KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN

dokumen-dokumen yang mirip
Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

ASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening:

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN LINTANG ING LANGIT WENGI (NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA)

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

Ngundhakake Katrampilan Nulis Teks Pawarta Lumantar Medhia Foto Sawenehe Kagiyatan Siswa Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 2015/ 2016

Piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul. Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

SRI HAPSARI PURWANTI

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

Dra. Sri Wahyu Widayati, M. Si Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

LELEWANE BASA SAJRONE CRITA SAMBUNG WATESING KASABARAN ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN STILISTIKA) DWI LISTIANINGSIH

UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

Wujud, Guna, lan Kalungguhane Rimbag {-e} Wujud, Guna, lan Kalungguhane Rimbag {-e} Ellva Khoiroh Agustina

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

Novel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK

REFLEKSI ETIKA JAWA SAJRONING RERIPTAN SASTRA JAWA KLASIK; STUDI TEKS LAN KONTEKS SERAT WIRA ISWARA

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGETRAPAKE BASA RINENGGA KANTHI METHODE MAKE- A MATCH KLAS VII H SMP NEGERI 1 BARON TAHUN PAMULANGAN JURNAL

Wujud Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa sajrone Antologi Cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana Pengelolaan

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

ENDANG TRI WAHYUNINGSIH

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

Modhel Pasinaon Langsung kanthi Medhia Video kanggo Ngundhakake Kawasisan Maca Endah Geguritan Siswa Kelas VII A SMPN 1 Kertosono Kabupaten Nganjuk

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013

WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA

Naskah Primbon Jaelani Suntingan Teks lan Studi Intertekstualitas [Tintingan Filologi]

PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG

UPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG KANTHI MODHEL NUMBERED HEADS TOGETHER LUMANTAR MEDHIA AUDIO SISWA KELAS 7 A SMPN 6 TULUNGAGUNG

Kewasisan Nulis Aksara Jawa Murdha Kanthi Medhia Kertu Pohon Aksara

Meyra Hartantika Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor)

Tindak Tutur Janji ing Dhusun Krajan, Desa Ampel, Kecamatan Wuluhan, Kabupaten Jember

Ngundhakake Katrampilan Crita Pengalaman Pribadi Kanthi Medhia Modhel Boneka Tangan Siswa Kelas Vii B Smp Negeri 2 Gondang Taun Pamulangan 2015/2016

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

Moralitas Sajrone Cerbung Nggayuh Lintang Anggitane Tiyasti MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI

"Pidhato Basa Jawa Kanthi Modhel Pamulangan Langsung"

Ngundhakake Katrampilan Nyemak Crita Pewayangan Kanthi Medhia Compact Disc Siswa Kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung Taun Pamulangan

Tintingan Postkolonial. Resistensi tumrap Kolonialisme sajrone Cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng Anggitane Suroso Bc. Hk.: Tintingan Postkolonial

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

LARASING TEMBUNG LAN TEMBANG SAJRONING ANTOLOGI CAMPURSARI BANYUWANGI ANGGITANE ANDANG C.Y (Tintingan Stilistika)

WERNANE BASA HUMOR SAJRONE DHAGELAN JO KLITHIK JO KLUTHUK

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG

MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

Ngundhakake Kewasisan Nembang Gambuh Siswa Kelas IX A SMPN 1 Wilangan Migunakake Medhia Audio Visual MP4

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGAPRESIASI DONGENG KANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD SISWA KELAS 8B SMP NEGERI 6 TULUNGAGUNG

TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO, KECAMATAN PLUMPANG, KABUPATEN TUBAN

Aspek Semiotis Sajrone Antologi Geguritan Alam Sawegung Anggitane Sudi Yatmana. Nurwula Kusmiati

KITAB MI RAJ NABI (Tintingan Intertekstual)

KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

Transkripsi:

KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN Wahyu Panca Okta Hendrawan Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, Unesa, (wahyu.panca@yahoo..co.id) Abstrak Sesorah minangka salah sawijining seni sajroning nindakake tuturan. Lelandhesane pamawas kasebut, yaiku sajroning sesorah tinemu sawijining esensi kaendahan lumantar wewujudan tata rakiting tembungtembunge lan tata carane sajroning nindakake. Teks-teks utawa naskah sesorah akeh jinise lan bisa tinemu ing papan-papan tartamtu sajroning bebrayan agung iki. Salah sijine naskah sesorah kang dadi objeke panliti, yaiku Naskah Ngilmu. Reriptan sastra kasebut pinilih dening panliti dadi objeke panliten iki kanthi saperangan kaluwihan. Naskah Ngilmu diripta dening Ng. Hadi Wiyata ing taun 1936. Manut katrangan ing samak, Naskah Ngilmu diwetokake dening Electrische Drukkerij lan Boekhandel A.B. Sitti Sjamsijah ing kutha Solo kanthi kandel 123 kaca. Saliyane dicetak kanthi wujud buku, uga tau disiyarake dening radio Zender Radio Solo. Naskah Ngilmu wujude iku minangka naskah sesorah kang ngandhut kawruh ngenani ngelmu kasidan sajroning agama Islam. Underan sajroning panliten iki kaya mangkene. (1) Kepriye wujud pamilihing tembung sajroning Naskah Ngilmu. (2) Kepriye wujud lelawaning basa sajroning Naskah Ngilmu. (3) Kepriye wewujudaning struktur sesorah sajroning Naskah Ngilmu. (4) Kepriye kawruh kasampurnaning ngaurip sajroning Naskah Ngilmu. Panliten kang ditindakake kanthi objek Naskah Ngilmu iki asipat kualitatif lan nggunakake pamarekan stilistika. Metode kang digunakake sajroning pangumpulan data, yaiku dokumentasi. Metode analisis data, yaiku heuristik lan hermeneutik minangka cara pamacane reriptan sastra. Teori kang kawawas trep kanggo nindakake panliten iki yaiku struktur reriptan sastra kang dijumbuhake karo wujude sesorah. Datane panliten iki awujud pethikan-pethikan ukara lan perangan tembang macapat uga pustaka. Panliten iki nuduhake asil yen Naskah Ngilmu iku kedadeyan saka sepuluh perangan kang ngemot kawruh kasampurnaning ngaurip. Pamilihing tembung kang digunakake sajroning Naskah Ngilmu iku maneka warna, kayata manut ngelmu basa tinemu tembung aran, tembung kriya, tembung watak (kahanan), lan tembung sesulih, dene miturut kasusastran tinemu tembung entar, tembung saroja, lan tembung garba. Sakabehing pamilihing tembung mau gegayutan karo kawruh kasampurnaning ngaurip. Lelewaning basa kang tinemu sajroning Naskah Ngilmu, kayata bebasan, pepindhan, paribasan, sanepa, lan basa tembang. Saperangan gedhe peranganing Naskah Ngilmu iku nggunakake struktur sesorah kanthi jangkep, nanging ana saperangan perangan kang ora nggunakake struktur sesorah kanthi jangkep, yaiku perangan eka makandheh. Kawruh kasampurnan sajroning Naskah Ngilmu iku dibedakake dadi rong jinis, yaiku kawruh kasampurnan nalika manungsa isih urip lan kawruh kasampurnan sawise manungsa mati. Kawruh kasampurnan nalika manungsa isih urip iku dumadi saka, (1) pamawase manungsa tumrap pati; (2) pacoban kang dadi pangrencananing urip; (3) carane luwar saka coba pangrencana; (4) lelaraning ati; (5) kahanane pungkasaning uripe manungsa; (6) lelandhesan hukum sajroning agama Islam; lan (7) piwulang wernawerna. Kawruh kasampurnan sawise manungsa mati, kayata (1) bedane matining manungsa lan sato kewan; (2) lelakoning manungsa sawise mati; (3) kahanane dina bangas; (4) jinising dina kiyamat; (5) kahanane dina wawales utawa hisab; lan (6) jinising wewalesing pangeran marang manungsa. Tembung-tembung baku: Naskah Ngilmu. pamilihing tembung, lelewaning basa, struktur sesorah, lan kawruh kasampurnan. A. PURWAKA Sesorah minangka salah sawijining seni sajroning nindakake tuturan. Lelandhesane pamawas kasebut, yaiku sajroning sesorah tinemu sawijining esensi kaendahan lumantar wewujudan tata rakiting tembung-tembunge lan tata carane sajroning nindakake. Sesorah, yaiku wicara ing ngarepe wong akeh kanggo ngaturake pikiran utawa gagasan marang pamriksa kang diaturake sajroning kahanan formal utawa ora formal kanthi rinakite tembungtembunge kanthi cara sistematis nggunakake basa lisan minangka wadah utama, sarta nduweni tujuwan menehi kawruh utawa pawarta kanggo menehi daya pangaribawa marang pamriksa supaya nindakake pangajake pamicara kanthi suka lila (basando.blogspot.com, diundhuh Kemis, 23 Januari 2014, jam 22.00). Tegese sesorah mau nuduhake yen sesorah iku ora bisa ditindakake kanthi ninggalake wewaton lan ora saben wong bisa nindakake sesorah kanthi becik. Sesorah minangka wujud nuduhake dhiri tumrap sawijining paraga ing ngarepe pamriksa kanggo ngaturake isine ati utawa pikiran. Wujuding sesorah minangka jinising wicara pribadi nduweni maneka 1

