BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA CAMPURSARI TAMBANE ATI SKRIPSI. Dening TAUFAN SETYAWAN

dokumen-dokumen yang mirip
SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

PEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

SRI HAPSARI PURWANTI

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

BENTUK UJARAN BAHASA JAWA TATARAN FONOLOGI ANAK TUNAGRAHITA TINGKAT BERAT SMP LUAR BIASA NEGERI SEMARANG (KAJIAN PSIKOLINGUISTIK)

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

REGISTER BLANTIK SAPI ANA ING PASAR KEWAN KECAMATAN PUJON KABUPATEN MALANG. (Tintingan Sosiolinguistik) : Dendang Dewi Wulandari

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

TINDAK TUTUR ILOKUSI DALAM WACANA KOLOM PAK RIKAN DI KORAN MINGGUAN DIVA

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG

KESALAHAN BERBAHASA JAWA PADA PAPAN NAMA PERTOKOAN DI KABUPATEN PEMALANG

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

Tembung wigati: tindak tutur ngelem, masyarakat, cara medharake, pananggepe mitratutur, konteks sosial

Tindak Tutur Janji ing Dhusun Krajan, Desa Ampel, Kecamatan Wuluhan, Kabupaten Jember

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG

ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO, KECAMATAN PLUMPANG, KABUPATEN TUBAN

Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

BASA AWAK BIS JAYA TRAYEK SURABAYA PONOROGO (ANALISIS SOSIOLINGUISTIK) JURNAL

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

TINDAK TUTUR NGABARI ING DESA JURUG, KECAMATAN SOOKO, KABUPATEN PONOROGO

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

SAJRONE WAWANCARA LUMANTAR METODHE ROLE PLAYING SISWA KELAS 8A ING SMPN 5 TRENGGALEK

WUJUD LAN JINISE REDHUNDHANSI ING BASA JAWA

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

TINDAK TUTUR TAKON ING DESA JETIS KECAMATAN DAGANGAN KABUPATEN MADIUN JURNAL

WERNANE BASA HUMOR SAJRONE DHAGELAN JO KLITHIK JO KLUTHUK

Tindak Tutur Pamit ing Pasrawungan Masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

Analisis Kalimat Majemuk dalam Cerita Bersambung Ngoyak Lintang Karya Al Aris Purnomo

Ngundhakake Katrampilan Nulis Teks Pawarta Lumantar Medhia Foto Sawenehe Kagiyatan Siswa Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 2015/ 2016

ASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening:

Implikatur Pacaturan lan Palanggaran Maksim Kerjasama sajrone Tetakonan ing Grup Sumbangsih

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Ngundhakake Katrampilan Nyemak Crita Pewayangan Kanthi Medhia Compact Disc Siswa Kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung Taun Pamulangan

Bathik Jonegoroan Ing Desa Prayungan, Kecamatan Sumberrejo, Kabupaten Bojonegoro (Tintingan Wujud, Makna, Ekologi Budaya LanFungsi)

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG KANTHI MODHEL NUMBERED HEADS TOGETHER LUMANTAR MEDHIA AUDIO SISWA KELAS 7 A SMPN 6 TULUNGAGUNG

Kewasisan Nulis Aksara Jawa Murdha Kanthi Medhia Kertu Pohon Aksara

Ngundhakake Katrampilan Crita Pengalaman Pribadi Kanthi Medhia Modhel Boneka Tangan Siswa Kelas Vii B Smp Negeri 2 Gondang Taun Pamulangan 2015/2016

MAKNA FILOSOFIS SAJRONE TRADHISI GANTI LANGSE ING PETILASAN PRABU KERTABUMI

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

E-Journal/Bharada/Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa)/Fakultas Bahasa dan Seni/Universitas Negeri Surabaya

TINDAK TUTUR ATUR PANUWUN ING DESA DERMOSARI, KECAMATAN TUGU, KABUPATEN TRENGGALEK

UPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGETRAPAKE BASA RINENGGA KANTHI METHODE MAKE- A MATCH KLAS VII H SMP NEGERI 1 BARON TAHUN PAMULANGAN JURNAL

Wujud, Guna, lan Kalungguhane Rimbag {-e} Wujud, Guna, lan Kalungguhane Rimbag {-e} Ellva Khoiroh Agustina

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

KEEFEKTIFAN MODEL PEMBELAJARAN TEAM ASSISTED INDIVIDUALIZATION

UKARA PAMRAYOGA JURNAL

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

Tindak Tutur Ngincim kanggo Panjurung ing Panggulawenthah ing Desa Paciran Kecamatan Paciran Kabupaten Lamongan

REFERENSI DALAM WACANA BERBAHASA JAWA DI SURAT KABAR

ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.

Kapitayan Tradhisi Adeg Griya Madhep Ngalor ing Dhusun Jombok Desa Sembungin Kecamatan Bancar Kabupaten Tuban

Nilai Moral Ing Tembang Dolanan Gegayutan Tumrap Kompetensi Sikape Siswa Ing Sekolah Dhasar

URAIAN MATERI KB-2 AKSARA MURDHA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK

Medhia Dolanan Ular Tangga Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISWAN NULIS LAYANG PRIBADI KANTHI MODHEL KOOPERATIF TIPE STAD (SISWA KELAS 8A SMP NEGERI 2 WRINGINANOM)

Transkripsi:

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA CAMPURSARI TAMBANE ATI SKRIPSI Dening TAUFAN SETYAWAN 052114015 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH 2010

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA CAMPURSARI TAMBANE ATI SKRIPSI Karacik minangka sarana lan syarat antuk gelar Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Universitas Negeri Surabaya Dening TAUFAN SETYAWAN 052114015 UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH 2010

KACA PASARUJUKAN Usulan panaliten dening : Taufan Setyawan NRM : 052114015 Irah-irahan : Basa Penyiar TVRI Jawa Timur Ing Adicara Campursari Tambane Ati Surabaya, 7 Januari 2010 Pembimbing, Drs. Surana. S.S, M. Hum NIP. 19681005 199403 1 001

KACA PANGESAHAN Panaliten dening : Taufan Setyawan NRM : 052114015 Irah-irahan : Basa Penyiar TVRI Jawa Timur Ing Adicara Campursari Tambane Ati Skripsi iki wis kauji dening dewan panguji nalika tanggal 14 Januari 2010 Dewan Panguji, 1. Dr. Udjang Pairin. M. Basir, M. Pd. NIP. 19570610 198403 1 003 2. Drs. Murdiyanto, M. Hum. NIP. 19550210 198503 1 002 3. Drs. Surana. S.S, M. Hum. NIP. 19681005 199403 1 001 Pangesahan, Dekan FBS Unesa Ngawruhi, Ketua Jurusan PBSD Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A. Drs. Sukarman, M.Si. NIP. 19561222 198403 1 001 NIP. 19641231 199002 1 003

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH Alamat : Gedung TI Kampus Lidah Wetan, Telp. 031-7522876 pswt.21 SURAT PERNYATAAN PERTANGGUNGJAWABAN PENULISAN SKRIPSI Yang bertanda tangan dibawah ini Nama : Taufan Setyawan Tempat, tanggal lahir : Trenggalek, 10 September 1985 NRM : 052114015 Program studi/angkatan : Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah/2005 Alamat : RT 01 RW 01, Ds. Dongko, Kec. Dongko, Kab. Trenggalek, Jawa Timur (66363) Menyatakan dengan sesungguhnya bahwa (1) Skripsi yang diujikan ini benar-benar hasil kerja sendiri (bukan hasil jiplakan baik sebagian maupun seluruhnya). (2) Apabila dikemudian hari terbukti skripsi ini hasil jiplakan, saya akan menanggung resiko diperkarakan oleh jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Unesa. Demikian surat pernyataan yang saya buat dengan sebenar-benarnya. Surabaya, 7 Januari 2010 Dosen Pembimbing Yang menyatakan, Drs. Surana. S.S, M. Hum Taufan Setyawan NIP. 19681005 199403 1 001 NRM. 052114015 Mengetahui Ketua Jurusan Drs. Sukarman, M.Si NIP. 19641231 199002 1 003

PURWAKA Puji syukur kunjuk ing ngarsaning Gusti Kang Maha Agung, dene kanthi rahmat lan hidayahe aku bisa ngrampungake skripsi kanthi irah-irahan Basa Penyiar TVRI Jawa Timur ing Adicara Campursari Tambane Ati. Skripsi iki bisa karampungake amarga ana donga pangestu lan panyengkuyung saka: 1. Prof. Dr. Haris Supratno minangka Rektor UNESA. 2. Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A minangka Dekan FBS UNESA. 3. Drs. Sukarman M. Si minangka Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah UNESA, uga minangka Dosen Pembimbing Akademik. 4. Drs. Surana, S.S, M. Hum minangka dosen Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah UNESA, uga minangka dosen pembimbing sajroning aku nggarap skripsi. 5. Bapak lan Emak kang tansah paring donga pangestu anggonku ngudi ngelmu. 6. Drs. Sugeng Adipitoyo, M. Pd ingkang tansah nyengkuyung anggonku nulis skripsi, uga paring ampilan buku. 7. Dr. Udjang Pairin M. Basir, M. Pd lan Drs. Murdiyanto M. Hum minangka dosen panguji. 8. Redaksi adicara Campursari Tambane Ati TVRI Jawa Timur. 9. Kanca-kanca 2005 kang tansah ngrewangi lan menehi panyengkuyung anggonku nulis skripsi.

