LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

dokumen-dokumen yang mirip
NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

ASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening:

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

PEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

SRI HAPSARI PURWANTI

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

BAB V PENUTUP. tertentu, menekankan penuturan atau emosi, menghidupkan gambaran, menunjukkan bahwa bahasa kias mempunyai peranan yang penting dalam

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

LELEWANE BASA SAJRONE CRITA SAMBUNG WATESING KASABARAN ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN STILISTIKA) DWI LISTIANINGSIH

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGETRAPAKE BASA RINENGGA KANTHI METHODE MAKE- A MATCH KLAS VII H SMP NEGERI 1 BARON TAHUN PAMULANGAN JURNAL

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

Lia Juliana Dewi Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA ( )

Novel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi geguritan Kidung Lingsir Wengi anggitane Suharmono Kasiun

LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN LINTANG ING LANGIT WENGI (NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA)

MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

Modhel Pasinaon Langsung kanthi Medhia Video kanggo Ngundhakake Kawasisan Maca Endah Geguritan Siswa Kelas VII A SMPN 1 Kertosono Kabupaten Nganjuk

NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

Piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul. Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

Aspek Semiotis Sajrone Antologi Geguritan Alam Sawegung Anggitane Sudi Yatmana. Nurwula Kusmiati

Wujud Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa sajrone Antologi Cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana Pengelolaan

ENDANG TRI WAHYUNINGSIH

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

WERNANE BASA HUMOR SAJRONE DHAGELAN JO KLITHIK JO KLUTHUK

NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA

REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK

UPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR

Bathik Jonegoroan Ing Desa Prayungan, Kecamatan Sumberrejo, Kabupaten Bojonegoro (Tintingan Wujud, Makna, Ekologi Budaya LanFungsi)

ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.

Ngundhakake Katrampilan Nulis Teks Pawarta Lumantar Medhia Foto Sawenehe Kagiyatan Siswa Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 2015/ 2016

PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI

PENGEMBANGAN BUKU PANDUAN MENULIS TEKS DRAMA BERBAHASA JAWA UNTUK MENINGKATKAN KEMAMPUAN EKSPRESI SASTRA PADA SISWA SMA

UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016

Ngundhakake Kawasisan Apresiasi Tembang Macapat Sinom Kanthi Modhel Pembelajaran Kooperatif Tipe STAD

ASPEK TEMATIK LAN STILISTIK SAJRONE PAGELARAN JANGER KARISMA DEWATA BANYUWANGI KANTHI LAKON PENTHUL DADI RATU

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG KANTHI MODHEL NUMBERED HEADS TOGETHER LUMANTAR MEDHIA AUDIO SISWA KELAS 7 A SMPN 6 TULUNGAGUNG

Medhia Dolanan Ular Tangga Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

Meyra Hartantika Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

Kapitayan Tradhisi Adeg Griya Madhep Ngalor ing Dhusun Jombok Desa Sembungin Kecamatan Bancar Kabupaten Tuban

KOHESI LAN KOHERENSI ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDISI OKTOBER-DESEMBER 2013

TRADHISI BUCENG ROBYONG ING DESA GEGER KECAMATAN SENDANG KABUPATEN TULUNGAGUNG TINTINGAN FOLKLOR. Dening:

Implikatur Pacaturan lan Palanggaran Maksim Kerjasama sajrone Tetakonan ing Grup Sumbangsih

Ngundhakake Katrampilan Nyemak Crita Pewayangan Kanthi Medhia Compact Disc Siswa Kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung Taun Pamulangan

LARASING TEMBUNG LAN TEMBANG SAJRONING ANTOLOGI CAMPURSARI BANYUWANGI ANGGITANE ANDANG C.Y (Tintingan Stilistika)

UPAYA NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN NGGUNAKAKE BASA KRAMA LUMANTAR NULIS SURAT PRIBADI SISWA KELAS VIIIG SMPN 1 BESUKI TULUNGAGUNG JURNAL SKRIPSI

Transkripsi:

