SINAU GENDHING KARAWITAN

dokumen-dokumen yang mirip
UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

DHASARING KAWERUH SEJATI

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

DASAR-DASAR PENGETAHUAN BELAJAR KARAWITAN UNTUK ANAK SD

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

BAB IV PENUTUP. Yogyakarta khususnya gending-gending soran, agar terus dikaji dan digali, baik oleh

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

BAB IV PENUTUP. Berdasarkan data yang ditemukan dapat disimpulkan bahwa slentho

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

BAB IV KESIMPULAN. menyajikan salah satu tafsir garap rebab Gending Peksi Bayak laras slendro

Diktat EKSPRESI LISAN I DR. PURWADI, M.HUM

MARGI KANG GE N YINGK IRAK EN MA MALA NIN G TYAS

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

TANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 WARSA 2016

BAB IV PENUTUP. sesuai untuk penggalian gending-gending tradisi Gaya Yogyakarta. Bagi

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

NGLELURI TRADHISI KENDUREN LAN LAKU JAWI WONTEN ING ERA GLOBALISASI MINANGKA BAHAN PENDIDIKAN MENTAL TUMRAPING GENERASI MUDHA

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

SERAT WEDHAPRADANGGA

Analisis Tekstual Gending Kethuk 2 Kerep Minggah 4 Laras Slendro Pathet Sanga, Bagian II Kiriman I Nyoman Kariasa, Dosen PS Seni MKarawitan

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Mugi karaharjan, kawilujengan lan kasarasan tansah Kajiwa kasalira kula panjenengan sami.

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

REGISTER GRIYA ADAT JAWI ING KECAMATAN KALIANGKRIK KABUPATEN MAGELANG SKRIPSI

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

SEKAR MACAPAT A. Kompetensi yang diharapkan: B. Indikator:

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PRANATANING GÊSANG ING SÊRAT PURWÅKARÅNÅ. Yesi Permata Eko Wardani

BAGAIMANA BERMAIN GAMELAN

Caranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT ÉNDRÅLAKSITÅ

KARAWITAN. Apa itu KARAWITAN?

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

FIRMAN MENYATAKAN KESALAHAN & KEBENARAN

SERAT SASTRA GENDHING DALAM KAJIAN STRUKTURALISME SEMIOTIK

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

BAB IV PENUTUP. pelestarian dan keberlangsungan seni karawitan. Pada gending tengahan dan

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

BAB IV KESIMPULAN. didapat beberapa kesimpulan mengenai pancer. Tabuhan pancer yang selama ini

BAB III KAJIAN ISI. dari pemikiran nenek moyang terdahulu. Dasar pemikiran serta teori-teori dasar

ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

BAB IV PENUTUP. patalon. Unsur yang menjadi ciri khas dari penyajian gending patalon adalah

UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

MORFOLOGI TEMBUNG-TEMBUNG BASA JAWI KINA ING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R. TG. JASAWIDAGDA SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

JURNAL TABUHAN SLENTHO

BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

Tembang Dolanan Tradisional Jawa. Sebagai Pendidikan Anak Usia Dini. dening : Dyah Padmaningsih. (Dosen akultas Sastra dan Seni Rupa UNS Solo)

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KAWRUH SAJATOSING GÊSANG WONTÊN ING SÊRAT SULUK WARNI-WARNI. Mohamad Wahyu Hidayat

PIWULANG SKRIPSI. dening

KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

Transkripsi:

PENGABDIAN PADA MASYARAKAT SINAU GENDHING KARAWITAN PURWADI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id Februari 2010 1