warna jinise. Sesorah uga bisa bae ditindakake kanthi maneka warna cara, nanging uga perlu disiyapake tata rakite panyungsune. Isine sesorah perlu digatekake supaya bisa menehi daya pangaribawa tumrap pamriksa, kayata ngenani kahanane panguripan saben dina utawa aspak sosial (humaniora). Keraf (2005: 15) ngandharake, sastra humaniora yaiku sanjak-sanjak klasik, filsuf, ahli sejarah, ahli sesorah kang medharake ngenani panguripan lan nilai kamanungsan. Sesambungane sesorah saka kahanan kasebut bisa dingerteni, yaiku saka isine sesorah kang lumrahe ngenani panguripan lan nilai kamanungsan iku diwedharake kanthi endah, saengga sinebut sastra humaniora. Tujuwaning sesorah kang ditujokake kanggo menehi daya pangaribawa tumrap pamriksa iku kudu ditengenake. Sesorah minangka reriptan sastra bisa nduweni kalungguhan kang becik kanggo nyengkuyung tujuwan mau. Gozali ngandharake, reriptan sastra iku tinulis minangka asile reriptan kanthi unsur kaendahan, klebu unsur kang paling onja, sarta dituduhake kanthi tembung-tembung kang kagolong seni lan basa kang endah (Pradopo, 2007: 36). Pamawas kasebut njumbohake antarane reriptan sastra kang awujud geguritan lan sesorah. Kekarone padha-padha jinise reriptan sastra kang nengenake kaendahan sajroning pocapane. Bedane mung manggon marang wujude basa. Wewujudane geguritan luwih nggunakake basa kang cekak, nanging sesorah isih nggunakake basa kang longgar kaya panganggone basa saben dina. Teks-teks utawa naskah sesorah akeh jinise lan bisa tinemu ing papan-papan tartamtu sajroning bebrayan agung iki. Ekadjati ngandharake, naskah iku minangka dokumen kang ngandhut pamikiran, pangrasa, lan kawruh sawijining bangsa (Subandiyah, 1998 :3). Salah sijine naskah sesorah kang dadi kawigatene panliti, yaiku Naskah Ngilmu (sabanjure disebut NNK = Naskah Ngilmu ). NNK pinilih dening panliti dadi objeke panliten iki kanthi saperangan kaluwihan. NNK diripta dening Ng. Hadi Wiyata ing taun 1936. Manut katrangan ing sampul, NNK diwetokake dening Electrische Drukkerij lan Boekhandel A.B. Sitti Sjamsijah ing kutha Solo kanthi kandel 123 kaca. Saliyane dicetak kanthi wujud buku, uga tau disiyarake dening Zender Radio. NNK wujude, yaiku naskah sesorah kang ngandhut kawruh ngenani ngelmu kasidan sajroning agama Islam kang minangka ngelmu sepuh. Kawruh ngenani mati sajroning NNK iku dadi kaunggulane naskah iki, amarga NNK ngrembug ngenani kawruh mati kang dadi pungkasane wong urip ing ngalam donya. Miturut Poerwadarminta (1937:299), mati iku tegese ilang nyawane utawa uripe. Kahanan mati iku ora bisa dicepetake utawa diundurake lan sakabehe kang urip iku bakal nemoni pati. Perkara iku laras karo ayat Al-Quran kang dipethik sajroning purwaka NNK, yaiku surat Ambiya ayat 35. Ngelmu kasidan lan rerangken cara kanggo ngadhepi kasidan