DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

dokumen-dokumen yang mirip
MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATAS NGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5 SKRIPSI

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

PIWULANG SKRIPSI. dening

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

PANGANGGENING MAKSIM KECOCOKAN WONTEN NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI SKRIPSI

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA) SKRIPSI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013 SKRIPSI

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN SKRIPSI

VALENSI TEMBUNG KRIYA WONTEN ING NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI B.N SKRIPSI

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

FUNGSI SIMULFIKS KANGGE NGGAMBARAKEN CITRA PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

MORFOLOGI TEMBUNG-TEMBUNG BASA JAWI KINA ING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R. TG. JASAWIDAGDA SKRIPSI

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

TEMBUNG KAHANAN ANDHAHAN ING CARIYOS RAKYAT ALASKATO LAN JALUKURA ANGGITANIPUN AL ARIS PURNOMO SKRIPSI

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

MODEL LEMBAR KERJA SISWA INTEGRATIF PEMBELAJARAN TEKS NARASI BAHASA JAWA KELAS VII KOTA MAGELANG

DERDAHING BATOS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL RANGSANG TUBAN ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA Satunggaling Kajian Psikologi Sastra SKRIPSI

KAJIAN FILOLOGI WONTÊN SÊRAT NGÈLMU DÅYÅPRABÅWÅ SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

SKRIPSI. Pandadarann. dening NIM PROGRAM BAHASA DAN SENI FAKULTAS

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

KALEPATAN SKRIPSI. Dening

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

TEMBUNG ARAN ANDHAHAN WONTEN ING CARIYOS PARA ABDI SAMI CECATURAN ANGGITANIPUN MAS NGABEI WASESA PANGRAWIT SKRIPSI

TINDAK TUTUR PAKON ING NOVEL KUNARPA TAN BISA KANDHA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

Skripsi. KaaturakenDhumatengFakultasBahasadanSeni UniversitasNegeri Yogyakarta Minangka Salah SatunggalingSaratPikantukGelarSarjanaPendidikan

FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Transkripsi:

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP Ines Ika Saputri 11205244015 Sarining Panaliten Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken cara mujudaken media web kangge nyengkuyung pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa tumrap siswa SMP kelas VIII, ngandharaken validasi media pasinaon dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, ngandharaken pamanggih saking guru saha siswa SMP kelas VIII ngengingi media web kanthi materi maos ukara mawi aksara Jawa. Panaliten menika kalebet panaliten Research and Development. Prosedur ingkang dipuntindakaken ing panaliten inggih menika analysis, design, development, implementation, saha evaluation. Data ingkang dipunpendhet mawi angket dipun-analisis kanthi deskriptif. Adhedhasar validasi media saha uji coba, biji saking dosen ahli materi pikantuk persentase 88% ingkang kagolong sae sanget, biji saking dosen ahli media pikantuk persentase 80% ingkang kagolong sae. Wondene biji saking guru basa Jawi SMP N 4 Wates pikantuk persentase 94% ingkang kagolong sae sanget, sarta biji saking siswa kelas VIII pikantuk persentase 88,8% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten nedahaken bilih media aplikasi menika saged dipunginakaken kangge sinau kanthi mandiri wonten pundi kemawon. Pamijining tembung: web, maos, aksara Jawa Abstract The purposes of this research is to describes how to make an educational webbased reading Javanese script learning media for grade VIII Junior High School students, describes about educational media validation by material expert lecturers and media expert lecturers, and also describes about students and teacher s opinion about web-based media. This study is type of research and development. The procedures that has been done in this research is analysis, design, development, implementation, and evaluation. The data has been taken using question form is analyzed by descriptive method. Based on validation and implementation of media that has been done, the research result showed that product assessment by material expert lecturers got a percentage of 88% that classified as very good and the assessment by media expert lecturers got a percentage 80% that classified as good. While the product assessment by Negeri 4 Wates Junior High School s javanesse teacher got a precentage 94% that classified as very good, and the assessment by VIII Junior High School s students got a precentage 88,8% that classified as very agree. The research results showed that the application can be used to learn everywhere independently. Keywords: web-based, reading, Javanese Script BENING Volume 5, Nomor 2, Maret 2016 29

