WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA

dokumen-dokumen yang mirip
Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Wujud, Guna, lan Kalungguhane Rimbag {-e} Wujud, Guna, lan Kalungguhane Rimbag {-e} Ellva Khoiroh Agustina

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

SRI HAPSARI PURWANTI

TINDAK TUTUR NGABARI ING DESA JURUG, KECAMATAN SOOKO, KABUPATEN PONOROGO

Tembung wigati: tindak tutur ngelem, masyarakat, cara medharake, pananggepe mitratutur, konteks sosial

LEKSIKON UPACARA ADAT ING DESA TAKSIKMADU KECAMATAN WATULIMO KABUPATEN TRENGGALEK

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

Tindak Tutur Janji ing Dhusun Krajan, Desa Ampel, Kecamatan Wuluhan, Kabupaten Jember

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

TINDAK TUTUR INFORMATIF SAJRONE KHOTBAH KEBAKTIAN MINGGU ING GREJA KRISTEN JAWI WETAN ING KUTHA SURABAYA. e-jurnal

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

Tindak Tutur Pamit ing Pasrawungan Masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung

TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO, KECAMATAN PLUMPANG, KABUPATEN TUBAN

Implikatur Pacaturan lan Palanggaran Maksim Kerjasama sajrone Tetakonan ing Grup Sumbangsih

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG

TINDAK TUTUR TAKON ING DESA JETIS KECAMATAN DAGANGAN KABUPATEN MADIUN JURNAL

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

TINDAK TUTUR ATUR PANUWUN ING DESA DERMOSARI, KECAMATAN TUGU, KABUPATEN TRENGGALEK

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

Wujud, Guna, lan Kalungguhane Kriya Tanduk. Fitri Wijayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( )

Tindak Tutur Ngincim kanggo Panjurung ing Panggulawenthah ing Desa Paciran Kecamatan Paciran Kabupaten Lamongan

SET LAN KOLOKASI NGENANI CACADE AWAK

REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR

NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

WERNANE BASA HUMOR SAJRONE DHAGELAN JO KLITHIK JO KLUTHUK

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

Novel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

UKARA PAMRAYOGA JURNAL

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG KANTHI MODHEL NUMBERED HEADS TOGETHER LUMANTAR MEDHIA AUDIO SISWA KELAS 7 A SMPN 6 TULUNGAGUNG

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA CAMPURSARI TAMBANE ATI SKRIPSI. Dening TAUFAN SETYAWAN

BASA AWAK BIS JAYA TRAYEK SURABAYA PONOROGO (ANALISIS SOSIOLINGUISTIK) JURNAL

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

E-Journal/Bharada/Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa)/Fakultas Bahasa dan Seni/Universitas Negeri Surabaya

MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor)

PIRANTI KOHESI GRAMATIKAL SAJRONE RUBRIK GAMBANG SULING KALAWARTI JAYA BAYA TAUN 2015

KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN

KISI-KISI PENULISAN SOAL

Kapitayan Tradhisi Adeg Griya Madhep Ngalor ing Dhusun Jombok Desa Sembungin Kecamatan Bancar Kabupaten Tuban

Kewasisan Nulis Aksara Jawa Murdha Kanthi Medhia Kertu Pohon Aksara

Moralitas Sajrone Cerbung Nggayuh Lintang Anggitane Tiyasti MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

REGISTER BLANTIK SAPI ANA ING PASAR KEWAN KECAMATAN PUJON KABUPATEN MALANG. (Tintingan Sosiolinguistik) : Dendang Dewi Wulandari

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

"Pidhato Basa Jawa Kanthi Modhel Pamulangan Langsung"

UPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

Ngundhakake Katrampilan Nulis Teks Pawarta Lumantar Medhia Foto Sawenehe Kagiyatan Siswa Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 2015/ 2016

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

Wujud Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa sajrone Antologi Cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana Pengelolaan

Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek(TintinganFolklor) Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek (Tintingan Folklor)

SESAMBUNGANE LEGENDHA DESA WOTANMAS JEDONG LAN CANDHI JEDONG ING KECAMATAN NGORO KABUPATEN MOJOKERTO (Tintingan Folklor)

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

Transkripsi:

WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA Widharma Alit Sukma Putra Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya widharmaputra99@gmail.com Drs. Sugeng Adipitoyo, M.Si Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Abstrak Redhundhansi yaiku sesambungane teges kang kalebu semantik lan nggunakake tembung-tembung kanthi diluwih-luwihake utawa bisa diarani ngirit tembung. Kanthi panganggone tembung kang diluwih-luwihake mau, redhundhansi ora kalebu ukara kang baku. Saliyane kuwi, redhundhansi uga nerak logika basa. Logis ateges imbangnimbang akal utawa pamikir kang diandharake wujud tembung lan nyatakake wujud ukara. Dadi basa kang logis bisa nggunakake basa kang standar, yaiku basa kang bisa ditampa dening nalare manungsa. Basa kang standar ing kene biyasane digunakake ing kahanan kang resmi utawa formal. Penganggone basa kang standar ing kahanan kang formal bisa ing adicara pidhato. Salaras karo andharan ing ndhuwur, underane panliten yaiku; (1) Apa wae wujude redhundhansi adhedhasar satuwan linguistike?; (2) Apa wae jinis-jinise redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar maknane?. Panliten iki nggunakake ancangan dheskriptif analisis yaiku ancangan kang nduweni sipat njlentrehake wujud lan jinise redhundhansi ing basa Jawa kanthi gamblang. Basa kang digunakake ing panliten iki yaiku basa jawa. Sumbere dhata yaiku pidhato. Dene dhatane yaiku ukara-ukara kang digunakake ing pidhato. Tata cara nglumpukake dhata nganggo teknik nyemak ora mawa cakap lan nyathet. Tata cara pangolahing dhata, teknik kang digunakake yaiku teknik analisis dhata. Dene tata cara ngandharake asil analisis dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara informal, yaiku ngandharake analisis dhata kanthi nggunakake tetembungan kang lumrah. Adhedhasar asile andharan lan jlentrehan dhata, wujude redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar satuwan linguistike bisa kaperang dadi loro, yaiku frasa lan klausa. Saka wujud redhundhansi mau, banjur diandharake jinis-jinise redhundhansi adhedhasar maknane. Redhundhansi kang awujud frasa nduweni limang jinis, yaiku redhundhansi frasa cacah, redhundhansi frasa sipat, redhundhansi frasa dunung, redhundhansi frasa idhentifikatif, lan redhundhansi frasa tembung saroja. Redhundhansi kang awujud klausa nduweni telung jinis yaiku redhudhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tumindak, idhentifikatif, lan redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tembung saroja. Kata Kunci: redhundhansi, wujud, jinis PURWAKA Lelandhesane Panliten Redhundhansi yaiku sesambungane teges kang kalebu semantik lan nggunakake tembung kanthi diluwih-luwihake. Saliyane redhundhansi, bageyan saka sesambungane teges yaiku hiponimi, antonimi, sinonimi, homonimi, polisemi, lan ambiguitas. Penganggone sesambungan teges ing masyarakat isih akeh ditemoni, kabukti saka panliten-panliten sesambungane teges yaiku antonimi, homonimi, sinonimi, polisemi, hiponimi, lan ambiguitas. Saka pitung bageyan sesambungane teges, bageyan redhundhansi iki durung tau ditliti. Penganggone redhundhansi uga akeh tinemu sajrone urip bebrayan. Saben wong mesthi wae nggunakake basa. Saben nggunakake basa, akeh tembung-tembung kang dirakit supaya dadi ukara. Kanggo ngrakit tembungtembung kasebut, diprelokake pamikiran kang logis supaya tembung-tembung mau dadi ukara kang gampang ditampa lan dingerteni. Ukara kang nduweni pola kang salah miturut tata basa, wis jelas ora efektif. Nanging ukara kang nduweni pola kang bener miturut tata basa, uga durung mesthi efektif. Tuladhane ngaturaken sedaya kalepatan kula. Ukara kasebut wis bener, nanging ora pener. Teges saka ukara kasebut yaiku njaluk pangapura. Yen dinalar, kalepatan ora prelu diaturake. Ukara kasebut luwih efektif yen ngaturaken sugeng ariyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapunten. Menawa kalepatan kudune ya njaluk pangapura. Tuladha liyane sugeng dalu para rawuh sedaya. Ukara kasebut wis bener, nanging isih kurang trep. Teges saka ukara kasebut pengin nyapa para tamu undangan kang teka. Yen dinalar, tembung rawuh ing ukara kasebut tegese teka. Luwih efektif yen ukara kasebut diandharake sugeng dalu para tamu undangan. Saka rong conto kasebut, pamikiran kang logis diprelokake banget kanggo ngrakit tembung-tembung supaya dadi ukara kang trep. Redhundhansi dudu kalebu ukara kang baku, amarga sajrone ukara iku tetembungane digawe sarwa luwih. Proses redhundhansi iku amarga saka manungsa dhewe kang nduweni daya kanggo cecaturan kanthi jangkep lan sampurna. Jangkep lan sampurna, ateges nalikane cecaturan dirasa wis nganggo basa kang trep lan 1