jati iku sajroning panliten iki sinebut kawruh kasampurnaning ngaurip. Karepe kawruh kasampurnaning ngaurip, yaiku ngrembug tumindak becik lan ala ing ngalam donya kang menehi daya pangaribawa tumrap pungkasane urip lan nyritakake kahanane manungsa sawise mati. Sakabehe mau kadhudhah kanthi pangajab, supaya bisa dadi pepeling lan patuladhan tumrape para manungsa. Pamarekan kang digunakake sajroning panliten iki, yaiku stilistika. Lelandhesan pamilihing pamarekan stilistika sajroning panliten Kawruh Kasampurnaning Ngaurip sajroning Naskah Ngilmu iki, amarga sajroning NNK ngandhut pamilihing tembung, lelewaning basa, lan retorika kang narik kawigaten kanggo ditliti. Kaya salumrahe reriptan sastra liyane, NNK uga ngandhut piwulang luhur, sajroning panliten iki sinebut kawruh kasampurnaning ngaurip. Kawruh iku arang-arang diwedharake sajroning reriptan sastra, mula bisa dadi titikan lan kaluwihan tumrap NNK yen katandhingake karo reriptan sastra liyane. Telung unsur kang kuwat minangka titikan lan kaluwihane NNK, yaiku anane pamilihing tembung, lelewaning basa, lan retorika kang beda karo reriptan sastra liyane. Keraf (2005: 22) ngandharake, pamilihing tembung ora mung ngemungake tembung-tembung kang digunakake kanggo medharake gagasan, nanging nyakup frascologi, lelewaning basa, lan wedharan. Sejatine lelewaning basa iku isih klebu utawa gumantung pamilihing tembung, nanging kanggo nggampangake pamawase pamaca becike dirembug dhewe. Lelewaning basa minangka wujud retorik, yaiku panganggone tetembungan sajroning wicara lan nulis kanggo nyakinake utawa ndayani pamiyarsa utawa pamaos (Tarigan, 1980: 5). Retorika uga minangka perangane pirembugan stilistika kang ora kalah wigati. Miturut Keraf (2005: 1), retorika tegese sawijining tetembungan tradisional kang digunakake kanggo ngarani sawijining teknik panganggone basa minangka seni kang didhasarake marang sawijining sesurupan kang kasungsun becik. Pamilihing tembung, lelewaning basa, lan retorika diwawas minangka fenomena basa sarta fenomena bebrayan. Telung tetembungan kasebut bisa diarani perkara kabasan kang ora bisa uwal saka kahanan sosial utawa bebrayan agung kang dadi papan dununge. Lumantar panliten tumrap NNK iki kaajab katelune bisa kadhudhah kanthi becik lan dadi sarana medharake kawruh kasampurnaning ngaurip, sarta bisa diwedharake kanggo nambahi pangrembakane ngelmu stilistika. Panliten kang ditindakake tumrap NNK iki asipat kualitatif. Karepe saka panliten kualitatif, yaiku panliten sipat kang luwes lan nengenake marang lakune panliten, saengga menehi kalonggaran tumrap panliti saperlu ngowahi tata cara panlitene sajroning nindakake panliten. Metode pangumpuling data panliten iki, kayata dokumentasi lan angket. Metode kang digunakake sajroning analisis data ing panliten iki, yaiku 2