Skripsi iki durung sampurna, mula saran lan kritik kang asipat konstruktif, daktampa kanthi bungah kanggo nyampurnakake skripsi iki. Muga-muga skripsi iki bisa migunani kanggo aku pribadi lan para pamaos kabeh. Wusananing atur panulis nyuwun agunging samudra pangaksami, mbok menawa ana cacat luputing racikaning tetembungan (ukara) kang kurang tata. Nuwun. Surabaya, 7 Januari 2010 Panulis

ATUR PISUNGSUNG Skripsi iki dak aturake kanggo: Sang Hyang Widhi Wase kang tansah paring pituduh ngenani sangkan paraning dumadi. Wong tuwaku kang tansah paring donga pangestu lan sangu. Sedulurku kandhung mbak Yetik lan mas Riris, uga mas Bakti lan ndhuk Syifa kang tansah nyengkuyung anggonku ngrampungake kuliah. Mitra kinasih Dhik Ngatini F Rahma M kang tansah agawe reroncening uripku lan dadi inspirasi anggonku golek pangupa jiwa. Pak Mul (mantan TU Jawa) kang tansah paring pambiyantu nalika aku kuliah. Kanca-kanca angkatan 2005: Zuni, Yanti, Rina, Kristin, Difi, Putri, Mia, Ana, Serli, Sonya, Novita, Reni, Ita, Dwi, Aiz, Nana, Vina K, Vina SP, Anggra, Septi, Riska, Widya, Ria, Suntik, Anis, Itis, Icha, Nuning, Ikhfadul (Alm.) uga Bala Kurawa 2005: Hendrik, Tarto, Gilang, Fatkur, Hengki, Buyung, Deka, Kalyubi, Patrit, Vijay, lan Adi. Kangmas lan mbakyuku kang tansah nguri-uri kabudhayan lan njaga kondhange Bharada, mas Yohan (angkatan 1998), mas Kunto (1999), mas Didik, mas Yusuf, mbak Ulfa (2001), mbak Vita, mbak Novi (2002), mas Josan, mas Romi, mas Topa (2003), mas Andika, mas Kholili, mas Agung, mas Andi, mas Ma ruf, mas Arik, mbak Riski Sembodro, mas Amri, mas Widhi (2004), uga adhik-adhikku, Puguh Black, Latif, Nadhif, Jadmiko, Vivin, Leni (2006), Bambang, Ikhwan, Daraka, Fuad, Cimpli, Bim-bim, Bom-bom, Andhun, Ginanjar, Hapsari, Yunita, Wawan (2007), Efendi, Dendang, Yusmia, Mevi, Hanung, Deni, Agus, Yusuf, Piun, Rini, Nanang, Ani, Saithil, Eras, Intika, Imam, Gaguk (2008), Jimbon, Anita, Nino (2009), lan kabeh wae kang ora bisa dak sebutake siji-siji. viii

SESANTI SENI

BASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR ING ADICARA CAMPURSARI TAMBANE ATI Taufan Setyawan ABSTRAK Basa yaiku piranti kanggo guneman antarane pawongan siji klawan pawongan liyane. Basa minangka piranti kanggo srawung, kahanane tansah owah. Ana ing sajroning guneman, panutur kudu ngandharake kang dikarepake kanthi nggunakake ukara kang cetha lan gampang dingerteni, panutur ana kalane ngandharake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya supaya kang arep diandharake bisa luwih gampang dimangerteni. Adhedhasar alasan mau mula alih kode lan campur kode digunakake kaya kang dumadi ing giyaran Campursari Tambane Ati TVRI Jawa Timur. Bab iku kang pungkasane narik kawigatene panliti kanggo ndadekake werna basa penyiar A dadi panaliten ing skripsi. Perkara ing panaliten iki cacahe ana telu, yaiku (1) Werna basa apa wae kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A? (2) Kepriye wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A? (3) Kepriye wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A? Panaliten iki kanthi umum nduweni ancas yaiku ngandharake wujude ragam basa, lan ngandharake menawa ana wujud alih kode lan campur kode kang dumadi. Panaliten iki nggunakake objek giyaran campursari ing TVRI Jawa Timur. Panaliten iki uga nggunakake ancangan lan wewatesan. Ancangan kang ana ing panaliten iki yaiku deskriptif kualitatif, dene wewatesane yaiku ragam basa lan panganggone basa sing digunakake penyiar A TVRI Jawa Timur. Panaliten iki nganggo metode simak, cathet, lan rekam. Adhedhasar cara iku mau, mula ing panaliten iki ditemokake wujude werna basa ana lima, yaiku (1) werna basa ngoko, (2) werna basa dialek Surabayan, (3) werna basa krama, (4) werna basa ngoko-arab, (5) werna basa ngoko-indonesia. Alih kode kang digunakake penyiar A TVRI Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku (1) alih kode saka basa Jawa menyang basa Indonesia, (2) alih kode saka basa Jawa menyang basa Jawa dialek Surabayan, lan (3) alih kode saka basa Jawa ngoko menyang basa Jawa Krama. Campur kode kang digunakake penyiar A TVRI Jawa Timur kaperang dadi telu, yaiku: (1) Jawa-Arab, (2) Jawa-Indonesia, lan (3) Jawa-Inggris. Ana ing panaliten iki uga ditemokake wujud alih kode intern lan alih kode ekstern, sarta wujud campur kode negatif, lan campur kode positif.

TVRI TVRI

TVRI TVRI TVRI TVRI TVRI

TVRI TVRI intern ekstern

BAHASA PENYIAR TVRI JAWA TIMUR DALAM ACARA CAMPURSARI TAMBANE ATI Taufan Setyawan ABSTRAK Bahasa merupakan sarana yang digunakan untuk berinteraksi dengan orang lain. Bahasa senantiasa mengalami perubahan. Penutur harus menjelaskan maksud tuturannya dengan menggunakan kalimat yang jelas dan mudah dimengerti, kadang kala penutur juga harus menggunakan unsur dari bahasa lain agar maksud dari tuturannya mudah dimengerti. Berdasarkan alasan tadi maka alih kode dan campur kode digunakan seperti yang terjadi di siaran campursari tambane ati TVRI Jawa Timur. Bab tersebut yang akhirnya menarik perhatian peneliti untuk menjadikan ragam bahasa penyiar A menjadi penelitian dalam skripsi. Masalah dalam penelitian ada tiga, yaitu (1) ragam bahasa apa saja yang digunakan oleh penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara A? (2) bagaimana bentuk alih kode penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara A? (3) bagaimana bentuk campur kode penyiar TVRI Jawa Timur dalam acara A? Penelitian ini secara umum memiliki tujuan yaitu menjelaskan bentuk ragam bahasa, dan menjelaskan adanya bentuk alih kode dan campur kode. Penelitian ini menggunakan objek siaran campursari di TVRI Jawa Timur. Penelitian ini juga menggunakan pendekatan dan batasan. Pendekatan yang digunakan dalam penelitian ini yaitu deskriptif kualitatif, sedangkan batasannya yaitu ragam bahasa dan penggunaan bahasa yang digunakan penyiar A TVRI Jawa Timur. Penelitian ini menggunakan metode simak, catat, dan rekam. Berdasarkan cara tersebut maka dalam penelitian ini ditemukan lima bentuk ragam bahasa, yaitu (1) ragam bahasa ngoko, (2) ragam bahasa dialek Surabayan, (3) ragam bahasa krama, (4) ragam bahasa ngoko-arab, (5) ragam bahasa ngoko-indonesia. Alih koe yang digunakan penyiar A TVRI Jawa Timur dibedakan menjadi tiga, yaitu (1) alih kode Jawa-Indonesia, (2) alih kode Jawa-dialek Surabayan, dan (3) alih kode Jawa ngoko-krama. Camur kode yang digunakan penyiar A TVRI Jawa Timur dibedakan menjadi tiga, yaitu (1) Jawa-Arab, (2) Jawa-Indonesia, dan (3) Jawa_Inggris. Dalam penelitian ini juga ditemukan bentuk alih kode intern dan alih kode ekstern, serta bentuk campur kode negatif dan campur kode positif. xiv