A. PURWAKA Wonten ing pasinaon basa Jawi gadhah 4 ketrampilan ingkang kedah dipunsinau, inggih menika nyemak, micara, maos, saha nyerat. Maos minangka salah satunggaling ketrampilan ingkang kedah dipunkuwaosi dening siswa wonten ing pasinaon basa Jawi. Salah satunggaling materi maos ingkang dipunsinau dening siswa inggih menika maos ukara mawi aksara Jawa. Materi aksara Jawa dipunlebetaken wonten ing Kurikulum 2013 Sekolah Menengah Pertama (SMP) kanthi KD membaca atau menulis kalimat beraksara Jawa. Wondene indikatoripun : 1. Membaca kalimat yang ditulis menggunakan aksara Jawa. 2. Mentransliterasi kalimat beraksara Jawa menjadi aksara Latin. Kawontenan wonten ing sekolahan bab pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa gadhah pepalang. Setunggal, miturut pangandikanipun Ibu Bety Mahara Setyawati, S.Pd. minangka guru basa Jawi wonten ing SMP N 4 Wates kahananipun siswa menika kirang nguwaosi aksara Jawa. Kaping kalih, miturut siswa kelas 8F inggih menika Rizky Nanda aksara Jawa menika awrat, kirang narik kawigotasan saha kina.guru ingkang ngasta awrat anggenipun damel media pasinaon kangge narik kawigatosan siswa mliginipun ingkang berbasis web utawi utawi IT. Kamangka wonten ing saperangan SMP sampun gadhah laboratorium basa, laboratorium komputer saha jaringan wifi ingkang saged dipunginakaken guru kangge media pasinaon. Kawontenan wonten ing sekolah, fasilitasfasilitas menika awis-awis dipunginakaken kangge pasinaon, pramila kedah dipunangge kangge ningkataken ketrampilan maos ukara mawi aksara Jawa. Kanthi ningali bab menika pramila prelu dipundamel media pasinaon. Salah satunggalipun inggih menika kanthi ngginakaken basis web. Web menika kalebet media ingkang praktis saha saged dipunakses wonten ing pundi kemawon. Kawontenan menika saged dipuntingali saking siswa ingkang ngginakaken pirantos kadosta hp, laptop, komputer saha koneksi internet kangge madosi informasi wonten ing griya utawi sekolah. Adhedhasar kalodhangan menika panaliti nemtokaken media web ingkang dipundamel wonten ing panaliten menika ngginakaken aplikasi CMS Wordpress. CMS Wordpress inggih menika salah satunggaling aplikasi utawi script kanthi basis web ingkang saged dipunginakaken kangge damel web. Nginstall aplikasi menika gampil, satemah kathah tiyang ingkang ngginakaken aplikasi menika. Kaluwihan sanesipun inggih menika amargi CMS Wordpress saged berkompetisi wonten ing search engine, satemah langkung gampil anggenipun pados wonten ing internet. Aplikasi menika uga gratis saha gadhah sistem ingkang sae. Supados ngasilaken produk ingkang sae, panaliti kedah nggatosaken leresing materi saha kualitas media kanthi nyuwun validasi kualitas materi saha media. Validasi menika dipuntindakaken dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. Kajawi menika, kangge ngasilaken media ingkang trep kaliyan kabetahanipun guru saha siswa, panaliti nyuwun pamanggih BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 30

saking guru saha siswa ngengingi media pasinaon ingkang sampun dipundamel. Pamanggih-pamanggih saking siswa saha guru saged mbiyantu panaliti kangge mujudaken media pasinaon ingkang jumbuh kaliyan kabetahanipun siswa. B. GEGARAN TEORI Media pasinaon salah satunggaling upiya ingkang katindakaken dening guru kangge biyantu siswanipun supados langkung gampil anggenipun sinau. Satemah wonten ing pasinaon menika guru kedah langkung kreatif anggenipun mucal. Kejawi menika media pasinaon sakmenika ugi saged dipundadosaken sarana kangge ngandharaken ide, gagasan utawi menapa kemawon ingkang saged dipunginaaken kangge pasinaon siswa. Pangertosan babagan media pasinaon menika boten kawates, menika definisi saking para ahli. Miturut Arsyad (2003: 3), tembung media asalipun saking basa Latin medius ingkang tegesipun tengah, perantara utawi pengantar. Saklajengipun dipunandharaken bilih media menika tegesipun pirantos kangge ngandharaken seserepan saking tiyang ingkang nyukani seserepan dhumateng tiyang ingkang nampi seserepan. Ancasipun media dipundamel supados siswa saged nampi kawruh wonten ing pasinaon. Miturut Pujriyanto (2012:20) media pasinaon inggih menika sedaya pirantos ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken informasi saha ngewrat materi instruksional wonten ing pasinaon, satemah saged narik kawigatosan siswa kangge sinau Kanthi pangertosan-pangertosan wonten ing inggil menika, pramila saged dipunandharaken bilih media inggih menika sedaya sarana utawi pirantos ingkang dipunginakaken wonten ing salebeting pasinaon supados nggampilaken siswa anggenipun mangertos menapa ingkang dipunandharaken dening guru. Siswa langkung gampil anggenipun nampi pasinaon kanthi media ingkang dipunginakaken. Pramila media mbiyantu sanget proses komunikasi wonten ing pasinaon. Miturut Soeparno (1980: 26-27), media pasinaon menika dipunperang dados pinten-pinten jinis, inggih menika. 1) Piranti audio inggih menika piranti ingkang saged ngasilaken swanten. Tuladhanipun kaset kaliyan radio 2) Piranti visual inggih menika piranti ingkang ngasilaken rupa utawi wujud, ingkang dipunmangertosi minangka piranti kangge ngandharaken materi. Piranti visual kaperang dados kalih inggih menika: a) piranti visual kalih dimensi wonten ing bidang boten transparan, tuladhanipun gambar wonten ing kertas, grafis, diagram, gambar, poster, lan sapanunggalanipun, b) piranti visual kalih dimensi wonten bidang ingkang transparan, tuladhanipun slide. 3) Piranti audio visual inggih menika piranti ingkang saged ngasilaken rupa kaliyan swanten wonten ing salah satunggaling unit. Tuladhanipun film kaliyan televisi. Saking pamanggihipun babagan jinising media pasinaon menika, BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 31

