MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

dokumen-dokumen yang mirip
MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PRANATANING GÊSANG ING SÊRAT PURWÅKARÅNÅ. Yesi Permata Eko Wardani

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT ÉNDRÅLAKSITÅ

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATAS NGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5 SKRIPSI

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

SKRIPSI. Pandadarann. dening NIM PROGRAM BAHASA DAN SENI FAKULTAS

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

KAJIAN FILOLOGI WONTÊN SÊRAT NGÈLMU DÅYÅPRABÅWÅ SKRIPSI

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KAWRUH SAJATOSING GÊSANG WONTÊN ING SÊRAT SULUK WARNI-WARNI. Mohamad Wahyu Hidayat

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

MORFOLOGI TEMBUNG-TEMBUNG BASA JAWI KINA ING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R. TG. JASAWIDAGDA SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

PANGANGGENING MAKSIM KECOCOKAN WONTEN NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI SKRIPSI

MODEL LEMBAR KERJA SISWA INTEGRATIF PEMBELAJARAN TEKS NARASI BAHASA JAWA KELAS VII KOTA MAGELANG

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013 SKRIPSI

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

PIWULANG SKRIPSI. dening

KALEPATAN SKRIPSI. Dening

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

BASA KIAS ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN MANTHOUS SKRIPSI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

PANGANGGENIPUN LELEWANING BASA PERTENTANGAN WONTEN ING ROMAN CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

DERDAHING BATOS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL RANGSANG TUBAN ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA Satunggaling Kajian Psikologi Sastra SKRIPSI

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KAWRUH NGGARAP SANTUN WONTÊN ING RISALATUL MAḤIDH. Yeni Rahayuningsih

BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

BASA JAWI WALIKAN ING DHUKUH GANDON DHUSUN BALEGONDO KECAMATAN NGARIBOYO KABUPATEN MAGETAN

Skripsi. KaaturakenDhumatengFakultasBahasadanSeni UniversitasNegeri Yogyakarta Minangka Salah SatunggalingSaratPikantukGelarSarjanaPendidikan

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN SKRIPSI

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIRASATING MANUNGSÅ WONTÊN ING SÊRAT NGÈLMI PIRASAT. Intan Ade Riyani

MAKNA SIMBOLIS MOTIF BATHIK BUSANANING PARAGA WONTEN ING PAGELARAN SENDRATARI RAMAYANA BALLET PRAMBANAN SKRIPSI

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA MADURA ADHEDHASAR BAUSASTRA JAWA KALIYAN KAMUS MADURA SKRIPSI

Transkripsi:

Media Pasinaon Maos... Destiya Novia 65 MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI READING JAVANESE SCRIPT LEARNING MEDIA WITH POP-UP BOOK FOR STUDENT CLASS VII SMPN 1 IMOGIRI Dening: Destiya Novita, Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta novitadestiya@gmail.com Sarining Panaliten Panaliten menika wonten tigang ancas, inggih menika: (1) tataran ndamel media pasinaon pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa tumrap siswa SMP kelas VII, (2) evaluasi kualitas media pasinaon pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas VII tumrap media pasinaon pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa. Panaliten menika wujudipun kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D). Asiling panaliten nedahaken: (1) media dipundamel kanthi gangsal tataran inggih menika: analysis, design, development, implementation, saha evaluation, (2) evaluasi kualitas media dening dosen ahli materi angsal biji presentase 92,5% ingkang kagolong sae sanget, wondene biji kualitas media dening dosen ahli media angsal presentase 80% ingkang kagolong sae, saha (3) pambiji media dening guru basa Jawi angsal rata-rata presentase 95% ingkang kagolong sae sanget, saha asiling pamanggih siswa angsal rata-rata presentase 92% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media pasinaon pop-up book saged kangge sarana/media wonten ing pamulangan maos ukara mawi aksara Jawa. Pambijining tembung: Media Pasinaon, Maos Ukara mawi Aksara Jawa, Pop-Up Book Abstract This study has three objectives, namely: (1) the level of how to make pop-up book as the learning media to read Javanese alphabet sentences for read the VII grade student as SMP; (2) evaluating the quality of instructional media pop-up book as the learning media to read Javanese alphabet sentences with expert lecturers and lecturers of media expert; (3) assessment and opinion from Javanese language teacher and junior high school student of class VII for media pop-up book as the learning media to read Javanese alphabet sentences. This research used Research and Development (R&D) research type. The result of the study explained that: (1) the media was made through five levels: analysis, design. Development, implementation, and evaluation; (2) media quality evaluation with lecturers of material expert got 92,5% percentage which was very good, then media quality value with expert lecturer media got 80% percentage which was good; and (3) media assessment with Javanese teachers got average of 95% percentage of which was excellent and the result of students opinions got average of 92% percentage that was claasified as agreed. The result of this study explained that the leraning media pop-up bvook could be used as media in learning Javanese alphabet. PURWAKA Pamulangan basa Jawi sampun dipuntetepaken minangka muatan lokal wajib ing sekolah wiwit SD dumugi SMA/SMK dening pamarentah. Adhedhasar kurikulum wonten ing pamulangan basa Jawi tumrap Sekolah Menengah Pertama kelas VII, VIII, IX, menika wonten 4 aspek katrampilan inggih menika maos (membaca), nyemak (menyimak), micara (berbicara), saha nyerat (menulis) ingkang jumbuh kaliyan Kompetensi Inti (KI) saha Kompetensi Dasar (KD). Salah satunggaling materi pamulangan tumrap siswa kelas VII SMP inggih menika aksara Jawa. Kompetensi Inti (KI) ingkang jumbuh kangge pamulangan aksara Jawa inggih menika: Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar,

66 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 8, Agustus 2017 dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. Wondene Kompetensi Dasar (KD) ingkang jumbuh inggih menika Membaca dan Menulis Kalimat Sederhana Beraksara Jawa. Kompetensi Dasar (KD) ingkang dipunginakaken kangge dhasaring ndamel media inggih menika Membaca Kalimat Sederhana Beraksara Jawa, satemah siswa kedah nindakaken indikator saged maos ukara mawi aksara Jawa. Adhedhasar wawan-pangandikan kaliyan guru basa Jawi SMPN 1 Imogiri, Ibu Wiwik Susanti, S.Pd., ngandharaken bilih pamulangan aksara Jawa taksih wonten pepalang. Pepalang menika antawisipun minat saha greget siswa anggenipun sinau aksara Jawa taksih kirang saha mbetahaken media ingkang variatif supados narik kawigatosanipun siswa. Metode ingkang dipunginakaken Ibu Wiwik Susanti, S.Pd. nalika pamulangan aksara Jawa menika namung ngginakaken metode ceramah. Awit saking menika, siswa rumaos bosen. Kawontenan menika dumados amargi boten wonten media ingkang saged nambah gregeting siswa kangge sinau aksara Jawa. Salah satunggaling cara kangge ngudhari prakawis kasebut inggih menika dipunginakaken media pasinaon. Jumbuh kaliyan pamanggihipun Indriana (2011: 5) bilih media pasinaon dipunginakaken minangka sarana kangge mbiyantu guru supados gampil anggenipun ngandharaken materi pasinaon saha ndadosaken siswa gampil anggenipun mangretosi wosing materi pasinaon kasebut, satemah lampahing pasinaon saged efektif saha efisien. Awit saking menika, supados siswa mangretos materi ingkang dipunsinau kedahipun media ingkang dipunginakaken saged narik kawigatosaning siswa, mliginipun media cithak. Salah satunggaling media cithak ingkang trep minangka media kangge sinau aksara Jawa inggih menika pop-up book. Media pop-up book menika gampil dipunginakaken, praktis, saha ngremenaken. Cak-cakaning media pop-up book saged mbiyantu guru nalika ngandharaken materi pasinaon amargi media pop-up book menika unik saha saged narik kawigatosan siswa. Siswa menika langkung antusias anggenipun sinau aksara Jawa mawi pop-up book. Minangka buktinipun inggih menika nalika ngginakaken media pop-up book siswa rumaos remen dipuntandhingaken menawi boten ngginakaken media. Kajawi saking menika ugi saged nambah gladhen siswa supados aktif sinau kanthi mandhiri. Adhedhasar andharan wonten ing nginggil, panaliten menika kalaksanan kangge ngrembag pandamelipun salah satunggaling media pamulangan maos ukara mawi aksara Jawa kanthi pop-up book kangge siswa SMP kelas VII. Materi aksara Jawa menika dipundamel dados gambar tigang dimensi ingkang saged nuwuhaken kawigatosan, satemah siswa langkung greget anggenipun sinau saha langkung aktif wonten proses pamulangan ing sekolah. CARA PANALITEN Metode panaliten ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika ngginakaken metode Research and Development (R&D). Miturut Asmani (2011: 53), metode R&D menika minangka salah satunggaling cara panaliten kangge mujudaken produk enggal utawi ngasilaken produk ingkang langkung sae saha saged dipuntanggel-