hermeneutika.lan heuristik. Miturut Ratna (2009: 45) sajroning sastra lan filsafat, hermenueutika disejajarake kanthi pamawas, pamahaman, verstehen, lan retroaktif. Teori kang kawawas trep kanggo nindakake panliten iki, yaiku struktur reriptan sastra kang dijumbuhake karo wujude sesorah. Metodologi panliten kang digunakake sajroning panliten iki, kaajab bisa ndhudhah isi piwulange sajroning NNK kang diarani kawruh kasampurnaning ngaurip. Kawruh kasebut kawawas wigati banget tumrap laku uripe manungsa kang terus lumaku utawa sinebut sangkan paraning dumadi. Gegambaran sajroning NNK muga bae bisa dadi gegambaran nyata lan muwuhi sesurupan kang wis ana sajroning bebrayan agung. B. METODE Panliten kang ditindakake iki arupa panliten kualitatif. Miturut Moleong (2005: 6) panliten kualitatif, yaiku panliten kang nduweni tujuwan kanggo nyinaoni fenomena kang ditemoni dening subjek panliten, kayata persepsi, motivasi, tumindak, lan sapanunggalane kanthi cara holistik lan deskriptif sajroning wujud tembungtembung lan basa mligi ing sawijining konteks kang asipat alamiah lan migunakake metode alamiah. Panliten kualitatif iki asipat luwes, saengga menehi kalonggaran tumrap panliti kanggo ngowahi tata cara panlitene. Pamarekan kang digunakake kanggo nintingi objeking panliten iki, yaiku stilistika. Pamarekan kasebut digayutake karo bab-bab kang ditliti sajroning panliten iki, mligine kawruh kasampurnaning ngaurip. Carane nindakake panliten kang nggunakake pamarekan stilistika, yaiku kanthi mawas perkara-perkara unsureunsur stilistikane. Peranganing reriptan sastra kang kena ditintingi kanthi pamarakan stilistika, yaiku pamilihing tembung, lelewaning basa, struktur retorika utawa sesorah. Metode pangumpuling data panliten iki, yaiku dokumentasi. Metode dokumentasi digunakake sajroning, amarga panliten iki nggunakake objek arupa pustaka. Metode analisis data kang digunakake ing panliten iki, yaiku hermeneutik. Panggunane metode hermeneutik sajroning panliten kanthi objek reriptan sastra tradisi iki kanthi ora langsung uga wis nglakoni pamacan kanthi cara heuristik. Pamacan kang kapisan nggunakake heuristik, dene pamacan kapindho nggunakake hermeneutik. Panliten iki nggunakake teori struktur reriptan sastra kang digayutake karo konsep struktur sesorah. Teori lan konsep kasebut digunakake sajroning panliten iki minangka wujud metodologi panliten kang asipat praktis. Konsep struktur sesorah, yaiku (1) proem; (2) naratio; argument; (4) refutation; lan (5) epilogis. Teknik analisis data sajroning panliten iki kaperang dadi limang trap-trapan. Kapisan, yaiku nindakake deskripsi naskah. Kapindho kang ditindakake, yaikunintingi pamilihing tembung. Katelu, yaiku nintingi lelewaning basa. Pungkasan, yaiku ngrembug wujude kawuh kasampurnaning ngaurip sajroning NNK. C. ANDHARAN Andharane asil panliten sajroning panliten iki, kayata (1) deskripsi naskah, (2) pamilihing tembung sajroning NNK, (3) lelewaning basa sajroning NNK, (4) retorika lan sesorah sajroning NNK, lan (5) struktur sesorah sajroning NNK. Jlentrehe perkara kasebut kaya mangkene. 1. Deskripsi Naskah Ngilmu Deskripsi naskah minangka trap-trapaning panliten kang sepisanan ditindakake tumrap panliten iki. Asiling panliten nuduhake yen irah-irahane reriptan sastra kang dadi objeking panliten iki, yaiku Naskah Ngilmu. Reriptan sastra kasebut diripta dening Ng. Hadi Wiyata lan Electrische Drukkerij lan Boekhandel A.B. Sitti Sjamsijah ing kutha Solo taun 1936. Basa kang digunakake sajroning NNK, kayata basa Jawa klasik, basa Arab, basa Inggris, lan basa Landa. NNK minangka reriptan sastra tradisi kang nggunakake aksara Jawa, aksara Arab, lan aksara Latin. Kahanane NNK isih kagolong becik, nanging ana saperangan naskahe kang suwek. Pungkasan bisa ditengeri, yen NNK iki isine ngenani ngelmu kasidan lan sajroning panliten iki diarani kawruh kasampurnaning ngaurip. 2. Pamilihing Tembung sajroning Naskah Ngilmu Pamilihing tembung sajroning iku ditintingi manut ngelmu basa lan kasusastram Jawa. Miturut ngelmu basa pamilihing tembung sajroning NNK iku nuduhake asil kang nuduhake saperangan tembung kang nuduhake anane ngelmu kasampurnaning ngaurip. Jinising tembung kasebut, yaiku tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan, lan tembung sesulih. Pamilihing tembung miturut kasusastran Jawa nuduhake asil kaya mangkene. Ana telung jinising pamilihing tembung kang nuduhake kawruh kasampurnaning ngaurip, yaiku tembung entar, tembung garba, lan tembung saroja. Rong perangan kang klebu sajroning pirembugan pamilihing tembung iku nuduhake utawa njurung marang trap-trapaning nintingi kawruh kasampurnaning ngaurip kang dumunung ing NNK. 3. Lelewaning Basa sajroning Naskah Ngilmu 3