saged dipunmangertosi bilih media pasinaon wonten maneka warni. Wonten ing kalodhangan menika panaliti damel pengembangan media pasinaon kanthi sarana komputer, mliginipun basis web. Sarana pasinaon ingkang dipundamel kalebet sarana proyeksi visual gerak amargi sarana menika ngemot materi ingkang wonten gambar saha animasinipun. Media pasinaon kathah sanget paedahipun, kadosta ingkang dipunandharaken Levie & Lentz (1982) wonten ing Arsyad (2002:16) bilih media mliginipun media visual gadhah paedah atensi, paedah afektif, paedah kognitif saha paedah kompensatoris. Paedah atensi saged katingal nalika media saged nyengkuyung siswa supados konsentrasi utawi nggatosaken wonten ing materi pasinaon. Wondene paedah afektif saged katingal nalika media menika narik kawigatosan saha nuwuhaken greget siswa kangge sinau materi menika. Paedah kognitif saged katingal nalika siswa gampil anggenipun nalar utawi mahami materi saking media menika. Saklajengipun paedah kompensatoris inggih menika media gadhah mapinten-pinten fasilitas ingkang nggampilaken siswa nampi materi saking media pasinaon. Wonten ing panaliten menika, media kalebet teknologi komputer. Komputer menika gadhah paedah ingkang kathah, salah satunggalipun kangge mbiyantu bab pasinaon. Miturut Arsyad (2003: 93) istilah ingkang dipunginakaken kangge pasinaon ngginakaken komputer inggih menika: a) Computer Managed Instruction (CMI) inggih menika pasinaon ingkang ngginakaken komputer minangka pirantos kangge mbiyantu guru nindakaken tugas administrasi. Komputer menika dipunginakaken kangge rekapitulasi data prestasi siswa, database, buku perpustakaan saha administrasi wonten ing pasinaon. b) Computer Asisted Instruction (CAI) inggih menika ngginakaken komputer kanthi langsung kaliyan siswa kangge ngandharaken wosing pasinaon, paring gladhen saha mangertos majengipun asiling sinau siswa menika. CAI saged dados tutor ingkang nggantos guru wonten ing kelas. CAI ugi maneka warna wujudipun gumantung design, tuladhanipun dolanan (games) visual, audio,saha sapanunggalanipun. Pasinaon web tamtu mlebet wonten ing jinis media ingkang ngginakaken komputer mliginipun Computer Asisted Instruction (CAI), amargi media kanthi basis web menika awujud materi saha dolanan visual. Saklajengipun pangertosan web miturut Janner (2006: 159) web inggih menika salah satunggaling sistem ingkang ngewrat informasi teks, gambar, swanten saha sapanunggalanipun. Informasi menika kasimpen wonten ing internet web server kanthi wujud hyperteks. CMS (Content Management System) inggih menika pirantos ingkang wigatos wonten ing web, supados web menika saged lumampah kanthi maksimal. Salah satunggaling CMS ingkang sampun asring dipunginakaken inggih menika CMS Wordpress.Miturut Hernita (2010:5) CMS Wordpress BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 32

inggih menika salah satunggaling aplikasi utawi script ingkang saged dipunginakaken kangge damel web. CMS menika dipundamel kanthi basa pemrograman PHP saha MySQL ingkang misuwur sanget kangge damel blog. CMS menika ugi saged dipungrembakaken kangge damel website. Miturut Enterprise, Jubile (2015: 25-35) damel web dipunlampahi kanthi cara damel subdomain. Saklajengipun nemtokaken nama subdomain, saksampunipun nemtokaken nama subdomain lajeng damel database. Kadosta aplikasi CMS sanesipun, wordpress ugi mbetahaken database wonten ing server supados situs menika saged dipunakses kanthi sae. Kanthi nginstall XAMPP lajeng damel database wonten ing local server, saksampunipun damel database tahap saklajengipun inggih menika kanthi nginstall wordpress. Saksampunipun wordpress dipuninstall, lajeng log in rumiyin minangka admin. Wonten ing tahap menika, sampun dados web kangge media pasinaon, ananging web menika boten saged dipunakses tiyang sanes, pramila web kedah dipunundhuh wonten ing server web hosting. Saksampunipun ndaftar wonten ing web hosting, lajeng materi dipunlebetaken wonten ing web. Supados langkung narik kawigatosan, web kedah dipunparingi theme. Caranipun maringi theme wonten ing web inggih menika kanthi ngginakaken WooThemes. Maos ukara mawi aksara Jawa kalebet wonten ing Kompetensi Dasar pasinaon basa Jawa inggih menika membaca atau menulis kalimat beraksara Jawa. Miturut Antunsuhono (1956: 7) ukara inggih menika reroncening tembung sawatawis, ingkang dados wedharing gagasanipun tiyang. Wujudipun ukara inggih menika katrangan, pitaken, saha sapanunggalanipun. Sedaya menika dipunserat mawi paugeran aksara Jawa. Aksara Jawa saged ugi dipunsebut carakan utawi hanacaraka. Aksara hanacaraka inggih menika aksara ingkang dipundhapuk saking aksara kawi kangge nyerat basa Jawi enggal (Setiawan, 1988: 8). Miturut (Mulyani, 2011: 6-11) aksara Jawa ingkang pakem cacahipun 20 ingkang dipunsebut aksara nglegena. C. CARA PANALITEN Panaliten menika kalebet panaliten ingkang jinisipun Research and Development (R&D). Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif prosedural. Wondene Mulyatiningsih (2011: 183) ngandharaken lampah-lampah utawi prosedur ingkang dipuntindakaken wonten ing panaliten R&D.Panaliten menika dipuntindakaken adhedhasar prosedur menika kaperang saking 5 tataran. Tataran kaping setunggal inggih menika tataran analisis (analysis). Tataran menika dipunlampahi sakderengipun damel media pasinaon. Panaliti nindakaken analisis kanthi maos Kompetensi Inti (KI) saha Kompetensi Dasar (KD). Kajawi menika, panaliti nindakaken analisis lapangan kangge mangertosi kabetahan sekolah tumrap media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 33