Media Pasinaon Maos... Destiya Novia 67 jawabaken. Jumbuh kaliyan pamanggihipun Gay, Mills, saha Airasian lumantar Emzir (2007: 263), bilih ancasipun metode R&D boten kangge ng-uji teori, ananging ndamel produk pasinaon ingkang efektif supados saged dipungginakaken kangge sarana pasinaon wonten ing pawiyatan. Media ingkang dipundamel lajeng dipunsuwunaken pambiji saha pamrayogi dhateng dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha siswa. Sasampunipun dipundandosi adhedhasar pamrayogi pambiji saha angsal pasarujukan kangge uji coba, salajengipun media saged dipunginakaken kangge pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. Tata cara ndamel media wonten ing panaliten menika ngginakaken prosedur model Analysis Design Development Implementation and Evaluation (ADDIE). Mulyatiningsih (2013: 5), ngandharaken prosedur pengembangan model ADDIE wonten gangsal tataran, inggih menika: (1) Analysis, (2) Design, (3) Development or Production, (4) Implementation or Delivery, saha (5) Evaluation. ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAG Tataran Ndamel Media Pasinaon a. Tataran Analysis Tataran analisis minangka tataran wiwitan ingkang dipuntindakakan saderengipun produk dipundamel. Tataran analisis menika kaperang dados kalih inggih menika analisis kurikulum saha analisis kawontenan siswa SMP N 1 Imogiri. Sekolah menika ngginakaken Kurikulum 2013. Kurikulum ingkang dipunginakaken menika dipunpadosi Kompetensi Inti saha Kompetensi Dasar ingkang jumbuh kaliyan pamulangan aksara Jawa ing sekolah. Kompetensi Inti saha Kompetensi Dasar wonten salebeting kurikulum kedah jumbuh kaliyan dhasaring panaliten. Sasampunipun nindakaken analisis kurikulum, lajeng nindakaken analisis kawontenan siswa wonten ing sekolah gayutipun kaliyan pamulangan aksara Jawa. Adhedhasar wawanpangandikan kaliyan guru basa Jawi, dipunmangretosi taksih wonten mapinten-pinten prakawis utawi pepalang wonten pamulangan bab aksara Jawa. Salah satunggaling prakawis inggih menika media pasinaon ingkang dipunginakaken kangge nyengkuyung pasinaon basa Jawi mliginipun kangge materi aksara Jawa menika taksih kirang sanget. Guru langkung asring ngginakaken metode ceramah saha dereng ngginakaken media pasinaon. Siswa rumaos bosen wonten pamulangan menika. Adhedhasar prakawis menika lajeng dipundamel media pasinaon ingkang praktis, boten berbasis IT, ananging saged kangge nuwuhaken kawigatosan siswa sinau basa Jawi mliginipun sinau aksara Jawa. Media pasinaon menika awujud pop- up book. Siswa langkung antusias anggenipun sinau aksara Jawa saha saged nambah gladhen siswa supados aktif sinau kanthi mandhiri. Media menika ugi saged dipunginakaken wonten pamulangan ing sekolah menapadene sinau piyambak wonten ing griya. b. Tataran Design (Ndamel Desain Media) Tataran design dipunwiwiti kanthi ngempalaken referensi ingkang gayut kaliyan materi. Materi-materi ingkang sampun dipunkempalaken menika lajeng dipundamel flowchart. Flowchart inggih menika diagram alur kangge nggampilaken nalika ndamel rantaman media pasinaon. Wosing flowchart menika ngewrat konsep penyajian menu pamulangan. Flowchart

