UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

dokumen-dokumen yang mirip
BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

PIWULANG SKRIPSI. dening

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Ana Muslimati Amalia ( )

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN SKRIPSI

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG SKRIPSI

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

UPACARA TRADHISI SURAN WONTEN ING PETILASAN GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

RITUAL ILMU KEJAWEN WONTEN ING KESENIAN EBEG TURONGGO JATI DESA KAMULYAN KECAMATAN BANTARSARI KABUPATEN CILACAP. Galih Prawita

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

SKRIPSI Dipunajengaken. dening

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA) SKRIPSI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013 SKRIPSI

UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

PANGANGGENING MAKSIM KECOCOKAN WONTEN NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI SKRIPSI

PEPALI PAGESANGAN TIYANG JAWI WONTEN ING DESA NUNGKULAN KECAMATAN GIRIMARTO KABUPATEN WONOGIRI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

MAKNA SIMBOLIS MOTIF BATHIK BUSANANING PARAGA WONTEN ING PAGELARAN SENDRATARI RAMAYANA BALLET PRAMBANAN SKRIPSI

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

TINDAK TUTUR PAKON ING NOVEL KUNARPA TAN BISA KANDHA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

IMPLIKATUR ING HOMILI RAMA WONTEN ING MISA EKARISTI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

Dening : Muhamad Al Ma Arif NIM

SETTING SAHA PARAGA SUPERNATURAL ING RUBRIK JAGADING LELEMBUT KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATAS NGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5 SKRIPSI

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

TEORI FUNGSI, LINGKUNGAN TINDAKAN,, CARA NEPANGAKEN PARAGA, SAHA SKEMA STRUKTUR DENING VLADIMIR PROPP ING DONGENG AJISAKA SAHA KI AGENG SELA SKRIPSI

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

KONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO

Transkripsi:

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG Upacara Ruwat Rigen... Eddy Santoso 25 CEREMONY RUWAT RIGEN in KLEDUNG DISTRICT DISTRICT TEMANGGUNG Dening: Eddy Santoso, Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta Sarining Panaliten Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun Upacara Ruwat Rigen, lampahipun Ruwat Rigen, makna simbolik komponen ing salebeting Upacara Ruwat Rigen sarta paedahipun Ruwat Rigen tumrap masarakat panyengkuyung.paneliten menika ngginakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten menika panaliti piyambak ingkang kabantu mawi piranti kamera, foto, perekam saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ngginakaken