trapsila, wis ngganggo rasa pangrasa, saengga dirasa wis cukup ngajeni marang mitra wicarane. Sejatine saben ukara kang dianggo dening pawongan iku nuduhake maksud kang padha, mung wae beda cara anggone ngucapake. Beda ateges nganggo basa kang miturute pamicara iku dianggep pas lan gumathuk karo kahanane. Tata basa nuntut yen ukara mono kudu bener lan pener. Bener lan pener ing kene ateges bisa menehi daya pangaribawa panampane informasi kanthi cetha marang mitra wicarane. Panliten redhundhansi ing basa Jawa iki durung nate ana amarga redhundhansi iku isih jumbuh kalebu ing semantik apa ora. Saka prinsipe semantik diandharake yen beda wujud, ateges uga beda maknane. Yen redhundhansi iku beda wujud, nanging ora beda maknane. Nanging miturut Chaer (1995:105), redhundhansi kalebu semantik, awit dheweke nganggep yen tembung-tembung kang nuduhake redhundhansi lan ora nuduhake redhundhansi iku tetep wae beda maknane. Anane redhundhansi uga ana sesambungane karo basa, mligine anane redhundhansi iku nerak anane logika basa, estetika basa, lan etika basa. Adhedhasar andharan kasebut, redhundhansi ing basa Jawa pancen prelu ditliti supaya ngerteni kepriye wujud lan jinise redhundhansi ing basa Jawa. Saliyane kuwi, redhundhansi jumbuh karo ukara kang efektif. Salah sawijine ciri ukara kang efektif yaiku ngiri. Prinsip singkat (hemat/ringkas) bisa digunakake kanthi cara ora nggunakake tembung-tembung kang ora prelu utawa muspra. Muspra ing kene ateges tembung-tembung kang ora prelu mau yen ta diilangi ora ngowahi teges saka ukara Miturut Tasai (2000:94-95) ngirit nduweni tetenger, yaiku ora nggunakake jejer kanthi bebarengan, ora nggunakake superordinat ing hiponim tembung, ora nggunakake tembung sinonim, lan ora nggebyahake tetembungan kang padha tegese. Adhedhasar lelandhesan panliten mau, mula undherane yaiku; (1) Kepriye wujude redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar satuwan linguistike?; (2) Apa wae jinni-jinise redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar satuwan linguistike?. Redhundhansi Redhundhansi bisa kedadeyan ing tembungtembung kang diwedharake sarana basa. Nalika micara, pamicara kerep nambah-nambahi tembung liya supaya mitra micara bisa luwih mangerteni apa kang dadi tujuwane pamicara. Redhundhansi minangka perangane ilmu semantik kang nyinaoni makna. Miturut Verhaar (1995:138), redhundhansi minangka tetembungan kang digunakake kanggo ngandharake salah sawijine konstituen sajrone ukara ora prelu dideleng saka segi semantik. Ukara Mobile maju mengarep tegese ora beda nalika diandharake Mobile maju. Panganggone tembung mengarep ing kene kang nuduhake redhundhansi. Miturut Verhaar (1978), rong ukara kasebut nduweni makna kang beda, nanging nduweni informasi kang padha. Miturut Chaer (1995:105), redhundhansi yaiku ukara kang nggunakake tetembungan kanthi luwih utawa bisa uga diarani ngirit tembung. Andharane Chaer kasebut uga disengkuyung karo andharane Wibowo (2003:53) yen redhundhansi yaiku panganggone basa kanthi linuwih. Hartmann (1973:193) uga ngandharake yen redhundhansi yaiku anane informasi kang padha utawa meh padha sajrone komunikasi kang luwih, nanging ing kene informasi kang diolehi isih kurang banget. Saliyane iku, pawongan uga nduweni panganggep yen saben ukara kang digawe iku nuduhake teges kang padha (Parera, 2002:18). Ukara kang dituturake dening pamicara sabenere wis nduweni makna sanadyan ora nggunakake tembung Tujuwan panganggone redhundhansi yaiku supaya mitra wicara luwih gampang mangerteni apa kang dadi maksud utawa karepe pamicara. Saka andharane para ahli basa ing ndhuwur, wis cetha yen redhundhansi ora kalebu ukara kang baku, amarga sajroning ukara iku tetembungane digawe sarwa luwih. Proses redhundhansi iku amarga saka manungsa dhewe kang nduweni daya kanggo cecaturan kanthi jangkep lan sampurna. Jangkep lan sampurna ateges nalikane cecaturan dirasa wis nganggo basa kang trep lan trapsila lan wis ngganggo rasa pangrasa saengga dirasa wis cukup ngajeni marang mitra wicarane. Anane redhundhansi gegayutan karo basa. Basa kang trep yaiku basa kang netepi telung prekara yaiku logis, etis, lan estetis. Saben-saben prekara iku nduweni tujuwan supaya basa kuwi mau trep. Kanggo nengenake basa kang trep, ukara-ukara kang digunakake mau nuwuhake prekara liya, prekara kuwi mau ing ilmu semantik diarani ambiguitas lan redhundhansi. Basa kang nengenake etis lan estetis nuwuhake redhundhansi, dene basa kang nengenake logise basa kang nuwuhake ambiguitas. Basa kang trep bisa nuwuhake ukara-ukara kang asipat efektif lan ora nuduhake redhundhansi. Miturut Razak (1986:2) ukara bisa diarani efektif yen bisa nuwuhake proses ngandharake lan panampa kang sampurna. Apa wae kang diandharake lan ditampa bisa awujud ide, gagasan, pesan, lan informasi. Ukara kang asipat efektif bisa nuwuhake isi utawa maksud kang diandharake dening panulis/ pamicara. Ukara kang nduweni pola kang salah miturut tata basa, wis jelas ora efektif. Nanging ukara kang nduweni pola kang bener miturut tata basa uga durung mesthi efektif. Miturut Soedjito (1988:1) ukara kang asipat efektif nduweni tetenger gramatikal, pamilihing tembung, lan penalaran. Tetenger gramatikal nduweni maksud ukara kang asipat efektif kudu melu kaidah-kaidah tata basa. Pamilihing tembung (dhiksi) nduweni maksud yen kanggo nyusun ukara kang asipat efektif kudu dipilih tembung-tembung kang trep, saksama, lan lazim digawe. Nalika ukara wis nduweni pamilihing tembung lan tata basa kang trep, ukara kasebut durung bisa diarani wis efektif. Keefektifan ukara disengkuyung karo pemikiran kang logis. Ukara kang logis bisa dimangerteni luwih gampang, cepet lan trep. Dene Putrayasa (2010:47) ngandharake, ukara bisa diarani efektif yen nduweni rong syarat kang utama, yaiku (1) struktur ukara kang efektif lan (2) ciri ukara kang efektif. Struktur ukara kang efektif nduweni cakupan 2