Kangge njangkepi data analisis karakter siswa, saksampunipun observasi dipunlajengaken wawancara. Tataran saklajengipun inggih menika tataran design. Tataran menika dipunlampahi kanthi ngempalaken materi piwulang saha desain pambiji. Lajeng, panaliti damel flowchart. Flowchart utawi konsep urut-urutanipun damel media (diagram alur) ingkang sampun kadamel menika dipunandharaken kanthi story board ingkang ngewrat wedharan materi pasinaon. Saksampunipun damel desain media, panaliti nindakaken tataran development/ mujudaken media. Wonten ing tataran menika, story board ingkang sampun dipundamel wonten ing tataran sakderengipun dipuncakaken dhateng program web. Lajeng produk media pasinaon ingkang sampun dados dipunsuwunaken validasi kualitas media saking dosen ahli materi saha dosen ahli media. Validasi menika dipuntindakaken kanthi 2 tahap. Biji saha pamanggih saking dosen ahli ngengingi kualitas media dipundadosaken dhasar kangge panaliti mujudaken revisi media ingkang dipuntindakaken dumugi produk media menika sampun pikantuk pasarujukan kangge uji coba dhateng sekolah. Saksampunipun produk media pasinaon dipunsarujuki layak uji coba dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, panaliti nindakaken uji coba (implementation) ngginakaken media menika wonten sekolah. Saderengipun media menika dipunginakaken kangge uji coba ing kelas, panaliti nyuwun pasarujukan dhateng guru basa Jawi. Nalika sampun pikantuk pasarujukan saking guru basa Jawi, panaliti miwiti uji coba produk media pasinaon ing kelas kanthi nedahaken cara ngginakaken produk media tumrap guru saha siswa. Uji coba media dipuntindakaken ing SMP N 4 Wates. Wonten ing tataran evaluasi (evaluation), panaliti nindakaken evaluasi produk media adhedahasar biji saha pamrayogi saking dosen ahli materi, dosen ahli media, guru saha siswa. Biji saha pamrayogi menika dipuntingali sampun jumbuh menapa dereng kaliyan ancasipun damel media pasinaon. D. ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN 1. Tataran Damel Media Pasinaon Maos Ukara mawi Aksara Jawa Media pasinaon basis web wonten ing pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa ingkang sampun dipundamel wonten ing panaliten menika dipunjumbuhaken kaliyan tata cara damel media miturut larahlarahan ingkang sampun dipuntemtokaken. Larah-larahan kasebut dipuntindakaken kanthi urut wiwit saking tataran analisis, tataran damel desain media, tataran damel media, tataran uji coba, saha tataran evaluasi media. Rantamaning damel media pasinaon kaandharaken kados ing ngandhap menika. a. Analysis (Tataran Analisis) Tahap analysis minangka tahap wiwitan ingkang dipuntidakaken saderengipun produk dipundamel. BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 34

Tahap analysis menika kaperang dados kalih inggih menika analysis kurikulum saha analysis kawontenan siswa SMP N 4 Wates. Wonten ing tahap analysis kurikulum, panaliti maos saha mangertosi kurikulum ingkang dipunginakaken wonten ing pasinaon basa Jawi ing sekolah kasebut. Saksampunipun nganalisis kurikulum lajeng dipunpanggihi Kompetensi Inti: Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, modifikasi dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. Kangge njangkepi data analisis karakter siswa, dipuntindakaken wawancara kaliyan Ibu Bety Mahara Setyawati, S.Pd. minangka guru basa Jawi wonten ing SMP N 4 Wates. Miturut Ibu Bety Mahara Setyawati, S.Pd., kahananipun siswa menika kirang nguwaosi aksara Jawa. Kaping kalih, miturut siswa kelas 8F inggih menika Rizky Nanda aksara Jawa menika awrat, kirang narik kawigotasan saha kina. Prekawis-prekawis ingkang tuwuh inggih menika, saperangan siswa boten nggatosaken nalika guru ngandharaken materi maos aksara Jawa saha wonten saperangan siswa ingkang dereng nguwaosi materi aksara Jawa. Adhedhasar prekawis menika, saklajengipun panaliti rembagan kaliyan guru basa Jawi. Kanthi rembagan menika, dipuntemtokaken bilih badhe kadamel media pasinaon basis web kanthi ngginakaken aplikasi CMS Wordpress. Media pasinaon kasebut dipunajab saged narik kawigatosan siswa saha saged dipunginakaken minangka alternatif media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. Media menika ugi saged dipunginakaken wonten pasinaon ing sekolah menapa dene sinau piyambak wonten ing griya. b. Design (Tataran Damel Desain Media Pasinaon) Tahap saklajengipun ingkang dipuntindakaken inggih menika damel design produk media pasinaon. Wonten tahap menika, panaliti nemtokaken design produk kangge nemtokaken isinipun media pasinaon. Tahap ingkang sepisan dipunlampahi inggih menika dipuntindakaken kanthi ngempalaken sumber pustaka ingkang badhe dipundadosaken sumber materi maos ukara mawi aksara Jawa. Saklajengipun materi dipunrantam saking perangan pangertosan saha caranipun maos ukara mawi aksara Jawa. Sumber pustaka ingkang sampun dipunkempalaken, lajeng dipundamel dados materi maos ukara mawi aksara Jawa saha dipundamel flowchart. Wosing flowchart kasebut ngewrat konsep penyajian menu pasinaon. Flowchart lajeng dipunwujudaken dados naskah media pasinaon ingkang ngewrat wedharan halaman utama media, kompetensi, materi aksara Jawa saha caranipun maos ukara mawi aksara Jawa, gladhen, kapustakan saha profil. Saklajengipun, panaliti nemtokaken wujud halaman utama, kompetensi, materi, gladhen, kapustakan saha profil. Halaman utama ngewrat gambar saha gendhing Jawi supados saged narik greget ingkang mirsani. Kompetensi ngewrat kompetensi inti, kompetensi BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 35