teknik deskrispsi kualitatif. Aranipun ngesahaken data mawi triangulasi sumber saha metode. Kanthi panaliten ingkang sampun dipunlamapahi, saged dipunandharaken: (1) sejarahipun upacara ruwat rigen menika saking kahanan tembakau ingkang dereng pasti lan tembakau ingkang sambun membudaya wonten Temanggung. (2) lampahipun acara menika dipunwiwiti prosesi ambil air wonten sendang kamulyan/tuk sirebut lajeng diten salajengipun acara ruwatan rigen saha pementasan kesenian. (3) makna simbolik sesaji wonten acara ruwat rigen menika garis besaripun kangge nyuwun keselametan dhateng Gusti Allah. (4) paedahipun tumrap masyarakat, upacara ruwat rigen menika damel roas aman nalika mangsa tembakau, pemersatu masarakat saha kangge wadah apresiasi kesenian daerah. Pamijining tembung: Ruwat Rigen, Abstract This study aims to explain after the start.at the ceremony treating plastic cans, plastic cans Treats implementation, in a ceremony symbolic components and plastic advantage treat treat for supporters. This problem has spent a qualitative research method. To collect data using participant observation and in-depth interviews. Tackle your own research scientists who helped with the device camera, images, recordings and writing devices. To analyze the data using qualitative techniques deskrispsi. Instruction sent to the data sources and triangulation methods. With the research that has been dipunlamapahi, managing described: (1) historical rituals rigen rid the country of the tobacco and have not been identified and connections and tobacco entrenched in Temanggung. (2) the implementation of this event procession began taking on water in rigen ruwatan events and art shows spring glory / semi sirebut then grabs. (3) symbolic offerings of rigen cleanse asked to elaborate keselametan God. (4) benefits to society, this ritual of cleaning rigen sense of security when tobacco winter, unite the community and to show appreciation for local art. PURWAKA Masyarakat Jawa menika mboten saged dipunpisah kaliyan budaya. Kebudayaan ingkang wonten masyarakat menika warisan saking leluhur ingkang ngewrat ngelmu anggenipun gesang bebarengan wonten ing pagesanagn ageng. Koentjraningrat (2009:114), ngendikaaken bilih kebudayaan menika mujudaken sedaya pamanggih tindak tanduk, saha asiling karya manungsa wonten ing gesang bebrayan ingkang dipungayuh kanthi cara sinau. Wonten ing tlatah jawi masyarakat menika mangertosi werni-werni upacara adat, upacara adat menika antawisipun. (1) Upacara adat ingkang wonten gayutanipun kalian pagesangan awit saking lahir dumugi pejah. (2) Upacara adt ingkang wonten gayutanipun kalian piranti pagesangan kadosta omah, padamelan lan sanesipun. (3) Upacara adat ingkang wonten gayutanipun kalian kedadosan tertentu kadosta, bersih dusun, ruwayta, suran, lan sanesipun.

