BIWARA BAB NGRIMATI ALAM JEMBAR 1 (Bumi dalah saisinipun sedaya menika kagunganipun Sang Yehuwah, Jabur 24:1)

dokumen-dokumen yang mirip
Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

FIRMAN MENYATAKAN KESALAHAN & KEBENARAN

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

KUSIAPKAN HATIKU, UNTUK MENYAMBUTMU

Assalamu alaikum Wr. Wb. Mugi karaharjan, kawilujengan lan kasarasan tansah Kajiwa kasalira kula panjenengan sami.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

BERFOKUS KEPADA TUHAN

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

TANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 WARSA 2016

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

Kitab Suci Bocah. nyuguhaké. Nuh lan Banjir Gedhe

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

IMPLIKATUR ING HOMILI RAMA WONTEN ING MISA EKARISTI

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

SEPERTI GADIS BIJAKSANA SAAT KEDATANGAN TUHAN

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

Khotbah Jangkep Minggu, 2 Oktober 2011 Pekan Biasa Ke Dua Puluh Tujuh (Merah) HP I I & H P K D MANISKAH BUAHMU?

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

MENCINTAI DAN MENAATI HUKUM TUHAN

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

RENCANA PELAKSANAAN PEMBALAJARAN

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

Ikrar Minamata インドネシア語

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG SKRIPSI

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (Kegiatan Pratindakan) : Memahami dan menanggapi pranatacara dari berbagai media.

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

PIWULANG SKRIPSI. dening

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

Caranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

SKRIPSI Dipunajengaken. dening

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

SERAT SASTRA GENDHING DALAM KAJIAN STRUKTURALISME SEMIOTIK

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

Kitab Suci Bocah. nyuguhaké. Wiyose Gusti Yesus

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

KONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO

Bismillahi rokhman nir rokhim. Wabarakatuh;

menyusun teks lisan sesuai unggahungguh. berbagai keperluan.

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

Rr. Nama Cewek. Bg. Nama Cowok

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

DHASARING KAWERUH SEJATI

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

Tembang Dolanan Tradisional Jawa. Sebagai Pendidikan Anak Usia Dini. dening : Dyah Padmaningsih. (Dosen akultas Sastra dan Seni Rupa UNS Solo)

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

BAB II ANALISIS DATA. kode dalam khotbah berbahasa Jawa di Gereja Kristen Jawa Ampel.

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATAS NGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5 SKRIPSI

SETTING SAHA PARAGA SUPERNATURAL ING RUBRIK JAGADING LELEMBUT KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

Transkripsi:

BIWARA BAB NGRIMATI ALAM JEMBAR 1 (Bumi dalah saisinipun sedaya menika kagunganipun Sang Yehuwah, Jabur 24:1) Minangka pandherekipun Gusti Yesus Kristus, ingkang sumuyud dhumateng sabda pangandikanipun Gusti Allah ingkang kaserat ing Kitab Suci, lan ingkang sumurup kathah karusakan ing alam awit tumindakipun manungsa, kita pitados bilih kapitadosan ingkang adhedasar piwulanging Kitab Suci wigati kangge nedahaken cara ngrampungaken prakara karisakan alam ingkang kita adhepi. Awit kita manembah saha ngabekti dhumateng Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi, kita sagah ngrimati lan mbudidaya lestantunipun alam jembar menika. Awit kita sampun dhumawah ing dosa, kita boten saged nindakaken ayahan ngrimati saha mbudidaya lestantunipun alam menika. Pramila kita mratobat saking tumindak ingkang damel rereged, ngrisak, lan nyenyamah alam pakaryanipun Gusti Allah. Awit wonten ing Sang Kristus, Gusti Allah sampun nunggilaken kita saking kawontenan boten tepang kaliyan Gusti Allah, lan maringi wohing pambajeng kangge ngrukunaken sadaya ingkang tumitah, kita sagah nyambut damel sesarengan wonten ing panguwaosing Sang Roh Suci kangge martosaken kabar becik bab Sang Kristus mawi tembung lan tumindak, nyambut damel kangge karukunan sakathahing bangsa wonten ing Sang Kristus, lan nglajengaken pakaryanipun Sang Kristus ingkang njalari pulihing alam lan sedaya isinipun ingkang nandhang sangsara. Awit kita sadaya ngantos-antos wekdal nalika sakathahing tumitah ingkang cecengklungen kapulihaken malih, pramila kita sagah nyambut damel kanthi tumemen lan sregep kangge njaga saha mulihaken alam ingkang ngraosaken sesakit amrih kamulyanipun Gusti Allah, - ingkang sacara samar ngetingal marang kita lumantar alam ingkang katitahaken, ananging kita tepang lantaran sabda pangandika tuwin Sang Kristus. Kita kaliyan anak putu kita ngadhepi krisis lingkungan ingkang dados panggenan saha griya kita samangke, ingkang dados lantaran anggenipun Gusti Allah ngreksa sakathahing kabetahan kita, ingkang saben dinten dados mundhak kaancam kasarasanipun. Lan sanadyan mekaten, kita tetep kemawon ngrusak. Karusakan alam menika saged karingkes ing 7 prakawis, antawisipun : 1) pasiten ingkang mandhap asilipun, 2) wana ingkang ical tetanemanipun saha dados gundhul, 3) tetaneman saha khewan ingkang ical lan sirna 4) toya sangsaya angel, 5) alam sadonya dipun regedi, 6) atmosfir bumi malih, 7)munduripun pranatan masyarakat tuwin budaya. Kathah kamunduran menika awit manungsa sampun meksa alam nglangkungi wates ingkang katitahaken dening Gusti Allah. Penduduk ingkang mundhak kathah cacahipun sangsaya ndadosaken kamunduran ingkang nemen. Tanggungjawab kita boten namung nglairaken lan ngopeni anak-anak kita, ananging ugi nyawisaken papan panggonan saha griya ing bumi. Kita ngaosi gesang brayat minangka lembaga ingkang katetepaken dening Gusti Allah supados wonten raos-pangraos ingkang lebet anggonipun ngrancang kalairan anak saha pangopenipun amrih kamulyaning Gusti Allah. Kita ngakeni bilih kamlaratan ingkang dados underaning kamunduran lingkungan. Kathah tiyang ingkang migatosaken lingkungan, ngakeni bilih masalah lingkungan langkung asipat masalah karohanen tinimbang masalah teknologi, pramila ngudi cara saha kadospundi piwulangpiwulang donya tuwin agama ugi dados sarana kasantosan tumrap tiyang sanes Kristen, kangge pados tamba kasarasanipun bumi menika. Minangka para pitados marang Gusti Yesus, kita pitados bilih Kitab Suci memulang marang kita kangge nanggapi kanthi sekawan prekawis: 1. Sepisan, Gusti Allah paring pangandika supados kita mratobat saking sikep gesang ingkang ngremehaken alam titahipun Gusti Allah, kanthi tumindak kita ingkang nasar lan nglirwakaken pangandikanipun Gusti Allah. Kita kesupen bilih Bumi saisenipun sedaya punika kagunganipun Sang Yehuwah (Jabur 24:1), pramila kita asring namung mendhet asil saking alam ananging boten tanggeljawab ngrumati. 2. Kaping kalih, tumindak saha sikep kita tumrap alam jembar kedah kawiwitan saking kapitadosan kita, lan ngoyod wonten ing wahyu saking Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus lan Kitab Suci. Kita nampik piwucal ingkang nerangaken menawi Injil Kristus punika boten wonten sesambutanipun kaliyan pangrimat bab alam jembar, utawi kosok wangsulipun piwucal ingkang mulangaken menawi Injil namung mulangaken bab pangrimat tumrap alam saha boten langkung saking punika. 3. Kaping tiga, kita mbudi daya kanthi tumemen kangge nyinaoni menapa ingkang dipun wucalaken dening Gusti Allah tumrap sedaya titahipun, lan ayahanipun manungsa. Lantaran 1 - http://www.creationcare.org/resources/declaration.php