kalimat umum, kalimat paralel, lan kalimat periodik. Dene ciri ukara kang efektif yaiku kesatuwan (unity), kehematan (economy), penekanan (emphasis), lan kevariasian (variety). Miturute Wibowo (2003:53), redhundhansi iki ana amarga anane kerancuan. Kerancuan bisa kedadeyan ing tataran ukara lan tembunge. Miturut J.S. Badudu (1985:51) tetengere kerancuan iki bisa dibedakake kaya ing ngisor iki: 1. Pamicara ora sadhar apa kang diandharake mau nduweni sifat redhundhansi, ateges digawe kanthi ora sengaja. 2. Digawe kanthi sengaja minangka wujud lelewaning basa supaya negesake apa kang dadi tujuwane pamicara. Nalika micara, pamicara kudu ngilangi ukara kang nuduhake redhundhansi. Ukara kang nuduhake redhundhansi kaya kang diandharake ing ndhuwur kalebu ukara kang ora efektif. Mula saka kuwi, pamicara kudu nggatekake tembung-tembung kang diwedharake supaya ora nuduhake redhundhansi. Tetengere Redhundhansi Dideleng saka wujud lan kalungguhane tembung ing ukara, redhundhansi nduweni tetenger utawa titikan. Kapisan yaiku Ana tembung kang ora prelu utawa kang muspra. Kang diarani tembung kang ora prelu ing kene yaiku anane tembung kang luwih sajroning frasa utawa ukara kang nduweni makna kang padha. Tegese, tembung kuwi ora prelu diandharake maneh, tuladhane Sarmo maju mengarep. Ukara ing ndhuwur bisa diarani redhundhansi. Kang njalari redhundhansi jalaran maju mengarep. Tembung maju wis bisa makili tembung mengarep, ora ana yen maju kuwi memburi. Dadi tembung mengarep ora prelu ditulis maneh amarga maju wis nduweni teges mengarep. Kudune Sarmo maju. Ukara kasebut luwih efektif lan luwih hemat. Tetenger kang kapindho, yaiku ora ngowahi tegese yen tembung kang ora prelu mau diilangi. Tembung-tembung kang ora prelu digunakake kudune diilangi, nanging yen ngilangi tembung kuwi ora ngowahi teges saka ukara asale. Contone mobile mundur memburi, ukara kuwi ngemu rendundansi awit penganggone tetembungan mundur lan memburi. Tegese ukara kuwi yaiku mobile mundur, dadi yen tembung memburi diilangi ora ngowahi teges saka ukara asale amarga mundur iku wis memburi. Ora ana yen mundur kuwi menyang ngarep. Frasa Frasa minangka satuwan gramatikal sajrone ilmu basa nduweni panggon ing ndhuwure tembung lan sangisore klausa. Akeh para ahli basa kang njlentrehake babagan wewatesane frasa. Frasa yaiku gabungan saka rong tembung utawa luwih. Bloomfield (1964:194) njlentrehake yen frasa yaiku kontsruksi sintaksis kang kawangun saka rong tembung utawa luwih. Miturut Ramlan (1983:137) ngandharake yen frasa ora ngluwihi saka wates gunane. Frasa minangka satuwan gramatikal nduweni sipat non predikatif. Ing basa Jawa frasa uga diarani gatra. Subagyo (2009:10) ngandharake yen ta gatra mujudake gandhenge tembung loro utawa luwih, kang ora darbe minangka ciri-cirine ukara gatra, utawa ora ngliwati wewatesaning jejer apa dene wasesa. Dadi tembung loro utawa luwih mau mung bisa dadi saguna wae. Pateda (1988:89) njlentrehake yen frasa bisa kedadeyan saka rong tembung utawa luwih, frasa ana sangisore klausa lan antarane tembung-tembunge nduweni sesambungan. Parera (1988:32) menehi watesan yen frasa yaiku konstruksi kang bisa awujud rong tembung utawa luwih, bisa awujud pola kalimat dhasar. Kridalaksana (1984:133) menehi watesane frasa minangka gabungan rong tembung utawa luwih kang sipate ora predikatif. Sipat frasa kang ora predikatif uga nate dijlentrehake dening Tarigan (1985:93). Jinise Redhundhansi Frasa Redhundhansi kang awujud frasa yaiku redhundhansi kang nduweni tembung ora prelu utawa kang muspra awujud frasa. Jinis redhundhansi awujud frasa adhedhasar maknane bisa dideleng kaya ing ngisor iki : 1) Redhundhansi Frasa Kuantitatif Frasa kuantitatif kedadeyan nalika unsur pemerluas nerangake kuantitas (cacah) unsur intine. Cacah n jumlah; gunggung; wilangan (Kamus Indonesia Jawa 1991:46), saka teges cacah kuwi bisa didudut yen redhudhansi frasa kuantitatif yaiku tembung kang nuduhake jumlah, gunggung, utawa wilangan ing sawijing frasa sajroning ukara. Redhundhansi iki kerep ditemoni ing pranatacara. Tuladhane frasa Para Bapakbapak. Tembung para ing kene wis nduweni teges akeh utawa luwih saka siji, dene bapak-bapak uga nduweni teges wis luwih saka siji. Supaya ora nuduhake redhundhansi frasa kuantitatif kudune para bapak utawa bapak-bapak. 2) Redhundhansi Frasa Sipat Frasa sipat kedadeyan nalika unsur inti minangka unsur kang disipati lan unsur pemerluas minangka sipate. Redhundhansi frasa sipat utawa kahanan iku biasane kang nyipati utawa nuduhake kahanane jejer kang disipati kanthi ngluwih-ngluwihake penganggone tetembungan. Tuladhane Samsu rambute kriting. Ukara kasebut nuduhake redhundhansi sipat amarga kriting ing kene wis nuduhake sipate rambut. Luwih ringkes lan efektif, tembung rambut ora prelu ditulis utawa diandharake. Mesthi wae ing kene sing kriting yaiku rambut. 3) Redhundhansi Frasa Lokatif Kang sinebut redhundhansi frasa lokatif yaiku redhundhansi kolokasi kang tembunge iku nuduhake lokasine jejer ana ing salah sawijine panggonan. Biyasane tembung-tembung kang ngemu redhundhansi lokatif iki kalebu ing jinise tembung ancer-ancer. Tuladhane saged makempal wonten ing ngriki. Frasa wonten ing nuduhake redhundhansi amarga kekarone nduweni teges kang padha kanggo nuduhake lokatif/papan panggonan. Dadi luwih trep yen frasa kasebut dipilih salah siji saged makempal wonten ngriki utawa saged makempal ing ngriki. 3