26 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 2, Februari 2017 Ngruwat Rigen inggih menika salah satunggaling upacara adat wonten ing kecamatan Kledung Kabupaten Temanggung. Masyarakat Kledung nderek upacara adat menika amargi masyarakat pitados bilih mewi ruwatan menika saged ningkataken hasil tani mliginipun tembakau. Adhedhasar reng-rengan perkawis ingkang wonten, saged kapundhut wosing perkawis ingkang badhe dipunrembag inggih menika : 1. kados pundi asal usulipun tradhisi Ngruwat Rigen ing Kledung? 2. kados pundi prosesinipun upacara tradhisi Ngruwat Rigen ing Kledung? 3. kados pundi makna simbolikipun wonten ing lumampahipun prosesi upacara tradhisi Ngruwat Rigen ing Kledung? 4. Kados pundi paedahipun upacara tradhisi tradhisi Ngruwat Rigen ing Kledung? Koentjaraningrat (1984: 181) ngandharaken bilih kebudayaan menika saking basa Sansekerta buddhayah, bentuk ajmak saking budhi ingkang ngemu teges budi utawi akal inggih mneika saperangan perkawis ingkang sesambetan kaliyan akal. Dene udaya menika minangka wujud temung majemuk saking budi daya ingkang ateges daya saking budi ingkang awujud cipta, rasa, lan karsa, saenggga saged dipunandhharaken bilih kaudayan inggih menika hasiling cipta, rasa, lan karsa. Tembung folklor asalipun saking tembung majemuk basa inggris folklore, ingkang kaperang dados tembung folk lan lore. Tembung folk ingkang tegesipun kolektif utawi sinarengan. Tembung lore ingkang tegesipun tradhisi ingkang dipunwarisaken kanthi cara turun tumurun. Miturutt Danajaya (lumantar Purwadi, 2009: 1) folklor inggih menika tradhisi kolektif salah satunggaling bangsa ingkang kasebaraken mawi lisan menapa dene gerak isyarat saengga taksih wonten gayut saking generasi tumrap generasi salajengipun. Danajaya, (1986: 2) ngandharaken bilih folklor inggih menika saperangan kabudayan kolektif, ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun temurun, kanthi cara tradisional ingkang beda versi, kanthi wujud lisan ugi mawi gerak isyarat utawi alat pambiyantu (mnemonic device). Poerwadarminta (1976 :1132) Ngandharaken bilih upcara adat inggih menika 1. Tanda-tanda keagungan (kebesaran), 2. Piranti kangge nglaksanaaken tumindak miturut kebiasaan utawi agama, 3. Pelantikan resmi kanthi upacara, 4. Penghormatan resmi. Adat inggih menika aturan ingkang dipunlaksanaaken awit rumiyen utwai kebiasaan cara tumindak ingkang sampun dados kebiasaan. Dados upacara adat saged ngemu teges minangkan upacara ingkang wonten gayutanipun kalian adat masyarakat arupi kegiatan masyarakat wonten ing sesrawungan kangge pados slamet kanthi njangkepi tatacara ingkan sampun dipuntradisiaken wonten ing masyarakat. Miturut, Soepanto dkk (1992 : 6) upacara tradisional saged dipun anggep minangka wujud pranata sosial ingkang boten dipun serat anangin wajib dipun mangertosi dhateng sedaya masyarakat pendukungipun, kangge ngatur sedaya tumindakipun supados boten dipun anggep nyimpang saking adat wonten ing masyarakat. Tembung simbol piyambak asalipun saking basa Yunani, inggih menika symbolon ingkang nggadahi teges tanda utawi ciri kangge ngandharaken perangan tartamtu dhateng tiyang. Simbol ugi minangka perangan alit saking ritual ingkang nggadahi makna saking tingkah laku ing salebeting upacara saha sipatipun khas, (Endraswara, 2012:171). Andharan menika ugi dipunsengkuyung dening Spradley (1997:121) ingkang nyebataken bilih simbol menika objek utawi kadadosan menapa kemawon ingkang menunjuk perangan tartamtu. Simbol minangka tanda ingkang ngandharaken perangan dhateng tiyang, saha sampun pikantuk pasarujukan umum ing salebeting tingkah laku ritual. CARA PANALITEN Panaliten menika dipuntindakaken wonten ing Kecamatan Kledung, Kabupaten Temanggung. Jinising panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode kualitatif lan metode deskriptif kangge ngolah datanipun. miturut Matthew wonten (Ghony, 2012:32), panaliten kualitatif menika panaliten ingkang dipunginakaken menawi badhe ngandharaken keunikan ingkang wonten salebeting individu, kelompok, masarakat utawi organisasi wonten pagesangan saben dinten kanthi menyeluruh, rinci,

