NGLELURI TRADHISI KENDUREN LAN LAKU JAWI WONTEN ING ERA GLOBALISASI MINANGKA BAHAN PENDIDIKAN MENTAL TUMRAPING GENERASI MUDHA

dokumen-dokumen yang mirip
Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.

TANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 WARSA 2016

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Assalamu alaikum Wr. Wb. Mugi karaharjan, kawilujengan lan kasarasan tansah Kajiwa kasalira kula panjenengan sami.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

SKRIPSI Dipunajengaken. dening

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG SKRIPSI

BUPATI KLATEN SABDATAMA BUPATI KLATEN WONTEN ING ADICARA MANGAYUBAGYA HADEGING KABUPATEN KLATEN KAPING 212 WARSA 2016

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

FIRMAN MENYATAKAN KESALAHAN & KEBENARAN

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016

Caranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN SKRIPSI

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

UPACARA TRADHISI SURAN WONTEN ING PETILASAN GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN SKRIPSI

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Ana Muslimati Amalia ( )

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

DHASARING KAWERUH SEJATI

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

RITUAL ILMU KEJAWEN WONTEN ING KESENIAN EBEG TURONGGO JATI DESA KAMULYAN KECAMATAN BANTARSARI KABUPATEN CILACAP. Galih Prawita

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

ANALISIS SEMANTIK NAMA SUKET WONTEN ING DESA GROGOL PALIYAN GUNUNGKIDUL. Skripsi

PIWULANG SKRIPSI. dening

SERAT SASTRA GENDHING DALAM KAJIAN STRUKTURALISME SEMIOTIK

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

FUNGSI SIMULFIKS KANGGE NGGAMBARAKEN CITRA PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

Tembang Dolanan Tradisional Jawa. Sebagai Pendidikan Anak Usia Dini. dening : Dyah Padmaningsih. (Dosen akultas Sastra dan Seni Rupa UNS Solo)

AJINING FILOSOFIS UPACARA PANGGIH PANGANTEN ING DESA MANGUNJIWAN, KECAMATAN DEMAK, KABUPATEN DEMAK SKRIPSI LISA SATRIANI NPM:

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA) SKRIPSI

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

Transkripsi:

NGLELURI TRADHISI KENDUREN LAN LAKU JAWI WONTEN ING ERA GLOBALISASI MINANGKA BAHAN PENDIDIKAN MENTAL TUMRAPING GENERASI MUDHA Nanik Herawati PBSD, FKIP, UNWIDHA KLATEN A. PENDAHULUAN Masyarakat Jawi wekdal sapunika sampun lumebet ing era globalisasi. Sedaya seserepan, kawruh, saha ilmu saking negari manca saged kanthi gampil mlebet ing Indonesia mliginipun masyarakat Jawi. Dene budaya saged dados tameng lan saged dados payung kangge ngayomi sedaya kawruh lan seserepan saking manca kala wau. Kawruh saking manca boten sedaya awon ananging ugi boten sedaya sae tumraping masyarakat Jawi. Budaya Jawi pinangka tameng ing era globalisasi estu-estu kula lan panjenengan sedaya kedah saget ngleluri lan ngrembakakaken saengga sedaya tumindak para mudha lan sedaya masyarakat Jawi saged trep kaliyan kawontenan gesang ing sapunika. Piyantun Jawi ingkang berbudi bawa leksana boten badhe kengguh kaliyan owah gingsiring jaman. Kanthi nggladhi budaya Jawi diajab samangke dados piyantun ingkang agung bawa laksana, kebak suba sita, saha urip prasaja. Wonten unen-unen ingkang jumbuh inggih punika Aja gumunan lan Aja Kagetan, maknanipun menawi wonten samubarang kawis ingkang enggal utawi seserepan enggal boten perlu kaget lan boten perlu gumun, sedaya panggesangan dipunladosi kanthi prasaja, boten nggege mangsa saengga sedaya kawruh manca ingkang boten trep enggal dipunbucal. Sadaya dipuntampi kanthi waspada lan premana, saengga samangke boten getun ing tembe wingkingipun. Basa Jawi, adat istiadat Jawi, kesenian Jawi, lan sedaya kawruh Jawi punika pinangka kearifan lokal ingkang saged ngrembakakaken lan nggrensengaken budaya nasional. Butir butir kearifan lokal pinangka saka ingkang mandhemi pamanggih filsafat Jawi. Dene filsafat punika kawruh ingkang hanggadhahi ancas saged nggayuh sari rasa jati utawi sarira sajati lan sari rasa tunggal utawi sarira satunggal. Sedaya seserepan lan kawruh saking pundi kemawon saged dipuntampi kanthi bener lan pener. Kajawi saking punika sedaya ingkang pun sebat kalawau ugi saget kangge ndhidhik mentalipun para generasi mudha awit tradisi-tradisi kalawau nggadhahi ancas ingkang sae. Dene perangan-perangan kawruh kejawen inggih punika cipta, rasa, lan karsa. Babagan punika jumbuh kaliyan pamanggihipun Koentjaraningrat wonten ing buku Kebudayaan Jawa. Budaya Jawi saged ngrembaka sesarengan sesambungan kanthi rumaket kaliyan ajaran agama Islam ingkang kasebat akulturasi. Akulturasi budaya Jawi sampun kawiwitan nalika wali sanga anggenipun nggiyaraken agama Islam ing Tanah Jawi kanthi nyalarasaken lan njumbuhaken ajaran Hindu, Budha, lan Islam. Koentjaraningrat (Kebudayaan, Mentalitas, lan Pembangunan, 1990), ngandaraken perangan kabudayan Jawi wonten pitu, inggih punika: (1) sistem religi, (2) sistem organisasi 203