4) Redhundhansi Frasa Idhentifikatif Redhundhansi frasa idhentifikatif bisa ditegesi yaiku redhundhansi kang nuduhake saka jinise utawa wakil saka jinise. Redhundhansi frasa idhentifikatif bisa kedadeyan saka frasa kang nduweni guru minangka intine lan warga minangka modifikatore. Tuladhane temboke caten werna abang. Ukara kasebut nuduhake redhundhansi frasa idhentifikatif. Tembung werna ing kene minangka inti/guru saka tembung abang kang dadi unsur pemerluas/ modifikator. Supaya ora nuduhake redhundhansi frasa idhentifikatif, tembung werna ora prelu ditulis. Luwih ringkes lan efektif temboke caten abang. 5) Redhundhansi Frasa Futuratif Redhundhansi frasa futuratif yaiku redhundhansi kang modifikatore arupa kata tambah kanggo neranganke makna pakaryan utawa proses saka intine kang arep dilakoni. Conto saka redhundhansi futuratif kayata, meh bakal mulih. Frasa meh bakal nuduhake redhundhansi futuratif amarga panganggone tembung kang nduweni teges padha. Supaya ora nuduhake redhundhansi bisa diandharake meh mulih utawa bakal mulih, dadi bisa dipilih salah siji wae. 6) Redhundhansi Frasa Partitif Redhundhansi frasa partitif yaiku redhundhansi kang nuduhake unsur inti minangka bageyan saka unsur pemerluase. Tuladha saka redhundhansi frasa partitif kayata, bane sepedhah motor tembelna. Redhundhansi kang ana ing ukara kasebut yaiku frasa bane sepedhah motor. Masiya sepedhah motor ora disebutake, pamicara mesthi wis ngerti yen dheweke dikongkon nembelake ban sepedhah motor. Dadi supaya ora nuduhake redhundhansi sepedhah motor ora perlu diandharake. 7) Redhundhansi Frasa Sesambungan Bahan Asale Redhundhansi frasa sesambungan bahan asal yaiku redhundhansi kang nuduhake unsur intine minangka wujud lan unsur pemerluase minangka bahan asale. Tuladha saka redhundhansi sesambungan bahan asal kayata, klasa saka pandhan. Frasa kasebut nuduhake redhundhansi amarga anane tembung saka. Supaya ora nuduhake redhundhansi, tembung saka bisa diilangi wae. Dadi klasa pandhan. 8) Redhundhansi Frasa Panggon Asale Redhundhansi panggon asale yaiku redhundhansi kang unsur pemerluase nuduhake asal saka unsur intine. Tuladha saka redhundhansi panggon asale kayata, semanggi saka Surabaya. Frasa kasebut nuduhake redhundhansi amarga anane tembung saka. Supaya ora nuduhake redhundhansi, tembung saka bisa diilangi wae. Dadi luwih ringkes Semanggi Surabaya. 9) Redhundhansi Frasa Kualitatif Redhundhansi frasa kualitatif yaiku redhundhansi kang unsur pemerluase nuduhake kualitas saka unsur intine. Tuladha saka redhundhansi kualitatif kayata, wong sing sugih. Frasa kasebut nuduhake redhundhansi amarga anane tembung sing. Supaya ora nuduhake redhundhansi lan ringkes tembung sing bisa diilangi wae. Masiya diilangi, ora ngowahi makna asale. Klausa Klausa minangka satuwan gramatikal kang nduweni panggon ing ndhuwure frasa lan sangisore ukara. Miturut Ramlan (1976:56) njlentrehake yen klausa yaiku wujud linguistik sing kawangun saka subyek lan predikat. Subagya (2009:10) ngarani yen klausa iku padha karo ukara gatra. Ukara gatra yaiku mujudake kalumpukaning tembung kang kedadeyan saka jejer lan wasesa, utawa kalumpukaning tembung kang mung darbe wasesa siji. Miturut Cook (sajrone Arifin, 1990:6) klausa minangka tataran sangisore ukara kang nduweni dhasar potensial kawangune ukara. Klausa bisa manggon ing gatra-gatra sajrone ukara, kaya dene frasa. Cook (sajrone Arifin, 1990:6) ngandharake yen klausa nduweni telung tetenger. Kapisan, klausa bisa ngisi slot sajrone ukara. Mula, klausa bisa manggon ing Jejer (J), Wasesa (W), Lesan (L), Katrangan (K). Kapindho, klausa minimal kudu ana sawasesa. Katelu, klausa nduweni gatra kaya dene Wasesa, amarga klausa ekuasional. Jinise Redhundhansi Klausa Redhundhansi kang awujud klausa yaiku redhundhansi kang nduweni tembung ora prelu utawa kang muspra awujud klausa. Kaya kang wis diandharake ing ndhuwur yen ta syarat bisa diarani klausa yaiku kudu nduweni sipat predikatif. Jinise redhundhansi kang awujud klausa adhedhasar maknane bisa dideleng kaya ing ngisor iki : 1) Redhundhansi Klausa Struktur Guna Jejer- Wasesa (J-W) Klausa omahe kobong, nduweni rong struktur guna. Kapisan, omahe ing kene bisa dadi guna Jejer. Kapindho, unsur kobong nduweni guna Wasesa. Rong guna ing kene, yaiku Jejer lan Wasesa nyengkuyung anane klausa kang dikarepake. Mula, rong guna iki nduweni derajat kang padha. Ananging, guna Wasesa ing kene minangka guna kang paling utama, amarga guna Wasesa minangka panentu anane guna unsur liyane. Tuladha liyane yaiku, Bocah iku nggantheng. Unsur bocah iku minangka Jejer, dene nggantheng minangka guna Wasesa. Redhundhansi klausa tipe J-W yaiku anane tetembungan ing wasesa kang digawe sarwo diluwih-luwihake. 2) Redhundhansi Klausa Struktur Guna Jejer- Wasesa-Lesan (J-W-L) Klausa Bapak mangan roti adhedhasar struktur gunane bisa nduweni telung guna. Kapisan, bapak minangka Jejer. Kapindho, mangan minangka Wasesa, dene sing katelu tahu minangka guna Lesan. Wasesa ing kene wajib ana amarga sesambungan dening sipat pangisi guna Wasesa. Dene redhundhansi klausa tipe Jejer-Wasesa-Lesan (J-W-L) yaiku anane tetembungan kang ana ing tipe J-W-L kanthi diluwih-luwihake. 3) Redhundhansi Klausa Struktur Guna Jejer- Wasesa-Geganep (J-W-Geganep) Klausa Siman munggah mendhuwur adhedhasar struktur gunane nduweni telung guna. Kapisan, Siman minangka Jejer. Kapindho, munggah minangka Wasesa lan sing katelu mendhuwur minangka Geganep. Dene adhedhasar kalungguhane, klausa kasebut nduweni 4

paraga-tumindak-tumindak. Unsur guna kang katelu diarani geganep amarga guna kasebut ora bisa dadi pangisi Jejer. Guna Geganep iki mung asipat nggenepi guna Wasesane saengga bisa luwih gamblang. Landhesane Teori Aspek semantik ing kumpulaning redhundhansi ing basa Jawa digunakake minangka lelandhesane kanggo njlentrehake tetembungan kang kalebu redhundhansi. Saliyane iku, ukara kang efektif uga dadi landhesane redhundhansi iki. Kaya kang wis dijlentrehake ing ndhuwur mau, redhundhansi jumbuh karo logika basa kang trep, yaiku 1) Logis, nimbangnimbang akal utawa pamikir kang diandharake awujud tembung lan nyetakake awujud ukara (Rapar 1996:52). Basa kang logis yaiku basa kang bisa ditampa dening pamikire manungsa. Tujuwane basa kang logis yaiku supaya ukara kang diucapake padha karo apa kang dikarepake, 2) Etis, saka basa Yunani ethikos tegese ana saka pakulinan, etika yaiku ilmu ngenani nile utawa kwalitas. Sajroning basa iku dhewe, etika minangka aturan basa sajrone masyarakat, panampane masyarakat ngenani basa digayutake karo nile kang wis ana sajrone urip bebrayan. Tujuwane basa kang etis yaiku supaya basa kasebut bisa ditampa lan ora nabrak nilai lan norma ing masyarakat, 3) Estetika, gegayutan babagan kang endah, kepriye bab iku mau ana, lan kepriye uwong bisa mangerteni rasa endah sajroning basa iku mau. Tujuwan basa kudu estetis yaiku supaya mitra wicara luwih menehi wigati dening pamicara. Basa kang nengenake etis lan estetis nuwuhake redhundhansi, basa kang nengenake logise basa nuwuhake ambiguitas. METODE PANLITEN Panliten iki kalebu panliten basa kang asipat dheskriptif analisis, jalaran sajrone panliten iki ana sesambungane karo wujud lan jinise redhundhansi kang ora mung didheskriptifake wae, nanging uga bisa dianalisis kanthi pangajab bisa luwih cetha anggone ngerteni wujud lan jinise redhundhansi ing basa Jawa. Sumber dhata ing panliten iki yaiku pidhato basa Jawa, dene dhata primer panliten iki kajupuk saka apa bae kang diucapake dening wong kang pidhato. Dhata kasebut banjur ditulis utawa ditranskripsi. Dhata sekunder dijupuk saka buku, kamus, jurnal, makalah, karya ilmiah, lan sapanunggale sing gegayutan karo punjering panliten ana ing bab sadurunge. Instrumen sajroning panliten iki nduweni fungsi kang wigati banget. Instrumen minangka piranti kanggo njupuk dhata panliten. Arikunto (2002:126) njlentrehake instrumen minangka pirantining panliten supaya metodhe-metodhe kang dijupuk bisa gumathuk. Mula saka iku, panliten iki nggunakake rong instrumen, yaiku instrumen panliten baku lan instrumen panliten panyengkuyung. Instrumen panliten baku yaiku panliti. Dene instrumen panyengkuyunge yaiku teknik kang digunakake sawektu nganakake pamiji-miji. Sacara mirunggan ing kene nggunakake teknik nyemak-nyathet saka media audio visual. Teknik kang digunakake ing panliten iki yaiku teknik nyemak lan teknik cathet. Teknik nyemak digunakake amarga ing kene panliti mung nyimak apa kang diucapake dening wong kang pidhato tanpa melu rerembugan. Apa kang dikandhakake dening wong pidhato mau wis karekam ing bentuk file/vcd kang sabanjure panliti nulisake sakabehe apa kang dadi gunemane basa Jawa mau nggunakake teknik cathet. Asile andharan dhata kang wis dijlentrehake banjur diandharake kanthi cara formal lan informal. Cara formal yaiku nggunakake tandha-tandha lan lambanglambang. Cara informal yaiku nyuguhake asile dhata kang wis dijlentrehake kanthi cara dheskripsi kang nggunakake tembung-tembung lumrah, saengga bisa dingerteni saben wong kang maca asile panliten (Sudaryanto, 1993:145-146). Rong cara iki bisa digunakake kanthi manasuka, bisa uga gabungan. JLENTREHAN DHATA LAN ASIL PANLITEN Wujude Redhundhansi ing Basa Jawa Adhedhasar Satuwan Linguistike Redhundhansi minangka ngluwih-ngluwihake tembung, nduweni wujud. Adhedhasar satuan linguistike, kang bisa dumadi redhundhansi yaiku frasa lan klausa. Frasa minangka satuan gramatikal sajrone ilmu basa nduweni panggon ing ndhuwure tembung lan sangisore klausa. Redhundhansi kang awujud frasa bisa kedadeyan amarga nduweni rong tembung kang ora prelu utawa kang muspra awujud frasa lan ora ngluwihi saka wates guna. Dene klausa minangka satuan gramatikal kang nduweni panggon ing ndhuwure frasa lan sangisore ukara. Redhundhansi wujud klausa bisa kedadeyan amarga ana rong tembung utawa luwih kang sejatine bisa digunakake utawa dipilih salah siji wae lan ngluwihi saka wates guna, saliyane kuwi uga nduweni sipat predikatif.. Jinise Redhundhansi Frasa Adhedhasar Maknane 1) Redhundhansi Frasa Cacah Redhundhansi frasa cacah yaiku inti lan pemerluase kang nuduhake jumlah, gunggung, utawa wilangan ing sawijing frasa sajroning ukara. Kaya kang wis diandharake dening Chaer, yen redhundhansi yaiku penganggone tetembungan kang diluwih-luwihake, bisa uga diarani ngirit tembung. Jinise redhundhansi frasa cacah uga akeh tinemu ing pidhato, kang biasane diandharake dening pranatacara kanggo nyapa tamu undangan. Dhata kang kalebu jinis redhundhansi frasa cacah kaya ing ngisor iki. (1) Sugeng dalu para rawuh sedaya ingkang bagya mulya (2) Para sedherek sedaya saha tamu undangan ingkang kinurmatan (3) Para bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang kinurmatan Dhata (1) bisa diarani redhundhansi frasa cacah amarga tembung para lan sedaya nduweni teges kang padha. Tembung para nduweni teges luwih saka siji utawa nuduhake cacah kang akeh, dene tembung sedaya uga nduweni teges luwih saka siji utawa akeh. 5