Upacara Ruwat Rigen... Eddy Santoso 27 dalam saha saged dipuntangunggjawabaken. Panaliten kualitatif saged mbiyantu panaliti kangge manggihi pamanggih-pamanggih enggal, saking menika panaliti saged ngandharaken asil panaliten kanthi cariyosutawi andharan ingkang milut kawigatosan dhumateng pamaos (Suwardi, 2006: 15). Wonten ing panaliten menika, panaliti ngginakaken data primer, inggih menika data ingkang langsung dipunkempalaken saking sumbering data. Data panaliten ingkang dipunginakaken arupi data deskriptif, ingkang wujudipun tembung, gambar, lan katerangan ingkang dipunandharaken dening informan. Data menika ugi awujud seratan lan rekaman saking asiling panaliten ing upacara tradhisi menika. Piranti panaliten inggih menika alat kangge ngempalaken data. Kangge ngempalaken data, wonten ing panaliten menika, instrument ingkang kaginaaken inggih menika panaliti piyambak (human instrument) kaliyan piranti pambiyantu kadosta kamera kanggge mundhut gambar utawi alat rekaman sanesipun kados voice recorder kangge ngrekam wangsulan saking informan ingkang ngandharaken prosesinipun adat menika. Cara anggenipun ngempalaken data kalawau wonten maneka warna jinisipun gumantung saking jenis sumber datanipun. Amargi sumber data wonten ing panaliten menika ngginakaken data primer, pramila caranipun ngempalaken data ngginakaken metode wawanrembag. Kangge ngempalaken data, wonten ing panaliten menika, instrument ingkang kaginaaken inggih menika panaliti piyambak (human instrument) kaliyan piranti pambiyantu kadosta kamera kanggge mundhut gambar utawi alat rekaman sanesipun kados voice recorder kangge ngrekam wangsulan saking informan ingkang ngandharaken prosesinipun adat menika. Caranipun nganalisis data wonten ing panaliten menika ngginakaken metode deskrispsi kualitatif. Data dipunandharaken kanthi awujud tetembungan lan ukara. Caranipun Ngesahaken Data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten tradhisi Ngruwat Rigen ing Kledung inggih menika teknik Triangulasi. Triangulasi inggih menika salah satunggaling teknik kangge ngesahaken data kanthi mbandhingaken data setunggal kaliyan data sanesipun kangge bahan pengecekan utawi pambanding saking data ingkang sampun dipunkempalaken dening panaliti (Moloeng, 2002: 178). ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN Upacara Ruwat Rigen menika dipunlaksanaaken wonten ing Desa Kledung Kecamatan Kledung Kabupaten Temanggung. Paraga kegiatan menika sedaya masyarakat kledung saha pemerintah Kaupaten Temanggung. Upacara Ruwat Rigen menika sampun kalampahan 5 tahun, acara menika dipunlaksanaaken kaping 1 nalika 2011. Mula bukaning acara menika saking kondisi pertembakauan ingkang boten pasti. Masyarakat umum menika namung ngawontenaken kegiatan demo, kamangka sajatosipun menika tembakau menika sampun wonten awit jaman rumiyin. Pramila para pelaku seni, camat kledung konsultasi dhateng disbud lan bupati menawi badhe dipunlaksanaaken acara kebudayaan ingkang gayut kaliyan Tembakau. Wonten ing ngriku dipunsepakati bilih acaranipun menika ruwat rigen, papanipun menika wonten kledung. Lajeng acaranipun menika berkumpul duduk bersama dan berdoa. Saderengipun tradhisi Ruwat Rigen menika dipuntindakaken, masarakat ngawontenaken persiapan, dene tahap persiapan kados ing ngandhap menika: 1. Rapat; 2. Nyawisaken sesajen. Prosesi mendhet toya menika dipunlaksanaaken satunggal dinten saderengipun acara ruwatan. Biasanipun anggenipun mendhet toya menika enjing. Acara menika dipunwiwiti saking dalemipun Pak Kardi. Sedaya pelaku ingkang badhe mendet toya menika kempal tabuh 06.30 sasampunipun lajeng mlampah dumugi tuk sireut/sendang kamulyan. Sasampunipun dumugi ing papan panggenan rombongan menika lajeng siap siap kangge mendhet toya. Kaping pisan pak kardi kalian pak ngadimin minangka juru kunci nyuwun ijin kalian ingkang manggen wonten ing lepen kesebut kanthi cara nyumet menyan putih