dan kemasyarakatan, (3) sistem pengetahuan, (4) sistem bahasa, (5) sistem kesenian, (6) sistem mata pencaharian, lan sistem teknologi dan peralatan. Kabudayan Jawi asipat dinamis, tansah nyundhukaken kaliyan arus globalisasi nut kawontenanipun jaman. Jati diri bangsa ingkang adiluhung sangsaya kukuh kanthi akumulasi budaya Jawi kaliyan budaya manca, temtu kemawon kedah saget milah lan milih pundi ingkang jumbuh kaliyan kapribaden Jawi lan pundi ingkang kedah dipunbucal. Salah setunggaling adat masyarakat Jawi ingkang dumugi sapunika tasih kathah ingkang nindakaken inggih punika kenduren lan laku Jawi utawi kawastanan nglakoni. Pinangka pandonga lan srana kangge nggayuh gesang ingkang rahayu. Punapa budaya kenduren lan laku Jawi kang asring tinindakaken dening masyarakat Jawi tasih jumbuh kaliyan kawontenan ing sapunika? B. PANGONCEKING PRAKAWIS 1. Budaya Kenduren a. Budaya Kenduren ing Satengahing Era Global Era globalisasi kalebet era ingkang kaping tiga. Alvin Toffler nyebataken bilih wonten ewah ewahan ingkang ngedab-edabi. Tigang era ing jaman modheren inggih punika: (1) Ingkang sapisan gelombang pertanian; (2) kaping kalih gelombang industri, (3) dene ingkang kaping tiga gelombang era globalisasi. Wonten ing era globalisasi punika masyarakat Jawi badhe ngalami kathah ewah ewahan ingkang nggegiirisi. Ewah ewahan kala wau kadosta babagan struktur ekonomi, struktur kabudayan, lan sruktur panguwaos. Wontenipun era globalisasi kedah saged dipunpahami kanthi arif lan wicaksana. Menawi kula lan penjenengan sedaya boten aged nyikapi kanthi arif mila budaya Jawi badhe kegiles budaya global. Komuikasi sapunika sanget gampil lan lancar, babagan punika sanget maringi pengaruh tumraping roda ekonomi masyarakat Jawi. Wates panggonan lan pisik boten saged nyandhet ngrembakanipun ekonomi dunia. Kanthi sarana teknologi ingkang canggih samubarang kawis ingkang gayut kaliyan ekonomi utawi punapa kemawon saged dipun wartakaken kanthi cepet lan lancar. Era globalisasi kawruh lan seserepan boten saged dipunbendung, ugi kalebet budaya manca boten aged dipunalangi lan dipuntutupi pramila masyarakat berbudaya Jawi kedah saged nyaring lan nintingi budaya manca kala wau. Dene tradisi local pinangka salah satunggaling benteng lan tameng sedaya pengaruh manca ingkang boten trep kaliyan kapribaden Jawi. Salah satunggaling tradisi budaya Jawi inggih punika tradisi kenduren. Sayektosipun punapa ingkang dipunwastani kenduren? Kenduren pinangka salah satunggaling adat istiadat Jawi ingkang dipunleksanakaken dening ingkang kagungan kersa utawi hajat tartamtu kanthi ngundang tangga teparo amrih ndonga sesarengan kangge kaslametan lan kawilujengan ingkang kagungan kersa. Kenduren pinangka salah satunggaling adat istiadat Jawi dumugi sapunika tasih dipunlampahi lan dipuntindakaken denin masyarakat Jawi. Acara kenduren punika saged kalampahan kanthi pribadi utawi sesarengan kaliyan tangga teparo. Kenduren pribadi kadosta bancakan bayen. Bancakan bayen punika saged arupi brokohan, sepasaran bayi, selapan, 204