DAPTAR ISI Kaca Sampul... i Kaca Irah-irahan... ii Daptar Pasarujukan... iii Kaca Pangesahan... iv Surat Pernyataan Pertanggungjawaban Penulisan Skripsi... v Purwaka... vi Atur Pisungsung... viii Sesanti... ix Abstrak... x Daptar Isi... xv Daptar Singkatan... xvii BAB I BEBUKA... 1 1.1 Alasan Panaliten... 1 1.2 Punjering Panaliten... 4 1.3 Tujuan Panaliten... 5 1.4 Paedahing Panaliten... 5 1.5 Wewatesing Panaliten... 6 BAB II TINTINGAN KAPUSTAKAN... 7 2.1 Masyarakat Basa... 7 2.2 Wernane Basa... 9 2.3 Undha-usuk Basa... 12 2.4 Dwibasa... 15 2.5 Alih Kode... 16 2.6 Campur Kode... 19 2.7 Landhesan Teori... 21 BAB III TATA CARA PANALITEN... 23 3.1 Sipating Panaliten... 23

3.2 Objek lan Subyek Panaliten... 24 3.3 Sumbering Data... 25 3.4 Piranti Panaliten... 25 3.5 Metode lan Teknik Panaliten... 26 3.5.1 Tata Cara Panglumpuke Data... 26 3.5.2 Tata Cara Olah Data... 28 3.5.3 Penyajian Analisis Data... 30 BAB IV PRATELAN ASILING PANALITEN... 31 4.1 Wernane Basa... 31 4.1.1 Werna Basa Ngoko... 31 4.1.2 Werna Basa Dialek Surabayan... 33 4.1.3 Werna Basa Krama... 35 4.1.4 Werna Basa Jawa - Arab... 36 4.1.5 Werna Basa Jawa - Indonesia... 37 4.2 Alih Kode... 39 4.2.1 Alih Kode Jawa - Indonesia... 39 4.2.2 Alih Kode Jawa - Dialek Surabayan... 41 4.2.3 Alih Kode Ngoko - Krama... 43 4.3 Campur Kode... 44 4.3.1 Campur Kode Jawa - Arab... 45 4.3.2 Campur Kode Jawa - Indonesia... 46 4.3.3 Campur Kode Jawa - Inggris... 47 4.4 Asiling Panaliten Bab Wernane Basa Penyiar A... 48 BAB V DUDUTAN LAN SARAN... 55 5.1 Dudutan... 55 5.2 Saran... 56 KAPUSTAKAN... 57 Lampiran I... 59 Lampiran II... 73

DAPTAR SINGKATAN A. Singkatan Tembung A : TVRI : Campursari Tambane Ati Televisi Republik Indonesia PT : Peristiwa Tutur (Prastawa Tutur) DL : Data Lampiran H : Halaman (Kaca) B. Singkatan Jeneng : Cak Pendhik : Cak Trubus MI : Mbak Idha PC : Pamirsa Campursari SW : Swarawati (Penyanyi) TW : Tukang Warung

BAB I BEBUKA 1.1 Alasan Panaliten Sajroning pasrawungan, manungsa ora bisa uwal saka guneman klawan wong liya. Sanadyan manungsa iku ora bisa ngucap utawa bisu, manungsa isih tetep bisa guneman nggunakake basa awak utawa basa isarat. Basa yaiku piranti kanggo srawung utawa guneman tumrap pawongan siji klawan pawongan liyane. Wong kang kawegan ing babagan Linguistik njlentrehake ngenani tegese basa yaiku tetenger sing wujud swara kang sipate manasuka, sabanjure ditambahake klawan perlambang swara kang digunakake dening masyarakat liyane kanggo srawung lan nepungake awake dhewe (Kridalaksana ing Chaer, 2007:32). Basa uga bisa diarani sawijining sistem, padha karo sistem-sistem liyane kang sifate sistematis lan sistematik. Dadi basa dudu sawijining sistem tunggal ananging disusun dening subsistem kang arupa fonologi, sintaksis lan leksikon. Basa uga nduweni paedah kang kaperang dadi telulas, yaiku: (1) Basa kanggo mbiasakake manungsa karo tata aturan sosial, (2) Basa kanggo ngandharake kaendahan, kabecikan, luhuring bebuden, lan liya-liyane, (3) Basa kanggo ngatur kontak sosial, (4) Basa kanggo ngatur tindak tanduk, (5) Basa kanggo ngatur tindak tanduk marang wong liya (6) Basa kanggo ngandhakake rasaning batin, (7) Basa kanggo menehi tandha ngenani hubungan sosial, (8) Basa kanggo ngandharake kawruh ing sajabane basa, (9) Basa kanggo menehi piwulang ngenani kewasisan lan ketrampilan, (10) Basa kanggo medharake basa, (11) Basa

kanggo nakokake babagan apa wae marang wong liya, (12) Basa kanggo ngadohake saka beban lan alasan, (13) Basa kanggo ngandharake tindak tanduk performatif (Dell Hymes ing Soeparno 2003:7-8). Basa minangka piranti kanggo srawung ora bisa uwal saka anane owahowahan. Semono uga basa Jawa kang umure wis dawa. Kanthi dhasar bab kasebut, basa Jawa nduweni werna adhedhasar wektu panguripane, kayata: Jawa kuna, Jawa pertengahan, Jawa enggal, lan Jawa gagrag anyar. Kejaba iku, basa Jawa digunakake ing tlatah kang jembar banget, ora mung ing Jawi wetan lan Jawi tengah, nanging uga ing njabane pulo Jawa nganti mancanegara. Kaya andharane Moeliono (1982:10) yen basa kang sumebar jembar panganggone bakal nduweni cengkok utawa logat dhewe-dhewe. Ing kono mau basa Jawa nduweni logat kang aran dialek. Wernane basa klebu sajroning ilmu Sosiolinguistik. Sosiolinguistik yaiku salah sawijining ilmu linguistik kang ngrembug sesambungane basa karo sosial masyarakat (Chaer lan Agustina, 1995:5). Dene Basir (2001:146) ngandharake menawa sosiolinguistik yaiku ilmu kang ngrembug babagan basa, budhaya, lan paedahe kanggo srawung jroning masyarakat. Saliyane andharan para pakar ing dhuwur isih akeh andharan-andharan ngenani sosiolinguistik kang isine ora beda adoh karo andharan ing dhuwur. Miturut panganggone, wernane basa bisa kaperang dadi loro, yaiku werna basa lisan lan werna basa tulis. Werna basa lisan yaiku werna basa kang digunakake kanthi cara guneman utawa pitutur, dene werna basa tulis yaiku werna basa kang digunakake kanthi cara nulis. Miturut gunane, werna basa uga kaperang