28 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 2, Februari 2017 kalian rokok. Sasampunipun menyan dupa lan rokok dipun obong lajeng wonten tarian midodareni rumiyen lajeng menawi sampun pak kardi saha pak didik menika mendhet toya wonten ing lepen menika. Acara salajengipun inggih menika nyadran lan ndongani toya kala wau menika, donganipun wonten kalih cara mawi basa jawa kalian arab saha wonten mantranipun. Donganipun ingkang mawi Arab menika donga kebaikan dunia akhirat kalian sapu jagad lan mawi jawa arupi kidungan lan mantra. Ingkang pungkasan inggih menika pasugatan tari bangilun kangge hiburan para pengombong lan para luluhur utawi makhluk ingkang manggen wonten ing lepen kasebut. Kinten kinten sampun tabuh 11.00 siang sedaya tiyang ingkang wonten mriku sami kondur dhateng ing dalemipun pak kardi. Sesaji ingkang dipunginakaken ing dinten jemuah antawisipun : 1. Iwak unjar goreng 2. Tigan goreng (panggang mas) 3. Gula klapa 4. Ketan bakar Prosesi kirab menika dipunlaksanaaken dinten setu sasampunipun prosesi pengamilan toya. Acara menika dipun wiwiti saking Lapangan Kledung dumugi Rest Area Kledung. Acara menika dipun wiwiti saking tabuh 6 amargi anggenipun persiapan menika betahaken wekdal ingkang boten sekedap dadaos dipun wiwiti saking jam 6 kangge kempal pasarta menika. Ingkang dinten pertama menika biasanipun ingkang dherek kirap menika namung desa-desa saking kecamatan Kledung kemawon menawi ingkang dinten ka-2 nembe saking desa undangan ingkang sami rawuh wonten papan kirab. Desadesa wonten ing Kecamatan Kledung menika antawisipun wonten 11 desa. Paraga saben desa menika wonten perangkat desa, rigen desa, sesaji saha kesenianipun. Dados saben desa menika tentu ngginakaken kostum ingkang beda-beda. Sasampunipun dumugi Rest Area peserta menika lajeng pinarak madhep ngidul wonten ing ngajeng panggung kangge nglajengaken acaranipun. Adicara salejengipun inggih menikan sambutan saking ketua pelaksana, dinas kebudayaan, lan Bupati Temanggung. Sasampunipun Bapak Bupati Temanggung paring sambutan adicara salajengipun inggih mujadahan saha donga jawa, mejadahanipun menika dipun pimpin kalian Kyai Munawir saking Wonosobo, ewadene ingkang donga jawa menika saking Pak Kardi cs. Sasampunipun mujadah saha donga menika rampung acara salajengipun inggih menika acara 5. Wajik lan ketan 6. Rokok 7. Wedak, jungkat 8. Sekar 9. Beras kapurata 10. Bok kecopok 11. Jenang baning/putih 12. Kolang-kaling 13. Jenang abang 14. Salak 15. Nanas 16. Gedhang poja 17. Jambuer 18. Timun 19. Jeruk 20. Tomat 21. Ingkung 22. Gedhang sungu 23. Pir 24. Gedhang gablok 25. Tumpeng sekul gurih 26. Keris Ngruwat Rigen. Rigen ingkang dipun ruwat menika wonten 12 rigen, 1 rigen utama 11 rigen desa. Ingkang ngruwat rigen-rigen menika Pak Bupati, Pak Camat, Pak Didik Disbud, Pak Karso Dispar, Kapolda, Pak Kardi. Caranipun ngruwat menika rigen namung dipun ciprati ngangge toya ingkang sampun dipun pendhet nalika prosesi ambil air kala wingi. Toya menika sampun dipun campur saking 8 sumber inggih menika ; sumbing, sindoro, jogja, kedu, kranggan, prau, selopampang, ngadirejo. Dipun campur kaliyan toya saking sumber sanessipun menika supados wonten koordinasinipun. Sasampunipun ruwatan menika rampung dipunlajengaken pasugatan kesenian ingkang samangkih ugi dipun biji dados wonten ing ngriku wonten dewan jurinipun. Pasugatan kesenian menika biasanipun ngantos dumugi 2 dinten amargi kathah ingkang pentas wonten ing acara menika, sanesipun pementasan kesenian ugi wonten maneka werni jajanan kuliner, busana, saha kerajinan khas Temanggung ingkang wonteng ing stan-stan pameran ing sisih kiwa tengennipun Rest Area. Sesaji ingkang dipunginakaken dinten setu antawisipun : 1. Wedak, parum, jungkat 2. Jajan pasar 3. Wedang santen 4. Wedang jeruk 5. Wedang dawet 6. Sirup ijo