tigang lapan, lsp. Kenduren pribadi ugi saged nalika mengeti pendhakan anggota kulawarga inkang seda, kadosta telung dinan, piyung, pendhakan patangpuluh dina, satus dina, pendhak pisan utawa pengetan kasedan jati setaun, pendhak pindho utawa pengetan kasedan jati rong taun, lan pendhak telu utawa nyewu pengetan telung taun. Dene kenduren kang katindakake kanthi bebarengan kayata rasulan, sadranan, merti desa, bersih desa, kenduren Suronan, kenduren punggahan, selikuran, kenduren bakdan, lsp.wekdal punika tasih kathah masyarakat ingkang nindakaken kunduren kala wau. Kenduren kang arupi syukuran lan kenduren weton dipunwastani bancakan. Dados kenduren bancakan benten ubarampenipun kaliyan kenduren pendhakan utawi selikuran, suronan, lsp. Bancakan ngangge sekul gudhang, gereh pethek, bubuk dele, tigan, lan jajanan pasar awujud woh-wohan kadosta pisang, bengkoang, jeruk, salak, manggis. Dene jajan pasar wujudipun brondong, jadah, wajik,lsp. Kenduren bancakan padatanipun dipunpasaken kaliyan weton. Tuladhanipun menawi ingkang dipunbancaki wetonipun Jemuah Legi mila bancakaipun ugi Jemuah Legi. Undangan kagem bancakan lan kenduren pendhakan benten. Menawi bancakan weton utawi syukuran ingkang dipunundang lare lare alit. Dene menawi kenduren pendhakan, selikuran, lebaran ingkang dipunaturi kepala rumah tangga alias Bapak. Punapa bentenipun kenduren kaliyan kenduren bancakan utawi kathah ingkang mastani bancakan? Bentenipun kenduren kaliyan kenduren bancakan, inggih punika: 1) Ingkang dipunundang utawi dipunaturi benten, inggih punika menawi kondangan ingkang diaturi kepala rumah tangga utawi bapak. Dene bancakan lan syukuran ingkang dipunundang lare lare. 2) Wujudipun benten. Kenduren ngagem sekul golong, ingkung, sambel goreng krecek, peyek, lan bubuk dele. Dene uba rampe bancakan inggih punika sekul, gudhangan, tigan, bubuk, jajan pasar kadosta: woh wohan kang arupi pisang, salak, jeram, manggis, bengkoang. Ugi jajan pasar utawi dhaharan tradisional kadosta jenang, wajik, jadah, brondong, lsp. 3) Wekdalipun ugi benten. Bancakan padatanipun wanci siang utawi sonten. Dene kenduren wanci dalu. 4) Etangan dinten ugi benten. Bancakan adhedasar dinten kelairan lan weton. Dene kenduren adedasar etangan telung dina, pitung dina, patang puluh dina, satus dina, pendhak pisan, pendhak pindho, nyewu, haul. Dene kenduren dipuntindakaken wekdal tartamtu, kadosta kenduren sadranan, selikuran, kenduren bakdan, kenduren bersih desa, lsp dipun wontenaken setaun sepisan pas tanggalipun. Menawi selikuran inggih malem selikur Ramadhan, kenduren bakdan inggih ngepasi bakda. b. Ancasipun Kenduren lan Bancakan Kenduren hanggadhahi ancas inggih punika : 1) Kanthi ngaturi tangga teparo diajab saget paring pandonga dumateng kulawarga. Menawi pendhakan piyantun seda, sageda ingkang seda dipunampuni sedaya kalepatanipun nalika tasih gesang. Dene kenduren syukuran, dipunajab kulawarga tansih pinaringan sih rahayu lan sedaya sedya jinagkung Gusti. 205