68 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 8, Agustus 2017 lajeng dipunwujudaken dados story board utawi naskah media. Story board inggih menika rancangan naskah media kangge paring gambaran wosing media. Story board ngrewat sadaya ingkang samangke dipunwujudaken wonten ing salebeting pop-up book, wiwit saking cover dumugi kaca panutup utawi pungkasan. Pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa menika wonten 26 kaca. Wondene peranganipun inggih menika: (a) pambuka, (b) wosing isi, (c) Kompetensi Inti, Kompetensi Dasar, saha Indikator, (d) cara ngecakaken media, (e) aksara legena, (f) aksara murda saha aksara swara, (g) sandhangan, (h) tandha pamaos saha panjingan, (i) pasangan, (j) tuladha tembung, saha (k) gladhen. Sasampunipun ngempalaken materi, lajeng ndamel desain media. Wonten tataran menika, cakcakanipun kanthi cara nemtokaken desain produk kangge nemtokaken wosipun media pasinaon. Desain ingkang dipundamel awujud seratan saha gambar. Seratan menika awujud seratan aksara Jawa ingkang dipunandharaken wonten ing media pasinaon pop-up book. Salajengipun desain gambar dipunjumbuhaken kaliyan materi ingkang dipunandharaken. c. Tataran Development (Pengembangan) Sasampunipun naskah media pasinaon dipundamel, lajeng dipunlebetaken wonten media pop-up book. Tataran menika dipunwastani tataran pengembangan utawi produksi media. Media pasinaon pop-up book dipundamel kanthi kalih teknik, inggih menika teknik manual saha teknik komputer. Ingkang kalebet teknik manual inggih menika ndamel sketsa, proses pemotongan, proses penyusunan/perakitan, saha proses penjilidan. Salajengipun ingkang kalebet teknik komputer inggih menika proses pewarnaan, proses editing, saha proses print/cetak. Wonten ing teknik manual, tataran kaping pisan inggih menika ndamel sketsa utawi desain pop-up. Pirantos ingkang dipunginakaken kangge ndamel pop-up inggih menika pensil, garisan, gunting, cutter, isolasi wolak-walik (double tip), dlancang HVS, dlancang ivory 260, printer scan, saha komputer. Anggenipun ndamel sketsa gambar ngginakaken pensil. Sketsa ingkang sampun dados dipungunting lajeng dipunrantam dados pop-up. Sketsa ingkang dipundamel kalawau dereng wonten warninipun taksih awujud dummy saha dlancangipun ugi taksih werni pethak. Wonten ing teknik komputer, sketsa utawi desain ingkang sampun dados lajeng dipunedit ngginakaken aplikasi software CorelDraw X7 lajeng dipunwarna supados tampilan pop-up langkung nengsemaken. Desain ingkang sampun dados lajeng dipun-cetak utawi print ngginakaken dlancang ivory 260. Salajengipun, dipungunting lajeng dipunrantam dados pop-up. Tataran ndamel media ingkang pungkasan inggih menika sadaya kaca pop-up dipunjilid dados buku (book). Produk ingkang sampun dados lajeng dipunvalidasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. Dosen ahli materi wonten ing panaliten menika inggih menika Ibu Venny Indria Ekowati, M.Litt., wondene dosen ahli media wonten ing panaliten menika inggih menika Ibu Avi Meilawati, S.Pd., M.A. Tataran validasi dipuntindakaken kangge paring pambiji tumrap kualitas media pasinaon, supados angsal pambiji kelayakan media. Revisi produk dipuntindakaken adhedhasar pamrayogi saking dosen ahli kangge