Lelewaning basa kang diandharake ing panliten iki mung wujude lelewaning basa kang ana sesambungane karo kawruh kasampurnaning ngaurip sajroning NNK. Ana limang jinis lelewaning basa kang klebu sajroning pirembugan iki. Lelewaning basa kasebut, kayata bebasan, pepindhan, paribasan, sanepan, lan basa tembang. Limang jinis lelewaning basa kasebut kawawas nduweni wujud kang mligi lan bisa menehi panjurung tumrap laku medharake kawruh kasampurnan sajroning NNK iki. 4. Struktur Sesorah sajroning Naskah Ngilmu Struktur sesorah kang ditintingi ing panliten iki nuduhake asil kang beda-beda, amarga NNK iku dumadi saka sepuluh perangan. Perangan eka makandheh nduweni struktur kang ora jangkep, yaiku mung tinemu perangan narratio, argumen, lan epilogos. Perangan dwi makandheh, tinemu jangkep struktur sesorahe. Perangan tri makandheh dumadi saka struktur sesorah kang jangkep. Struktur sesorah sajroning perangan catur makandheh uga tinemu jangkep.panca makandheh kang ditintingi ing panliten iki uga dumadi saka struktur sesorah kang jangkep. Kahanane sad makandheh uga kaya mangkono, sawise katliti asile nuduhake dumadi saka struktur kang jangkep. Wujude sapta makandheh iku dumadi saka struktur kang jangkep. Astha makandheh sawise katintingi nuduhake asile kang jangkep, nanging ing perangan argumen diandharake kanthi wujud tembang macapat. Perangan nawa makandheh uga dumadi saka struktur sesorah kang jangkep. Perangan pungkasan (dasa makandheh) minangka perangan panutup sajroning NNK. Perangan kasebut dumadi saka struktur kang jangkep. 5. Kawruh Kasampurnaning Ngaurip sajroning Naskah Ngilmu Kawruh kasampurnaning ngaurip sajroning NNK iku kaperang dadi rong perangan, yaiku kawruh kasampurnaning nalika manungsa urip lan kawruh kasampurnan sawise manungsa mati. Kawruh kasampurnan nalika manungsa urip iku dumadi saka, (1) pamawase manungsa marang pati, yaiku wedi marang mati, anggege marang mati, lali marang mati, lan eling marang mati; (2) pacoban kang dadi pangrencananing urip; (3) carane luwar saka coba pangrencana; (4) wernawernaning laraning ati, kayata riya, takabur, drengki, lan murka; (5) kahanan pungkasane uriping manungsa, yaiku becik pungkasan uripe (khusnul khatimah) lan ala pungkasan uripe (su ul khatimah); (6) lelandhesan hukum sajroning agama Islam, dumadi saka wajib, kharam, sunat, makruh, mubah, batal, lan sah; sarta (7) piwulang werna-werna kang dumadi