2) Kangge srana silaturahim antar warga, saengga para warga saged gesang ayem tentrem lan guyup rukun. 3) Kangge srana paring suka dana dumateng tangga tepalih. 4) Kangge srana rembagan para warga ing samubarang kawis, kadosta babagan pertanian, peternakan, kasarasan, lsp. 5) Kangge njaga kastuan lan persatuan antar warga. Ancasipun bancakan inggih punika: 1) Kanthi ngundang lare lare diajab saged paring pandonga ingkang tumuju dateng kerabat ingkang pun bancaki amrih diparingi kasarasan, rahayu, lan tentrem ing panggesanganipun. 2) Kangge ngraketaken lare-lare lan maringi tuladha gesang kanthi guyup rukun 3) Kangge maringi tuladha bilih gesang punika kedah saling paring pinaring antar sesama. 4) Kangge ngleluri budaya Jawi. Acara kenduren jaman rumiyin katindakaken wanci dalu udakara bibar shalat Isya, ananging wekdal sapunika kenduren dipun jumbuhaken kaliyam keperluan. Wonten ingkang ngaturi kenduren jam 5 sonten utawi bibar magrib lan wonten ingkang ngaturi bibar Isya. Wujud kenduren jaman rumiyin kaliyan sapunika ugi wonten bentenipun. Kenduren jaman rumiyin ngangge sekul golong, ingkung, sambel goreng krecek, dele sangan, rempeyek. Dene wekdal punika saget ugi wujudipun kados ing nginggil ananging kathah ingkang sampun dipun jumbuhaken kaliyan kamajuwaning jaman. Para undangan ndonga lajeng dhaharkonduripun dipuncaosi dhaharan sekul komplit kaliyan lawuhipun ingkang dipunwastani berkat, saged ugi ingkang pun asta kondur para undangan arupi bahan mentah kadosta uwos, gendhis, teh, tigan, mie, lan kabetahan sanesipun. Berkat punika saking tetembungan berkah, dados dhaharan ingkang dipunasta kondur sampun dipundongani sesarengan amrih para tamu undangan pikantuk berkah. Dene wujud kenduren ingkang dipunltindakaken kanthi sesarengan inggih punika bersih desa. Kenduren bersih desa dipunadani setaun sepisan. Bersih desa pinangka tanda syukur dene sampun pinaringan rejeki ingkang mberkati. Saderenge acara bersih desa dipunadani, para warga reresik lingkungan kadosta mergi, makam, lan panggenan sanes ingkang pantes dipunresiki. Kenduren bersih desa saged katindakaken ing mesjid, makam, utawi pendhapa lan panggenan ingkang wiar, kangge kenduren sesarengan. Kenging punapa ing era globalisasi punika kondangan tasih dipunwontenaken saperangan masyarakat Jawi? Saperangan masyarakat jawi dumugi sapunika kathah ingkang tasih ngugemi budaya kenduren lan bancakan. Bab punika panci estu saking prentuling batos, boten saged masyarakat dipunpenging ngawontenaken kenduren lan bancakan. Kanthi ngawontenaken kenduren lan bancakan, masyarakat rumaos ayem tentrem, guyup rukun, lan rahayu slamet. Kanthi manah ingkang ayem guyup dipunajap saged hanjunjung budaya Jawi ingkang adiluhung lan dipun ajabsaged mbentengi pengaruh saking budaya manca ingkang boten trep kaliyan kapribaden bangsa Indonesia mliginipun masyarakat Jawi. Tangga tepalih 206