dasar, saha indikator materi maos ukara mawi aksara Jawa. Materi dipunperang dados mapinten-pinten submateri, inggih menika materi aksara Jawa saha materi caranipun maos ukara mawi aksara Jawa. Gladhen dipunperang dados 3 inggih menika, gladhen 1 ngengingi transliterasi aksara Jawa dados aksara Latin, gladhen 2 ngengingi nyusun ukara aksara Jawa, saha gladhen 3 ngengingi bab maos saha nyusun ukara mawi aksara Jawa dados cariyos ingkang jangkep. Menu kapustakan ngewrat sumber pustaka ingkang dipunginakaken kangge materi wonten ing media menika. Profil ngewrat profilipun panganggit saha dosen pembimbing. c. Development (Tataran Mujudaken Media Pasinaon) Adhedhasar naskah media menika saklajengipun dipundamel media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa kanthi basis web. Tahap damel media dipunwiwiti kanthi cara damel subdomain wonten ing reviewzi.com. Saklajengipun nemtokaken nama subdomain kanthi ines.reviewzi.com. Saksampunipun nemtokaken nama subdomain lajeng damel database. Kadosta aplikasi CMS sanesipun, wordpress ugi mbetahaken database wonten ing server supados situs menika saged dipunakses kanthi sae. Kanthi nginstall XAMPP lajeng damel database wonten ing local server, saksampunipun damel database samenika mlampah wonten ing tahap saklajengipun inggih menika kanthi nginstall wordpress. Saksampunipun wordpress dipuninstall, lajeng log in rumiyin minangka admin. Saksampunipun media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa kanthi basis web menika kawujud. Tahap ingkang dipuntindakaken saklajengipun inggih menika validasi saha uji coba media pasinaon. Validasi menika mbetahaken dosen ahli materi saha dosen ahli media. Dosen ahli materi wonten ing panaliten menika inggih menika Sri Harti Widyastuti, M.Hum. Ewadene dosen ahli media wonten ing panaliten menika inggih menika Avi Meilawati, S.Pd. M.A. Tahap validasi dipuntindakaken kangge paring evaluasi tumrap kualitas media pasinaon saha trepipun materi. Adhedhasar pamrayogi saha panyaruwe dosen ahli media saha dosen ahli materi, pramila media menika kedah dipunrevisi supados pikantuk pambiji kelayakan media kangge dipuncobi wonten ing sekolah. Revisi dipuntindakaken 2 tahap. Tahap sapisan dados dhasar anggenipun panaliti ngasilaken produk revisi I. Biji saha pamrayogi saking dosen ahli materi saha ahli media menika, dipundadosaken dhasar kangge panaliti damel revisi media. Revisi menika dipunginakaken panaliti kangge ngasilaken produk media pasinaon ingkang langkung sampurna. Saksampunipun produk revisi I dipundamel, produk revisi menika dipunsuwunaken validasi tahap II dhateng dosen ahli. Wonten ing validasi tahap II panaliti nyuwun pambiji saha pamrayogi malih dhateng dosen ahli materi saha dosen ahli media. Validasi dipunsuwunaken dumugi dosen ahli nyarujuki produk media kangge uji coba wonten ing sekolah. d. Implementation (Tataran Uji Coba) BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 36

