, titi laras, pamilihe tembang, nganti teka rasa-pangrasane anggone nembangake macapat dadi kriteria anggone nemtokake pawongan sing paling pantes dadi pamenang sajrone lomba nembang macapat. Lomba-lomba kasebut dianakake dening maneka warna instansi sing ana ing kutha Surabaya. lomba nembang macapat sing dianakake ana sing awujud rutinitas, lan uga ana sing ora rutinitas. Lomba-lomba nembang iku umume dianakake kanthi taunan lan kanthi maneka warna jinise peserta. Lomba-lomba sing dimaksud yaiku kaya sing dianakake dening Greja Redimptor Mundi (sabanjure tinulis GRM) sing dumunung ana ing dhaerah Dukuh Kupang, Surabaya sisih kulon. Lomba sing dianakake dening GRM iku lomba nembang macapat kanthi ora ana wewatesan umur lan jinis kelamin. Kahanan kaya amngkene ateges lomba iki bebas kanggo maneka warna tingkat umur.

7 Nanging amarga sing nganakake lomba kasebut Greja, mula pesertane uga diwajibake teka greja. Greja-greja kasebut ing antarane yaiku greja katolik lan Greja Kristen Jawi Wetan (GKJW). Lomab sing dianakake GRM kasebut kanggo sakabehing umat Kristen lan Katolik sing ana ing Jawa Timur. Minagka lomba sing tingkate Jawa Timur, mula piala sing diwenehake uga piala Gubernur Jawa Timur. Saliyane iku uga ana lomba nembang macapat sing dianakake dening Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Universitas Negeri Surabaya (sabanjure tinulis JPBSD Unesa). Minangka instansi ing babagan pendidikan, mula lomba nembang macapat sing dianakake dening JPBSD Unesa uga kanggo para siswa sing ana ling lembaga pendidikan mligine ing jenjang Sekolah Menengah Pertama (SMP). Lomba nembang sing dianakake dening JPBSD Unesa uga ing tingkat Jawa Timur. Lomba nembang macapat iki dianakake rutin saben rong taun minangka mengeti sing jenenge bulan bahasa. Instansi liyane sing uga nganakake lomba nembang macapat ing antarane yaiku Dinas Pariwisata Kutha Surabaya sing nganakake lomba nembang macapat rutin wiwit taun 2009, lan uga lomba nembang macapat sing dianakake Bale Basa Surabaya (BBS). Nanging lomba sing dianakake dening BBS ora rutin saben taun apa rong taunan. Iku mono amarga jinis lomba sing dianakake dening BBS saben taune tansah ganti kareben ana variasi anggone nganakake acara. Lomba-lomba nembang macapat sing dianakake ing kutha Surabaya kanthi jeneng instansi apa wae nduweni pepenginan supaya bisa tembang macapat iku tansah urip sajrone masyarakat jawa. Kahanan sing kaya mangkono uga nuduhake yen tembang macapat isih tansah eksis ing kutha Surabaya kanthi maneka warna bentuk, wujud, cara, lan kahanan anggone nembang macapat. Jlentrehane Dhata Ing bagiyan iki bakal dijlentrehake ngenani dhata sing wis kaandharake ing babagan sakdurunge. Panjlentrehe dhata ing kene ateges teka sakabehing dhata ngenani macapatan sing ana ing Kutha Surabaya bakal direduksi, banjur asiling reduksi dhata kasebut bakale bisa njlentrehake kahanane wacana kritis nembang macapat ing Kutha Surabaya miturut limang titikan analisis nembang

8 macapat ing antarane yaiku tumindak, konteks, historis, kekuwasan, lan idheologi kaya dene jlentrehane Van Dijk, Fairclough, lan Wodak yen tintingan AWK nduweni titikan yaiku yaiku; 1) tindakan (tumindak), 2) konteks, 3) historis, 4) kekuasaan, lan 5) idheologi (Eriyanto, 2009:8-14). Tumindak ing Wacana Kritis Nembang Macapat ing Kutha Surabaya Wujud tumindake nembang macapat ing Surabaya yaiku nembangake tembang macapat utawa macapatan. Macapatan sing ana ing Kutha Surabaya wis dadi sawijine kabudayan sing ana, lan urip ing satengahe masyarakat Surabaya. Macapatan ing kene ateges sawijine