TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

dokumen-dokumen yang mirip
NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

Tradhisi Manganan ing Desa Janjang Kecamatan Jiken Kabupaten Blora (Wujud, Makna, Fungsi, lan Owah Gingsir Budaya)

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

TRADHISI BUCENG ROBYONG ING DESA GEGER KECAMATAN SENDANG KABUPATEN TULUNGAGUNG TINTINGAN FOLKLOR. Dening:

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

Tradhisi Purnama Sidi ing Kabupaten Ponorogo (Tintingan Wujud, Makna, Piguna, lan Owah Gingsir Kabudayan)

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor)

KESENIAN JIDOR SENTULAN ING DUSUN SENTULAN, DESA BONGKOT, KAB.JOMBANG (TINTINGAN FOLKLOR)

LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO. Dening: Rindha Novacerya

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek(TintinganFolklor) Legendha Desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek (Tintingan Folklor)

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

Bathik Jonegoroan Ing Desa Prayungan, Kecamatan Sumberrejo, Kabupaten Bojonegoro (Tintingan Wujud, Makna, Ekologi Budaya LanFungsi)

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

SESAMBUNGANE LEGENDHA DESA WOTANMAS JEDONG LAN CANDHI JEDONG ING KECAMATAN NGORO KABUPATEN MOJOKERTO (Tintingan Folklor)

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

UPACARA TRADHISI SEDHEKAH LAUT ING KELURAHAN PACAR KECAMATAN REMBANG KABUPATEN REMBANG

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

Tradhisi Jamas Pusaka ing Desa Ngliman, Kecamatan Sawahan, Kabupaten Nganjuk

SRI HAPSARI PURWANTI

Kapitayan Tradhisi Adeg Griya Madhep Ngalor ing Dhusun Jombok Desa Sembungin Kecamatan Bancar Kabupaten Tuban

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.

TRADHISI GREBEG SURA ING KABUPATEN PONOROGO

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

Legendha Jeneng Desa ing Kecamatan Jogoroto. Legendha Jeneng Desa ing Kecamatan Jogoroto

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

Legendha Pesarean Raden Ayu Putri Oncat Tandha Wurung ing desa Terung Wetan Kabupaten Sidoarjo

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

LEGENDHA KYAI AGENG MOHAMMAD BESARI ING DESA TEGALSARI KECAMATAN JETIS KABUPATEN PONOROGO (Tintingan Folklor)

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI SEDHEKAH BUMI ING KECAMATAN BLULUK KABUPATEN LAMONGAN

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

NGRUMAT LAYON ING DESA TANJUNG MAGETAN

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

MITOS LAN LEGENDHA SAJRONE CERBUNG UMBUL SUNGSANG ANGGITANE AL ARIS PURNOMO (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA)

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

NILAI FILOSOFI SAJRONING TRADHISI NYAMBUNG TUWUH ING KECAMATAN NGUNUT KABUPATEN TULUNGAGUNG

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

SERAT PATRAPING NGELMU PANGUKUDAN DALAM KAJIAN STRUKTURALISME TZVETAN TODOROV

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN

Novel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

ASPEK FILOSOFIS SAJRONING CERGAM (CRITA GAMBAR) ASMARA PEGAT JIWA ANGGITANE ARIPURNA

TRADHISI PETHIK LAUT ING KECAMATAN MUNCAR KABUPATEN BANYUWANGI Dany Harja Saputri

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

WUJUD, MAKNA LAN FUNGSI SAJRONE TRADHISI SADRANAN MASYARAKAT UGAL- AGIL ING DUSUN JURANG SEMPU, DESA DAYAKAN, KECAMATAN BADEGAN, KABUPATEN PONOROGO

TINDAK TUTUR INFORMATIF SAJRONE KHOTBAH KEBAKTIAN MINGGU ING GREJA KRISTEN JAWI WETAN ING KUTHA SURABAYA. e-jurnal

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

Sasmita Sajrone Naskah Serat Wedha Tengara (Tintingan Filologi)