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika Awung Ino Fulandi FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Geguritane Naryata karakit kanthi premati lan ngati-ati. Anggone ngracik ide, imajinasi lan anggone nulis kanthi basa kang endah, nuduhake yen tataran lan teknik nulis wis kecekel ing tangane. Geguritan-geguritane uga kebak tema sosial-masyarakat kang kebak dening pituduh lan gegambaran ngaurip. Nitik saka kahanan iku, panulis nduweni anggepan yen isi geguritane kasebut banget narik kawigaten kanggo ditliti lan dianalisis. Underaning panliten sajroning panliten iki yaiku : (1) Kepriye wujud lan teges panganggone lelewaning basasajroning geguritan anggitane Naryata? (2) Kepriye maknanetumrap geguritan anggitane Naryata? Tujuwaning panliten iki kanggo medharake reroncening tetembungan sajroning geguritan anggitane Naryata kang ngandhut style lan njlentrehake makna apa wae kang bisa didudut saka geguritan-geguritan anggitane Naryata sajroning Antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping kanthi: (1) Ngandharake wujud lan teges panganggone lelewaning basasajroning geguritan anggitane Naryata; (2) Ngandharake maknane tumrap geguritan anggitane Naryata. Paedah ing panliten iki dikarepake bisa aweh sumbangan tumrap pangrembakane jagading sastra, babagan kritik sastra, mligine sastra kang awujud fiksi, lan bisaa nambahi seserepan saka panliten sadurunge utamane kang nggunakake tintingan kang sairib karo panliten iki. Uga asil panliten iki dikarepake bisa dadi salahsawijine referensi sastra, amarga salahsawijine jinis utawa genre karya sastra kang awujud geguritan iki mujudake geguritan basa Jawa kang bisa digunakake dadi piranti kanggo nguri-uri sastra Jawa lan dikarepake bisa nepungake bebrayan agung marang anane sastra Jawa. Kagiyatan panliten iki nggunakake rancangan metode deskriptif kualitatif. Panliten iki nduweni obyek sepuluh geguritane Naryata kang kaimpun sajroning Antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping Lamongan kanthi pendekatanstilistika. Data ing panliten iki dikumpulake kanthi cara teknik wacan, nyathet lan metode kapustakan. Ing babagan tatacara pangolahing data, panliten iki nggunakake pendekatanstilistika. Asil panliten iki nuduhake yen lelewaning basakang onja lan katon digunakake sajroning geguritan anggitane Naryata sajroning antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping kang nggunakake basa kias kaperang dadi 14 ing antarane, yaiku: (1) Klimaks, (2) Asidenton, (3) Polisidenton, (4) Metonimia, (5) Anafora, (6) Pleonasme, (7) Repetisi, (8) Retoris, (9) Sinekdoke, (10) Alegori, (11) Alusio, (12) Metafora, (13) Personifikasi, lan (14) Hiperbola. Dene lelewaning basa purwakanthikaperang dadi: (1) Purwakanthi Guru Sastra, (2) Purwakanthi Guru Swara. Makna kang kasil kadudut saka geguritan anggitane Naryata ing antarane ngenani urip sabendina, sejatining urip lumrah manungsa, katresnan kang sejati, lan apa wae kang samestine kudu dilakoni dening manungsa ing jaman modern iki. Kuncine tembung : geguritan, stilistika, Lelewaning Basa

A. Purwaka Ciniptane manungsadening Gusti Kang Murbeng Dumadikanthisinartan cipta, rasa, lan karsa. Kanthi pinaringantetelune iku, manungsa nduweni pepenginan kang tuwuh kanggo ngatonake ekspresi-ne. Maneka warna wujud kang diasilake manungsa kanggo mujudakeekspresi-ne mau, salah sawijine yaiku awujud sastra. Gegayutan karo bab iku, bisa ditegesi yen sastra iku ora bisa uwal saka uripe manungsa.sastra lan uripe manungsa nduweni gegayutan lan ora bisa dipisahake. Sastra iku mujudake kaca benggala saka kadadeyan kang nyata saka uripe manungsa. Karya sastra rinipta saka pengalaman utawa prastawa (Luxemburg, 1986:17). Karya Sastra iku kalebu saka salah sawijining wujud seni kang migunakake basa minangka pirantine. Basa kang digunakake sajroning karya sastra ora mung saderma reroncening basa kang katulis utawa kang digunemake, nanging uga nduweni teges kang migunani tumrap pamaos.karya sastra wujud nyata saka pengalaman kang bisa nuwuhake gegambaran kanthi lumantar piranti basa. Sajrone nyiptakake karya sastra, pangripta mesthi nggunakake basa kang khas.guritan minangka salah sawijining asil karya sastra dikarepake bisa nuwuhake rasa kaendahan ing basane. Pamilihing tembung, lelewaning basa sarta piweling, pituduh, lan pitutur kang kinandhut nduweni teges lan makna kang luhur (Sumarjo,1988:3). Guritan dhewe yaiku ekspresi pikiran kang nuwuhake pangrasa, ngrangsang imajinasi pancadriya kanthi tataran kang manut wirama. Kabeh iku awujud samubarang kang wigati, kasimpen lan awujud interpretasi pandulu manungsa kang wigati, diowahi kanthi wujud paling endah (Pradopo,1997:7).Sajroning sastra Jawa gagrag anyar kang sabanjure sinebut sastra Jawa modern, guritan uga bisa diarani kanthi sesebutan kanggo