kegiyatan nembangake tembang macapat kanthi kerep utawa kanthi periodisasi sing cetha. Senajan kegiyatan nembangake tembang macapat ora mung macapatan rutin sing kaya ing radhio nanging uga ana lomba-lomba nembang macapat, nembang macapat sing ana ing pasamuwan uga ana, nanging wujude tumindak ing wacana kritis nembang macapat ing Kutha Surabaya awujud macapatan sing ana ing radhio-radhio sing dianakake kanthi rutin saben minggune. Kegiyatan nembang macapat ing Surabaya kasebut pranyata ora ana ing sakabehing papan utawa radhio ing saindenging Kutha Surabaya. Senajan wis dadi sawijine kabudayan sing ana ing Surabaya, jebul isih durung pawongan sing ana ing Surabaya ngerti utawa seneng tumrap budaya nembang macapat apa maneh pawongan sing kepengin sinau nembangake tembang macapat. Pawongan sing nyengkuyung anane budaya nembang macapat iki ora akeh. Senajan ora akeh, nanging pawongan-pawongan kasebut kanthi temen sarta ora sithik pawongan-pawongan kasebut nganti ngorbanake wektu, tenaga, pikiran nganti bandha ndonya kanggo nembang macapat. Ora mung kanggo nguripi nanging uga kanggo njaga eksistensine. Konteks ing Wacana Kritis Nembang Macapat ing Kutha Surabaya Ngrembug ngenani wacana msthi ana gayutane klawan konteks kaya dene sing diandharake dening Kridalaksana yen konteks iku minangka titikan alam sanjabane basa sing nuwuhake makna tumrap ujaran utawa wacana (lingkungan non linguistik teka wacana) (sajroning Dharma, 2009:4). Senajan wis dadi

9 sawijine kabudayan sing urip ing Kutha Surabaya, pranyata nembang macapat ora dikenal dening sakabehing pawongan ing Surabaya, ora kaya kidungan, lan parikan sing asli Surabaya. Anane nduweni panemu kaya mangkono amarga ing kasunyatane pawongan sing ana ing sajrone kegiyatan nembang macapat sing ana ing Surabaya meh ora ana sing asli teka Surabaya. Pawongan sing asli Surabaya sasuwene nglakoni observasi ngenani macapat mung ana siji. Kahanane budaya nembang macapat ing Surabaya kaya sing wis kaandharake sadurunge bisa nuduhake yen nembang macapat iku dudu budayane Surabaya dhewe nanging budaya sanjabane Kutha Surabaya. Surabaya sing dadi papan panggonan ngrembakane nembang macapat bisa kaaran ruralisasi utawa Surabaya sing biyen ora nduwe budaya nembang macapat dadi saiki nduweni, nguripi, lan ngrembakake budaya nembang macapat. Macapatan sing dilaksanakake ing wayah bengi. Sing mesthi nalikane mcapatan dilaksanakake bengi, mula bakal ngurangi wektu kanggo leren sawise kesel anggone nyambut gawe. Nanging pranyata babagan iku ora ngurangi gregete pawongan kanggo melu macapatan saben minggune. Historis ing Wacana Kritis Nembang Macapat ing Kutha Surabaya Historis wacana kritis nembang macapat ing Kutha Surabaya yaiku nembang macapat sing dipandhegani dening pawongan urban. Pawongan urban ing kene ateges pawongan sing ora asli lair ing Surabaya. Pawongan kasebut nalikane migrasi menyang Kutha Surabaya kanthi nduweni budaya teka papan asale dhewe-dhewe. Pawongan kasebut nalikane ana ing Surabaya ngrasa kangen ing budayane yaiku nembang macapat. Dumadi kahanan kaya mangkene amarga ing Kutha Surabaya ora nduwe sarta ora kenal nembang macapat. Wiwit teka rasa kangen sarta ora anane budaya nembang macapat ing Surabaya, mula pawongan-pawongan migran kasebut padha nggoleki pawongan liyane sing nduweni kabudayan nembang sing uga migrasi menyang Surabaya. Nalika wis padha kepethuk klawan pawongan liya sng uga nduweni budaya nembang macapat iku mau, banjur kanggo sarana temu kangen lan kumpul, mula dianakake acara nembangake tembang macapat sing diarani macapatan kasebut.