ingkang dipunaturi kenduren utawi bancakan padatanipun rawuh, kajawi wonten acara ingkang boten saged dipuntilar utawi nembe nandang gerah. 2. Tradisi Laku Jawi a. Tradisi Laku Pinangka Srana Nggayuh Sedya Tradisi laku tumraping masyarakat Jawi boten babagan kang nganeh- nganehi. Kanggeh nggayuh gesang ingkang rahayu wilujeng, tentrem ayem, lan mulya, saperangan masyarakat Indonesia mliginipun masyarakat Jawi hanggadhahi cara lan srana supados sedaya sedya, sedaya karsa saged pun kabulaken dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Laku ing mriki ateges cara utawi kegiyatan srana kangge nggayuh sedaya sedya. Laku hanggadhahi teges kang sajalur kaliyan nglakoni ananging benten kaliyan lelaku. Kangge nggayuh sedaya karsa, sedaya jinangka, masyarakat Jawi hanggadhahi cara piyambakpiyambak trep kaliyan neting ati. Antawis setunggal lan setunggalipun boten sami laku nipun. Laku pinangka cara kangge nggayuh sedaya pepinginan kang utama. Laku kang hanggadhahi gegayutan kaliyan nglakoni wujudipun maneka warni, kadosta; (1) Siam, (2) kungkum, (3) tapa, lan. (4) lek-lekan. Laku, nglakoni pinangka laku batin kanthi nyuda punapa kemawon kang dados karemenanipun lan prihatin pinangka srana kangge nggayuh rahayu lan minulya. Laku ingkang gayut kaliyan nglakoni punika pinangka laku batin supados pinaringan sih nugraha, minulya, lan sedaya karsa saged pun sedyani dening Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Wonten unen unen Jawai inggih punika cegah dhahar lawan guling ateges ngirangi dhahar lan sare. Laku Jawi ingkang awujud siam tuladhanipun, siam mutih, ngrowot, ngebleng, nganyep, Senin Kamis, lsp. Siam Mutih utawi pasa Mutih, inggih punika siam kanthi nilaraken sedaya dhedhaharan kajawi sekul putih lan unjukan pethak. Pasa Mutih kaltindakaken tigang dalu tigang dinten, utawi pitung dinten pitung wengi. Kanthi cara ngirangi sedaya klangenan kala wau indra kanem saged kaasah kanthi sae. Kanthi nindakaken pasa mutih para para ingkang nindakaken laku kala wau rumangsa ayem tentrem lan menep ing panggesanganipun. Siam ngrowot utawi pasa ngrowot, piyantun Jawi ingkang nindakaken siam ngrowot namung dhahar pala kependhem kadosta, pohung, tela, kenthang, talles, kimpul, anggenipun dhahar ugi dipun watesi semanten nugi anggenipun ngunjuk. Kanthi siam ngrowot sajatosipun kajawi kangge njagi kasarasan ugi kangge nyidhem hawa utawi saged nyidhem pepinginan lan hawa nepsu. Pasa ngrowot saged katindakaken sedinten, tigang dnten, pitung dinten lsp, manut kasanggupan pisik lan batin piyambak-piyambak. Siam nganyep utawi pasa nganyep gayut kaliyan dhedhaharan ingkang anyep, boten wonten raosipun. Raos anyep boten wonten raos asin, manis, utawi pedes. Pasa nganyep kaliyan pasa mutih kados sami, ananging dhaharan pasa nganyep langkung maneka warna. Tata cara pasa nganyep kados siam padatanipun inggih punika sahur ing wekdal enjang lan buka wekdal surup. Anggenipun dhahar tetedhan ingkang raos anyep ugi dipunwatesi, kadosta menawi enjing dhahar setunggal potong pohung utawi telo lajeng ngunjuk toya pethak sacekapipun. Dene surup ugi makaten. Kanthi pasa nganyep dipunajap saged pinaringan raos ayem tentrem boten gampil kenging panggodha amrih saged gesang kanthi 207