maneh dadi lima, yaiku (1) Ragam baku, (2) Ragam resmi, (3) Ragam usaha, (4) Ragam santai, lan (5) Ragam akrab (Nababan, 1993:22). Basir (2002:3) ngandharake yen basa iku minangka piranti kanggo ngomongake apa sing dadi kekarepane, mula umume padha nganggo basa daerah. Basa sing ana ing Indonesia pancen akeh banget jinise. Salah sawijining yaiku basa Jawa. Basa Jawa akeh digawe dening masyarakat Jawa, mligine masyarakat Jawa Timur lan Jawa Tengah. Saben wong iku nduweni ciri khas dhewe-dhewe nalika ngomong, bab iku dibedakake miturut daerah asale. Mula pambedaning wilayah utawa daerah, bisa mbedakake basane wong. Miturut unggah-ungguhing basa Jawa sing dianggo ing masyarakat ana telung ragam yaiku ngoko, madya, lan krama. Ragam ngoko yaiku basa sing dianggo kanca marang kanca kang saumuran kanthi tujuwan supaya luwih akrab. Basa madya yaiku basa sing kanggo ngurmati wong siji marang wong liyane sanajan umure padha. Basa krama yaiku basa sing dianggo marang wong sing umure luwih tuwa utawa drajate luwih dhuwur saka saka awake dhewe. Panaliten kang ngrembug ngenani babagan basa kanthi kajiyan sosiolinguistik iki wis tau dikaji karo Mahasiswa Jurusan Basa Jawa, ing antarane yaiku: Ragam Bahasa Pedagang Sayur Di Pasar Bangun Sari Caruban (Ikhwan, 2004), Ragam Bahasa Berita Pojok Kampung Di JTV Surabaya (Iriana, 2005), Ragam Bahasa Berita Pojok Kulonan Di JTV Surabaya (Dwiani, 2006), Alih Kode lan Campur Kode Para Dosen Jurusan Pendidikan Basa Jawa ing Rapat Formal (Amri, 2008), lan Ragam Basa Lan Panganggone Bocah Balita umur 3 nganti 5 Ing Surabaya (Sutarto, 2009). Lan panaliten iki banget anggone narik kawigatene panaliti amarga sasuwene iki durung ana panaliten kang ngrembug

basane penyiar campursari ing acara tipi, mligine A ing TVRI Jawa Timur. Panaliten iki beda karo panaliten-panaliten kang wis tau ditliti kayata ing dhuwur amarga lumrahe panaliten ing dhuwur iku datane arupa swara, dene panaliten iki datane arupa audio lan visual. Pancen saperangan ana kang datane arupa audio lan visual kayata panaliten wernane basa ing Pojok Kampung lan Pojok Kulonan ing JTV, ananging ing panaliten iki nduweni pamilihan tembung kang luwih narik kawigatene panaliti. Amarga panaliten iki njlentrehake wernane basa kang digunakake penyiar Campursari Tambane Ati (A) ing TVRI Jawa Timur, mula data panaliten iki dijupuk saka siaran adicara A ing TVRI Jawa Timur nalika tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009. Penyiar Campursari mau anggone njlentrehake apa kang kepengin diandharake asring nggunakake werna basa uga wujud alih kode lan campur kode, babagan iku mau kang dadi sumbering data ing sajroning panaliten iki. Kaya kang wis diandharake ing dhuwur, panaliten iki narik kawigatene panaliti amarga sasuwene iki durung ana panaliten kang sumbere jupuk saka giyaran adicara campursari, mligine ing adicara Campursari Tambane Ati ing TVRI Jawa Timur. Amarga saka iku, panaliten iki diwenehi judul Basa Penyiar TVRI Jawa Timur ing Adicara Campursari Tambane Ati. Kanggo nggampangake tulisan, mula ing sakbanjure irah-irahane Campursari Tambane Ati bakal ditulis A.

1.2 Punjering Panaliten Kanthi landhesan alasan panaliten kang wus kasebut ing dhuwur, mula perkara kang bakal dirembug ing panaliten iki diperang kaya ing ngisor iki: (1) Warna basa apa wae kang digunakake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A? (2) Kepriye wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A? (3) Kepriye wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A? 1.3 Tujuan Panaliten Kanthi lelandhesan alasan panaliten lan punjering panaliten kaya ing dhuwur, mula panaliten iki nduweni tujuan: (1) Ngandharake wernane basa kang digunaake dening penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara Campursari Tambane Ati. (2) Ngandharake wujude alih kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A. (3) Ngandharake wujude campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A. 1.4 Paedahing Panaliten Asiling panaliten iki arupa andharan babagan wernane basa penyiar A ing TVRI Jawa Timur minangka panyengkuyung ilmu Linguistik. saliyane iku, mbok menawa panaliten iki bisa migunani kanggo mahasiswa ing Jurusan Basa Jawa, uga piwulang Basa Jawi ing sekolah-sekolah mligine babagan basa.

Panaliten iki nduweni rong asipat, yaiku asipat teoritis lan praktis. Asipat teoritis ing panaliten iki bisa menehi ilmu kang ana gegayutane karo ilmu sosiolinguistik ing antarane ngenani wernane basa. Yenta asipat praktis yaiku kaperangan dadi patang perangan yaiku (1) Kanggo studi sosiolinguistik, minangka ilmu lan kajian ing wernane basa, (2) Kanggo dosen, asiling panaliten iki bisa menehi saran kritik supaya luwih sampurna, (3) Kanggo mahasiswa, panaliten iki bisa agawe wawasan marang mahasiswa supaya ningkatake mutu basa, (4) Kanggo lembaga, panaliten iki bisaa menehi kritik kanggo pengembangan lan pembinaan basa Jawa. 1.5 Wewatesing Panaliten Sajroning panaliten iki, ana wates-watesing perkara kang ditliti. Anane watesan iku amarga saka kurang rowane kawruh kang diduweni panaliti. Wewatesan iku mau kaya kang kasebut ngisor iki: a. Kang bakal dirembug ing panaliten iki babagan wernane basa penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A. b. Panaliten iki nyoba ngandharake wujude wernane basa, alih kode, lan campur kode penyiar TVRI Jawa Timur ing adicara A. c. Data (objek) ing panaliten iki arupa basa Jawa ngoko kang digunakake pacaturan utawa guneman sabendinane.

BAB II TINTINGAN KAPUSTAKAN Panaliten iki klebu kajian Sosiolinguistik kang ngrembug ngenani wernane basa penyiar A ing TVRI Jawa Timur. Panaliten ngenani wernane basa pancen wis akeh dikaji dening mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa), ananging sanadyan ana bab kang padha uga akeh kang mbedakake panaliten iki karo panaliten kang wis tau ditliti. Lumrahe panaliten ngenani wernane basa datane arupa swara, dene panaliten iki sakliyane ana data swara uga ana data visual. Pancen saperangan panaliten uga nduweni data arupa data visual, kayata panaliten ngenani wernane basa Pojok Kampung lan Pojok Kulonan ing JTV, ananging ing kene bedane uga akeh. Sakliyane ditemokake wujude werna basa, ing panaliten iki pamilihan tembung kang digunakake uga banget narik kawigatene panaliti, amarga ing kene sakliyane guneman karo pamirsane, panyiar A uga gojekan karo sapadha penyiare, dadi basa kang digunakake luwih maneka warna. 2.1 Masyarakat Basa Ing sajrone urip, saben manungsa ora bisa uwal saka wong liya. Saben pawongan nduweni sesambungan kang diarani interaksi. Bocah-bocah cilik kang lagi dolanan, bocah sekolah kang lagi sinau, bocah nom-noman kang lagi gegojegan, wong tuwa kang lagi rembugan, para kyai lan ulama kang lagi

khutbah, kabeh ora bisa uwal saka basa. Mula saka iku basa dadi salah sawijining babagan kang wigati ing sajroning masyarakat. Apa ta kang diarani masyarakat? Masyarakat yaiku pawongan cacah akeh kang nduweni rasa sabangsa, saketurunan, sapanggonan, utawa duweni kawigaten kang padha. Dene kang diarani masyarakat basa yaiku sakumpulan pawongan kang nggunakake basa padha (Chaer, 2007:59-60). Nanging ing kene isih akeh pitakonan-pitakonan ngenani babagan kasebut, mligine babagan masyarakat basa kang nganti saprene durung ana wangsulan kang bisa dadi pathokan. Pateda (1987:4), ngandharake yen basa iku minangka piranti kang digunakake kanggo guneman ing sajroning masyarakat. Perkara iki disebabake amarga basa minangka salah sawijining piranti komunikasi. Dadi bisa dijupuk dudutan yen basa iku minangka cara kang cocog kanggo guneman karo wong liya, sanadyan basa iku ana kang awujud solah bawa. Panemu liyane ana uga kang ngandharake yenta basa minangka piranti ing masyarakat kang arupa tandha swara lan kasil saka lambe (Keraf, 1994:1). Amarga masyarakat minangka wong kang nggunakake basa, mula basa saben dina mesti ana owah-owahane. Perkara iki mratandhani yen basa nduweni ciri kang manteb lan dinamis (Chaer, 1995:254). Ana maneh panemune Basir (2002:19), kang ngandharake yen basa iku piranti kang baku kanggo guneman ing masyarakat. Tegese yen basa iku wigati banget kanggo guneman marang wong liya. Basa ngrembaka bebarengan karo lakune alam pikir masyarakate. Ing awal peradabane manungsa, bentuk komunikasi isih sederhana, nanging saiki pasrawungan lan pergaulan bangsa siji karo bangsa liyane wis dadi tuntutan