Alenia Kesatuan dan Kepaduan. Sri Hertanti Wulan

PEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Tradhisi Slametan Kelairan Bayi ing Desa Bediwetan Kecamatan Bungkal Kabupaten Ponorogo (Tintingan Wujud, Makna, Fungsi, Pamawas, lan Owah Gingsir)

Tindak Tutur Janji ing Dhusun Krajan, Desa Ampel, Kecamatan Wuluhan, Kabupaten Jember

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

WERNANE BASA HUMOR SAJRONE DHAGELAN JO KLITHIK JO KLUTHUK

WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGAPRESIASI DONGENG KANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD SISWA KELAS 8B SMP NEGERI 6 TULUNGAGUNG

Piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul. Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

Implikatur Pacaturan lan Palanggaran Maksim Kerjasama sajrone Tetakonan ing Grup Sumbangsih

Nilai Moral Ing Tembang Dolanan Gegayutan Tumrap Kompetensi Sikape Siswa Ing Sekolah Dhasar

MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW

Tindak Tutur Pamit ing Pasrawungan Masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

Transkripsi:

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG DENING : AFIF NURMA GUPITASARI 082114016 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH 2013

Abstrak Desa Made salah siji desa sing ana Kecamatan Made Kabupaten Jombang. Desa Made nduweni lemah kang subur saengga akeh masyarakate sing dadi petani. Panguripan masyarakat Desa Made kenthel banget karo identitas budaya Jawa yaiku ngutamakake karukunan kanthi welas asih kekeluargaan, gotong royong, lan toleransi sajrone urip bebrayan. Minangka masyarakat pedesaan, warga Desa Made isih kenthel karo bebrayan kang tradhisional. Keyakinan tumrap adat-istiadat, kesenian, ritual, lan liya-liyane isih lestari, salah siji ing antarane bisa kawawas saka cara nglestarekake adat-istiadat sing ana ing Desa Made. Tradisi Kungkum Sindhen yaiku salah sijine tradhisi sing terus ngrembaka ing Desa Made. Kanthi umum panliten iki nduweni tujuan kanggo ngawruhi luwih cetha lan jero ngenani wujud lan paedah tradhisi kungkum sindhen. Adhedhasar alesan panliten ing ndhuwur kang dadi masalah yaiku: 1) Kepriye mula bukane Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made? 2) Kepriye tata rakiting Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang? 3) Apa makna ubarampe Tradhisi Kungkum Sindhen? 4) Apa piguna kang kinandhut sajroning Tradisi Kungkum Sindhen. Adhedhasar panliten iki ana loro yaiku :1) Tujuan umum panliten iki yaiku kanggo ngidhentifikasi lan ndhokumentasekake tata laku, fungsi, makna, simbol ing Tradisi Kungkum Sindhen ing Desa Made, Kecamatan Kudu, Kabupaten Jombang, 2) Tujuan khusus kang mirunggan saka panliten iki nganggo acuan saka rumusan masalah sing ana, yaiku 1) Kanggo njlentrehake wujud tatacarane tradhisi kungkum sindhen ing Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang?; 2) Kanggo njlentrehake piguna tradisi kungkum sindhen?; 3) Kanggo njlentrehake maknamakna simbol sajrone tradisi kungkum sindhen kanggo masyarakat Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang? 4); Ngandharake makna ubarampe Tradhisi Kungkum Sindhen Panliten iki dikarepake bisa menehi manfaat kanggo kabeh pihak sing gegayutan ing antarane: 1) Minangka wahana penerapan pengetahuan adat-istiadat lan nambahi wawasan khususe ing ilmu budaya, 2) Bisa aweh paedah kanggo sapa wae kang mbutuhake kawruh ngenani tata lakanane tradhisi kungkum sindhen. Uga bisa nuwuhake kesadaran lan rasa tanggungjawab kanggo ngopeni, ngembangake, lan nambahi wawasan khususe lan nglestarekake adat-istiadat supaya tetep eksis. 3) Kanggo sumbangan referensi kabudayan Jawa tumrap piwulangan Basa Jawa ing sekolah.

KEY WORD Asal-usul wontenipun Tradhisi Kungkum Sindhen ing Sendhang Made. Partisipasi masyarakat kaliyantradhisi Kungkum Sindhen.