wilujeng lan minulya. Kanthi nindakaken siam nganyep dipunajap sedaya gegayuhan lan karsa sagedipun sidhem boten ngambra-ambra kang saged dados sesakit jiwa. Siam Senin Kamis utawi pasa Senin Kamis, katindakaken ing dinten Senin lan Kamis. Dhahar kaping kalih enjing lan surup. Kanthi nindakaken siam Senin Kamis dipunajap sedaya gegayuhan saged jinangkung Gusti. Dhedhaharan piyantun ingkang nindakaken siam Senin Kamis langkung maneka warni, sedaya dhedhaharan ingkang halal dipunparengaken namung dipun watesiwekdalipun, inggih punika enjing lan wanci surup. Kanthi siam Senin Kamis pencernaanipun saged istirahat saengga kasarasanipun saged dipunjagi. b. Kungkum Minangka Salah Setunggaling Laku Jawi Tradisi kungkum dumugi sapunika tasih kathah ingkang nindakaken. Panggenan kangge kungkum padatanipun wonten ing umbul kadosta umbul Pengging, sendhang, saged ugi ing lepen utaminipun lepen tempuran, kadosta Ndlepih, Bengawan Solo, utawi ing gisiking samudra. Tradisi kungkum dipuntindakaken ing wayah dalu. Piyantun ingkang nindakaken kungkum hanggadahi kagunan tumrap kasarasan lair lan batin. Kagunan kungkum tumrap kasarasan lair inggih punika kanthi kungkum wonten umbul ingkang nggadhahi kandungan mineral ingkang inggil saged dipunserep energi positif kala wau. Energi saking toya umbul utawi lepen tempuran saged dipunginakaken kangge ningkataken kasarasan pribadi ugi saged kangge srana pengobatan tumrap piyantun sanes. Kagunan kungkum ingkang angka kalih inggih punika kagem kasarasan batin, kanthi kungkum ing wanci dalu, asrep, sepi gung liwang liwung para- para ingkang nindakaken kungkum pasrah sumarah dumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ndonga kanthi manther ing panggenan kang nyenyet sepi dumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, saged manggihaken jati diri, rumaos alit ing sangajenging Gusti Allah, saengga tambah waspada lan waskita sasampunipun nindakaken sedaya laku Jawi punika. c. Tradhisi Lek-lekan Tumrap Tiyang Jawi Tradisi lek-lekan ateges nyegah guling, kathah acara lek-lekan kadosta kulawarga ingkang hanggadhahi bayi dereng puput, mila kulawarga inti ngawontenaken lek-lekan ngantos selikur dinten, bab punika saged ugi kangge njagi bayi ingkang dereng puput puseripun. Jalaran bayi ingkang dereng puput sanget rentan dumateng sesakit. Ing malem Sura ugi wonten acara lek-lekan. Wonten sing nindakaken lek-lekan dikantheni mubeng dusun srana tapa bisu. Salebeting ngubengi dusun kala wau kanthi boten gunem babar blas, pasa swanten namung donga ingkang kasuwunaken dumateng Gusti supados warga tansah pinaringan karahayon. Salebeting lek-lekan ing wanci Suro ugi kangge instropeksi diri. Lek-lekan sewengi mruput malah wonten ingkang melek telung dina telung wengi, sedaya kala wau katindakaken jalaran nggadhahi gegayuhan lan panuwun dumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Ing sajroning lek-lekan kala wau boten ngumbar swanten ugi mboten ngumbar karemenan kadosta dhahar ingkang eca. 208