10 Dadi bisa kadudut yen budaya nembang macapat sing ana ing Kutha Surabaya iku klebu budaya urban. Bisa diarani budaya urban amarga sejatine Surabaya ora nduweni budaya nembang macapat dadi nembang macapat iku budaya sing asale teka sanjabane Surabaya. Saliyane iku pawongan sing nresnani nembang macapat iku rata-rata pawongan sing asline teka sanjabane Surabaya. Pawongan sing wasis ing babagan nembang macapat iku uga dudu wong sing asli lan mijil ing Surabaya. Dene ana pawongan sing asli Surabaya, mula bisa dipesthekake yen pawongan iku seneng klawan nembang macapat lan kepengin sinau nembangake tembang macapat. Panguwasan sing tetandhingan ing Wacana Kritis Nembang Macapat ing Kutha Surabaya Nembang macapat wis dadi sawijine budaya ing Kutha Surabaya sinandhing klawan budaya-budaya liyane. Budaya kasebut ing antarane yaiku budaya tradhisional lan budaya populer. Budaya tradhisional sajinis kaya dene parikan, lan kidungan. Dene budaya populer kaya dene campursari, dangdut, gendhing lan tembang populer, lan liya-liyane. Sakabehe jinis kabudayan olah swara kasebut urip bebarengan ing Kutha Surabaya. Ngrembug ngenani kahanan budaya nembang macapat klawan budaya liyane, pranyata ana sing sesandhingan sarta ana sing tetandhingan. Nembang macapat minangka budaya tradhisional bisa urip sesandhingan klawan budaya tradhisional liyane sing urip ing Kutha Surabaya kaya dene parikan lan kidungan. Urip sesandhingan amarga pawongan sing nresnani kabudayan kasebut jebul mung ing salah siji wae. Yen tresna marang nembang macapat, mula pawongan kasebut ora nresnani parikan utawa kidungan, semono uga sateruse. Dadi kahanane budaya tradhisional sajinis ing Kutha Surabaya bisa urip sesandhingan. Nembang macapat minangka budaya sing tradhisional pranyata tetandhingan klawan tembang-tembang populer kaya campursari, dangdut, gendhing lan tembang populer sarta budaya liyane. Kahanan sing tetandhingan iki ateges anane budaya populer iki njalari pawongan sing nresnani budaya nembang macapat katon sansaya sithik senajan durung nganti ilang.