A. PURWAKA 1.1 Alasan Panliten Indonesia iku minangka negara kang tlatahe jembar lan akeh pendhudhuke. Saben dhaerah duwe kabudayan dhewe-dhewe, mula bisa dibedakake kabudayan dhaerah, siji lan sijine. Pangertene bab kabudayan asale saka basa Sansekerta yaiku budhaya, saka tembung budhi kang ngemu teges pikiran utawa budi. Kabudayan ngemu teges minangka sakabehing pikiran lan asil karyaning manungsa kanthi sarana pakulinan anggone padha nggegulang ing kapinteran (Koentjaraningrat, 1985:15). Istilah wisuda pranyata ora mung kanggo siswa utawa mahasiswa wae nanging uga bisa kanggo para sindhen. Upacara wisuda kanggo sindhen dianakake supaya sindhen sing diwisuda bisa diakoni sindhen sejati. Upacara wisuda sindhen kang dianakake ing Sendhang Made Desa Made iki uga karan kungkum sindhen. Kungkum sindhen minangka salah siji warisan kabudayan leluhur masyarakat Jawa kang dianakake rutin saben taun ing Desa Made. Desa Made salah siji Desa sing ana Kecamatan Made Kabupaten Jombang. Desa Made nduweni lemah kang subur saengga akeh masyarakate sing dadi petani. Panguripan masyarakat Desa Made kenthel banget karo idhentitas budaya Jawa yaiku ngutamakake karukunan kanthi welas asih kekeluargaan, gotong royong, lan toleransi sajrone urip bebrayan. Wisata budhaya ing jombang yaiku tradisi kungkum sinden ing sendang Made iki nganti saprene isih ana respon kang gedhe saka masyarakat sakupenge. Nanging uga akeh kang isih durung mangerteni tumrap kabudhayan ing jombang senajan warga Jombang dhewe. Kanyatan kasebut negesake yen kurange partisipasi kalro kabudhayan ing lingkungan sakupenge. Akeh kang ora gelem

ngreken lan nglestarekake kabudhayaan sing dadi tradisi turun temurun. Pancen kapercayan saben pawongan iki beda, nanging apa salahe yen kita melu nglestarekake supaya ora gingsir dipangan lakune era globalisasi kang tansaya deres, lan bisa ndadekake pawongan lali karo kabudhayane sing sugih karo sejarah, paedah, lan sapanunggale. Sendang Made ing kene, kinandhut sejarah, paedaha, lsp kang bisa nambah kawruh kita. Mula kita dadi generasi penerus kudu bisa nglestarekake kabudhayan sing ana ing negri iki, supaya ora gingsir lan isih bisa ngrembaka senajan jaman wus modern lan maju. 1.2 Masalah Panliten Adedhasar latar belakang kasebut ing ndhuwur mula rumusan masalah panliten yaiku: 1) Kepriye mula bukane Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang? 2) Kepriye tata rakiting Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang? 3) Apa makna ubarampe Tradhisi Kungkum Sindhen ing Sendhang Made? 4) Apa fungsi/ piguna kang kinandhut sajroning Tradhisi Kungkum Sindhen? 1.3 Panujuning Panliten Manut masalah panliten kasebut ing ndhuwur bisa kadudut ana rong tujuan sing arep diandharna ing panliten yaiku: 1) Tujuan umum Tujuan umum panliten iki yaiku kanggo ngidhentifikasi lan ndhokumentasekake tata laksana, fungsi, makna, simbol ing Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made, Kecamatan Kudu, Kabupaten Jombang.