saka bab wektu, bab drajad, bab Rasul, rukun iman, rukun Islam, lan limang perkara sadurunge lima. Kawruh kasampurnan sawise manungsa mati iku dumadi saka, (1) bedane matining manungsa lan sato kewan; (2) lelakoning manungsa sawise mati, yaiku ana pamawas manungsa banjur manitis, manungsa banjur manjanma, lan manungsa banjur tumimbal; (3) kahaning dina bangas; (4) jinising dina kiyamat, kayata kiyamat sugra, kiyamat wusta, lan kiyamat kubra, (5) kahananing dina wewales utawa hisab; sarta (6) golonganing manungsa manut ngamal ibadahe nalika ing donya. D. PANUTUP Andharan kang pungkasan sajroning panliten iki, yaiku panutup. Isining panutup iku arupa dudutan lan pamrayoga. Dudutan iku minangka sari pathine andharan utawa isine panliten. Pamrayoga, yaiku peranganing andharan ing perangan isi kang ngemot gegambaran ngenani trap-trapan kang diwenehake tumrap panliti sabanjure lan pamaca. 1. Dudutan Dudutan kang bisa kaandharake sajroning poanliten iki, yaiku ora adoh saka underaning panliten kang katliti ing panliten iki. Dudutan iki minangka piwangsulan saka underaning panliten kang dirembug ing panliten iki. Wujude dudutan luwih ringkes, yen katandhingake karo wujude andharan ing bab IV. Cara ngandharake dudutan iki kanthi pamerang kang dilarasake karo underaning panliten. Asiling panliten nuduhake yen irah-irahane reriptan sastra kang dadi objeking panliten iki, yaiku Naskah Ngilmu. Reriptan sastra kasebut diripta dening Ng. Hadi Wiyata lan Electrische Drukkerij lan Boekhandel A.B. Sitti Sjamsijah ing kutha Solo taun 1936. Pamilihing tembung sajroning iku ditintingi manut ngelmu basa lan kasusastram Jawa. Jinising pamilihing tembung miturut ngelmu basa lan kasusastran Jawa, kayata tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan, tembung sesulih, tembung entar, tembung garba, lan tembung saroja. Struktur sesorah kang ditintingi ing panliten iki nuduhake asil kang beda-beda, amarga NNK iku dumadi saka sepuluh perangan. Kawruh kasampurnaning ngaurip sajroning NNK iku kaperang dadi rong perangan, yaiku kawruh kasampurnaning nalika manungsa urip lan kawruh kasampurnan sawise manungsa mati. 2. Pamrayoga Wujud pamrayoga kang bisa diwedharake kaya mangkene, (1) bebrayan agung minangka pandarbe reriptan sastra, klebu NNK iki sabisa-bisa kudu gelem njaga lan nyinaoni kanthi temen; (2) kawruh kasampurnan iku minangka sawijining ngelmu ing bebrayan Jawa becik 4