gesang lan peladosan, kita martosaken, Sebab kanthi cecengkulngen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah. (Rum 8:19). 4. Kaping sekawan, kita mbudidaya mangertosi menapa ingkang sineksenan dening alam bab Gusti Allah, Rawuhipun Gusti ingkang nata saha ngreksa sedaya ingkang tumitah, tuwin panguwasanipun ingkang tanpa winates, lan menapa ingkang sineksenan ing alam bab pranatan sedaya ingkang tumitah sarta tata cara alam jembar punika lumampah. Kanthi cara menika, kita ngajak sadaya manungsa ingkang gadhah kasagahan tumrap kayekten saha Injilipun Gusti Yesus Kristus supados nyarujuki piwucal pokok bab kapitadosan ingkang adhedhasar Kitab Suci, saha supados madosi cara-cara kangge nindakaken piwulang pokok menika wonten ing gesang pribadi, pasamuwan tuwin masyarakat kita. Alam jembar (kosmos), kanthi sadaya kaelokanipun, sipat alam tuwin pranatan urip sadonya menika pakaryanipun Gusti Allah ingkang nresnani titahipun. Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi sampun wonten saderengipun alam jembar menika katitahaken, Gusti Allah sanes titah, nanging rumaket dhateng titah sadonya, lan ngrimati sedaya ingkang tumitah kanthi kabebasan lan sesambetan ingkang rumit setunggal lan setunggalipun. Gusti Allah menika linangkung, nanging kebak katresnan tumrap sedaya ingkang tumitah; Allah punika sanadyan boten katon, sanes titah lan boten saged dipun samekaken kaliyan titahipun. Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi menika tetunggilan lan gegandhengan, kadosdene anggonipun ngetingal minangka Pribadi Tiga nanging Setunggal. Mekaten ugi alam jembar pakaryanipun Gusti Allah menika nunggil saking titah-titah ingkang sesambetan kanthi rahayu. Gusti Allah ingkang nitahake langit lan bumi ngaosi sadaya ingkang tumitah. Gusti Allah paring pangandika menawi samubarang yeyasanipun punika prayoga (Purwaning Dumadi 1:31); Gusti paring prasetya badhe ngrimati samubarang yeyasanipun kanthi damel prasetya (PD 9:9-17); Gusti karenan tumrap sadaya titah sanadyan boten wonten paedahipun sacara langsung kangge manungsa (Ayub 39-41); saha lantaran Sang Kristus Gusti Allah karsa ngrukunake sakabehing tumitah marang sarirane (Kolose 1:20). Manungsa jaler, estri, lan anak-anak, gadhah tanggung jawab mirunggan marang Gusti Allah, lan minangka titah kawangun lan katunggilaken ing tata gesang sesarengan ingkang manunggil setunggal lan setunggalipun amrih kalestaren sadayanipun. Manungsa jaler, estri, lan anak-anak