Adhedhasar tahapan damel media ingkang sampun dipuntindakaken saha ngasilaken produk media pasinaon interaktif maos ukara mawi aksara Jawa awujud web. Saklajengipun tahap ingkang dipuntindakaken inggih menika, uji coba media pasinaon dhateng siswa. Media menika dipunsuwunaken pambiji dumateng guru basa Jawi inggih menika Ibu Bety Mahara Setyawati, S. Pd. Uji coba dipuntindakaken dhateng siswa kelas VIII A. Pambiji guru basa Jawi saha uji coba tumrap siswa menika, dipunginakaken kangge ngempalaken data minangka dhasar nemtokaken tataran keefektivan saha kemenarikan media pasinaon ingkang dipundamel. Pambiji saha pamanggih saking guru basa Jawi menika sae. Media menika saged paring pambiyantu dhateng guru. Media menika nggampilaken guru ngandharaken materi. Wondene pamanggih saking siswa, media menika saged narik kawigatosan. Satemah saged nambah greget siswa anggenipun sinau maos ukara mawi aksara Jawa. e. Evaluation (Evaluasi Media Pasinaon) Wonten ing tataran menika, panaliti nindakaken analisis kualitas produk media pasinaon. Analisis menika dipuntindakaken adhedhasar biji saking angket nalika tataran validasi saha uji coba. Cacahing biji angket ing panaliten menika nalika validasi saha uji coba kagolong sae sanget. Kahanan menika, nedahaken bilih produk media pasinaon ingkang dipundamel dening panaliti sampun nggayuh ancas pandameling produk media. Media menika saged nyengkuyung pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. Pamanggih guru saha siswa SMP kelas VIII ngengingi kualitas media ugi nedahaken bilih media pasinaon ingkang dipundamel sampun saged nggayuh ancas pandameling media pasinaon. 2. Kualitas Media Pasinaon Kualitas media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa menika saged dipunmangertosi saking asiling validasi dosen ahli materi saha dosen ahli media. Dosen ahli materi wonten ing panaliten menika inggih menika Ibu Sri Harti Widyastuti, M. Hum. Wondene dosen ahli media wonten ing panaliten menika, inggih menika Ibu Avi Meilawati, S.Pd. M.A. Andharan saking kualitas media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa kados wonten ing ngandhap menika. a. Validasi Dosen Ahli Materi Validasi dening dosen ahli materi tumrap media pasinaon ingkang dipundamel inggih menika, kangge paring pambiji saha pamrayogi tumrap andharan materi wonten ing salabeting media pasinaon. Validasi menika dipuntindakaken kanthi cara nyaosaken media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. Saklajengipun media menika dipunpirsani saha dipunevaluasi bab ingkang kirang trep. Lembar angket evaluasi dipuncaosaken kangge ngandharaken perangan-perangan ingkang kedah dipunbiji. Pamrayogi saking dosen ahli materi dipunginakaken minangka dhasar kangge ndandosi utawi revisi media. Dosen ahli materi minangka validator materi inggih menika Ibu Sri Harti Widyastuti, M. Hum. BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 37

Panjeneganipun minangka dosen pengampu mata kuliah sastra, budaya saha filologi wonten ing prodi Pendidikan Bahasa Jawa, jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Universitas Negeri Yogyakarta. Ibu Sri Harti Widyastuti, M. Hum menika dipunraos mumpuni dados validator materi, amargi materi maos ukara mawi aksara Jawa wonten ing salabeting media jumbuh kaliyan bidang keahlianipun. Validasi dening dosen ahli materi menika dipuntindakaken dumugi media pasinaon kasebut layak dipunujicoba. Validasi dening dosen ahli materi menika katindakaken mawi 2 tahap inggih menika perangan piwulang ingkang kaperang dados 10 indikator pambiji, saha 8 indikator pambiji saking perangan leresipun isi. b. Validasi Dosen Ahli Media Validasi dening dosen ahli media tumrap media pasinaon ingkang sampun dipundamel inggih menika kangge paring pambiji saha pamrayogi tumrap kualitas tampilan media. Validasi menika dipuntindakaken kanthi cara nyaosaken media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa supados dipunpirsani saha dipunevaluasi bab ingkang kirang trep sarta nyaosaken lembar angket evaluasi ingkang ngandharaken perangan-perangan ingkang kedah dipunbiji. Pamrayogi saking dosen ahli media dipunginakaken minangka dhasar kangge ndandosi utawi revisi media satemah saged ngasilaken produk media ingkang kualitasipun sae. Dosen ahli media minangka validator media inggih menika Ibu Avi Meilawati, S.Pd,M.A. Panjenenganipun minangka dosen pengampu mata kuliah ingkang gayut kaliyan pendidikan wonten ing prodi Pendidikan Bahasa Jawa, jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Universitas Negeri Yogyakarta, pramila jumbuh bilih dipundadosaken validator dosen ahli media wonten ing panaliten menika. Validasi dening dosen ahli media menika dipuntindakaken dumugi media pasinaon kasebut layak dipunujicoba. Validasi dening dosen ahli media menika katindakaken mawi 2 tahap inggih menika validasi tahap I saha validasi tahap II. Validasi ingkang katindakaken dening dosen ahli media dipunperang dados 2 inggih menika, perangan tampilan ingkang kaperang dados 10 indikator pambiji saha 9 indikator pambiji saking perangan pemrograman. 3. Asiling Pambiji saha Pamrayogi saking Guru Basa Jawi saha Siswa SMP Kelas VIII a. Pambiji saha Pamrayogi dening Guru Basa Jawi tumrap Media Pasinaon saha Siswa SMP Kelas VIII Pambiji kualitas media pasinaon dening guru basa Jawi dipuntindakaken kangge ngukur kualitas media pasinaon saking perangan leresipun konsep saha kompetensi sarta perangan kualitas tampilan. Pambiji kualitas media pasinaon dening guru basa Jawi dipuntindakaken saksampunipun validasi saha pasarujukan uji coba dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. Pambiji kualitas media pasinaon kasebut dipuntindakaken dening ibu Bety Mahara Setyawati, BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 38