SINAU GENDHING KARAWITAN 1 Purwadi Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id A. Peranganing Gendhing Pasinaon gendhing menika prelu kangge ngudi kawruh saha kasagedan karawitan. Kajawi menika ugi wigatos dhateng raos kawiramaning gesang kabatosan, awit tansah nenuntun dhateng raosing manah kadosta: raos runtut, patut, titi, pratitis, tetep, tatag, antep, lan mantep. Sanesipun menika ngiyataken tuwin ngeningaken raos kasusilan kadosta: raos alus, suci, lebet, santosa, jejer, gadhah prabawa, mandhiri, budi pakerti, raos gesang bebrayan. Seserepan gendhing ingkang adhedhasar kasarjanan boten namung badhe nggampilaken pasinaonipun, nanging ugi badhe saged ngekahaken jejering gendhing Jawi tuwin nggesangaken, margi badhe saged nyirnakaken samukawis cencangan ingkang sarwa nyrimpung lan ngreribeti lampah, mardikaning gendhing Jawi temahan badhe saged nyaekaken, ngajengaken, saha nambah kaluhuraning kabudayan bangsa (Harsono Kodrat, 1982). Swaraning gendhing menika warni kalih, inggih menika saged tumanduk sarana swaraning manungsa, lajeng winastan nama gangsa (gamelan), ingkang limrahipun lajeng winastan sekar (tembang), saged ugi sarana swaraning pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan sekar (tembang), saged ugi sarana swaraning 1 Seratan menika kangge Pengabdian Pada Masyarakat ing adicara Diklat Peningkatan Kompetensi Kerawitan ingkang dipun adani dening MGMP Bahasa Jawa SMP, mapan ing Kantor Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Bantul, nalika tanggal 9 Februari 2010. 2

pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan gendhing. Kalih-kalihipun kasebat lagu. Gendhing ugi dados srana murih manunggaling para warga ingkang kagungan pamanggih benten (Sukatmi Susantina, 2001). Ing gendhing Jawi wirama makaten kaperang dados pinten-pinten warni, ingkang karingkes dados tigang bagiyan: a. gendhing ageng, b. gendhing madya, c. gendhing alit; dados sami kaliyan perangan gendhing swara: sekar ageng (kawi), sekar madya (tengahan, dhagelan) tuwin sekar alit (macapat). Watakipun gendhing lan sekar tigang warni menika piyambak-piyambak: a. lebet, antep, kendho, b. cekapan, c. entheng, cethek lan kenceng (Siswoharsojo, 1953). Lagu swara menika ing salebeting kagunan Jawi mesti ngangge wirama mardika, wondene gendhing gangsa makaten meh sadaya ngangge wirama ajeg. Sekar gendhing makaten gendhing swara ingkang kedah tumanduk sesarengan kaliyan gangsa. B. Laras Pelog lan Laras Slendro Laras tuwin pathet menika kalih-kalihipun dados tetangsulipun swaraning gendhing utawi swara ingkang saged damel tumata, menapa dene pantes luwesing sadaya lagu (Ki Hajar Dewantara, 1953). Laras inggih menika urut-urutan swara wiwit ingkang ageng ngantos dumugi ingkang alit. Swara kalawau kapiyarsa tetep, urut lan patut. Swarantara menika elet antawisipun swara satunggal kaliyan sanesipun. Laras makaten ugi kangge namekaken satunggal-satunggaling swara ingkang sampun kalebet ing urut-urutan swara ingkang sampun tinata. Titi-laras punika wujud angka 1 2 3 4 5 6 7 kangge sesulih namaning wilahan gangsa supados gampil dipun serat. Pamaosipun dipun wancah: ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu. Wilahan slendro pelog dalah angkanipun. 3

Slendro : barang 1 pelog : bem 1 barang : barang 7 gulu 2 gulu 2 gulu 2 dada 3 dada 3 dada 3 lima 5 lima 5 lima 5 nem 6 nem 6 nem 6 Pathet menika rakitan swara, inggih perangan saking satunggaksatunggaling laras, minangka ambah-ambahaning lagu amrih saged tumanduk sakeca, satemah saged damel nges sarta saged nuwuhaken raos ingkang tartamtu. Gangsa menika pirantos tetabuhan kangge ngungelaken gendhing. Peranganipun warni-warni sarta kenging kabagi dados sakawan warni, inggih menika pirantos kangge: Yasa wirama: kendhang tuwin keprak, yasa swara: rebab, gender, bonang, gambang, suling, clempung tuwin saron peking. Reksa wirama: kethuk, kempul, kenong, gong, kempyang, ketipung, kecer, kemanak, bendhe, lan beri. Reksa swara: bonang penembung, gender penembung, saron demung tuwin saron limrah. Wiramaning gendhing dumados dening swara, tuntunaning kendhang kados kasbut ing ngandhap: Kendho kencenging lampah dumados dening antal utawi seseging tabuhan kendhang. Dados swaraning kendhang makaten, kajawi saged antal utawi seseg, wonten warni: dang, dung, pak, tong, tuwin tek. Sanessanesipun nama prenesan sadaya. Rampak runtuting lampah kareksa ugi dening thuthukaning saron, kethuk, kenong, kempul, tuwin gong, ingkang kenging kaupamekaken titik lampah, titik pedhotan, titik padalingsa, titik padadirga tuwin 4