Upacara Ruwat Rigen... Eddy Santoso 29 7. Sirup biru 8. Teh pait 9. Tigan mentah, beras kapurata 10. Pir 11. Salak 12. Gedhang 13. Apel 14. Nanas 15. Tumpeng sekul gurih 16. Sekar mawar 17. Sekar melati Upacara Tradisi ruwat rigen menika minangka kangge pepenget dhawahipun mangsa kemarau. Tradisi ruwat rigen sampun dados tradisi ingkang dipunlaksanaaken saben taun dumuggi samenika nalika musim ketiga/tembakau diwiwiti. Sajen menika wigati sangget amargi sajen menika kangge ngormati para sesepuh. Makna simbolik sesaji menika antawisipun : 1. Sekar Sekar minangka salah satunggaling ubarampe ingkang tamtu wonten ing acara kebudaaan amargigi leluhur menika remen sanget dhateng sekar. Jinising sekar menika mawarni-warni, kadosta sekar mawar, mlati, kamboja, lan sapanunggalanipun. Sekar ingkang dipunginakaken ing upacara tradisi ruwat rigen inggih menika sekar melati, kanthil, kenanga, keningkir, mawar. Sekar sekar menika gampil anggenipun pados amargi wonten ing kledung kathah masyarakat ingkang nanem. Sekar kanthil menika nggadahi ancas bilih menapa panyuwunanipun lan pangajabipun masyarakat temangggung supados tembakau menika sae saged kumanthil nyantel dhateng gusti. Menawi kenanga menika nggadahi ancas supados donganipun masyarakat menika saged (kena) dipun kabullaken dhateng Gusti Allah. 2. Menyan Sasanesipun sekar, sesaji ingkang dipunginakaken ing tradisi ruwat riggen inggih menika menyan. Menyan dipunobong saderengipun acara mendet toya dipun wiwiti. bilih menyan kangge simbol masarakat uluk salam utawi kulanuwun saderengipun mlebet dhateng tuk sirebut/sendang kamulyan lan mendet toya, lumantar Jurukunci ingkang nyowanaken. 3. Tumpeng Tumpeng menika nggadahi panyuwunan keselamatan. Tumpeng ingkang wujudipun kerucut menika adhedhasar saking kapitadosan manungsa ingkang sami ngrasuk agami islam menika namung gadhah setunggal sesembahan inggih menika Gusti Allah SWT. 4. Ingkung Ingkung menika wigati wonten sesaji amargi ingkung menika minagka simbol manungsa pasrah dhateng gustinipun. Dados ingkung menika tegesipun menika manungsa menika namung saged pasrah dhateng gusti sasampunipun usaha saha donga. 5. Jenang Jenang ingkang dipunginakaken menika jenang baning kaliyan jenang abang. Ancassipun jenang abang kaliyan baning menika kangge nyuwun slamet.kangge sedaya ingkang nyengkuyung acara ruwat rigen. 6. Maneka warni woh-wohan Sesaji menika boten wonten syarat khususipun utawi sawontennipun kemawon. Ancasipun woh-wohan menika pralambang panyuwunan, tegessipun manungsa menika manawi gadhah pepnginan menika kedah usaha lan dongan supados ngasilaken woh/hasil/upah. 7. Jajan Pasar Jajan pasar menika minangka simbol sejahteraning gesang saking gusti lan minangka upah kangge para leluhur. 8. Bok kecobok Bok kecobok menika minangka simbol jeroan uwati ati. Tegesipun menika menawi nyuwun donga utawi nglaksanaaken menapa kemawon kedah dipun niati saking nnglebet manah. 9. Maneka warni unjukan Sajeng ingkang salajengipun menika maneka warni unjukan. Unjukan menika werni 9 inggih menika teh pait, santen, toya pethak, kopi, dawet, sirup biru, abang, ijo, jeruk, wedang menika nggadahi ancas ngobati menawi wonten ingkang kesurupan. Sanesipun menika minangka manungsa kedah siap kangge ngadepi pagesangan wonten ing donya ingkang