Iki jumbuh karo ciri ukara kang efektif, yaiku kehematan. Amrih ora redhundhansi, tembung sedaya kudune diilangi amarga tembung para sejatine wis bisa makili kabeh para tamu undangan. Saliyane kuwi, uga bisa ndadekake ukara kasebut luwih ringkes sarta luwih efektif. Yen dinalar, tembung rawuh ing ndhuwur ora logis. Tembung rawuh nduweni teges teka, dene kang dadi maksud saka pamicara yaiku kabeh wong kang teka ing adicara Amrih ukara kasebut logis lan efektif, kudune diandharake kaya Sugeng dalu para tamu ingkang bagya mulya. Masiya tembung sedaya diilangi, ora ngowahi teges saka dhata (1) kang diandharake dening pamicara. Dene ing dhata (2) uga nuduhake redhundhansi frasa cacah kaya dhata (1), nanging ing kene tembung sedherek bisa diganti tamu. Para tamu kang rawuh mesthi wae uga ana kang dadi sedhereke, nanging ora kabeh. Sedherek yaiku pawongan kang dianggep raket utawa isih nduweni tali paseduluran. Supaya bisa makili kabeh wong kang teka, luwih becik digunakake tembung tamu, kaya Para tamu ingkang kinurmatan. Ukara kasebut yen dinalar luwih trep lan logis miturut tata basa baku. Ukara (3) nuduhake redhundhansi frasa cacah. Tembung para ing dhata (3) uga nduweni teges luwih saka siji utawa akeh, dene bapak-bapak uga nduweni teges wis luwih saka siji. Ukara kasebut jumbuh karo tetenger ukara kang efektif yaiku kehematan. Dadi supaya luwih efektif lan luwih ringkes bisa diandharake kaya Para Bapak lan Ibu ingkang kinurmatan utawa Bapak-bapak lan Ibu-ibu ingkang kinurmatan. Rong ukara kasebut ora ngowahi teges saka ukara asale (3). Dadi tetembungan kang nuduhake redhundhansi mau bisa diandharake utawa dipilih salah siji wae, ora prelu digunakake bebarengan sajrone saukara. 2) Redhundhansi Frasa Sipat Redhundhansi frasa sipat utawa kahanan iku biasane kang nyipati utawa nuduhake kahanane jejer kang disipati kanthi ngluwih-ngluwihake penganggone tetembungan. Jinise redhundhansi frasa sipat uga akeh tinemu ing pidhato kaya ing ngisor iki. (4) Puji lan syukur mugia konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi (5) Kula ngaturaken syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa (6) Mugi-mugi kita sedaya taksih dipunparingi kasarasan, karaharjan lan kawilujengan saking Gusti Ingkang Maha Agung (7) Ngunjukaken raos pujapuji lan puji astuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Bawana (8) Mangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji lan syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih (9) Puja-puji astuti tansah konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad (10) Sumangga tansah memuji ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Wikan (11) Kanthi mocap syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Agesang Dhata (4 nganti 11) nuduhake redhundhansi mligine redhundhansi frasa sipat katitik saka penganggone tetembungan kang dirasa ngluwihngluwihake. Yen adhedhasar ukara kang efektif, mula ukara kasebut cukup diandharake Gusti Allah SWT. Pawongan kang ngaweruhi ukara kasebut uga wis cetha maksud lan kekarepane kang kinandhut ana ing ukara. Nanging, yen ditegesi kanthi titi, tegese ukara (4 nganti 11) kang ngemu redhundhansi iku luwih neges lan luwih cetha. Luwih cetha yen Gusti iku nduweni sipat kang murbeng dumadi, maha kuwasa, maha agung, akarya bawana, maha welas lan asih, akarya ing jagad, maha wikan, lan murbeng agesang. Saliyane iku, ukara kang ditujokake marang pawongan kang luwih dhuwur drajate, apa maneh marang Gustine, wis samesthine kudu nggunakake basa kang mirunggani. Nuduhake yen kanthi sipat kasebut, sejatine iku ngagungake lan minangka pepuji marang Gusti. (12) Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng ngarsanipun Kanjeng Nabi Muhammad ingkang madhangi jagad lan dados pangayome umat (13) Sholawat sarta salam tansah konjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad ingkang minangka tepa palupinipun para umat Dhata (12) lan (13) uga nuduhake redhundhansi mligine redhundhansi frasa sipat kang nyipati marang jejere ukara. Redhundhansi iki uga malah dirasa prelu senadyan penganggone tetembungan kang ngluwihngluwihake. Nabi Muhammad minangka nabine umat islam, dirasa pantes wae yen disipati kaya ngono iku. Amarga sipat iku mau uga minangka pambeda karo manungsa liyane. Saliyane iku, teges kang kinandhut ing ukara kasebut uga luwih neges lan cetha, saengga kang maca lan kang ngrungokake bisa luwih cepet anggone nampa maksude. Nanging yen miturut tata basa kang ana, ukara kasebut dirasa kurang pas amarga penganggone tetembungan kang diluwih-luwihake Ukara kasebut dirasa luwih boros. Luwih efektif yen ukara kasebut diandharake Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng ngarsanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW lan Sholawat sarta salam tansah konjuk 6

dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Nadyan krasa kurang trep ing penganggone basa, nanging redhundhansi frasa sipat iki mujudake sawijine pepuji lan ngajeni marang kang disipati. Supaya ora redhundhansi, mula penganggone basa kudu luwih digatekake. 3) Redhundhansi Frasa Dunung Kang sinebut redhundhansi frasa dunung yaiku redhundhansi kolokasi sing tembunge iku nuduhake lokasine jejer ana ing salah sawijine panggonan. Biyasane tembung-tembung kang ngemu redhundhansi frasa dunung iki kalebu ing jinise tembung ancer-ancer. Jinise redhundhansi frasa dunung uga akeh tinemu ing pidhato kaya ing ngisor iki. (14) Para rawuh ingkang bagya mulya, wonten ing adicara menika (15) Ingkang dahat kinurmatan Bapak H. Samsudin minangka Bapak Camat ing kecamatan Ngantru (16) Kula lan kulawarga Dinas Kesehatan angsal subsidhi saking Dinas kesehatan Provinsi Jawa Timur Dhata (14) iku nuduhake redhundhansi frasa dunung jalaran ing ukara kasebut penganggone tembung wonten lan ing. Penganggone tetembungan ing ukara kasebut dirasa luwih boros, awit anane tembung wonten lan ing iku padha wae. Yen miturut logika basa, ora trep yen rong tembung kang padha digunakake bebarengan lan jejer ing saukara. Mula penganggone iku luwih ringkes yen ditulis salah sijine wae, Para tamu ingkang bagya mulya, wonten adicara menika utawa Para tamu ingkang bagya mulya, ing adicara menika ngono wae wis dirasa cukup. Saliyane luwih efektif, penganggone basa uga luwih logis lan bisa dinalar. Teges saka ukara kasebut uga ora owah saka asale. Dhata (15) iki uga nuduhake redhundhansi frasa dunung. Bapak camat ing kecamatan Ngantru dirasa luwih boros lan ora trep karo tata basa kang ana. Kabeh wae wis mangerti yen ta adicara mau ana ing kecamatan Ngantru lan dirawuhi dening bapak Camat Ngantru. Dadi supaya ora nuduhake redhundhansi frasa dunung luwih efektif yen ukara mau diandharake Ingakang dahat kinurmatan Bapak H. Samsudin minangka Camat Ngantru. Ing ukara kasebut luwih ringkes tinimbang dhata (15) mau. Teges kang ana ing ukara kasebut uga ora owah saka asale, yaiku nerangake lokasi utawa papan ing kecamatan Ngantru. Ukara kasebut uga luwih logis lan bisa dinalar. Semono uga ing dhata (16) iku uga nuduhake redhundhansi frasa dunung jalaran saka penganggone tetembungan Provinsi lan Jawa Timur. Panulise ing ukara cukup nganggo salah sijine wae, iku wis cukup kanggo nuduhake papan kang dimaksud. Dadi bisa diandharake Kula lan kulawarga Dinas Kesehatan angsal subsidhi saking Dinas Kesehatan Jawa Timur utawa Kula lan kulawarga Dinas Kesehatan angsal subsidhi saking Dinas Kesehatan Provinsi wae wis cukup. Luwih efektif lan bisa dinalar dening akal lan pikirane manungsa. Sejatine rong ukara kasebut iku nuduhake teges kang padha. Dene, yen Provinsi Jawa Timur iku tegese luwih mbangetake ing papan kang dituju. Dadi teges antarane kekarone kang nuduhake redhundhansi lan ora nuduhake redhundhansi iku ora beda adoh. Maksud pawartane (informasine) saka kekarone iku wis bisa dimangerteni dening mitra wicara. 4) Redhundhansi Frasa Idhentifikataif Redhundhansi frasa idhentifikatif yaiku redhundhansi kang nuduhake saka jinise utawa wakil saka jinise. Redhundhansi idhentifikatif bisa kedadeyan saka frasa kang nduweni guru minangka intine lan warga minangka modifikatore. (17) Ing dinten selasa legi, tanggal 24 wulan april (18) Sasaged-saged gesang ing wulan syawal saged mindhak Dhata (17) bisa diarani nuduhake redhundhansi frasa idhentifikatif jalaran penganggone tetembungan kang digunakake sarwa diluwih-luwihake. Jinising dina yaiku senen, selasa rebo, kemis, lsp. Ing dhata kasebut nuduhake minangka dinten dadi unsur intine lan selasa kang nuduhake unsur pemerluas utawa modifikatore. Sabanjure frasa wulan april uga nuduhake redhundhansi idhentifikatif awit jinising wulan iku akeh banget. Tuladhane januari, februari, maret, april, lsp. Ing kene wulan nuduhake unsur intine lan april nududhake unsur pemerluas utawa modifikatore. Mula bisa didudut, dhata ing ndhuwur ora prelu diandharake utawa ditulis maneh tembung dinten lan wulan amarga selasa wis nuduhake utawa wis bisa makili dinten lan april uga wis bisa nuduhake wulan. Supaya ora nuduhake redhundhansi frasa idhentifikatif luwih ringkes lan efektif diandharake Ing selasa legi, tanggal 24 April. Ing antarane dhata (17) lan dhata kasebut iku yen dinalar padha wae tegese, nanging yen dijlimeti maneh, luwih cetha yen ukara (17) iku luwih neges. Yen panampane mitra wicara nganggep maksude lan teges ukara kekarone iku wis padha, bisa ketampa pawarta sajrone rong dhata Dhata (18) iki uga nuduhake redhundhansi mligine redhundhansi frasa idhentifikatif jalaran penganggone frasa wulan syawal. Kaya kang wis diandharake mau yen ta jinising wulan iku akeh banget. Tuladhane syawal, sura, rejeb, ruwah, pasa, lsp. Ing kene wulan nuduhake unsur intine lan syawal nududhake unsur pemerluas utawa modifikatore. Dhata kasebut yen dinalar ora efektif lan boros awit penganggone tetembungan kang diluwih-luwihake. Dhata kasebut dadi efektif lan ringkes yen penganggone tembung wulan mau diilangi kaya sasaged-saged gesang ing syawal saged mindhak. Senadyan mung diandharake syawal, mitra wicara wis mesthi meruhi yen iku kalebu wulan. Dadi ing kene tembung syawal wis bisa makili tembung wulan. Ing antarane dhata (18) lan dhata kasebut iku yen dinalar padha wae tegese, nanging yen dijlimeti maneh luwih cetha yen dhata (18) iku luwih neges tinimbang. Yen panampane mitra wicara nganggep maksude lan teges ukara kekarone iku wis padha, bisa ketampa pawarta sajrone rong dhata 7