jaman. Aruh-aruh ora bisa owal saka interaksi sosial, wong kang luwih aktip ing sajroning pasrawungan bakal nguwasani interaksi mau. Mula ora mokal yen basa kang asring digawe bakal bisa ngrembaka lan basa kang arang digawe bakal ilang ketindhes basa kang luwih asring keprungu. Lan mbok menawa babagan kasebut terus kedadeyan, ilange utawa punahe salah sawijining basa wis bisa diramalake (Pateda, 1987: 12). 2.2 Wernane Basa Wernane basa dadi babagan kang baku ing sosiolinguistik. Kridalaksana ing Chaer lan Agustina (1995:80) nyebutake menawa sosiolinguistik iku minangka salah sawijining ilmu linguistik kang ngandharake tandha-tandha wernane basa, lan netepake gegayutan tandha-tandha wernane basa iku karo tandha-tandha sosial masyarakat. Wernane basa ana rong pandhangan, (1) werna basa kasebabake amarga anane keragaman sosial penutur lan keragaman fungsi basa iku dhewe, yenta penutur basa kuwi kelompok sing beda-beda, merga etnis, status sosial lan penggawean. (2) werna basa kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat, Chaer (2004:81). Wernane basa nduweni corak kang werna-werna amarga saben basa nduweni paugeran dhewe-dhewe. Basa sing siji nduweni paugeran kang mbedakake karo basa liyane amarga corak lan jinise pancen beda, mula saben pawongan kang nggunakake basa kudu mangerteni paugeran basa siji lan sijine supaya apa kang dikandhakake bisa dimangerteni wong kang dijak guneman kanthi cetha.

Hartman lan Stork (1972) mbedhakake werna basa adedhasar (1) masalah panggonan lan sosial penutur, (2) medium sing digawe, (3) bakune guneman. Beda karo panemune Halliday (1970,1990) ing chaer (2004:81) kang mbedakake ragam basa adedhasar (1) basa kang dianggo kasebut dialek, (2) basa kang dianggo kasebut register. Semono uga panemune (Soepomo 1981) lan (Pateda 1987) ing Basir (2002:40) kang ngandharake yenta dialek munculake ragam basa ana patang perangan, yaiku (1) merga umur sing padha, (2) pengalaman kanggo ngadepi masalah, (3) status sosial, (4) merga ana tujuan kang bedha. Miturut panemu ing dhuwur bisa dijupuk dudutan yenta werna basa saka panggonan iku kasebut dialek regional, yenta saka wektu bisa ngasilake ragam basa kang kasebut temporal, yenta di deleng saka penganggone bisa kasebut idiolek. Chaer (2004:82) uga ngandharake werna basa yen disawang saka penuture bisa kaperang dadi papat yaiku: (1) idiolek, (2) dialek, (3) kronolek, lan (4) sosiolek. Idiolek yaiku ragam basa kang nduweni sipat perseorangan. Miturut konsep idiolek, salah sawijining wong nduweni ragam basa utawa idiolek dhewedhewe. Ragam iki ana gegayutane karo werna swara, pilihan tembung, gaya bahasa, tata-tataning ukara, lsp. Nanging sing paling dominan yaiku warna swara, dadi yen awake dhewe luwih akrab kanthi cekap ngrungokake swara tanpa nyawang wonge, kabeh mau bisa dingerteni. Dialek yaiku ragam basa saka cacah penuture relatif kang manggon ing panggonan utawa daerah tartamtu. Dialek iki bisa diarani dialek areal, dialek regional utawa dialek geografi merga adedhasar wilayah. Masyarakat penutur,

sanajan nduweni idioleke dhewe-dhewe, nduweni ciri kang padha mratandhani yen wong iku ana ing dialeke dhewe. Ing dialek iki padha ngertine antarane dialek siji lan sijine kang nduweni sipat relatif, bisa saka gedhe, bisa cilik lan uga bisa luwih cilik banget. Kronolek utawa dialek temporal yaiku ragam basa sing dianggo saka kelompok sosial ing wektu tartamtu. Tuladhane yaiku ragam basa Indonesia ing taun telung puluhan, ragam sing dianggo taun seketan, lan ragam sing dianggo masa kini sing mesti wae beda. Sing gawe pambedane yaiku saka segi lafal, ejaan, morfologi lan uga sintaksis. Sosiolek utawa dialek sosial yaiku ragam basa sing gegayutan karo status, golongan, lan kelas sosial penutur. Ing sosiolinguistik biasane ragam sing paling akeh anggone nganggo wektu, amarga ragam iki ana gegayutane karo babagan pribadi penutur kayata umur, pendidikan, seks, penggawean, tingkat kebangsawanan, lan kahanan ekonomi. Umume werna basa pancen mung kaperang dadi rong werna, yaiku adhedhasar daerah utawa tlatah, yaiku sing nuwuhake perangan kang aran dialek, lan adhedhasar aspek sosial utawa sing nuwuhake perangan kang aran sosiolek (Padmasusastra ing Adipitoyo, 1996:31). Dene werna sosial-e basa umume uga kaperang dadi rong werna, yaiku basane sawijining kelompok utawa kang diarani register, lan werna basa ing saben-saben pawongan kang aran idiolek utawa style. Nanging Adipitoyo (1996:34) ngandharake menawa werna sosial-e basa Jawa sabenere ora cukup yen mung kaperang kayadene ing ndhuwur mau. Anane undha-usuk basa ing basa Jawa, kang weneh gegambaran kridaning wong Jawa

ngolah basa utawa kerep diarani unggah-ungguhe basa uga bisa klebu ing babagan werna sosial. 2.3 Undha-usuk Basa Miturut tata basa tradisional, jinising ukara kaperang dadi telu, nanging uga ana kang njlentrehake yen jinising ukara kaperang dadi papat. Chaer (1995:65-66) ngandharake menawa jinising ukara kaperang dadi telu, yaiku (1) Ukara deklaratif, (2) Ukara interogatif, lan (3) Ukara imperatif. Nanging uga ana kang nambahake siji maneh, yaiku ukara interjektif. Ukara deklaratif yaiku ukara kang isine njaluk supaya wong kang diajak guneman nggatekake apa kang diujarake, wong kang diajak guneman ora perlu nglakoni apa-apa amarga panutur mung pengin apa sing dadi ujare digatekake. Ukara interogatif yaiku ukara kang isine njaluk supaya wong kang diajak guneman menehi wangsulan kanthi cara lesan, dadi wong kang diajak guneman ora mung cukup nggatekake nanging uga kudu menehi wangsulan. Ukara inperatif yaiku ukara kang isine njaluk supaya wong kang diajak guneman nglakoni apa kang dikarepake panutur. Ana kalane ukara deklaratif utawa ukara interogatif ora mung arupa andharan utawa pitakon, ananging bisa uga dadi ukara kanggo ngongkon supaya wong kang diajak guneman nglakoni apa kang dikarepake. Tuladhane, si A lan si B ana ing sajroning ruang kelas, si A ngrasakake hawa panas banjur kandha, Kelas iki saya suwe saya panas, utawa kandha, Awakmu ning kelas iki apa ora ngrasakake panas? Disawang saka wujud dhasare, ukara kang sepisan arupa ukara deklaratif, nanging sabenere ukara iku mau dudu mung andharan kang kudu digatekake, ananging uga ngemu teges supaya wong diajak guneman gelem