ingkang katitahaken manut miturut gambar lan pasemonipun Gusti Allah, ugi gadhah tanggung jawab ingkang mirunggan tumrap alam jembar. Kita tinimbalan njagi kalestarenipun alam, asilipun, lan ngrimati alam ingkang dados seksi Sang Khalik ingkang nitahake langit lan bumi. Peparing kita kang saking Gusti Allah, asring ndadosaken kita kasasar saking tujuwan sakawit: supados kita kenal, njenengi, ngrimati saha ngaturaken panuwun tumrap sadaya titahipun Gusti Allah, supados kita nguri-uri kamanungsan kita kanthi tresna, sedya lan sumuyud marang Gusti Allah, saha supados kita misungsungaken kaelokan alam jembar lan kabudayan kamanungsan kita minangka pepujen ing ngarsanipun Gusti Allah. Kita kesupen menawi adeg kita minangka titah winates, tuwin sampun mundhut saking alam kanthi srakah tinimbang kanthi ngeman lan nguri-uri kalestarenipun. Dosa manungsa tumrap alam maujud anggone manungsa boten ngaosi dhawuh timbalan ngrimati bumi, siti lan patamanan kebak kaliyan jejember. Marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, saha ora ana kang wanuh marang Gusti allah ing nagara kene. Mulane nagara iki bakal prihatin, lan kang manggon bakal padha katon nglayung; uga kewan-kewan ing ara-ara lan manuk ing awang-awang, dalasan iwak-iwak ing sagara bakal padha sirna. (Hosea 4:1,3). Woh saking panerakipun manungsa ugi ketaman wonten ing titah sanesipun, ing samengko lan ing mangsa ingkang bakal kalampahan, boten saged ngraosaken berkahipun Gusti ingkang linuber tumrah alam saisenipun. Gusti Allah ana ing Sang Kristus kagungan karsa paring kasarasan lan mulihaken sadaya titah, boten ngemungaken manungsa nanging ugi sadaya ingkang tumitah ing alam jembar. Marga kawontenane Allah ing sawetahe kepareng dedalem ana ing Panjenengane, kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga; yaiku sawuse ngawontenaken pirukun sarana rohe Gusti Kristus kang sinalib. (Kolose 1:19,20). Wonten ing Sang Kristus Yesus, para pitados ing Panjenenganipun nampani pangapunten, lan ngalami ewah-ewahan katuntun mlebet ing Kratoning Allah. Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar (II Kor.5:17). Rawuhe Kratone Allah ora mung kanthi pratandha patunggilan anyar antawisipun Gusti Allah lan manungsa, nanging ugi sesrawungan kang kaanyaraken kanthi kaadilan antawisipun manungsa lan ugi kaliyan alam jembar. Lah sira bakal padha mangkat kalawan bungah lan bakal kaeterake kalawan tentrem; gunung-gunung lan tengger-tengger bakal padha gambira