(19) Ingkang angka setunggal inggih menika (20) Lajeng ingkang angka kalih (21) Ingkang angka tiga (22) Ingkang angka sekawan (23) Ingkang pungkasan angka gangsal Semono uga ing dhata (19), (20), (21), (22) lan (23) kasebut nuduhake redhundhansi mligine redhundhansi frasa idhentifikatif. Tembung angka ing ukara kasebut minangka unsur intine, dene tembung setunggal, kalih, tiga sekawan, lan gangsal minangka unsur pemerluas utawa modifikatore. Saliyane kuwi, jinise angka kuwi akeh banget, kayata siji (setunggal, sepisan), loro (kalih, kapindho), telu (tiga), papat (sekawan), lima (gangsal), nem, pitu, lsp. Mula dhata ing ndhuwur bisa diarani ora efektif lan boros awit penganggone tetembungan kang diluwih-luwihake. Dhata kasebut bisa dadi efektif lan ringkes yen ta tembung angka minangka unsur intine mau diilangi kaya Ingkang sepisan, lajeng ingkang kapindho, ingkang kaping tiga, ingkang kaping sekawan, ingkang pungkasan kaping gangsal. Senadyan mung diandharake jinis-jinise kayata sepisan, kapindho, lsp, mitra wicara wis mesthi meruhi yen iku kalebu angka. Dadi ing kene tembung sepisan, kapindho, telu, papat, lima wis bisa makili tembung angka. Ing antarane dhata (19), (20), (21), (22), (23) luwih cetha yen dhata kang nuduhake redhundhansi iku luwih neges tinimbang dhata kang ora nuduhake redhundhansi. Yen panampane mitra wicara nganggep maksude lan teges dhata kekarone iku wis padha, bisa ketampa pawarta sajrone dhata-dhata 5) Redhundhansi Frasa Tembung Saroja Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese. Dene kang diarani redhundhansi tembung saroja yaiku anane rong tembung wujud tembung saroja kang nduweni teges padha lan ora nduweni sipat predikatif utawa ngluwihi saka wates gunane. Redhundhansi frasa tembung saroja akeh tinemu ing pidhato basa Jawa kang sabnjure bakal diandharake lan dijlentrehake ing ngisor iki. (24) Penganten kekalih nggadhahi akal budi ingkang sae (25) Ing ndonya kathah tumindak angkara murka (26) Rasa asih tresna dipunjagi ngantos tumekane pati Dhata (24) kasebut bisa kalebu redhundhansi frasa tembung saroja. Kang nuduhake tembung saroja yaiku akal budi. Ing kene tembung akal nduweni teges pikiran utawa nalar, dene tembung budi uga nduweni teges pikiran utawa nalar. Dadi rong tembung mau nduweni teges kang padha. Dhata kasebut jumbuh kehematan. Mula supaya ora nuduhake redhundhansi bisa diandharake kaya Penganten kekalih nggadhahi akal ingkang sae utawa Penganten kekalih nggadhahi budi ingkang sae. Rong dhata kasebut uga ora nuduhake redhundhansi lan dirasa luwih efektif lan hemat. Ing antarane rong dhata mau uga nduweni teges kang padha, nanging yen dijlimeti maneh dhata (24) luwih cetha lan luwih neges tinimbang rong dhata Dhata (25) kasebut bisa kalebu redhundhansi frasa tembung saroja. Kang nuduhake tembung saroja yaiku angkara murka. Ing kene tembung angkara nduweni teges murka utawa kumudu nduweni lan srakah, dene tembung murka uga nduweni teges kumudu nduweni. Dadi rong tembung mau nduweni teges kang padha. Dhata kasebut jumbuh kehematan. Mula supaya ora nuduhake redhundhansi bisa diandharake Ing ndonya kathah tumindak amgkara utawa Ing ndonya katah tumindak murka. Rong dhata kasebut uga ora nuduhake redhundhansi lan dirasa luwih efektif lan hemat. Ing antarane rong ukara mau uga nduweni teges kang padha, nanging yen dijlimeti maneh dhata (25) luwih cetha lan luwih neges tinimbang rong dhata Dhata (26) kasebut bisa kalebu redhundhansi frasa tembung saroja. Kang nuduhake tembung saroja yaiku asih tresna. Ing kene tembung asih nduweni teges tresna, dene tembung tresna uga nduweni teges rasa asih utawa mulunging ati liyan. Dadi rong tembung mau nduweni teges kang padha. Dhata kasebut jumbuh kehematan. Mula supaya ora nuduhake redhundhansi bisa diandharake Rasa asih dipunjagi ngantos tumekane pati utawa Rasa tresna dipunjagi ngantos tumekane pati. Rong dhata kasebut ora nuduhake redhundhansi lan dirasa luwih efektif lan hemat. Ing antarane rong dhata mau uga nduweni teges kang padha, nanging yen dijlimeti maneh dhata (26) luwih cetha lan luwih neges tinimbang rong dhata Jinise Redhundhansi Klausa Adhedhasar Maknane 1) Redhundhansi Klausa Struktur Guna Wasesa- Geganep Tumindak Klausa struktur guna wasesa-geganep tumindak yaiku klausa kang nduweni geganep tumindak kaya ing wasesane. Klausa geganep tumindak iki kudu ana paraga (agen) lan wasesa kang wujud verba klausa tumindak. Dene kang diarani redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tumindak yaiku anane tetembungan kang digawe kanthi luwih kang nuduhake tumindak kaya ing wasesane. Dhata kang mujudake redhundhansi bakal diandharake lan dijlentrehake ing ngisor iki. (27) Mugi-mugi Nak Mas Putra saged munggah mendhuwur (28) Kula sowan ngadhep. (29) Pak Karto nembe mlebu menjero Dhata (27) minangka dhata kang nuduhake tumindak, amarga penganggone tetembungan kang digunakake sarwa diluwih-luwihake. Yen dianalisis miturut teori sintaksis, ing kene Nak Mas Putra minangka dadi jejer, munggah minangka wasesa, lan mendhuwur minangka geganep. Kang njalari anane tumindak amarga penganggone tetembungan munggah mendhuwur. Tembung munggah nuduhake tumindak 8

lan wis mesthi wae menyang ndhuwur, ora ana yen munggah kuwi neng isor. Dene mendhuwur uga nuduhake tumindak. Mula bisa didudut, ukara ing ndhuwur ora prelu diandharake utawa ditulis kabeh tembung munggah lan mendhuwur. Supaya ora nuduhake redhundhansi luwih ringkes lan efektif diandharake Mugi-mugi Nak Mas Putra saged munggah. Ing antarane ukara kasebut yen dinalar padha wae tegese, nanging yen dijlimeti maneh, luwih cetha yen ukara (27) iku luwih neges tinimbang dhata kang ora nuduhake redhundhansi. Yen panampane mitra wicara nganggep maksude lan teges ukara kekarone iku wis padha, bisa ketampa pawarta sajrone rong dhata Dhata (28) minangka dhata kang nuduhake tumindak, amarga penganggone tetembungan kang digunakake sarwa diluwih-luwihake. Yen dianalisis miturut teori sintaksis, ing kene kula minangka dadi jejer, sowan minangka wasesa, lan ngadhep minangka geganep. Kang njalari anane redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tumindak amarga penganggone tetembungan sowan ngadhep. Tembung sowan nuduhake tumindak lan wis mesthi wae ngadhep. Dene ngadhep uga nuduhake tumindak. Mula bisa didudut, ukara ing ndhuwur ora prelu diandharake utawa ditulis kabeh tembung sowan lan ngadhep. Supaya ora nuduhake redhundhansi, luwih ringkes lan efektif diandharake Kula sowan utawa Kula ngadhep. Ing antarane ukara kasebut yen dinalar padha wae tegese, nanging yen dijlimeti maneh, luwih cetha yen ukara (28) iku luwih neges tinimbang dhata kang ora nuduhake redhundhansi. Yen panampane mitra wicara nganggep maksude lan teges dhata kekarone iku wis padha, bisa ketampa pawarta sajrone dhata Dhata (29) minangka dhata kang nuduhake tumindak, amarga penganggone tetembungan kang digunakake sarwa diluwih-luwihake. Yen dianalisis miturut teori sintaksis, ing kene Pak Karto minangka dadi jejer, mlebu minangka wasesa, lan menjero minangka geganep. Kang njalari anane redhundhansi klausa geganep tumindak amarga penganggone tetembungan mlebu menjero. Tembung mlebu nuduhake tumindak lan wis mesthi wae menyang njero, ora ana yen mlebu kuwi neng njaba. Dene menjero uga nuduhake tumindak. Mula bisa didudut, ukara ing ndhuwur ora prelu diandharake utawa ditulis kabeh tembung mlebu lan menjero. Supaya ora nuduhake redhundhansi klausa geganep tumindak, luwih ringkes lan efektif diandharake Pak karto nembe mlebu. Ing antarane dhata kasebut yen dinalar padha wae tegese, nanging yen dijlimeti maneh, luwih cetha yen dhata (29) iku luwih neges tinimbang dhata kang ora nuduhake redhundhansi. Yen panampane mitra wicara nganggep maksude lan teges dhata kekarone iku wis padha, bisa ketampa pawarta sajrone rong dhata 2) Redhundhansi Klausa Struktur Guna Wasesa- Geganep Idhentifikatif Klausa struktur guna wasesa-geganep idhentifikatif yaiku klausa kang nduweni geganep idhentifikatif verba kaya ing wasesane. Dene kang diarani redhundhansi klausa geganep idhentifikatif yaiku anane tetembungan kang digawe kanthi luwih kang nuduhake idhentifikatif kaya ing wasesane. Dhata kang ana ing redhundhansi klausa geganep tumindak ing ndhuwur, uga bisa kalebu ing redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep idhentifikatif. Tuladhane dhata Dheweke munggah mendhuwur kang kalebu redhundhansi klausa struktur guna wasesageganep idhentifikatif yaiku munggah mendhuwur. Tembung munggah minangka dadi intine, dene mendhuwur dadi verba geganep kang nuduhake idhentifikatife. Saka conto dhata ing ndhuwur uga bisa kalebu idhentifikatif. Tembung medhun minangka dadi intine lan tembung mengisor minangka dadi geganep indhentifikatife. Mula, tembung mengisor ora prelu diandharake maneh supaya ora nuduhake redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep idhentifikatif. 3) Redhundhansi Klausa Struktur Guna Wasesa- Geganep Tembung Saroja Klausa struktur guna wasesa-geganep saroja yaiku klausa kang nduweni tembung saroja ing wasesa lan geganepe. Dene kang diarani redhundhansi klausa geganep saroja yaiku anane rong tembung kang nduweni teges kang padha lan penganggone sarwa diluwihdiluwihake, saliyane iku uga nduweni sipat predikatif sarta ngluwihi saka wates gunane. Dhata kang tinemu ing pidhato bakal diandharake lan dijlentrehake ing ngisor iki. (30) Kula muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT (31) Bapak H. Sakiran sampun kondhang kawentar ing desa ngriki (32) Kulawarga B. Siman sampun lila legawa bilih putranipun dipuntinggal wonten ngriki Dhata (30) kasebut bisa kalebu redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep saroja. Kang nuduhake tembung saroja yaiku muji syukur. Ing kene tembung muji nduweni teges ndedonga, dene tembung syukur uga nduweni teges ndedonga. Tembung muji lan syukur sejatine nduweni teges kang padha. Dadi rong tembung mau nduweni teges kang padha. Dhata kasebut jumbuh karo prinsip kehematan. Mula supaya ora nuduhake redhundhansi bisa diandharake Kula muji dhumateng Gusti Allah SWT utawa Kula sokur dhumateng Gusti Allah SWT. Rong dhata kasebut ora nuduhake redhundhansi lan dirasa luwih efektif lan hemat. Ing antarane rong dhata mau uga nduweni teges kang padha, nanging yen dijlimeti maneh dhata (30) luwih cetha lan luwih neges tinimbang dhata kang ora nuduhake redhundhansi. Dhata (31) kasebut bisa kalebu redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep saroja. Kang 9