puisi. Genre puisi mujudake genre kang paling tuwa. Saben periodegenrepuisi tansahngalami pangrembakan, nduweni jeneng lan wujud kang owah gingsir anut laku jantraning jaman. Cundhuk marang pamawase sarjana sujana kang ngandharake manawa puisi tansah ngalami owah-owahan anut evolusi selera lan owah-owahane konsepestetik-e (Riffaterre, 1978:1 sajroning Pradopo, 2005:4) Stilistika mujudake carane sastrawan anggone nggunakakeunsur kaidah kang ana sajroning basa lan rasa kang diwujudake dening panganggone. Punjering panliten stilistika yaiku gaya (style), yaiku cara kang digunakake dening pamicara utawa pangripta anggone medharake maksud kanthi nggunakake basa minangka saranane, style uga bisa ditegesi gaya basa (Sudjiman, 1993:18). Lelewaning basa (Gaya Bahasa)minangka cara panganggoning basa kanthi mligi kanggo mujudake fungsi tartamtu. Sajroning karya sastra kang efektif mesthi ana fungsi estetik kang njalari karya kasebut nduweni nilai seni. Nilai seni sajroning karya sastra tuwuh krana anane lelewaning basa lan fungsi liya kang njalari karya sastra dadi luwih endah kaya anane gaya anggone nyritakake lan pangrakite guritane.

B. Metode Panaliten Ing panliten iki nggunakake metode nyimak, amarga data kang dibutuhake diklumpukake banjur diwaca lan nyimak data nuli kadudut kanggo nemokake pesen kang kinandhut sajroning teks kang katindakake kanthi objektif lan sistematis. Sumber data kang dianggo panliten iki yaiku sumber data kang arupa sepuluh guritan anggitane Naryata kang kapacak sajroning Antologi Geguritan Salam Sapan saka Gunung Gamping. 1) Ancangan Panliten Kawawas saka segi konsep, titikane, lan lelandhesaning teorisajroning panaliten iki kang ngandharake rasa sajroning pangrasa yaiku kepriye sejatine sing dadi karep lan tujuwane pangripta anggone ngripta karyane, sakliyane uga bakal diandharake ngenani piwulangan apa wae kang bisa kadudut saka geguritan anggitane Naryata, lumantar analisis lelewaning basa (gaya bahasa) lan analisis struktural geguritan, mula pendekatan kang digunakake sajroning panaliten iki yaiku Stilistika. Analisis Stilistika kanthi cara mankono yaiku, kang kapisan nganalisis geguritane Naryata kanthi sistematis marang wujud panggunane lelewaning basa lan ngandharake karepe pangripta nggunakake lelewaning basa kang kaya mangkono mau. Kapindho, nganalisis geguritane Naryata kanthi mengkaji sakabehe struktur pambangun geguritan saperlu kanggo ngandharake apa sejatine kang dadi rasa pangrasane pangripta lumantar geguritane iku mau.sajroning panaliten iki kang dianalisis yaiku panganggone lelewaning basa (gaya bahasa). Stilistika ing kene digunakake kanggo nganalisis fungsi kang disebabake dening wujud lelewaning basa (gaya bahasa) sajroning geguritane Naryata.