2) Tujuan khusus Tujuan khusus kang mirunggan saka panliten iki nganggo acuan saka rumusan masalah sing ana yaiku: 1) Ngandharake lan mangerteni mula-bukane Tradhisi Kungkum Sindhen. 2) Kanggo njlentrehake wujud tatacarane Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang. 3) Kanggo njlentrehake fungsi/piguna Tradhisi Kungkum Sindhen. 4) Kanggo njlentrehake makna-makna simbol sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen kanggo masyarakat Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang. 1.4 Paedahe Panliten Panliten iki dikarepake bisa menehi manfaat kanggo kabeh pihak sing gegayutan ing antarane: 1) Minangka wahana penerapan pengetahuan adat-istiadat lan nambahi wawasan khususe ing ilmu budaya. 2) Bisa aweh paedah kanggo sapa wae kang mbutuhake kawruh ngenani tata lakanane Tradhisi Kungkum Sindhen. Uga bisa nuwuhake kesadaran lan rasa tanggung jawab kanggo ngopeni, ngembangake, lan nambahi wawasan khususelan nglestarekake adat-istiadat supaya tetep eksis. 3) Kanggo sumbangan referensi kabudayan jawa tumrap piwulangan basa jawa ing sekolah.

B. ANDHARAN Jeneng Made dijupuk saka jeneng Desa kang ana ing kecamatan Kudu,kabupaten Jombang yaiku Desa Made.s Sendhang iku papan panggonan kang wujud sendhang. Sendhang Made kuwi saka perkawinane Putri Dharmawangsa, Putri Sekarwati kaliyan Airlangga. Ing taun 1009-1049, Airlangga yaiku Raja ing krajaan kahuripan, kang mrentah taun1009-1042 nduweni gelar Abhiseka Sri Maharaja Rakai Halusri Dharmawangsa Airlangga Anantawikramotunggadewa. Jeneng Airlangga ngemu teges banyu sing mencolot. Ing prasasti Pucangan, diterangake Airlangga yaiku saka keturunan Mpu Sindok saka wangsa Isyana.Airlangga nikah kaliyan Putri Sekarwati ing Watan, krajan Medang.Wayah acara penganten, kutha Watan diserbu Raja Wurawari saka Lwaram kang arupa sekutune kkrajaan Sriwijaya. Banjur, Airlangga mlayu nang alas Wonogiri dikancani karo Mpu Narotama. Airlangga awit nglakoni uripe dadi pertapa lan sawijining bukti petilasane yaiku ing Sendhang Made. Sendhang Made didadekake papan panggonan kanggo nyepine Airlangga. Sendhang Made sejatine ana telung sendhang, nanging saiki dadi akeh yaiku mung sendhang iku luwih cilik saka telung sendhang sing utama yaiku sendhang paying,sendhang padusan,sendhang sindhen,sendhang omben,lan sendhang drajat. Namung Sendhang Drajat sing dianggo para sindhen lan dhalang kanggo Kungkum.Sendhang-sendhang kasebut ora oleh dipugar nalika wewangunane wis akeh sing rusak. Minangka masyarakat pedesan, warga Desa Made isih kenthel karo bebrayan kang tradhisional. Keyakinan tumrap adat-istiadat, kesenian, ritual, lan

liya-liyane isih lestari, ing ngendi bab iki salah siji antarane bisa kawawas saka cara nglestarekake adat-istiadat sing ana ing Desa Made. Sakabehing kabudayan iku ngrembaka lestari amarga disengkuyung lan dipandhegani dening masyarakat. Koentjaraningrat (1983:9), ngandharake manawa sakabehing angen-angen lan olah ciptaning manungsa, kang kudu dikulinakake kanthi sinau, uga sakabehing asil budi lan dayane manungsa sinebut kabudayan. Khasiat kang ana ing Tradhisi Kungkum Sindhen yaiku salah sawijining inggih menika saged damel praupane para sinden saged luwih ayu lan sumunar, saka kepercayaan ngunu kuwi kathah sinden kang kungkum ing sendang. Prosese umume ing tengah wengi, para sindhen pada ngekum sakujur awake ing sendang drajat, iki metu saka acara kang wus diadakake PARBUPORA tiap taun. Ing acara sing tiap taun diadakake iki, warga masyarakat ya nggunakake kesempatan kanggo nggelar ritual bersih desa,sing tiap warga diwajibke gawa tumpeng,sakliyane tumpeng saka warga,tumpeng-tumpeng iki dijejer,sakmarine ritual kungkum warga kabeh diwajibna kumpul lan bareng-bareng mangan tumpengipun.bersih desa iki dimaksudna kanggo ngindarna desa saka mara bahaya lan musibah.ritual kunkum ing sendang made,ritual kang dienten-enteni para sinden lan dalang. Antusias lan partisipasi masyarakat sekitar nyenengna, mulai arek cilik kang wong wus tuwa nyambut ritual iki kanthi semangat. Ritual kungkum ing sendang made menika ritual kang kangge nyelametake lan nglestarekake budaya jawa.perkembangan jaman kang diikuti kemajuan teknologi lan informasi diwedeni nggerus eksistensi kesenian tradisional ing masyarakat sekitar.