Lek-lekan malem pitulasan dipunwontenaken kangge mengeti lan mahargya dinten kamardikan negari Republik Indonesia. Lek-lekan ing malem pitulasan swasananipun benten kaliyan lek-lekan malem setunggal Sura. Padatanipun menawi lek-lekan malem setunggal Sura swasana religius lan kathah ndonga. Dene lek-lekan malem pitulasan dipuntindakaken para mudha lan bapa ibunipun kanthi swasana ingkang rame lan kathah acara kadosta pengumuman asil lomba, kembul sareng sekul kuning. Dados boten donga khusuk kadosta acara lek-lekan sanesipun. Sedaya tradisi ing inggil ngemot babagan-babagan ingkang sinambetan kaliyan mental tiyang gesang ingkang sae. Amargi saking punika, mboten tangeh menawi sedaya kalawau saget kangge bahan mbentuk mental para generasi mudha wonten ing era globalisasi sakmenika. Amargi wonten ing wekdal punika kathah sanget pengaruh-pengaruh ingkang asifat negatif saking sakwenehipun medhia massa kadosta koran, tabloid, majalah, televisi, saha medhia-medhia sosial ingkang wonten ing internet. Tradisi-tradisi ingkang dipunjlentrehaken wonten ing inggil ugi saget dipunajaraken wonten ing pelajaran minangka cara kangge nguri-uri kabudayan Jawi. C. DUDUTAN Sedaya laku kang dipuntindakaken dening saperangan masyarakat Jawi punika pinangka laku batin kangge nyuwun sihnugraha saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Kanthi nindakaken siam, kungkum, lek-lekan, kenduri dipunajab gesangipun tansah ayom ayem, rahayu wilujeng nir sambekala, lan gesang kang minulya. Piyantun Jawi menawi sampun saged manggihaken jati diri, saged nintingi, saged milah-milih pundi ingkang sae lan trep, hanjunjung inggil kasaenan, lan mangertos trapsila mila piyantun Jawi kasebat saget kawastanan piyantun Jawa kang njawani. Ing wekdal era globalisasi punika pranyata tumraping masyarakat Indonesia mliginipun Masyarakat Jawi tradisi kenduren lan laku Jawa kang arupi, pasa ngrowot, pasa nganyep, pasa Senin Kamis, pasa ngebleng, lek-lekan tetep lestari jalaran sadaya laku Jawi, kenduri lan tradisi sanesipun saged ndadosaken gesang kang ayom ayem, rahayu wilujeng, lan minulya. Sanadyan teknologi informatika sampun lumebet ing sadhengah panggenan lan wujudipun maneka warni, ananging masyarakat Jawi tansah ngleluri budaya Jawi, tansah ngrembakakaken budaya Jawi. Bab punika saged dipunpirsani saperangan masyarakat Jawi tasih ngawontenaken tradisi kenduren, lek-lekan, maneka warni siam, lan kungkum. Sedaya kala wau kantindakaken amrih pinaringan sihrahayu wilujeng saking Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Sedaya tradisi kalawau saget kangge dhasar ndhidhik mentalipun para generasi mudha lan kangge nguri-uri kabudayan Jawi. DAFTAR PUSTAKA Achmad, Sri Wintala. 2014. Ensiklopedia Kearifan Jawa. Araska, cetakan ke-1. Any, Andjar, 1979. Rahasia Ramalan Jayabaya, Ranggawarsita, dan Sabdopalon. Semarang: Aneka Ilmu. 209

Gesta Bayuadhy, 2015. Laku dan Tirakat. Berbagai Upaya Masyarakat Jawa untuk menggapai Kebahagiaan. Yogyakarta : Dipta. Mandali, Ki sondhong, 2010. Ngelmu Urip, Bawa Rasa Kawruh. Yayasan Sekar DDrajad. Marsiwarsito, L. 1990. Kamus Jawa kuno- Indonesia. Ende-Flores: Nusa Indah 210