2)Data lan Sumber Data Data lan sumber data minangka perangan kang wigati sajroning panliten. Tanpa anane data lan sumber data ora bisa katindakake sawijining panliten, amarga saka data lan sumber data bisa kawawas metode lan teknik kang salaras kanggo nintingi data kang dianggo. Ing perangan iki diandharake data lan sumber kang magepokan kalawan lelewaning basa mawi tintingan stilistika. 2.1Data Data kang digunakake sajroning panliten iki arupa tembung, frase, lan citra gatra kang ngandhut lelewaning basa kang rinonce sajroning guritan-guritan anggitane Naryata kang tumuju ing tintingan stilistika. 2.2Sumber Data Sumber data minangka babagan kang wigati lan dibutuhake sajroning panliten. Sumber data kang dianggo panliten iki yaiku sumber data kang arupa sepuluh guritan anggitane Naryata kang kapacak sajroning Antologi Geguritan Salam Sapan saka Gunung Gamping. Antologi Geguritan Salam Sapan saka Gunung Gamping awujud buku kang kababar ing sasi November taun 2009, dumadi saka 100 kaca. Kang nyengkuyung pambabarane Antologi iki yaiku Pamarsudi Sastra Jawa Bojonegoro.

3) Metode lan Teknik Panglumpukane Data Metode panliten minangka tata cara kang bakal ditindakake sajroning panliten. Teknik panliten mujudake pangecakane metode panliten. Mungguha metode lan teknik panliten ora ana, panliten ora bisa oleh data kanthi apik, tintingan data uga bakal ora bisa kababar jero. Samono uga asiling panliten ora kaya kang dikarepake. Metode lan teknik panliten kaperang dadi limang jinis, yaiku angket, observasi, wawan gunem, dokumentasi, lan gabungan utawa triangulasi. Ing panliten iki nggunakake metode nyimak, amarga data kang dibutuhake diklumpukake banjur diwaca lan nyimak data nuli kadudut kanggo nemokake pesen kang kinandhut sajroning teks kang katindakake kanthi objektif lan sistematis. Panliten iki ora bisauwal saka tata cara pangolahing data nganti tata cara nulis data. Supaya data bisa diolah kanthi salaras lan trep sarta bisa ngasilake asil kang nengsemake lan ora nguciwani, mula sadurunge ditulis asiling panliten, ana sawenehing tata cara utawa cak-cakan kang kudu ditindakake kanthi trep. 3.1 Klasifikasi Data Pengklasifikasian data minangka langkah pangumpulaning data kang akurat, kanggo dikelompokake kanthi trep karo jinis masalah ing panaliten iki. Pengklasifikasian data bisa dilakokake kanthi : 1) Merang geguritan kang ngandhut unsur lelewaning basa (gaya bahasa). 2) Merang geguritan miturut isi lan sejatine kang kawedhar sajroning geguritan anggitane Naryata.

3.2 Kodifikasi Data Pengkodifikasian diterapake marang data kang wis dipilih, pengkodean saka seleksi data iki arupa data seleksi ora ditulis kabeh, nanging dijupuk larik kang ana sesambungane karo masalah panaliten. Tuladhane, (PT. PD 1.GT 1-2. NR. ASSGG. 1991) pengkodifikasian iki nduweni teges geguritan kanthi judul Dhawuh, Pada 1, Gatra 1-2. Naryata. Antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping. Taun penerbitan geguritan yaiku taun 2010. 3.3Tatacara Ngolah Data Pangolahe data sajroning panaliten iki digunakake kanggo ngolah data kang wus kakumpul. Ing proses analisis data sajroning panliten iki, panliti nggunakake patang tahap yaiku: 1) Nglompokake data miturut kategori-kategori kang wus ana, apa iku kang arupa lelewaning basa (gaya bahasa). 2) Sawise dikelompokake miturut kategori-kategorine, data banjur dianalisis miturut kategorine. Surachmad (1985: 85) ngandharake yen teknik riset kapustakan yaiku pangumpule dhatadhata utawa bahan-bahan kang dijupuk saka sumber kapustakan sarta dokumen liya. Panliten kapustakan digunakake kanggo nyatakake sawijining cara nindakake panliten andhedhasar naskah-naskah kang wis diterbitake kang arupa buku apadene kalawarti. 3) Analisis sakabehe data panliti nganalisis ngenani lelewaning basa (gaya bahasa). Tata cara nulis asiling panliten iki yaiku analisis informal. Sudaryanto (1993: 144-145) ngandharake yen analisis informal mujudake sawijining proses analisis data kang nggunakake tembung-tembung. Mula asil analisis data disuguhake kanthi pengklasifikasian lan menehi kode-kode tumrap data kang nggunakake tembung-tembung sing gumathok karo jinis prakara sajroning panliten.