S.Pd minangka guru basa Jawi saking SMP N 4 Wates. Guru paring pambiji nalika proses uji coba lumampah. Proses validasi dening guru basa Jawi menika sesarengan kaliyan uji coba media dening siswa kelas VIII A. Guru saged mirsani kanthi langsung panganggenipun media wonten ing proses pasinaon. Guru basa Jawi menika maringi biji media saking 2 perangan inggih menika perangan leresipun konsep saha kompetensi sarta perangan kualitas tampilan. b. Pamanggih siswa tumrap Kualitas Media Pasinaon Maos Ukara mawi Aksara Jawa kanthi Basis Web. Uji coba media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa dipuntindakaken saksampunipun validasi dosen ahli materi saha dosen ahli media sarta sampun dipunsarujuki bilih media sampun layak dipunujicoba. Uji coba media dipuntindakaken kangge mangertosi pamanggih siswa babagan kualitas media pasinaon menika. Saklajengipun dipuntindakaken evaluasi kualitas media dening siswa SMP N 4 Wates kelas VIII A ingkang gunggungipun 27 siswa. Siswa dipundampingi panaliti kangge miwiti ngginakaken media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. Tahap uji coba dipunwiwiti kanthi nyameptakaken komputer, saklajengipun mbikak web maos ukara mawi aksara Jawa kanthi alamat ines.reviewzi.com. Saksampunipun cumawis sedaya, panaliti ngandharaken kadospundi cara ngginakaken media, maringi tuladha caranipun ngginakaken, sarta ngandharaken materi pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa mawi LCD. Wiwit saking maringi ngertos alamat web, pitedah panggenipun media, kompetensi, dumugi menu materi maos ukara mawi aksara Jawa. Saklajengipun siswa kelas VIII A sami ngginakaken media wonten komputeripun piyambakpiyambak. Saklajengipun siswa dipundhawuhi ngisi saha nyerat pamrayogi wonten ing lembar evaluasi awujud angket. Kanthi menika saged dipunmangertosi kadospundi pamanggih siswa tumrap media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa kanthi basis web. Pamanggih siswa tumrap kualitas media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa kanthi basis web ngewrat 4 perangan, inggih menika perangan gampilipun mangertosi media saha materi, perangan kemandirian sinau, perangan penyajian media, saha perangan pengoperasian media. 1) Perangan Gampilipun Mangertosi Media saha Materi Adhedhasar tabel 29 wonten ing nginggil menika, persentase media ngengingi indikator kanthi media web siswa saged pikantuk seserepan ingkang langkung gampil ngengingi bab maos ukara mawi aksara Jawa pikantuk biji 123/135 x 100 % = 91,1%, kagolong sarujuk sanget. Wondene pamanggihipun siswa kanthi indikator saged nambah gregetipun siswa supados remen sinau maos ukara mawi aksara Jawa pikantuk biji 123/135 x 100 % = 88,1%, kagolong sarujuk sanget. Indikator media menika gampil dipunginakaken pikantuk biji 123/135 x 100 % = 92,6%, kagolong sarujuk sanget. Wondene indikator saksampunipun sinau kanthi ngginakaken media pasinaon menika siswa saged maos ukara BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 39

mawi aksara Jawa kanthi lancar pikantuk biji 107/135 x 100 % = 79,3%, kagolong sarujuk sanget. Saklajengipun indikator gladhen utawi pitakenan wonten ing media pasinaon saged nuntun siswa kangge mangertosi materi pikantuk biji 118/135 x 100 % = 87,4%, kagolong sarujuk sanget. Kangge mangertosi pamanggihipun siswa bab gampilipun mangertosi media saha materi saged dipuntingali saking rata-rata persentase indikator 438,5/500 x 100 % = 87.7%, kagolong sarujuk sanget. Kahanan menika nedahaken bilih kanthi ngginakaken media pasinaon menika, saged nggampilaken siswa anggenipun mangertosi materi maos ukara mawi aksara Jawa. 2) Perangan Kemandirian Sinau Adhedhasar tabel 30 wonten ing nginggil menika, persentase media ngengingi indikator media pasinaon menika maringi kalodhangan siswa supados sinau kanthi mandhiri pikantuk biji 110/135 x 100 % = 81,5%, kagolong sarujuk sanget. Wondene pamanggihipun siswa kanthi indikator media pasinaon menika saged nggampilaken anggenipun ngambali nyinau materi pikantuk biji 123/135 x 100 % = 91,1%, kagolong sarujuk sanget. Indikator media saged dipunakses wonten ing pundi kemawon pikantuk biji 124/135 x 100 % = 92%, kagolong sarujuk sanget. Saklajengipun indikator media saged dipunginaken kangge sinau piyambak wonten ing pundi kemawon pikantuk biji /135 x 100 % = 92%, kagolong sarujuk sanget. Kangge mangertosi pamanggihipun siswa bab perangan kemandirian sinau, saged dipuntingali saking rata-rata persentase indikator 356,6/400 x 100 % = 89,2%, kagolong sarujuk sanget. Tegesipun, bilih media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa menika saged dipunginakaken minangka sarana kangge sinau mandhiri tumrap siswa, satemah siswa saged aktif wonten ing pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. 3) Perangan Penyajian Media Adhedhasar tabel 31 wonten ing nginggil menika, persentase media ngengingi indikator teks utawi seratan wonten ing media menika katingal cetha saha gampil dipunwaos pikantuk biji 125/135 x 100 % = 92,6%, kagolong sarujuk sanget. Wondene indikator materi ingkang dipunandharaken kanthi basa ingkang prasaja satemah gampil dipunmangertosi pikantuk biji 112/135 x 100 % = 83%, kagolong sarujuk sanget. Indikator materinipun gampil dipunsinau pikantuk biji 121/135 x 100 % = 89,6%, kagolong sarujuk sanget. Wonten ing indikator tampilan web narik kawigatosan pikantuk biji 127/135 x 100 % = 94%, kagolong sarujuk sanget. Indikator anggenipun ngatur komposisi warni saha papanipun teks sampun trep pikantuk biji 110/135 x 100 % = 81,5%, kagolong sarujuk sanget. Saklajengipun indikator backsound utawi musik ingkang ngiringi narik kawigatosan, satemah siswa saged ngraosaken remen nalika sinau ngginakaken media menika pikantuk biji 108/135 x 100 % = 80%, kagolong sarujuk sanget. Kangge mangertosi pamanggihipun siswa perangan penyajian media, saged dipuntingali saking rata-rata persentase BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 40