disinaoni kanthi temen lan disingkiri laku dikotomi (mbedak-bedakake) marang tataraning umur, amarga mati iku ora metung marang tataraning umu saengga sakabehing tataraning umur iku perlu mangerteni kautamane lan carane nggayuh kasampurnaning ngelmu; sarta (3) panliten kanthi objek NNK iki ditindakake nggunakake pamarekan stilistika kang kawawas durung sampurna, pramila prayogane ditindakake panliten maneh kanthi pamarekan liyane kanggo njangkepi asiling panliten ngenani NNK. Pamrayoga-pamrayoga kasebut kaajab bisa menehi gegambaran tumrap pamaca lan panliti sabanjure, saengga jagading kasusastran Jawa bakal ngrembaka kanthi subur. KAPUSTAKAN Affifuddin. 2009. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Pustaka Setia. Al-munddziri, Imam. 2012. Ringkasan Shahih Muslim. Bandung: Jabal. Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian: Suatu Pendekatan Praktek. Jakarta: Rineka Cipta. Az-zabidi, Imam. 2012. Ringkasan Shahih Bukhari. Bandung: Jabal. Endraswara, Suwardi. 2008. Metodologi Penelitian Sastra. Yogyakarta: Media Presindo. Hadiwidjana, R. D. S. 1967. Tata Sastra. Yogyakarta: U. P. Indonesia. Herusatoto, Budiono. 2008. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Ombak. Keraf, Gorys. 2006. Diksi dan Gaya Bahasa: Komposisi Lanjutan I. Jakarta: PT gramedia Pustaka Utama. Kusmiati, Nurwula. 2013. Aspek Semiotis sajroning Antologi Geguritan Alam Sawegung Anggitane Sudi Yatmana. Skripsi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Unesa (durung diterbitake). Surabaya: Universitas Negeri Surabaya. Luxemburg, Jan Van. Mieke Bal. lan Willem G. Weststeijn. 1989. Pengantar Ilmu Sastra. Jakarta: Gramedia. Moleong, Lexy J. 2005. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT Remaja Rosdakarya. Najid, Moh. 2009. Mengenal Apresiasi Prosa Fiksi. Surabaya: University Press. Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Padmosoekotjo, S. 1953. Ngrengrengan Kasusastran Djawa. Yogyakarta: Soejadi.. 1987. Paramasastra Jawa. Surabaya: PT Citra Jaya Murti. Poerwadarminta, WJS. 1939. Bausastra Djawa. Jakarta: J. B. Wolters' Uitgevers atau Maatchappij N.V. Groningen.. -. Baoesastra Djawi-Indonesia. Jakarta: Bale Poestaka.. 2011. Baoesastra Kawi- Djarwa. Jakarta: Bale Poestaka. (PDF). Pradopo, Rachmat Djoko. 2002. Pengkajian Puisi. Yogyakarta. Gadjah Mada University Press.. 2007. Prinsip-prinsip Kritik Sastra. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Teori, Metode, dan Teknik, Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar. Setyodarmodjo, lkk. 2007. Menggali Filsafat dan Budaya Jawa. Jakarta: Prestasi Pustakaraya. Sudjiman, Panuti. 1993. Bunga Rampai Stilistika. Jakarta: Pustaka Utama Graviti. Sugiyono. 2003. Metode Penelitian Bisnis. Bandung. Pusat Bahasa Depdiknas. Teeuw, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra; Pengantar Teori Sastra. Jakarta: PT Girimukti Pusaka. Usman, Nur Halimah. 2007. Diksi dan Gaya Bahasa Syair-syair Lagu Pop Indonesia Pilihan; Kajian Stilistika. Skripsi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia Unesa (durung diterbitake). Surabaya: Universitas Negeri Surabaya. Wellek, Rene lan Austin Warren. 1995. Teori Kesusastraan. Jakarta: PT Gramedia. Wisnumurti, Rangkai. 2012. Sangkan Paraning Dumadi. Yogyakarta: Diva Press. Wiyata, Hadi. 1936. Ngilmu. Solo: Electrische Drukkerij lan Boekhandel A.B. Sitti Sjamsijah. Wulandari, Wahyu. 2012. Pamilihing Tembung lan Lelewaning Basa sajroning Antologi Geguritan Ombak Wengi Anggitane Yusuf Susilo Hartono; Tintingan Stilistika. Skripsi S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Unesa (durung diterbitake). Surabaya: Universitas Negeri Surabaya. 5