Ing sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen iki ana ubaramp kang kudu dicepakake, ubarampe mono sawijining piranti wigati ing sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen, amarga anane ubarampe kasebut nduweni nilai tumrap sawijining adicara adat. Mula saka kuwi, anane ubarampe ing sajrone upacara adat iki satemene pancen kudu digatekake dening para masyarakat pangugeme. Sawijining kaprecayan ngandharake yen anane ubarampe minangka wujud pakurmatan marang Gusti. Kuwi mono wis mujudake aturing kaprecayan masyarakat marang bab-bab kang sipate ghoib. Masyarakat pangugeme wedi yen kekarepane ora kasembadan amarga ana sawijining ubarampe kang ora dicepakake. Adhedhasar andharan mau, bakal diandharake saperangan makna kinandhut saka pamikiring para leluhur kang wis ngripta adat kaya Tradhisi Kungkum Sindhen. Sawijining wujud lan makna kinandhut ing ubarampe lan panjangkeping adicara kasebut kaya ing ngisor iki: 1) Buceng Brok Buceng Brok iki wujude saka beras kang dimasak kayadene masak sega kanggo saben dina. Buceng iki kang wis misuwur ing kauripane masyarakat jawa. Akeh wong kang nggunakake buceng brok iki ing saperangan slametan. Buceng Brok beda karo buceng liyane, pambedane buceng kasebut manggon ing wujude buceng, yaiku Buceng Brok diwujudake kanthi papak setengahe bunderan, dene kayata Buceng Kendhit wujude lancip mandhuwur kayadene krucut. Mula saka kuwi,wujud buceng kang papak kasebut ndadekake buceng lumrah diarani Buceng Brok.

Padha karo buceng-beceng liyane, Buceng Brok nggunakake lawuhan kang asile saka alam. Bab kasebut ngandhut teges minangka pakurmatan klawan Gusti kang Murbeng Dumadi kang wis ngripta sakabehe isine alam donya. Lawuhan sajrone buceng brok yaiku pitik saingkung sing kang nduweni makna manungsa nyembah Gusti Allah ingkang kanthi khusuk. Saliyane kuwi sajroning lawuhan buceng brok ingkang ngandhut makna yaiku urap, urap minangka klapa parut dibumbui kanggo campuran kulupan. Tembung urap padha kaya tembung urip yaiku nduweni teges nguripi lan nafkahi kulawargane utawa dadi sumber kauripan. Adhedhasar pethikan ing dhuwur mau njelasake yen Buceng Brok nduweni makna kang ana ing sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen kang mujudake pangarep-arep supaya sedaya warga sami ayem tentrem. 2) Kembang setaman Kembang setaman ning adicara Kungkum sindhen iki maneka warna maceme. Kembang setaman iki diseleh ing sajrone sendhang drajat, yaiku sendhang sing kanggo nyiram para sindhen. Makna saka kembang setaman miturut keyakinan warga maneka warnane kembang iku padha kaya maneka warnane uripe manungsa. Mula didhadhekna siji lan disiramne ning sindhen, kang nduweni pangarep-arep bisa njupuk sing apik lan mbuwak sing ala. Ing sajrone kembang setaman yaiku ana kembang telon (kembang kanthil, kembang kenanga, lan kembang mawar) nduweni kekarepan supaya bisa nggayuh telung kasampurna yaiku sugih bandha, sugih ngelmu lan sugih kuwasa. Adhedhasar pethikan ing nduwur cetha yen makna lan fungsine kembang setaman ing sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen iku, dikarepna sing apik tambah