nindakake apa kang dikarepake panutur (mbukak cendhela utawa nguripi kipas angin). Ukara kapindho yen disawang saka wujud dhasare pancen arupa ukara interogatif, ananging sabenere ora mung mbutuhake wangsulan ya utawa ora saka wong kang diajak guneman, nanging ngemu teges supaya wong iku mau mbukakake cendhela utawa nguripi kipas angin. Si A pancen bisa wae nggunakake ukara imperatif, tuladhane, B, bukaken cendhelane utawa, B, uripana kipas angine, nanging yen dideleng saka etika tutur, ukara deklaratif utawa ukara interogatif iku mau luwih becik lan luwih trapsila tinimbang nggunakake ukara imperatif. Undha-usuk basa minangka gegambarane unggah-ungguh basa klebu werna sosiale basa Jawa. Babagan iku dilandhesi anane kasunyatan, bab kang paling nemtokake ing unggah-ungguh basa yaiku sambung rapete lan status sosiale subjek (pawongan kang ngajak guneman, pawongan kang diajak guneman, utawa pawongan kang dadi punjere guneman). Rakete utawa ora rakete pawongan kang guneman nemtokake trapsilane basa kang digawe, semono uga status sosial pawongan kang lagi guneman. Sugeng Adipitoyo (1996:35) ngandharake menawa unggah-ungguh basa Jawa kang isih lumaku nganti seprene asale saka warisane jaman jaya-jayane kraton Mataram. Minangka werna sosiale basa Jawa, undha-usuke bisa dicathet adhedhasar krida olahe basa (unggah-ungguhe basa) kang dumadi ing masyarakat saben-saben wektu. Undha-usuk kang digunakake dening sawijining masyarakat nggambarake budhaya lan pamikire masyarakat iku dhewe. Undha-usuk basa iku tetep digunakake amarga pirang-pirang perkara, yaiku anane pepenginan ngajeni

marang wong liya, anane kesenian tradisional, pers basa Jawa, lan adicara utawa upacara tradisional (Murdiyanto, 2000:216). Gegayutan karo undha-usuk, basa Jawa diperang dadi loro, yaiku krama katujokake para ngaluhur, lan ngoko katujokake marang wong asor. Nanging sabenere, ing tengah-tengahe kekarone mau isih ana maneh yaiku tingkatan madya. Uhlenbeck ing Chaer (1995:52-53) salah sawijining pakar basa Jawa, milah wernane basa Jawa dadi telu, yaiku krama, madya, lan ngoko. Sabanjure saben-saben perangan iku isih diperang maneh dadi mudakrama, kramantara, lan wreda krama, madyangoko, madyantara, lan madyakrama, ngoko sopan lan ngoko andhap. Basa krama lumrahe digunakake dening wong enom marang wong tuwa, lan basa ngoko digunakake dening wong tuwa marang wong enom, sanadyan kasunyatane akeh wong tuwa kang basa marang wong enom lan suwalike. Dene basa madya lumrahe digunakake dening pawongan kang guneman karo wong kang saumurane. Dene Murdiyanto (2000:216) milah undha usuke basa dadi patang perangan, yaiku: a. Ngoko Tembung-tembung ngoko minangka dhasar saka sakabehe wernane basa Jawa. Tembung saka basa ngoko luwih akeh tinimbang tingkat basa liyane, dadi tembung-tembung saka basa ngoko iku tetep digunakake menawa tembung iku mau ora ana padhanane ing tingkat krama, madya lan krama inggil. Tembungtembung kasar uga klebu ing tembung ngoko.

b. Krama Tembung-tembung ing basa krama kaperang dadi loro, yaiku tembung krama kang beda karo ngokone utawa wis owah (tuladha: omah dadi griya, aku dadi kula, turu dadi tilem), lan tembung krama kang kanthi fonemis isih ana gegayutane karo ngoko-ne (tuladha: ganti dadi gantos, dina dadi dinten, kayu dadi kajeng). c. Madya Tembung-tembung madya cacahe ora sepira akeh, tembung madya mapan ing antarane tembung ngoko lan tembung krama. d. Krama Inggil Tembung-tembung krama inggil digunakake kanggo nuduhake rasa ngajeni marang wong kang diajak guneman. Krama inggil bisa diperang dadi loro, yaiku tembung-tembung kang digunakake kanggo nduwurake ajine wong kang dikarepake (krama inggil), lan tembung-tembung kang digunakake kanggo ngajeni wong kang dikarepake kanthi ngasorake awake dhewe (krama andhap). 2.4 Dwibasa Dwibasa bisa ditegesi perkara kang ana gegayutane karo penganggone rong basa utawa rong kode basa (Chaer 2004:84). Kanthi cara sosiolinguistik, bilingualisme penutur bisa nganggo rong basa utawa luwih kanthi cara gantian (Mackey 1962:12, Fisman 1975:73) ing Chaer (2004:84). Beda maneh karo panemune Nababan (1993:27), kang ngandharake bilingualisme minangka kabiasaan wong kang nggunakake rong basa nalika interaksi karo wong liya.

Dadi, yen ana wong guneman nganggo rong basa, negesake yen wong iku wis nganggo dwibasa (bilingualisme). Dwibasa uga kaperang dadi lima yaiku (1) tingkat dwibasa, (2) fungsi dwibasa, (3) proses alih dwibasa, (4) model interferensi, (5) sipat dwibasa (Mackey, 1967) ing Basir (2002:23). Ana ing masyarakat bilingual mesti ana kontak basa antarane basa siji ing basa liya. Kahanan kang kaya mangkene iki nyebabake gegayutan kang kuwat. Tegese, wong ora bakal mung nganggo basa siji ing pasrawungan amarga ing masyarakat iku akeh wong kang saka daerah liya. Perkara iki bisa nyebabake tandha-tandha ing studi sosiolinguistik kang kasebut tandhaning alih kode lan campur kode. Chaer (2004:114) ngandharake yenta alih kode lan campur kode iku nduweni bab sing padha yaiku basa siji lan sijine sing dianggo bisa kacampur basa liyane ing sajroning masyarakat tutur. Dadi bisa kadudut yenta ana wong omongomongan nganggo basa Jawa dicampur basa liya, kedadean iku bisa diarani alih kode lan campur kode 2.5 Alih Kode Kode yaiku kedadeyan antarane penutur lan mitra tutur. Kedadeyan kode iki kudu padha-padha ngertine antarane panutur (wong kang kapisan) lan mitra tutur (wong kapindho), dadi antarane siji lan sijine supaya bisa nindakake apa kang samestine ditindakake. Kode iku dhewe nduweni gegayutane karo ragam, tegese wong menehi kode marang wong liyane ana gegayutane karo cepete swara, swara kang banter, Pateda (1987:83).

Owah-owahan saka basa siji menyang basa liyane diarani alih kode. Dhasare, alih kode iku kedaden amarga anane sawijining kepentingan utawa kahanan batine panutur kang owah (Kartomiharjo, 1988:33). Bab kasebut dijalari merga anane tuntutan kahanan. Tuladhane, wektu guneman karo kanca padha suku Jawa, sawijining pawongan micara nggunakake basa Jawa, amarga katekan kanca liya kang ora wasis guneman nganggo basa Jawa, pawongan mau ngowahi gunemane nganggo basa Indonesia supaya kancane mau bisa ngerti kang dikarepake. Panemu liyane (Apple, 1976:99) ing Basir (2002:61) diandharake yen alih kode minangka kedadeyan pindhahing kode siji ing kode liyane. Penutur basa ing masyarakat iki ora mungkin nganggo siji basa kanthi bener. Penutur ing masyarakat iki mesti uga akeh kang ngebokake basa liyane. Apple (1976:79) ing Chaer (1995:141) uga ngandharake alih kode kanthi tandha-tandha pindhahing basa amarga owahing kahanan. Upamane, pindhahe basa Jawa ing basa Indonesia, yen ana penutur lan mitra tuture lagi guneman nganggo basa Jawa, dumadakan katekan wong liya kang ora ngerti basa Jawa. Mula kanthi rasa sosial, wong iku kudu ngganti basane saka Jawa ing Indonesia. Tekane wong liya mau kang diarani owahing kahanan utawa situasi. Amarga saka iku, alih kode iki nduweni fungsi kang karan fungsi sosial. Saka panemu-panemu ahli sosiolinguistik kang wus kasebut ing dhuwur, mula alih kode yaiku kedadeyan ing guneman kang ngandharake ngenani pindhahing basa saka basa siji ing basa liyane. Soewito ing Chaer (2004:114) merang alih kode dadi loro, yaiku alih kode intern lan alih kode ektern. Tegese alih kode intern yaiku alih kode kang kadaden