titik pada, kadosdene tatananing cara pancering sekar. Ingkang nama wirama punika peranganing lelagon. Pratelan babagan laras slendro, pelog 6 lan pelog barang kados ngandhap punika. Slendro Pelog 6 Pelog Barang 2 2 3 5 2 2 3 5 6 3 6 5 6 3 6 5 3 2 7 6 3 2 7 6.... 2 3 5 3 2 1 2 1 2 3 5 6 6 3 5 6 5 3 2 3 2 5 5 6 1 5 3 1 2. 5 3 1 6 2 1 6 5... 6 5 3 5 6 5 3 1 2 6 7 6 5 3 2 3 2 5 6 5 3 2 7 5 6... Perangan-peranganing lelagon ingkang kaapit-apit ing garis wirama kawastanan sawirama wetah. Kajawi menika swaraning kempul makaten nuwuhaken raos minggah, entheng utawi cethek, satemah damel bingah, wondene swaraning kenong nuwuhaken raos medhak, lebet, antep, satemah damel tentrem utawi sareh, swraning gong makaten cetha nuwuhaken raos marem, lega, sampurna. Lampahing gendhing menika kecetha dening lampahing saron, sarta kaperang dados kalih warni ingkang pokok: lampah lamba (thuthuking balunganing gendhing, lampah dados (ngracik), tikelipun lampah lamba, ingkang lajeng saged damel cethaning lagunipun (Sunardi Wisnubroto, 1997). Ing salebeting lampah lamba ing dalem sakenongipun isi wolung thuthukan saron tumrap gendhing alit lan gendhing madya, wondene tumrap gendhing ageng isi nembelas thuthukan utawi isi tigangdasa kalih thuthukan. Dene ing salebeting lampah dados cacahing thuthukan saron wau lajeng tikel kaping kalih. 5

Laras salendro menika nggadhahi 5 laras: barang, jangga, dhadha utawi tengah, gangsal lan enem. Sadaya swarantara-nipun sami agengipun, pramila gadhah raos gagah lan bingah. Laras pelog langkung enem tinimbang laras salendro, nggadhahi 5 laras ugi, sami namanipun kaliyan ing salebeting laras salendro nanging swarantaranipun boten sadaya sami, antawisipun barang kaliyan jangga ageng, jangga dhadha alit, dhadha gangsal ageng, gangsal enem alit, enem barang alit (Trimanto, 1984). Wilahan bem tuwin wilahan pelog menika sajatosipun inggah-inggahan barang tuwin dhadha. Ngedhakaken utawi nginggahaken laras makaten minangka asri-asrining cengkok, sarta namung kadhang-kadhang katandukaken. Minggahipun laras barang dados bem yen kangge tetep, lajeng ngawontenaken laras rakitan swara enggal, inggih laras bem. Laras barang miring menika ingkang sepuh piyambak, tandhanipun kangge ing salebeting Ki Lurah Semar tetembangan, mangka Semar menika wayang ingkang sepuh piyambak (Dwijo Carito, 2000). Laras barang miring boten nggadhahi pirantos gangsa. Laras barang miring makaten ing bagiyan ngandhap, wiwit barang dumugi gangsal swarantaranipun memper laras salendro, wiwit gangsal dumugi barang memper pelog, pramila caranipun nyekaraken barang miring makaten ngangge gangsa salendro, sanadyan cengkok-cengkokipun semu raos pelog. Ingkang sinebat tembung pathet punika tumraping laras pelog beda kaliyan ing laras slendro. Pramila pangrembagipun inggih kula silah-silahaken. Kangge madhahi sadaya lagu swara utawi lagu gendhing amrih saged trep lan sakeca, laras salendro tuwin pelog menika kabagi dados 3 pathet satunggal-satunggalipun. 6