apik lan mbuwang sing ala. Kaya maneka warnane kembang setaman sing dipadhakne karo uripe manungsa. 3) Sajen Wayang, Ludruk lan Sound System Sajen utawa sesaji ing sajrone adicara biasane diarai ubarampe. Sajen iki digawe kanthi isi kang maneka warna. Sajen kasebut diseleh ing sacedhake papan kang karepake banjur dijupuk sawise adicara wis rampung. Wujud isine uga maneka warna, kayadene ana gedhang salirang, klapa, kendil cilik, cok bakal, sega salawuhe. Makna cok bakal ing sajrone sajen mujudake bakal tinemu kaslametan ing sajrone adicara kasebut. Babagan isi sajrone sajen ora ana teges tartamtu kang cetha, nanging saupama ditegesi saka bab kang tinemu pikiring Cok bakal lan gedhang setangkep sing ngemu makna manungsa kang bisa nggayuh pepadhang saka Gusti Pangeran, mula uripe bakal jangkep. Cok bakal isine endhog pitik Jawa, kembang kanthil, kembang kenanga, kembang mawar, godhong suruh dibuntel lawe, candhu, minyak wangi, mbako, bawang, brambang, beras, gula abang, lan dhuwit. Sajen-sajen kasebut minangka wujud sesembahan tumrap Gusti Allah kanthi pangarep-arep ora ana alangan apa-apa ing sajrone adicara tartamtu. Sajen kasebut lumrah diseleh ing piranti-piranti kang nduweni daya pangaribawa tumrap sawijining adicara, kayadene ing wayang, sound system, gamelan, diesel, lan liyaliyane. Mula saka kuwi, sajen-sajen kasebut kudu tansah dicepakake lan dijaga kahanane. Sajen iki wis dadi pakulinan sajrone masyarakat jawa. Bab kasebut tansah dilakoni lan dicepakake amarga wedi ana ontran-ontran ing sajrone adicara. Ing sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen iki uga ana pigunane yaiku:

1) Nilai Sejarah Nilai sejarah ing sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen bisa dijupuk amarga tradhisi kasebut nduweni crita asal-usul sendhang Made dhewe nganti asal usul anane Kungkum sindhen, tradhisi ikikebak nilai sejarah. Mula saka kuwi, babagan sejarah bisa dadi bahan piwulangan tumrap generasi mudha supaya tansah mikul dhuwur kahanan tradhisi uga budaya kang ana ing Desa kasebut. 2) Nilai Religi Nilai religi ing sajrone Tradhisi Kungkum Sindhen bisa disawang saka saperangan tatarakiting adicara kang mujudake gegayutan antaraning manungsa lan Gustine. Ing sawijining tatarakiting kasebut uga mujudake cara medharake rasa syukur uga pangarep-arep marang Gusti supaya tansah pinaringan karaharjan lan kabegjan tumrap sakabehe masyarakat Desa Made. Mula saka kuwi, tradhisi kasebut minangka wujud ritual kang kudu dingerteni karo masyarakat, amarga ngandhut nilai religi kang gedhe. 3) Nilai Sosial Manungsa kalebu makhluk sosial kang ora bisa urip dhewe ing donya. Manungsa tansah mbutuhake pitulungane wong liya. Semono uga apa kang kinandhut ing sajrone Tadhisi Kungkum sindhen. Tradhisi kasebut mujudake pakaryan kang ditindakake bebarengan kang nduweni piguna uga kanggo urip bebarengan. Mula saka kuwi, tradhisi kasebut tansah mikul dhuwur gotong royong lan paseduluran antaraning wong siji lan sijine. 4) Nilai Budaya Nilai budaya wis dadi perangan saka masyarakat. Nilai kasebut bisa dijupuk saka pakulinan kabeh masyarakat ing sajrone nindakake Tradhisi