ing basane dhewe, kayata basa Indonesia ing Jawa utawa suwalike. banjur alih kode ektern kadaden ing basane dhewe ing basa asing. Beda karo panemune Rahardi (2001:76) kang merang alih kode dadi limang werna, yaiku: (1) kode basa Jawa, (2) Kode basa Indonesia, (3) Kode basa asing, (4) kode tingkat tutur, (5) kode wujud ragam. Kode-kode kang kaya mangkono iku kang pungkasane dadi punjering analis ing alih kode. Menawa digoleki jalarane alih kode, akeh panulis kang ngandharake kanthi cara kang beda-beda. Chaer lan Agustina (1995:143) ngandharake jalarane alih kode yaiku: (1) pawongan kang ngajak guneman, (2) pamiyarsa utawa pawongan kang diajak guneman, (3) owahe kahanan amarga tekane pawongan katelu, (4) owahe guneman saka bab resmi menyang babagan kang ora resmi utawa sakwalike, (5) owahe topik guneman. Pakar liyane, Suwito (1985:73) ngandharake babagan kang njalari alih kode yaiku: (1) pawongan kang ngajak guneman (O1), (2) pawongan kang diajak guneman (O2), (3) tekane pawongan katelu (O3), (4) bakune guneman (topik), (5) kanggo gawe lelucon, (6) kanggo gengsi. Poedjasoedarmo lan Sobarna ngandharake, yenta alih kode uga nduweni rong ciri yaiku (1) sakabehing basa iku nduweni paedahi yaiku piranti kanggo guneman miturut tujuwane. (2) fungsi basa padhakna karo kahanan sing relevan. Ing perangan liya, Basir njlentrehake yen alih kode uga nduweni 2 sipat, yaiku (1) alih kode permanen, (2) alih kode sawetara. Alih kode permanen yaiku wujud alih kode sing nduweni sipat kang tetep, yaiku wong guneman kanthi ora ngowahi apa sing digunemake marang wong liyan. Yenta alih kode sawetara yaiku awujud alih kode sing nduweni sipat kang ora tetep (ing Basir, 2002:61).

Ana maneh kaya kang diandharake Poedjasoedarma (1979:38-58) ngenani babagan kang njalari anane alih kode ana 15, yaiku: (1) kanggo mbenerake ukara liya, (2) guneman ora langsung, (3) owahe status, (4) amarga ora mumpuni marang sawijining basa (kode), (5) amarga ukara kang luwih dhisik, (6) kahanan nalikane guneman, (7) ora bisa nguwasani awake dhewe, (8) anane pengaruh saka babagan kang dadi punjere guneman, (9) anane pawongan katelu, (10) pepenginan golek panggonan kanggo awake dhewe, (11) nduweni karep menehi wewarah marang pawongan kang diajak guneman, (12) ing sajroning pawiyatan utawa pasinaon, (13) nalika nganakake sandiwara, (14) pengaruh subasita, lan (15) pengaruh saka karep kang beda-beda. 2.6 Campur Kode Jroning guneman, kanggo njlentrehake apa kang dikarepake kudu nggawe ukara kang cetha lan gampang dingerteni. Mulane, ana kalane kanggo njlentrehake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya utawa variasine supaya karepe bisa dingerteni. Kang kaya mangkono iku diarani campur kode. Kachru lan Thelander ngandharake menawa campur kode yaiku panganggone rong basa utawa luwih kang digunakake kanthi cara nglebokake unsur basa siji ing basa liyane ing sajrone klausa sing padha (ing Basir, 2002:64). Ing masyarakat, campur kode iki wis biasa digunakake dening masyarakat. Nalika salah sawijining pawongan lagi omong-omongan nganggo basa Indonesia, kanthi ora sadar ana tembung basa jawa sing digunakake utawa dilebokake. Semono uga suwalike, dadi bisa kadudut yenta campur kode iku nganggo basa siji

lan basa liyane kang nduweni ancas yaiku gawe kahanan supaya dadi santai lan lumaku tanpa beban. Nalika guneman karo wong liya, ana kalane bakune guneman ngambrak teka ngendi-endi. Supaya omongan dadi bener, ana kalane kudu njupuk unsur basa saka basa liya. Kadadeyan iki diarani campur kode (Basir, 2002:60). Saka panemu iki, bisa kadudut yen campur kode minangka kedadean rong basa kang dianggo dadi siji supaya bisa luwih gampang dimangerteni apa kang pengin diandharake. Para ahli sosiolinguistik nduweni panemu sing beda-beda, mula saka iku Chaer (1995:151) menehi wewatesan marang campur kode, yaiku panganggone rong basa kang ing njerone ana rong kode dhasar kang digawe ing guneman. Titikan kang katon ing campur kode yaiku kesantaian utawa kahanan informal, nanging ing situasi formal uga ana panggonan kanggo campur kode sanajan mung sethithik. Campur kode ing situasi kaya mangkono iku disebabake ora anane tetembungan utawa ukara kang katon ing basa sing digawe iku, mula kudu nganggo ukara saka basa liya utawa basa asing (Nababan, 1993:32) Kedadean campur kode iku disebabake merga ana patang perangan, yaiku (1) cekaking tembung, (2) merga ana gegayutane saka wong keloro, (3) kurang ngerteni kodene basa kang digawe, (4) merga ana gegayutane karo prestis (Basir, 2002:65). Campur kode basa iku bisa nyebabake guneman dadi komunikatif. Tegese, apa wae kang diucapake penutur bisa katampa dening mitrane. Campur kode, ora mung kena daya (pengaruh) saka basa-basa kang wus umum, nanging uga pengaruh saka dialek. Minangka tuladhane, menawa penutur nganggo basa

Indonesia akeh sing dicampur karo basa daerahe, mula bisa diarani yen wong iku wus nindakake campur kode. Dene campur kode uga nduweni karep utawa tujuwan. Basir (2002:64) ngandharake yen campur kode iku nduweni tujuwan ing antarane, (1) Pengin nduduhake unsur prestise utawa nduduhake minangka wong kang kawruhe dhuwur, (2) nduduhake yen panutur iku pinter ing babagan basa. Campur kode bisa nduweni asipat negatif lan bisa uga asipat positif. Ing kene campur kode negatif lan lan campur kode positif mau padha-padha kedadeyan saka ketemune rong basa utawa luwih kang digunakake dadi siji, tegese kalorone mau dumadi amarga panganggone basa siji ing basa liyane. Ananging kalorone mau uga isih bisa dibedakake. Kaya ing panaliten iki kang bakal mbedakake antarane campur kode negatif lan lan campur kode positif. 2.7 Landhesan Teori Akehe panemu ing dhuwur ora bakal digunakake kabeh ing panaliten iki. Kanggo nganalisis ragam basa, panaliten iki nganggo teorine Chaer (2004) kang ngandharake yen wernane basa utawa ragam basa ana rong pandhangan, (1) werna basa utawa ragam basa kang disebabake amarga ana keragaman sosial penutur lan keragaman paedah basa iku dhewe, yenta penutur basa kuwi kelompok sing bedabeda, merga etnis, status sosial lan penggawean. (2) werna basa utawa ragam basa kang wis ana kanggo interaksi ing masyarakat.

Kanggo nganalisis alih kode, panaliten iki nganggo teorine Basir (2002:61) kang ngandharake yen alih kode iku ora mung owahing basa siji ing basa liyane, nanging uga amarga saka varian antar ragam, antar dialek, lan uga antar basa. Dene campur kode ing panaliten iki uga gawe teorine Basir (2002:64) kang ngandharake yenta campur kode yen disawang saka nilai aspek (kontribusi), kaperang dadi 2 yaiku (1) campur kode positif, (2) campur kode negatif.