Laras salendro nggadhahi pathet warni tiga kados ingkang katerangaken ing ngandhap menika: Pathet nem, ngangge dhasar swara laras jangga grambyanganipun pathet inggih menika urut-urutaning laras: jangga-dhadha-limanem utawi kacelak: nem-jangga. Gendhing-gendhing ingkang pathet nem makaten manut pranataning gendhing kaungelaken ing wanci sonten dumugi jam 11 nuwuhaken raos bingah prasaja lir gesanging lare, tembung enem boten gandheng kaliyan namaning laras enem, nanging gandheng kaliyan pralambanging raos pancadriya, inggih raosing lare. Pathet sanga, dhedhasar laras gangsal, grambyanganipun urut-urutaning laras: gangsal-enem-barang-jangga utawi kacelak: jangga-gangsal. Gendhing-gendhing ingkang pathet sanga makaten kaungelaken ing wanci tengah dalu, nuwuhaken raos tentrem, gagah, sabar, semepuh lan sasaminipun. Babagan lungiting seni, Raden Bekel Wulan Karahinan (1991) sampun damel cepengan kanthi irah-irahan Gendhing-gendhing Mataram Gaya Yogyakarta dan Cara Menabuh. Pathet manyura, dhasar swaranipun laras enem, grambyanganipun: enem-barang-jangga-dhadha-utawi kaungelaken ing wanci enjing, wiwit jam 3 dalu dumugi nyar raina, nuwuhaken raos bingah, asri, kenes, ngenem-enemi sapiturutipun. Tembung manyura asalipun saking ungeling merang ing wanci enjing. Dados pathet punika tegesipun: mapaning lelagon yen kaungelaken wonten ing gangsa. Larikan sanesipun boten kalimrah kangge thuthukan ing gangsa. Mila inggih boten wonten namaning pathetipun. Nitik tuladha punika terang bilih tumraping lelagon slendro, madegipun dados pathet, naming menawi kaungelaken ing gangsa. 7

Ing ngriki tegesipun pathet ugi mapaning lelagon yen kaungelaken ing gangsa. Ewa semanten wonten bedanipun kaliyan pathet tumraping laras slendro. Sarehning let-letaning swara ing laras slendro punika ajeg sami, mila lelagon pathet manyura kenging kaandapaken sawilahan dados pathet sanga. Menawi kaandapaken kalih wilahan malih dados pathet nem. Ngandapaken laras mekaten punika wonten ing laras pelog boten saged tumindak, jer let-letaning swara boten ajeg sami. Teranganipun mekaten. Ing laras slendro, lelagon 6 1 2 3, punika sami kaliyan 5 6 1 2 utawi 3 5 6 1. Ing laras pelog: 6 1 2 3 boten sami kaliyan 5 7 1 2 utawi 4 6 7 1 sapiturutipun. Dados pathet punika tumraping laras pelog, kejawi mapaning lelagon yen kaungelaken ing gangsa, ugi bedaning racikaning larasipun. Manawi nyinau lelagon taksih ngangge pirantos upami gender utawi cente, sapanunggilanipun, punika namanipun dereng sampurna. Sampurnanipun not punika kedah lajeng dipun waos kemawon tanpa dipun padosi larasipun ing gangsa. Prayoginipun menawi nyinau slendro, inggih slendro kemawon rumiyin. Dangu-dangu temtu pakecapan ji ro lu (pat) ma nem (tu) lajeng gandeng kaliyan andap-inggiling laras. Malah menawi sampun kulina, mireng lelagon inggih lajeng kemawon saged nyerat notipun. Sakabehing gawe ing sekawit angel, angel iku kalah dening tlaten, tlaten iku witing kabisan. Menawi sampun kulina, titi-laras punika kenging dipun waos, dene menawi dereng kulina, inggih kedah ngangge srana nutuk wilahaning gangsa. Caranipun ingkang gampil, wilahan prayogi dipun angkani rumiyin. 8