lan surak-surak ana ing ngarepira, lan sakehing wit-witan ing ara-ara bakal keplok-keplok. (Yesaya 55:12). Kita pitados pangajeng-ajeng wonten ing Sang Kristus, boten namung kangge tiyang jaler, estri, lan anak-anak, nanging ugi kangge sadaya ingkang tumitah, ingkang nandhang sangsara awit dosanipun manungsa. Pramila kita kadhawuhan ngajak sadaya tiyang Kristen ngiyataken kapitadosanipun menawi sedaya ingkang tumitah punika kagunganipun Gusti Allah, lan sedaya ingkang katitahaken menika prayoga, lan ing wanci menika makarya ngenggalaken sedayanipun lantaran Sang Kristus. Kita ngajak umat Kristen nyuraos lan nitipriksa kanthi tumemen bab piwulang Kitab Suci tuwin pakaryanipun Gusti Allah nitahaken langit lan bumi, ingkang mulangaken pakaryan panebusanipun Gusti Allah, ingkang nganyaraken lan nyampurnakaken karsanipun Gusti Allah nalika nitahaken bumi. Kita ngudi panyuraos kanthi tumemen bab pangeram-eram lan kaelokan yeyasanipun Gusti Allah, lan pokok-pokok ingkang nalesi lumampahipun alam jembar. Kita ugi ngatag saben tiyang pitados lan pasamuwanipun Gusti Allah supados langkung nggatosaken kadospundi tumindak kita ingkang mujudaken pangajeng-ajeng lan urmat cundhuk kaliyan pranatanipun Gusti Allah nalika nitahaken alam jembar. Kita ngatag umat Kristen kangge ngrimati peparingipun Gusti Allah ingkang pinunjul lantaran anggen kita ngaosi kaelokan urip pribadi, pasamuwan lan masyarakat kita. Kita ngatag umat Kristen minangka pribadi lan pasamuwan supados dados pusat panggenan ingkang mreduli lan nganyari patrap ingkang ngaosi alam jembar, kanthi nyekseni bilih menika kita ngaosi alam jembar minangka peparing sih rahmatipun Gusti Allah, kanthi cara ngrimati lan mulihaken kahanan alam kang rusak, awit wus kapasrahaken dening Gusti Allah marang kita. Kita perlu ngengeti pangandikanipun Gusti Yesus menawi undhak-undhakanipun urip kita boten gumantung kathahipun arta lan bandha kita, pramila ngajak sedaya pandherekipun Gusti Yesus supados njagi gesangipun saking tata gesang ingkang boros, jibar-jibur, utawi ngangge sikep gesang ingkang lembah manah, tekun lan nguwasani dhiri. Kita ngajak kabeh umat Kristen supados ndherek makarya ing kegiatan ekonomi ingkang ngaosi kayekten, kaadilan lan kalestaren alam, ingkang ngluhuraken panguwaosipun Gusti Allah ing tata gesang ekonomi kita, saha mbudidaya kasantosanipun tiyang jaler, estri, lan anak-anak supados enggal ngraosaken gesang ing alam ingkang lestari. Kita ngakeni menawi kasekengan dados jalaran tiyang ngrusak alam supados saged nglajengaken gesang, awit saking menika kita mbereg kegiyatan pambangunan ekonomi ingkang adil, bebas lan mbudidaya kasantosanipun tiyang sekeng supados saged nyekapi kabetahan gesangipun tanpa ngrusak alam. Kita sedya mbiyantu tetepan umum kang mujudaken prinsip ngaosi kalestaren alam. Kita ngaturi sedaya umat Kristen, pribadi, pasamuwan lan organisasi-organisasi Kristen, supados ndherek nyebaraken pangandikan bab preduli ugi nglestantunaken lingkungan punika, supados dados bagian saking umat prasetyan ingkang ngaosi alam lingkungan miturut piwucal Kitab Suci. Kita ngajak sedaya umat Kristen supados mirengaken saha sagah nyambut damel sesarengan kaliyan para kang preduli tumrap pulihipun alam jembar, kanthi tumemen sinau saking sadherek sanes lan ugi kanthi mbagekaken kapitadosan kita, menawi Gusti Allah ingkang karawuhanipun kita raosaken lantaran alam jembar menika (Lelakone Para Rasul 17:27) lan kita kenal sawetahipun lantaran Sabda kang manjalma dados daging wonten ing Sang Kristus, menika Gusti Allah ingkang nitahaken sedaya lan ngrimati sedayanipun. Kita nyerat pangandikan bab ngrumati alam jembar menika kanthi pitados menawi ngantos dumugi dinten rawuhipun Gusti Yesus Kristus ingkang ngrukunaken sedaya ingkang tumitah, kita tinimbalan dados para pelados ingkang setya mranata lan ngrumati patamanan kagunganipun Gusti Allah, inggih punika bumi ingkang kita enggeni punika. Dhasar Kitab Suci Kaelokane Alam Jembar Kitab Suci mratelakaken kadospundi Gusti Allah karenan tumrap sedaya yeyasanipun. Purwaning Dumadi 1 nyerat menawi sedaya menika dipirsani Gusti Allah sampun prayoga (PD 1:21,25). Cariyos Purwaning Dumadi ambal kaping pitu anggenipun nyerat bilih Gusti Allah nitahaken sawernaning makhluk, pratandha menawi Gusti Allah nggatosaken mawarni-warni titah, saha paring dhawuh dhateng Adam supados njenengi sawernaning titah iku (PD 2:19-20, Jabur 8:3-8, Mat.10:3). Sanadyan alam jembar menika endah lan ngremenaken, manungsa kedah namung ngabekti marang Gusti Allah (Yesaya 42:8, Rum 1:18-25).