4) Menehi teges kang mentes babagan apa wae kang coba diandharake pangripta sajroning geguritane, lan piwulangan apa wae kang bisa didudut saka tulisane iku mau. Endraswara (2008: 52) ngandharake metode posivistik nggunakake teks minangka studi utama. Asil saka analisis iki kang bakal digunakake kanggo njawab rumusan masalah kang wus dijlentrehake sadurunge. Saka analisis iki bakal dirumusake saran-saran kang bisa diwenehake kanggo panaliten sabanjure. 3.4 Tatacara Penyajian Asil Analisis Data Kanggo nganalisis fungsi kang disebabake dening lelewaning basa (gaya bahasa) sajroning geguritan-geguritane Naryata iki migunakake Pendekatan stilistika. Penyajian asil analisis data minangka tahap kang pungkasan ing sajroning panaliten. Sudaryanto (1993:144-145) ngandharake yen anggone nyuguhake data asil analisis ana loro, yaiku kanthi analisis formal lan analisis informal. Panaliten iki nyajekake analisis informal, yaiku data kang disajekake saka rumusan tembung-tembung biasa utawa umum. 3.5Proses Panliten Proses panliten iki kaperang dadi tahap-tahap kang sinambungan. Tahap-tahap iku yaiku : 1) Tahap Persiapan Ing tahap persiapan iki diwiwiti saka kagiatan nggoleki lan nentokake obyek, pangumpulan data, nentokake judul, penelaahan pustaka, panyusunan proposal, konsultasi proposal lan persiapan rancangan skripsi. 2) Tahap Nindakake Kagiatan

Tahap iki minangka inti saka panaliten. Panaliten iki dilakokake adhedasar proposal kang wis disetujoni dosen pembimbing. Kagiyatan kang dilakokake ing sajroning tahap iki yaiku klasifikasi data lan analisis data kang trep karo judul lan masalah kang dadi topik panaliten iki, banjur narik dudutan. 3) Tahap Ngrampungake Tahap iki minangka tahap kang pungkasan saka kagiatan panaliten. Kagiatan kang dilakokake ing sajroning tahap iki yaiku panyusunan asil analisis data sawise anane revisi, ujian skripsi lan kang pungkasan yaiku penjilidan skripsi. C. Asile Panliten. Ing panliten iki babagan kang bakal diandharake yaiku ngenani lelewaning basa apa wae kang ana sajroning geguritan anggitane Naryata kang ditintingi kanthi tintingan stilistika lan apa wae sejatine rasa pangrasa kang coba diwedhar dening juru gurit sajroning geguritane sarta piwulangan apa wae kang bisa dijupuk saka geguritan anggitane Naryata. Sajroning geguritane, Naryata akeh banget migunakake basa kang lelewa. Iki ngono nduweni karep supaya bisa nambah kaendahan marang tulisane, lan pranyata sajroning lelewaning basa uga nduweni maksud utawa tujuwan tartamtu. Basa kang lelewa sajroning geguritan Naryata bisa kapilah antarane : Adhedasar analisis kang wis dilakokake marang geguritan-geguritane Naryata ing Antologi Salam Sapan saka Gunung Gamping, bisa didudut ngenani Lelewaning basa, rasa pangrasa lan piwulangan kang kinandhut sajroning geguritan ing antarane yaiku: Lelewaning basa kang ana lan katon digunakake sajroning geguritan Naryata, kaperang dadi 12 yaiku : (1) Alegori, (2) Personifikasi, (3) Klimaks, (4) Asindenton, (5) Polisindenton, (6)