Sambet kaliyan pratelan ada-ada, prayoginipun ukel lan cengkok swaraning rebab lan suling, lampahing wilet gambang tuwin gender, lampahing kendhangan batangan sapanunggalanipun sampun ngantos katetepaken sarana titi lagu ingkang kedah dipun turut cara pola, kengingipun kaserat namung minangka tuladhaning cengkok lan ukel salebeting sinau (Sunarto, 1976). Saben tiyang kedah kenging ngawontenaken wilet piyambak-piyambak. C. Ricikan Gamelan Para pengrawit prayogi menawi nyumerepi ricikan dalah nami piranti seni kerawitan. Kanthi makaten para pengrawit badhe gancar lan lancar anggenipun nindakaken pakaryan. Wondene ricikan gamelan saged dipun pratelakaken kados seratan ing ngandhap punika. Nami ricikan kangge gancaring wirama: Kendhang, cacahipun wonten sekawan inggih punika: a. Kendang gede, b. Kendang kalih, c. Ketipung, d. Ciblon. Kethuk, Kempyang, Kenong, Kempul, Gong, Kecar, Rebab, Gender gede, Gender penerus, Gambang, Bonang gede, Bonang penerus, Slenthem, Demung, Saron barung, Saron penerus, Clampung lan Suling. Ricikan kala wau gadhah gina piyambak-piyambak. 1. Kendang, sinebat pemurba wirama. 2. Kethuk, sinebat pemangku wirama 3. Kenong, sinebat pemangku wirama. 4. Kempul, sinebat pemangku wirama 5. Gong, sinebat pemangku wirama 6. Rebab, sinebat pemurba lagu 9

7. Gender gedhe, sinebat pemangku lagu 8. Bonang gedhe, sinebat pemangku lagu 9. Gambang, sinebat pemangku lagu 10. Clempung, gender penerus, bonang penerus, sinebat pemangku lagu. 11. Slenthem, demung, saron barung, sinebat pemangku lagu. 12. Saron penerus, sinebat pemangku lagu. Ricikan inggil punika perlu sanget dipun sumerepi. Kodiron (1989) nyerat seserapan kanthi irah-irahan Marsudi Karawitan Jawi. Gangsa ingkang sumebar saindenging jagad raya punika warni-warni nami lan wewujudanipun. Perlu kawuningan bilih saperangan gangsa wau dados pusaka ingkang wigatos. Namaning gangsa-gangsa ingkang misuwur ing Surakarta: Kraton Surakarta kagungan gangsa gamelan sekaten Naga Jenggot; Kyai Jimat; Sl. Larasati- Pengasih Pl.; Sl. Gunturmadu-Kancilbelik Pl.; Sl. Kadukmanis-Manisrengga Pl.Lsp. Pura Mangkunegaran kagungan Gangsa Kanyutmesem Sl-Pl.; Sl. Udanasih-Udanarum Pl.; Sl. Udanriris, Lipur-tamba-Neng Pl. Sanesipun Gangsa Senggani (abebadan kaca); Gangsa Genthana. Namaning gangsa-gangsa inkang misuwur ing Yogyakarta: Kraton kagungan gangsa Gamelan sekaten Naga Ilaga, Guntursari; Sl. Harjanegara-Harjamulya Pl.; Sl. Madukentir-Siratmadu Pl.; Sl. Mrdharsih-Mikatsih Pl. Pura Pakualaman kagungan gangsa Sl. Pengawesari- Telagamuncar Pl.; Gangsa PB X. Kepatihan kagungan gangsa Sl. Yudasih, Ngakraarum Pl. Saben-saben papan gadhah adat ingkang benten. Irwan Sudjono (1990) nyerat pustaka mawi irah-irahan Lelagon Gagrag Enggal. Cak-cakan seni 10

kerawitan menika gumantung kaliyan swasana, wekdal, wragad dalah kawontenan ingkang nembe lumampah. Saged kawastanan luwes supados sedayanipun boten kecicir. Pramila anggenipun para pengrawit nabuh gamelan ugi mawas ingkang ngersakaken, punapa punika klenengan jangkep, gadhon utawi pethilan. Wernining ricikanipun gangsa klenengan kados ingandhap punika: a). Rebab: 1. plangkan; b). Gender barung, c). Gender penerus, d). Gambang, e). Slenthem, 1. pangkon; f) Saron barung: 2 pangkon; g). Kenong: 2a 3; h). Kempul tiga, laras: 1-6-5; i). Gong Kemodong: sarakit; j) Gong suwukan laras: 2-1; k) Kethuk, kempyang, engkuk, kemong; l). Suling, m). Clempung, n). Clempung panerus: nyatunggal; o). Kendhang: tiga; p). Keprak, kepyak. Gangsa Ageng: ricikanipun kados kasbut nginggil, kawewahan: q). Bonang, r) Bonang panerus; s). Demung, t). Saron panerus, u). Gong Ageng: 6-5. Gamelan Gadhon: ricikanipun namung methil saperlunipun kemawon: 1). Slenthem, 2) Gender, 3) Gambang, 4) Suling, 5) Kethuk, 6) Kenong, 7) Kendhang, 8) Gong. Gendhing Kebogiro upaminipun, punika kaungelaken wradin ing ricikaning gangsa, sadaya ricikan katabuh, nadyan namung awis-awis. Wondene gendhing rebab, gendhing bonang, gendhing gender, gendhing gambang punika Ingkang mbukani gendhing. Dene ricikan sansipun punika namung mematut sarta ngendhongi, murih nambahi rengeng lan sakecaning swara. Gendhing rebab Gendhing bonang Gendhing gender : krawitan, gambirsawit, onang-onang. : babarlanjar, jalaga, slebrak. : kabor, kawit, bang-bang wetan, ddmpel. 11