nuduhake tembung saroja yaiku kondhang kawentar. Ing kene tembung kondhang nduweni teges misuwur, dene tembung kawentar uga nduweni teges misuwur. Dadi rong tembung mau nduweni teges kang padha. Dhata kasebut jumbuh karo prinsip kehematan. Mula, supaya ora nuduhake redhundhansi bisa diandharake Bapak H. Sakiran sampun kondhang ing desa ngriki utawa Bapak H. Sakiran sampun kawentar ing desa ngriki. Rong dhata kasebut ora nuduhake redhundhansi lan dirasa luwih efektif lan hemat. Ing antarane rong dhata mau uga nduweni teges kang padha, nanging yen dijlimeti maneh dhata (31) luwih cetha lan luwih neges tinimbang rong dhata Dhata (32) kasebut bisa kalebu redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep saroja. Kang nuduhake tembung saroja yaiku lila legawa. Ing kene tembung lila nduweni teges rasa seneng weweh, dene tembung legawa uga nduweni teges loma utawa dhemen weweh kanthi lila. Dadi rong tembung mau nduweni teges kang padha. Dhata kasebut jumbuh karo kehematan. Mula supaya ora nuduhake redhundhansi bisa diandharake Kulawarga B. Siman sampun lila bilih putranipun dipuntinggal wonten ngriki utawa Kulawarga B. Siman sampun legawa bilih putranipun dipuntinggal wonten ngriki. Rong dhata kasebut ora nuduhake redhundhansi lan dirasa luwih efektif lan hemat. Ing antarane rong dhata mau uga nduweni teges kang padha, nanging yen dijlimeti maneh dhata (32) luwih cetha lan luwih neges tinimbang rong dhata PANUTUP Dudutan Adhedhasar andharan lan jlentrehan dhata ing ndhuwur, bisa didudut menawa redhundhansi ing basa Jawa adhedhasar satuwan linguistike iku nduweni rong wujud, yaiku redhundhansi kang awujud frasa lan redhundhansi kang awujud klausa. Saka wujud redhundhansi mau bisa tinemu jinis-jinise redhundhansi ing basa Jawa. Kapisan adhedhasar maknane, redhundhansi kang awujud frasa kang ana ing basa Jawa jinise bisa diperang dadi lima, yaiku redhundhansi frasa cacah, redhundhansi frasa sipat, redhundhansi frasa dunung, redhundhansi frasa idhentifikatif, lan redhundhansi frasa tembung saroja. Kapindo redhundhansi kang awujud klausa ing basa Jawa jinise bisa diperang dadi telu, yaiku tumindak, redhundhansi klausa struktur guna wasesageganep idhentifikatif, lan redhundhansi klausa struktur guna wasesa-geganep tembung saroja. Pamrayoga Panliten ngenani sesambungane teges mligine redhundhansi iki isih akeh sing durung tau ditliti kanthi cetha. Kurange dhata kang luwih kompleks lan maneka warna nambahi panliten iki isih adoh saka sampurna. Panliti sadhar, ing panliten iki isih akeh cacad lan kurange, mula panliten sesambungane teges mligine redhundhansi ing basa Jawa isih bisa dirembakakake. KAPUSTAKAN Arifin, Syamsul, dkk. 1983. Struktur Frase Bahasa Jawa. Jogjakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Chaer, Abdul. 1995. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta Chaer, Abdul.1994. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta Djajasudarma, Fatimah. 2009. Semantik 2 Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: PT. Refika Aditama Hartnann, 1973. Dictionary Of Language And Linguistics. London: Applied Scince Publisher Ltd Keraf, Gorys. 1986. Diksi dan Gaya Bahasa. Jakarta: PT Gramedia Kridalaksana, Harimurti. 1984. Kamus Linguistik (Edisi II). Jakarta: Gramedia Lapoliwa, Hans. 1990. Klausa Pemerlengkap dalam Bahasa Indonesia. Jogjakarta: Kanisius Mahsun. 2005. Metode Penelitian Bahasa. Jakarta: Rajagrafindo Persada. Padmosoekotjo. 1953. Ngengrengan Kasusastraan Jawa. Jogjakarta: Soejadi Parera, J.D. 2004. Teori Semantik Edisi Kedua. Jakarta: Erlangga Pateda, Mansoer. 1988. Linguistik: Sebuah Pengantar. Bandung: Angkasa Purwo, Bambang Kaswanti. 1985. Untaian Teori Sintaksis 1970-1980an. Jakarta: Arcan Putrayasa, Ida Bagus. 2010. Kalimat Efektif. Bandung: PT Refika Aditama Ramlan, M. 1983. Sintaksis (Cet. III). Yogyakarta: CV. Kaiyono Rapar, Jan Hendrik.1996. Pengantar Filsafat. Yogyakarta: Kanisius Razak, Abdul. 1986. Kalimat Efektif. Jakarta: PT Gramedia Soedjito. 1988. Kalimat Efektif. Bandung: Remadja Karya CV Souy b, Joesoef. 2001. Logika Kaidah Berpikir Secara Tepat. Jakarta:PT Al Husna Zikra Subagyo, Rahmad. 2009. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: Unesa Press Sudaryanto. 1988. Metode Linguistik, Bagian Kedua:Metode dan Teknik Pengumpulan Data. Yogyakarta: Gajahmada University Press Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa: Pengantar Penelitian Wahana Kebudayaan Secara Linguistik. Yogyakarta: Duta Wacana University Press Sudaryanto, dkk. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa Ullman, Stephen. 2007. Pengantar Semantik. Yogyakarta: PT Pustaka Pelajar Verhaar. 2008. Asas-Asas Linguistik. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press Wibowo, Wahyu. 2003. Manajemen Bahasa. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama 10