438,5/500 x 100 % = 86,8%, kagolong sarujuk sanget. Tegesipun, siswa sarujuk sanget bilih penyajian media ingkang dipunwujudaken arupi web menika narik kawigatosan siswa. Babagan kasebut saged dipunpriksani saking tampilan media kados dene, komposisi warni, gambar saha animasi, swanten, seratan, saha layer ingkang maneka warni. 4) Perangan Pengoperasian Media Adhedhasar tabel 32 wonten ing nginggil menika, persentase media ngengingi indikator pitedah ngoperasikaken web gampil dipunmangertosi pikantuk biji 124/135 x 100 % = 92%, kagolong sarujuk sanget. Wondene indikator ngoperasikaken web gampil dipunmangertosi pikantuk biji 124/135 x 100 % = 92%, kagolong sarujuk sanget. Pamanggihipun siswa kanthi indikator tombolipun gampil dipunmangertosi pikantuk biji 125/135 x 100 % = 92,6%, kagolong sarujuk sanget. Saklajengipun indikator media pasinaon awujud web boten mbetahahekn spesifikasi ingkang inggil saengga saged dipunakses wonten ing pundi kemawon pikantuk biji 120/135 x 100 % = 88,9%, kagolong sarujuk sanget. Kangge mangertosi pamanggihipun siswa perangan pengoperasian media, saged dipuntingali saking rata-rata persentase indikator 365.5/400 x 100 % = 91,4%, kagolong sarujuk sanget. Tegesipun, siswa saged ngginakaken media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa menika kanthi gampil tanpa pambiyantu saking tiyang sanes amargi media pasinaon menika sampun dipunjangkepi kaliyan pandom panganggenipun media saha pitedah nggarap gladhen. Kajawi makaten, tombol-tombol ingkang cumawis cetha saha gampil dipunginakaken. E. PANUTUP Panaliten ingkang dipuntindakaken kalebet jinis panaliten Pengembangan utawi Research and Development (R&D). Adhedhasar asiling panaliten saha pirembaganipun, saged dipunpendhet dudutan: Cara damel media pasinaon maos ukara mawi aksra Jawa kanthi basis web ing panaliten menika wonten gangsal tahap inggih menika: tahap analisis inggih menika nganalisis kurikulum saha obeservasi kawontenan siswa SMP, tahap design inggih menika tahap damel desain media ingkang mujudaken flowchart saha story board, tahap development inggih menika tahap damel media kanthi mujudaken media dhateng web, saklajengipun media ingkang sampun kadamel menika dipunvalidasi saha dipunrevisi jumbuh kaliyan pamrayogi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, tahap implementation inggih menika ujicoba dhateng guru basa Jawi saha siswa, tahap evaluation inggih menika tahap ingkang nemtokaken media menika layak dipunginakaken wonten ing pasinaon. Validasi kualitas media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa kanthi Aplikasi CMS Wordpress katindhakaken dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. Biji kualitas media saking dosen ahli materi pikantuk persentase 88% ingkang kagolong sae sanget. Biji kualitas media saking dosen ahli BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 41

media pikantuk persentase 80% ingkang kagolong sae. Pambiji kualitas media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa dening guru basa Jawi pikantuk persentase 94% ingkang kagolong sae sanget. Biji adhedhasar saking sedaya angket pamanggih siswa tumrap media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa pikantuk persentase 88,8% ingkang kagolong sarujuk sanget. Media pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa kanthi basis web ingkang dipundamel saged dipunginakaken minangka inovasi piwulangan ingkang ngenut majengipun jaman saha teknologi. Wontenipun media pasinaon menika ndadosaken piwulangan basa Jawi menika langkung dipunremeni siswa. Satemah pirantos menika saged mindhakaken motivasi siswa anggenipun sinau basa Jawi. Konsep media ingkang dipundamel njalari siswa saged sinau piyambak kanthi mandhiri. Adhedhasar validasi kualitas media dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi saha pamanggih siswa, media pasinaon ingkang sampun dipundamel kagolong sae sanget. Pramila media pasinaon ingkang dipundamel menika layak dipunginakaken minangka sarana pasinaon. Pujriyanto. Teknologi untuk Pengembangan Media dan Pembelajaran. 2012.Yogyakarta: UNY Press Sadiman, Arief S. dkk. 2003. Media Pendidikan: Pengertian, Pengembangan dan Pemanfaatannya. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada2003 Non buku: Jakarta : Depdikbud Mulyatiningsih, Endang. 2011. Pengembangan Model Pembelajaran. http://staff.uny.ac.id/sites/def ault/files/pengabdian/draendang mulyatiningsihmpd/7cpengembanganmodel-pembelajaran.pdf. Dipunundhuh 23 Agusust 2015. KAPUSTAKAN Arsyad, Azhar. 2003. Media Pembelajaran. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada. Emanuel, Andi. Timotus Witono. Wilfridus Bambang. 2008. Cara Praktis Membangun Teknologi Open Source. Yogyakarta: Graha Ilmu Mulyani, Hesti. 2011. Komprehensi Tulis Jawa. Yogyakarta: UNY BENING Volume 5, Nomor 3, Maret 2016 42