Kabungahane Gusti Allah Ing cariyos Kitab Suci, kita maos menawa Gusti Allah karenan tumrap titah yeyasanipun (Jabur 104:24-25,31) lan ngaosi sanadyan tumrap manuk emprit ingkang boten wonten ajinipun (Mat.10:29). Gusti Allah bungah tumrap sedaya titah yeyasanipun, kanthi raos eram, gumun lan kasengsem. - Gusti Allah nggatosaken (Matius 10:29-31). Boten wonten peksi emprit setunggal kemawon ingkang dhawah ing siti, menawi boten awit karsanipun Gusti Allah. Menika mratelakaken kadospundi Gusti Allah nitipriksa kahanan jagad padintenanipun. Gusti Allah rumaket anggonipun ngrimati, lan nuntun titahipun tumuju dhumateng punapa ingkang dikersakaken. Kejawi menika, ugi mratelakaken kadospundi manungsa kapapanaken minangka makhluk ingkang pinunjul saking antawisipun titah: Menawi Gusti Allah ngaosi manuk emprit, menapa malih kula ingkang kawawas aji ing ngarsanipun! Awit saking menika, ndherek ngrimati mawerni-werni titah alasan sayektosipun ugi ngaosi adeg kamanungsan kita. - Nalika kita mangertos punapa ingkang wonten ing alam, menika ndayani gesangipun manungsa linangkung malih. Lan menapa ugi saged dipun wastani bilih anggenipun manungsa boten ngaosi alam menika amarga kapegat sesambutanipun kaliyan Gusti Allah lan kaliyan alam jembar titahipun ingkang elok? - Tanggungjawab manungsa tumrap alam jembar. Manungsa kapapanaken ing panggonan ingkang mirunggan saha linangkung tinimbang titah sanesipun (PD 1:26-28, Jabur 8:3-8, Mat.10:31). Nanging kita prelu nyatet menawi ing Kitab Suci boten wonten dhawuh kangge ngrusak alam, malah kita kadhawuhan dening Gusti supados nguwaosi, ngrumati lan mbudidaya (PD 1:28, 2:15). Purwaning Dumadi 1:28 menika ayat ingkang kanthi cetha nerangaken kadospundi anggonipun kita ngrimati bumi. Tembung basa Ibrani kuno ingkang dipun ginakaken sami kaliyan caranipun raja mranata kanthi kayekten lan tresna. PD 2:15 nerangaken kadospundi cara nata lan ngreksa. Tembung kang kanggo ing PD 2:15 iku nata lan ngreksa (utawa abad lan shamar ing basa Ibrani). Ing Yusak 24:15, Aku arep ngabekti ( abad )marang Gusti Allah. Pangabekti kang dikarsakake dening Gusti Allah temtu kanthi tanggungjawab tumrap alam, lan boten ngrusak. Kadospundi karsanipun Gusti Allah supados kita ngabekti kanthi nata lan ngreksa alam jembar? Ing Wilangan 6:24, Imam Harun mratelaken berkah tumrap bangsa Israel, Pangeran Yehuwah paring berkah lan ngayomana kowe. Ngayomana ing ngriki saking tembung basa Ibrani shamar. Gusti Allah ngayomi umatipun supados mbabaraken agung sih lan katresnanipun marang umat. Anggenipun Gusti Allah ngreksa menika dados jalaran umat lestantun. Kanthi cara kang sami, kita ugi kadhawuhan supados ngreksa alam jembar. Alam jembar ingkang katitahaken dening Gusti Allah kanthi elok menika patut kita tresnani kanthi pambudidaya ingkang tumemen, supados kasarasan gesangipun kajagi. Manungsa kapanggalih dening Gusti Sedaya ayat ing Kitab Suci ingkang ndukung kalestaren alam jembar menika namung amrih wetahipun sedaya titah. Nanging mirunggan Kitab Suci mulangaken menawi manungsa ugi saged ngraosaken woh ingkang medal saking alam: PD 1:29-30. Menawa alam rusak, angel kangge manungsa badhe pados asil ingkang kawedalaken saking alam. Asil alam menika ugi kangge titah sanesipun: PD 1:30. - Saged ngasilaken woh. Kitab Suci memulang kita ngrumati alam supados alam lan saisenipun sagen ngasilaken kanthi lestari, boten telas saknalika. (Pangandharing Toret 22:6,7). - Gusti Allah ngayomi. Kitab Suci nyekseni pakaryanipun Gusti Allah ingkang terus ngayomi sadaya ingkang tumitah: (Jabur 145:15-16, Mat.6:26,30). Kanthi cara kados menapa pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngreksa sedaya ingkang tumitah menika kababar? - Prasetyan. Gusti Allah damel prasetyan ingkang mirunggan tumrap sedaya titah ingkang gesang, boten wonten ingkang bakal kasirnakaken malih. PD 9:8-17. - Karsanipun Gusti. Ing cariyos Nabi Nuh, Gusti Allah mbabaraken karsanipun badhe paring gesang tumrap sedaya titah kang gesang (PD 6:19-20, 7:1-3, 14-16, 8:17). Pramila padha bisa tangkar tumangkar (PD 6:19b, 20b, 7:3b, 8:17c). Sacara alami makhluk saged sirna minangka bagian saking karsanipun Gusti Allah, nanging menika sampun sakjawinipun panguwaosing manungsa. - Paseksenipun Gusti Allah, Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan (Rum 1:20). Sinten tha kita menika, kang awit tumindak kita sampun ngrusak alam kang nyeksekaken kakiyatan lan kaallahanipun Gusti Allah? Nalika kita ngadhep ing dina pangadilan lan