Metonimia, (7) Alusio, (8) Pleonasme, (9) Repetisi, (10) Retoris, (11) Sinekdoke, lan (12) Tautologi. Dene lelewaning basa purwakanthi ing antarane tinemu (1) Purwakanthi Guru Sastra, (2) Purwakanthi Guru Swara. Mula saka sawenehing lelewaning basa kang mapan sajroning geguritan-geguritane mau katon nuwuhake ciri khas saka Naryata, yaiku anggone milih tetembungan katon tansah nuwuhake efek-efek panguat saka tembung kasebut. Efek-efek panguatan tembung kuwi tuladhane bisa disawang ing babagan pamilihing tembung kanthi migunakake saperangan lelewaning basa. Dene rasa pangrasane geguritan Naryata iku saperangan ngenani urip saben dina tegese guritan-guritan anggitane Naryata kasebut ngandhut saperangan makna kayata sosial, religius, lan romantis. Saliyane iku geguritan-geguritan anggitane Naryata ngemot akeh banget piwulangan utamane kanggo urip saben dinane ing antarane ngenani urip sabendina, sejatining urip lumrahe manungsa, katresnan kang sejati, lan apa-apa wae kang samestine kudu dilakoni dening manungsa ing jaman modern iki. Mula saka iku guritan-guritan anggitane Naryata kasebut bisa didadekake kaca benggala tumrap manungsa kanggo ngupadi bebener kang sejati. D. Saran Panaliten iki isih adoh saka kasampurnaan amarga mung diwatesi nliti ing unsure lelewaning basa sajroning geguritan anggitan Naryata. Mula sejatine isih akeh kang bisa ditliti utawa dianakake panliten liya, apa saka kajian sosiologi sastra, psikologi sastra utawa budaya, supaya bisa nuwuhake panliten-panliten liya ing babagan iki kang luwih sampurna lan bisa kanggo majokake ilmu sastra lan nambah khasanah kasustraan Indonesia utamane Jawa yaiku ngenani Geguritan.

E. DAFTAR PUSTAKA Aminuddin.1995.Stilistika, Pengantar Memahami Sastra dalam Karya Sastra.Semarang: IKIP Semarang Press. Aminuddin. 2010. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algesindo. Chaer,Abdul.2002. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta. Djajasudarma,Fatimah.T.2003. Semantik I Pengantar ke arah Ilmu Makna. Bandung: PT Eresco. Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: CAPS. Hutomo, Suripan Sadi.1975. Telaah Kesustraan Jawa Modern. Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa. Jalil, Dianie Abdul. 1990. Teori dan Periodisasi Puisi Indonesia. Bandung: Remaja Rosdakarya. Keraf. Gorys. 2006.Diksi dan Gaya Bahasa, Komposisi lanjutan 1. Jakarta: PT Gramedia pustaka Utama. Naryata. 2010. Salam Sapan saka Gunung Gamping Antologi Puisi bersama. Lamongan: Pustaka Ilalang Nurgiyantoro, Burhan. 1995. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Padmasoekotjo, S. 1953. Paramasastra Jawa. Surabaya: Citra Jaya Murti. Poerwadarminta, W.J.S.1986. Baoesastra Djawi. Batavia: J.B.Wolters Groningen. Prabowo, Dhanu Priyo dkk. 2007. Glosarium Istilah Sastra Jawa. Yogyakarta : Narasi. Pradopo, Rahmat Djoko.2005. Pengkajian puisi. Jakarta: Gadjah Mada University press. Ratna, Nyoman Kutha.2006. Teori, Metode dan Tekhnik Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Ratna, Nyoman Kutha.2009. Stilistika Kajian Puitika Bahasa, Sastra, dan Budaya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar. Saraswati, Sylvia. 2010. Cara Mudah Menyusun Proposal, Skripsi, Tesis, Disertasi. Jogjakarta: Ar-ruzz Media. Sudaryanto.1993. Metode dan Aneka Tekhnik Analisis Bahasa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press. Sudjiman, Panuti. 1984. Kamus Istilah Sastra. Jakarta: Gramedia. Sudjiman, Panuti.1993.Bunga Rampai stilistika.pustaka Umum grafity. Sumardjo,Jakop dkk.1988. Apresiasi Kesusastraan. Jakarta: Gramedia. Teew, A. 1984. Sastra dan Ilmu Sastra Pengantar Teori Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya. Verhaar, J.W.M.1983.Pengantar Linguistik. Yogyakarta: Gajah Mada University Press. Waluyo, Herman J. 1987. Teori dan Apresiasi Puisi. Jakarta: Yayasan Arus. Wellek, Rene dan Austin Warren. 1990. Teori Kesusastraan. Jakarta: Gramedia. Yuwana, Setya, dkk. 2000. Pendekatan Stilistika Dalam Puisi Jawa Modern Dialek Using. Jakarta : Departemen Pendidikan Nasional.

KACA PASARUJUKAN Usulan panliten dening NRM Irah-irahan : Awung Ino Fulandi : 082114230 : Lelewaning Basa Sajroning Antologi Geguritan Salam Sapan saka Gunung Gamping anggitane Naryata :Tintingan Stilistika Jurnal Pendidikan iki disarujuki lan murwat kanggo pandadaran. Surabaya, 22Januari 2013 Pembimbing Drs. Panyono Pardiono NIP.19471208 198103 1 00