30 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 2, Februari 2017 boten saged dipun prediksi kados pundi kahananipun. Pramila manungsa menika kedah saged prihatin boten namung kersa seneng-seneng kemawon. Paedahipun wonten acara menika antawissipun paedah wonten ing sector ekonomi, budaya, pariwisata. Saged dipunmangertosi wontenipun acara ruwat rigen menika ngemu manfaat kangge pemerintah daerah damel pemetaan budaya wonten temanggung. Lajeng kangge para pelaku lan penikmat seni menika muwuhaken semangat kangge tetep nglestantunakaen budayanipun amargi saking pemerintah menika ugi paring perhatian lan apresiasi. Kanthi wonten acara menika ing rest area kledung para penikmat menika dados sami mangertosi menapa potensi-potensi wisawa wonten Temanggung mliginipun Kledung. Acara menika ugi dados media promosi wisata wisata wonten ing Temanggung. Paedah bidang ekonomi saking upacara tradisi ruwat rigen menika katah sanget. Ingkang mencolok menika ekonomi masyarakat kledung menika saged lakung mindak tinimbang dinten-dinten biasanipun. Katah pedamelan dadakan ingkang laris manis, kadosta tukang parker, tour gaet, warungan. DUDUTAN SAHA PAMRAYOGI Adhedhasar asiling panaliten ingkang sampun dipuntindakaken panaliti babagan upacara tradisi ruwat rigen wonten desa kledung, kecamatan kledung, kabupaten temanggung saged dipunpendhet dudutan kados ing ngandhap menika. 1. Mulabukaning upacara tradisi Ruwat Rigen menika adhedasar pertemakauan Temanggung ingkang mulai boten sae lan boten wonten kegiatan kebudayaannipun, kamangka temakau menika sampun dados budaya wonten ing Temanggung. Tembakau menika sampun wonten nalika rumiyin nenek moyang lan dipun turunnaken dumugi samenika. Awit saking menika Pak Camat Kledung saha masyaratakt kledung menika nggagas acara ruwatan kangge tembakau lajeng dipun bahas kalian Dinas Kebudayaan. Saking Pirembagan menika dipun putusaken bilih acara menika Upacara Tradisi Ruwat Rigen. Kinging menapa ingkang dipun ruwat menika rigen boten sanessipun amargi menawi rigen menika meh sedaya masyarakat Temanggung menika gadah, lajeng rigen menika simpel bentukipun lan gampil damelipun. Ingkang kangge ngruwat menika ngginakaken toya saking Tuk Sirebut/Sendang Kamulyan ingkang sampun dipun campur kaliyan 7 sumber sanessipun. Acara ruwatan menika pokokipun donga sesarengan wonten rest area Kledung kangge kawilujengan. 2. Upacara Tradisi Ruwat Rigen menika dipunlaksanaaken saderengipun mangsa tembakau dipun wiwiti, saged ugi kangge pratanda mangsa temakau dipun wiwiti. Kangge lanpahipun acara menika dipun wiwiti pembentukan panitia lan rapat panitia biasanipun setunggal minggu saderengipun acara menika. Kegiatanipun ruwat rigen menika wonten kalih inggih menika mendet toya kaliyan ruwatan. Prosesi mendet toya menika biasanipun diten jemuah utawi satunggal dinten saderengipun upacara ruwatan. Prosesi mendet toya menika dipun wiwiti saking dalemipun Pak Kardi mingka sesepuh lan ketua kelompok Bangilun. Sasampunipun dumugi lepen menika lajeng ngobong menyan rumiyin lajeng wonten beksa midodareni lajeng toya menika dipun pendet. Samsampunipun menika dipunlajengaken dendonga wonten sadranan. Donganipun menika mawi kalih cara jawa lan arab. Sasampunipun menika dhahar sesaji sesarengan lan pementasan bangilun kangge hiburan. 3. Makna simbolik ubarampe ing salebeting Upacara Tradisi Ruwat Rigen. a. Sekar Sekar menika ateges kangge ngormati leluhur. Sekar kanthil kenanga menika mujudaken supados donga masyarakat menika saged kumanthil lan kena. b. Menyan Menyan ateges kangge simbol serat kangge nyuwun ijin dhateng leluhur. Menyan menika ugi dipun remeni amargi ambunipun wangi, dados para leluhur menika reman kaliyan menyan menika. c. Tumpeng Tumpeng menika salah satunggaling sesaji ingkang wigati. Amargi tumpeng menika minangka simbol nyuwun keselametan. Awit saking wujudipun inggkang kerucut menika ateges sedaya masyarakat Kledung ingkang sami ngrasuk