Gendhing gambang : undur-undur kajongan, ketawang srepegan, ketawang segaran, gendhing bremara. Ing gendhing bonang: rebab, gender, gender panerus, gambang, suling lan clempung, sami boten kaungelaken, amargi rakitanin gamelan kagolongaken: gangsa ageng. Ing gendhing gender : bonang, bonang panerus, demung lan peking boten katabuh, awit rakitaning gangsa kagolongaken gamelan klenengan. Wondene gendhing gerongan inggih punika gendhing ingkang dipun bukani Bawa Sekar ageng, kabarung tiyang kathah, nggerong miturut laguning gendhing gerongan. Rakitanipun: Gamelan ageng sarancak jangkep, utawi kenging ugi: gamelan klenengan. Babagan gendhing karawitan Soetrisno (2001) sampun nyerat pustaka ingkang saged kangge gladhen. Tumpraping para siswa lan dwija pustaka punika estu piguna sanget. D. Panutup Sinau gendhing karawitan punika perlu tlaten. Sauger tlaten tartamtu badhe panen. Punika jumbuh kaliyan wejanganipun para sesepuh, ngelmu iku kelakone kanthi laku. Sakedhik baka sakedhik anggenipun nyinau karawitan lajeng kasembadan. Murih lestarining seni adiluhung punika, ing sadhengah papan cocog manawi dipun adani gladhen karawitan. Ing pendhapi dhusun, kantor, pawiyatan lan balai kesenian prayogi sanget menawi gladhen mirunggan dipun lampahi kanthi tumata lan pratitis. 12

Langkung-langkung dhumateng para dwija ingkang kajibah ngreksa basa lan sastra Jawi, langkung sae menawi dipun jangkepi kaliyan ketrampilan nabuh gamelan. Kanthi makaten para siswa ugi langkung gampil cara pasinaonipun. KAPUSTAKAN Dwijo Carito, 2000. Pakeliran Sedalu Natas Lampahan Semar Boyong, Cendrawasih. Surakarta. Harsono Kodrat, 1982. Gending-gending Karawitan Jawa. Balai Pustaka. Jakarta. Irwan Sudjono, 1990. Lelagon Gagrag Enggal. Cendrawasih. Surakarta Ki Hajar Dewantara, 1953. Pasinaon Titi Laras Gendhing. Barata. Jakarta. Kodiron, 1989. Marsudi Karawitan Jawi. Cendrawasih. Surakarta Raden Bekel Wulan Karahinan, 1991. Gendhing-gendhing Mataram Gaya Yogyakarta dan Cara Menabuh. Kraton Yogyakarta Hadiningrat. Yogyakarta. Siswoharsojo, 1953. Gamelan Ingkang Kangge Ngiringi Wayang. Gondolayu. Yogyakarta. Soetrisno, 2001. Seni Kerawitan. Sadang. Surabaya. Sukatmi Susantina, 2001. Inkulturasi Gamelan Jawa. Philpres. Yogyakarta. Sunarto, 1976. Seni Kerawitan Jawi. Sadubudi. Surakarta. Sunardi Wisnubroto, 1997. Sri Lestari An Introduction to Gamelan. Gama Press. Yogyakarta. Trimanto, 1984. Membuat dan Merawat Gamelan. Depdikbud. Yogyakarta. 13