BAB III METODE PANALITEN Metode panaliten mujudake perangan sing wigati ing sajrone panaliten. Mula saka iku, kasil orane panaliten gumantung saka trep lan orane tata cara utawa metode kang digunakake. Diarani wigati amarga tata cara panaliten iku minangka piranti kang wus dipilih panulis kanggo panaliten supaya asiling panaliten mau bisa ditanggung jawabake. Paedah nggunakake tata cara panaliten yaiku supaya bisa ngendhani anane tumindak sing rada nyimpang, dadi data-data sing diolehi objektif lan bisa dipertanggung jawabake. 3.1 Sipating Panaliten Panaliten iki kagolong panaliten linguistik asipat deskriptif. Titikane nggunakake teori dhasar, konsep dhasar, modhel uga ancangan panaliten bab basa kaya umume (Kridalaksana, 1984:118). Kanggo ngandharake data sing diolehi, panaliti nggunakake tata cara deskriptif kualitatif kanggo nggambarake wernane basa ing A. Tata cara deskriptif digunakake kanggo nggambarake ngenani sawijining kahanan ing sawijining wektu. Metode deskriptif kualitatif yaiku panaliten kang mung adhedhasar kasunyatan-kasunyatan kang kanthi empiris tuwuh lan kedadeyan saka sumbering omongan utawa penutur (Sudaryanto, 1993:62). Metode iki nduweni telung paedah, antarane (1) metode iki gampang yen adhep-adhepan karo kasunyatan

ganda, (2) metode iki ngandharke kanthi langsung antarane peneliti karo responden, (3) metode bisa cepet adaptasi karo pangaruh sing kuwat lan polapola nilai kang diadhepi. Panaliten iki ora munjerake marang angka-angka. Ana ing panaliten iki cukup nggunakake tata cara (metode) kualitatif utawa prosedur penaliten kang ngasilake data deskriptif arupa tembung-tembung kang katulis utawa unen-unen saka sumber. Nida (1949) ing Alwasilah (1985:116) ngandharake yen panaliten deskriptif uga asipat (1) basa kang dienggo data yaiku basa kang diucapake dening wong kang guneman, (2) ngutamakake wujud basa kang dienggo ing panaliten, banjur sapa sing nggunakake dianggep nomer loro, (3) perangane basa ora bisa diandharake kanthi trep tanpa ndulu ing perangan liyane, (4) basa tansah owah gingsir. Panaliten iki uga asipat tus, ateges mung winates ing aspek basa kang ditliti tanpa nggatekake faktor njabane basa, kaya dene kejiwaan, sosial, daerah, uga liya-liyane (tandingna Alwasilah, 1985:116). 3.2 Data lan Objek Panaliten Saben-saben panaliten mesthi nduweni objek lan subjek panaliten. Semono uga ing panaliten werna basa, alih kode lan campur kode iki. Sing dadi subjek utama panaliten yaiku panaliti. Panaliti ing panaliten iki diarani minangka subjek panaliten, merga panaliti sing nindakake urut-urutane panaliten, wiwit nglumpukake data, milah-milah, nganti merang data miturut punjering panaliten. Sabubare data sing dikarepake kasil dikumpulake, panaliti banjur ngandharake data sing sak banjure dijlentrehake minangka lapuran utawa asil akhir (skripsi).

3.3 Sumbering Data Ing saben-saben panaliten, sumber data dadi salah sawijining perangan kang baku. Antarane panaliten lan sumber data nduweni gegayutan kang kuwat. Tegese, saben panaliten iku mesthi mbutuhake sumber data, panaliten iku ora bakal kalaksanan yen ora ana sumber datane. Sabanjure sumber data ora bakal ana yen panaliti ora golek infomasi utawa katerangan. Saka andharan ing ndhuwur, sing diarani sumber data yaiku subjek saka ngendi data diolehi. Yen panaliti nganggo kuesioner utawa wawancara nalika nglumpukake data, mula sumber datane diarani responden utawa wong kang njawab pitakonan utawa menehi data, becik ing tulis uga pangucapan (Arikunto, 2002:107). Semono uga yen panaliti nggunakake teknik observasi utawa pangematan. Panaliti kudu gelem mudhun ing lapangan kanggo golek data. Menawa panaliti milih teknik dokumentasi, panaliti wis samesthine nduweni dokumen-dokumen sing gegayutan karo panaliten sing dianakake. Saka panemu ing ndhuwur, mula sumber data ing panaliten iki kajupuk saka materi sing arupa tembung, ukara lan istilah. Sumber-sumber data sing wus kasebut iku kajupuk saka dokumentasi rekaman siaran A ing TVRI Jawa Timur tanggal 12 Juli 2008 lan 21 Pebruari 2009. 3.4 Piranti Panaliten Sadurunge nindakake panaliten, bab sing kudu digatekake yaiku ngenani instrumen utawa piranti sing dibutuhake ing sajrone panaliten. Instrumen ing panaliten iki uga nduweni paedah sing wigati banget. Instrumen iku minangka alat utawa piranti kanggo njupuk data panaliten. Miturut Arikunto (2002:126),

instrumen minangka pirantining panaliten supaya tata cara sing digunakake cocog lan gathuk. Instrumen ing kene bisa kanggo nggampangake panaliti anggone nglumpukake data-data sing diprelokake ing panaliten. Instrumen utawa piranti sing digunakake ing panaliten iki yaiku: Panaliti minangka instrument utama, CD rekaman A, laptop utawa VCD player, cathetan, lan buku-buku ngenani linguistik, mligine sosiolinguistik lan buku-buku liyane sing bisa kanggo nyengkuyung panaliten. 3.5 Metode lan Teknik Panaliten Panaliten iki nggunakake telung cara panaliten, yaiku (1) carane ngumpulake data, (2) carane ngolah data, (3) carane nyajekake olahan data. Saben cara iku nduweni metode lan teknik dhewe-dhewe. Babagan metode lan teknik panaliten bakal diandharake kaya mangkene. 3.5.1 Tata Cara Panglumpuke Data Tata Cara kang dienggo kanggo ngumpulake data kanggo panaliten yaiku nggunakake metode simak lan metode cakap (Sudaryanto, 1986:62 lan 1988:9). Metode simak yaiku nyemak sakabehing basa kang digunakake dening wong kang guneman. Metode cakap yaiku wawancara antarane panaliti karo nara sumber. Metode simak dilaksanakake kanthi teknik sadap, simak libat cakap, simak bebas libat cakap, sarta catat. a. Teknik Sadap Teknik sadap yaiku nyemak kang diwujudake nampa sakabehing tuturan. Teknik sadap minangka teknik kanggo ngolehake data kanthi cara nyadap

gunemane wong-wong kang dadi sumbering panaliten (Sudaryanto, 1993:133). Teknik iki nduweni gegayutan karo teknik simak. Nalika panaliti lagi nyemak, teknik sadap nduweni peran penting yaiku sadap gunemane wong. Sadap data kang arupa lisan biasane kanggo njupuk data panaliten wong sing lagi omongomongan utawa cecaturan. Dene sadap kang rupa tulis biasane kanggo njupuk data panaliten basa tulis, upamane nasakah lawas utawa kuna. Saka sadapan lisan lan tulis iki, mula panaliten iki nganggo cara sadap kanthi lisan. Mahsun (2005:94) ngandharake yen ing panaliten basa, becik ing bidang linguistik teoretis utawa interdisipliner, metode simak nduweni fungsi kang penting kanggo ngecek maneh basane wong kang dadi data panaliten. Wus akeh ing panaliten basa, upamane bidang dialektologi, amarga alasan tartamtu upamane isin amarga basane ora standar utawa baku banjur informan mau ngomong nganggo basa kang standar. Kanggo ngatasi perkara iki, mula panaliti bisa nyadap basa iku tanpa ana kang weruh. b. Teknik Simak Libat Cakap Teknik simak libat cakap yaiku nyemak lan melu marang cecaturan. Teknik simak yaiku peneliti minangka instrumen kunci kudu nyimak kanthi langsung lan tliti saka data kang arep ditliti. Mahsun (2005:92) ngandharake yenta diarani metode simak amarga cara kang digunakake kanggo ngolehake data, kalakon kanthi nyemak basa kang wus diomongke. Sabanjure data kang diolehi kanthi cara teknik simak libat cakap yaiku data lisan kang dituturake informan. c. Teknik Simak Bebas Libat Cakap Teknik simak bebas libat cakap yaiku nyemak tanpa melu ing cecaturan. Metode iki nduweni teknik dasar sadap, kang tegese kanggo ngolehke data,