Kungkum Sindhen.Pakulinan kasebut mujudake budaya adat kang kudu tansah diuri-uri sajrone masyarakat.mula saka kuwi, budaya kasebut bisa dadi sawijining kawruh ing babagan kabudayan kang kudu dijaga pangrembakane. C.PANUTUP Tradhisi Kungkum Sindhen ing sendhang Made minangka adat kang dimangerteni lan diugemi dening bebrayan Desa Made kalebu upacar tradhisional kang wiwit biyen mula dileksanakake lan diuri-uri.upacara Kungkum sindhen iku tradhisi sing kang dinggo wisuda para sindhen lan slametan utawa ruwatan pendhudhuk Desa Made. Tradhisi iki wiwit biyen wis dileksanakake nganti saiki isih dileksanakake masiya wis ana owah-owahan sajrone tradhisi ikun dhewe. Tradhisi iki dileksanakake setaun pisan ing akhir taun. Upacara tradhisi lumrahe ngandhut aturan-aturan kanggo urip bebrayan. Salah sawijine tradhisi kang isih dilaksanakake yaiku upacara Kungkum sindhen. Upacara Kungkum sindhen iki dilaksakake saben sasi ing pungkasan taun. Masyarakat Desa Made ora ngerti sapa lan wiwit kapan Tradhisi Kungkum Sindhen dileksanakake. Masyarakat Desa Made mung ngerti yen tradhisi iku wis suwe dilaksenakake dening sesepuh utawa mbah-mbahe wiwit jaman biyen, nanging Tradhisi Kungkum Sindhen saiki wis ngalami owah-owahan.tata rakiting Tradhisi Kungkum Sindhen iki diwiwiti adicara Rembug desa kanggo ngrembugkake adicara sing arep dilaksanakake,, banjur adicara kungkum, banjur dibacutake adicara slametan sawise ritual kungkum sindhen, sawise iku ana hiburan kanggo masyarakat arupa wayang sing dilaknakake bibar slametan banjur ludruk ing wayah bengi. Tradhisi Kungkum Sindhen iki sejatine mung salah sawijine cara paneliti kanggo nguri-nguri adate wong Desa Made kang gayutane

karo upacara adat Kungkum sindhen supaya ora musna, ilang tanpa carita kanthi mendokumentasikan sakabehe bab kang ana wiwit saka ubarampe, makna kang kinandhut ing sajrone ubarampe, kapan lumakune, fungsi utawa piguna kang ana, nganti upaya kanggo nglestarekake Tradhisi Kungkum Sindhen iki. Paneliten iki dileksanakake mung ing salah sawijine papan adhedhasar katrangane warga Manawa ana paneliten kang memper nanging ana bab kang ora padha iku gumantung saka masyarakat panyengkuyunge mau.

KAPUSTAKAN Arikunto, Suharsimi. 1993. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik. Jakarta: Rineka Cipta Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik. Jakarta: Rineka Cipta Arikunto, Suharsimi. 1998. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik. Jakarta: Rineka Cipta Bungin, Burham. 2001. Metodologi Penelitian Sosial. Surabaya: Airlangga University Press Danandjaja, James. 1994. Folklor Indonesia:IlmuGosip, Dongeng, dan lain-lain. Jakarta: Pusat Utama Grafiti Endraswara, Suwardi. 2005. Buku Pinter Budaya Jawa: Mutiara Adiluhung Orang Jawa. Yogyakarta: Gelombang Pasang Endraswara, Suwardi. 2005. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Media pressindo Herusatoto, Budiono. 2005. Simbolisme dalam Budaya Jawa. Yogyakarta: Hanindita Graha Widia Hutomo, Suripan Sadi. 1991. Mutiara Yang Tak Terlupakan, Pengantar Studi Sastra Lisan. Surabaya: Hisky Koentjaraningrat. 1987, Kebudayaan Mentalis dan Pembangunan. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama Koentjaraningrat. 1985, Manusia Dan Kebudayaan di Indonesia. Jakarta: Djambatan Koentjaraningrat. 2009, Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta Maran, Rafael Raga. 2000, Manusia dan Kebudayaan dalam Perspektif Ilmu Budaya Dasar. Jakarta: Rineka Cipta Maryaeni. 2005. Metode Penelitian Kebudayaan. Jakarta: Bumi Aksara Moleong J, Lexi. 2005. Metode Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja Rosdakarya. Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa. Purworedjo.