11 Kahanan kaya mangkene dijalari dening panganggone medhia minangka piranti komunikasi sarta pangrembakane budaya-budaya kasebut. Kanthi nggunakake piranti medhia bisa disawang kahanan nyata sing ana ing lapangan. Tambah gedhe instansi medhia sing digunakake, mula bisa dipesthekake yen budaya kasebut uga gedhe. Semono uga suwalike, yen ora ngggunakake medhia, utawa tambah cilik instansi medhia sing digunakake bisa dipethekake yen yen budaya kasebut cilik. Dadi ing kahanan kaya mangkene, dhapuking medhia minangka titikan bisa urip lan ngrembaka utawa orane sawijine budaya sing tradhisional lan populer. Medhia minangka sawijine piranti kanggo nduweni kakuwasan. Kanthi medhia, tujuwan lan arahe samubarang bisa tumata kanthi apik. Kaya dene nembang macapat sing nggunakake medhia radhio kanggo ngrembakake nembang macapat kasebut. Idheologi ing Wacana Kritis Nembang Macapat ing Kutha Surabaya Idheologi minangka samubarang sing paling abstrak, lan ora mawujud nanging bisa dirasakake teka sakabehing tumindak sing dilakoni. Kanggo nemokake idheologi sing digunakake sajroning sawijine tumindak, mula kudu wis kajlentrahake dhisik patang karakteristik sakdurunge yaiku praktik sosial, konteks sosial, konteks historis, lan panguwasan sing tetandhingan. Sakabehing karakteristik kasebut kudu dijlentrehake kanthi urut. Sakabehing andharan lan jlentrehan lan sing tinulisake sakdurunge, ing kene bisa disebutake yen idheologi sing dirembakakake ing wacana kritis nembang macapat yaiku eksistensialisme. Eksistensialisme miturute Maksum (2011:364) yaiku sawijine aliran filsafat sing negesake babagan eksistensia. Eksistensia ing kene ora padha klawan eksis amarga yen eksis iku mung ana, nanging eksistensia iku saliyane ana, kaanggep dening masyarakat, lan uga ing kahanan sing paling apik utawa migunani (Maksum, 2011:364) Ing kene bisa dimangerteni yen budaya nembang macapat sing digelar dening radhio-radhio sing ana ing Surabaya iki kanthi ora langsung nduweni gegayuhan supaya budaya Jawa mligine budaya nembang macapat sing ana ing Surabaya bisa tansah ana lan langgeng. Kanthi maneka warna cara, radhio-radhio

12 kasebut nggelar macapatan. Senajan ora rame lan akeh peminate, macapatan tetep kagelar. Kanthi maneka warna kahanan, pawongan sing biyasane teka saben ana macapatan uga diusahakake bisa teka senajan hawane adhem, udan utawa rada ora penak awak. Kabeh mau mung kanggo njaga macapat supaya ora ilang budayane. Nembang macapat dijaga anane ing Surabaya supaya mengko ing tembe, isih ana pawongan sing isih gelem nembang macapat, banjur bisaa paring pitutur tumrap pawongan liya ngenani isine tembang macapat sing ngandhut pitutur luhur. Sakabehing mau mung kanggo njaga supaya nembang macapat ing Kutha Surabaya sing metropolitan iki ora ilang anane. KAPUSTAKAN Arps, Bernard. 1992. Tembang in Two Tradition. London Burton, Graeme. 1999. Media dan Budaya Populer. Yogyakarta: Jala Sutra Dharma, Yoce Aliah. 2009. Analisis Wacana Kritis. Bandung: Yrama Widya Davis, Howar & Walton, Paul. 2010. Bahasa, Citra, Media. Yogyakarta: Jala Sutra Eriyanto. 2009. Analisis Wacana. Yogyakarta: LkiS Ibrahim, Abdul Syukur. 2009. Metode Analisis Teks & Wacana. Yogyakarta: Pustaka Pelajar Ibrahim, Idi Subandi. 2011. Budaya Populer Sebagai Komunikasi. Yogyakarta: Jala Sutra Koentjaraningrat. 1979. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta Maksum, Ali. 2011. Pengantar Filsafat. Yogyakarta: Ar-Ruzz Media Rahyono, F. X. 2009. Kearifan Budaya Dalam Kata. Jakarta: Wedatama Widya Sastra Ritzer, George. 2009. Teori Sosial Postmodern. Yogyakarta: Kreasi Wacana Soekanto, Soerjono. 1987. Sosiologi Suatu Pengantar. Jakarta: Rajawali Pers