Upacara Ruwat Rigen... Eddy Santoso 31 agami Islam menika namung nggadahi setunggal sesembahan inggih menika Gusti Allah. d. jenang jenang ingkang dipun ginakaken kangge sesaji wonten ing acara menika jenang abang kaliyan jenang baning. Jenang abang kaliyan jenang baning menika minangka simbol keselametan, ateges nggadahi acas nyuwun selamet kangge sedayanipun. e. Maneka warni woh-wohan Woh-wohan ingkang dipunginakaken wonten acara menika boten wonten syarat khususipun sakwontenipun mawon boten menapa menapa boten wajib buh menapa wonten boten. Whowohan menika minangka simbol woh/buah/hasil ateges supados acara menika saged ngasilaken kabar ingkang sae. f. Maneka warji jajan pasar Jajan pasar ingkang dipun dadosaken sesaji menika sembarang, utawi sakwontenipun boten wonten syaratipun. Jajan pasar menika minangka simbol kesejahteraan manungsa saking gusti. Dados minangka ucapan syukur dhateng gusti. g. Maneka warni unjukan Unjukan ingkang kangge sesaji menika cacahipun wonten 9 inggih menika, teh pait, toya pethak, santen, kopi, dawet, sirub abang, ijo, biru, jeruk. Ngggadahi teges supados manungsa menika prihatin lan siap kangge ngadepi jaman ingkang boten saged dipun prediksi boten namung remen senenge kemawon. 4. paedah Upacara Tradisi Ruwat Rigen menika wonten ing sector kebudayaan, ekonomi, pariwisata. Wonten ing bidang kebudayaan menika pemerintah saged mangertosi kabudayyan menapa ingkang sampun badhe punah, lan masyarakat seni dados semangat anggenipun nguri-uri amargi pemerintah menika nggatosaken. Wonten ing sector pariwisata menika dados ajang prosomi papan panggenan wisata wonten ing Temanggung mliginipun daerah Kledung. Wonten sector ekonomi menika damel ekonomi masyarakat menika mindhak amargi sesadeyan menika sami laris, lan kathah pedamelanpedamelan dadakan. Skripsi menika tasih nggadhahi kekirangan ing salebeting panaliti nindakaken panaliten, ingkang ndadosaken skripsi menika dereng sampurna. Pramila panaliti paring pamrayogi kangge panaliti ingkang nggadahi gegayutan kalihan skripsi menika utawi dhateng panaliti salajengipun. 1. Data ingkang dipunpanggihaken ing sadangunipun panaliti nindakaken panaliten menika tasih kirang mendalam. Pramila, kangge panaliti salajengipun utawi panaliti ingkang nggadahi gegayutan kalihan panaliten menika, kedah pados informan ingkang mangertos sanget dhateng informasi ingkang badhe dipunpadosi. Kajawi menika, panaliti ugi kedah nyuwun pirsa dhateng informan sanes ingkang saged paring informasi kangge mendukung informasi saderengipun, dumugi data jenuh (boten wonten malih informasi ingkang beda antawisipun informan setunggal kalihan informan sanesipun). 2. Panaliti ugi kedah saged ngandharaken ancasipun panaliten ingkang saweg dipuntindakaken dhateng informan, supados anggenipun informan paring informasi boten setengah-setengah. Kajawi menika, supados rikala badhe mendhet foto para informan ingkang saweg nindakaken prosesi tradisi pikantuk idin. KAPUSTAKAN Danandjadja, J 1986. Folklor Indonesia. Jakarta: PustakaGrafitipers Endraswara, Suwardi. 2010. Folklor Jawa. Macam, Bentuk, dan Nilainya. Jakarta : Penaku. Endraswara, Suwardi. 2006. Folklor Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakrta: Gajah Mada University Press. Herdiansyah, Haris. 2013. Wawancara, observasi, dan Focus Groups. Depok: PT. Rajagrafindo Persada. Moertjipto. 1994. Fungsi Upacara Tradisional Bagi Masyarakat Pendukungnya Masa Kini. Yogyakarta: Depdikbud Koentjaraningrat. 1980. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Balai Pustaka.

32 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 2, Februari 2017 Moleong, Lexy. J. 2012. Metode Penelitian Kualitatif. Revisis. Edisi. Bandung: PT Remaja Rosdakarya. Padmosoekotjo, S. 1981. Ngengrengan Kasusastran Djawa. Yogyakarta: Hien Hoo Sing. Zuriah, Nurul. 2006. Metodologi Penelitian Sosial dan Pendidikan. Jakarta: Bumi Aksara.