ngaturaken bab tanggeljawab gesang kita piyambak-piyambak, menapa ingkang saged kita aturaken? - Pangabekti. Kitab Suci nyerat kadospundi alam jembar memuji lan manembah dhumateng Gusti Allah (Jabur 96:11-13, Wahyu 5:13). Pepujen kang boten kalairaken punika damel sisah kados kekidungan ingkang mandheg ing tengah-tengah. Pamuji lan panembah kita Menapa kita saged maos Jabur 104 utawi Ayub 38-41 tanpa ngraosaken kaelokan pakaryanipun Gusti Allah ingkang nitahaken sedaya ingkang tumitah? Seserepan marang titahipun Gusti Allah nambah seserepan kita marang Gusti Allah, pramila sangsaya nyantosakaken kita memuji lan manembah marang Gusti Allah. Tanggungjawab Manungsa. Gusti Allah paring dhawuh lan tanggeljawab mirunggan tumrap Adam lan Nuh supados ngrimati alam jembar. Marang kita umat Kristen wanci menika, dhawuh timbalan menika menapa sampun suda kabandingaken kaliyan dhawuh timbalan marang Adam lan Nuh? Menawi kita ngakeni wanuh marang Gusti lan gadhah sesambetan sacara pribadi marang Panjenenganipun, kadospundi patrap kita nyekseni karisakan ing alam jembar titahipun Gusti Allah ingkang sampun kapitayakaken dening Gusti Allah marang kita? Bab Ngregani Pancen langkung gampil kanggo kita nganggep menawi salah ssatunggaling titah linuwih tinimbang sanesipun, umpamanipun kupu menika langkung elok tinimbang bekicot. Nanging sinten kita menika ingkang saged ngregani salah setunggal linuwih tinimbang sanesipun? Menapa menika sanes tumindak netepi kados-kados kita menika Gusti Allah? Lan kanthi mekaten gadhah panguwaos kangge ngrisak? Tanggeljawab kita sanes kangge ngrisak, nanging kangge ngrumati lan ngayomi patamanan kagunganipun Gusti Allah. Pangadilan..bebendhu Paduka sampun ketingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili lan Paduka badhe nglebur para ingkang sami ngrisak bumi. (Wahyu 11:18). Tumindak ngrusak alam jembar menika dosa lan awit menika kita bakal ngadhep pangadilanipun Gusti. Karusakan alam menika wohing tumindak anyembah brahala ingkang sampun kita tindakaken, srakah lan gumunggung, pepenginan ngrembakakaken teknologi ndadosaken kita kesupen, ngoyak kapentingan lan kabutuhan wanci punika sanadyan ngrisak alam titahipun Gusti Allah; para panguwaos nglirwakaken kuwajiban marang ingkang ringkih lan sekeng milanipun kepeksa gesang kanthi cara ingkang ngrisak alam namung kangge nedha. Awit saking dosa punika kita badhe ngadhep pangadilanipun Gusti. Banget anggon kita tanpa budi anggonipun mbudidaya gesang sesarengan kaliyan titahipun Gusti Allah. Titah-titah kang sirna saking tata gesang ing alam donya menika sampun dados tandha, ngengetaken bab dosa kanthi cara gesang lan ekonomi kita ingkang boten njagi lestantunipun alam. Gusti Allah males kaluputane bapa marang anak-anake (PT 5:8-10). Woh dosane manungsa ugi karasakaken dening titah sanesipun. Pakabaran Injil. Donya ingkang boten pitados marang Gusti Allah nganti-anti umat Kristen supados gadhah sikep lan tumindak tumrap prakawis-prakawis lingkungan, kalebet ugi njagi mawarni-warni titah ingkang gesang ing alam. Anggenipun umat Kristen ndherek njagi alam menika minangka wujud saking cara ngaosi Gusti Allah saha pakaryanipun. Lan kita ugi ngajeng-ajeng supados donya ingkang boten pitados ugi mangsuli kanthi patut. Pakaryan njagi kalestaren lan ngrumati alam bakal dados seksi ing kang nyata bab adegipun Gusti Allah.