Media Pasinaon Maos... Destiya Novia 69 ndandosi kekiranganipun produk supados angsal pasarujukan kangge uji coba. Produk dipun-validasi dening dosen ahli materi kanthi tigang tataran. Tataran I menika dipunparingi pamrayogi: (1) cara ngecakaken media dereng cetha, (2) Kompetensi Dasar saha Indikator boten jumbuh, (3) materi saha kompetensi dasar dereng jumbuh, (4) taksih wonten seratan aksara Jawa ingkang dereng leres, (5) antawisipun sandhangan, panjingan, saha tandha pamaos taksih campur, (6) dipuntambahi gladhen waosan wonten salebeting media. Asil pambijining validator dipunetang kanthi ngecakaken rumus dados menika ingkang kagolong kirang kanthi dudutan produk menika dereng layak uji coba. Salajengipun media dipun-revisi jumbuh kaliyan pamrayoginipun dosen ahli materi. Anggenipun revisi kanthi cara ngleresaken cara ngecakaken media, njumbuhaken indikator kaliyan kompetensi dasar, dipuntambahi materi-nipun, ngleresaken seratan aksara Jawa ingkang lepat, bedakaken antawisipun sandhangan, panjingan, saha tandha pamaos, sarta dipuntambahi gladhen wonten salebeting media. Tataran II inggih menika revisi bab seratan tembung mawi aksara Jawa saha dipuntambahi irah-irahan gladhenipun. Tataran menika kapiji kanthi persentase ingkang kagolong sae sanget. Sasampunipun dipuntindakaken revisi seratan aksara Jawanipun lajeng saged mlebet validasi tataran III. Tataran III inggih menika sampun angsal pasarujukan kangge uji coba kanthi boten wonten revisi. Tataran menika dipunbiji kanthi persentase kagolong sae sanget. Sasampunipun produk dipun-validasi dening dosen ahli materi, salajengipun validasi dening dosen ahli media. Validasi menika dipuntindakaken kanthi kalih tataran. Tataran I dipunbiji kanthi ngecakaken rumus dados menika ingkang kagolong sae. Wonten tataran menika angsal pamrayogi media menika dereng urut saha langkung sae manawi dipun-variasi tata letak-ipun. Lajeng dosen ahli media paring dudutan bilih media menika dereng layak uji coba. Salajengipun dipuntindakaken revisi kanthi cara ngurutaken kaca pop-up saha nggantos variasi tampilan pop-up. Tataran II angsal presentase ingkang kagolong sae. Saking presentase menika validator paring dudutan media sampun layak kangge uji coba. d. Tataran Implementation (Uji Coba) Tataran sasampunipun validasi media inggih menika tataran uji coba dhateng siswa SMPN 1 Imogiri kelas VII saha evaluasi kualitas media dening guru basa Jawi saha siswa. Pambiji guru basa Jawi saha siswa menika dipunginakaken kangge ngempalaken data asiling pambiji kualitas media ingkang dipundamel. Uji coba ingkang dipuntindakaken menika kangge mangretosi tataranipun produk jumbuh kaliyan ancas pasinaon. Media dipunsuwunaken pambiji dhateng guru basa Jawi ngengingi kualitas media ingkang dipundamel. Sasampunipun nyuwun pambiji tumrap kualitas media dhateng guru basa Jawi lajeng

70 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 8, Agustus 2017 nindakaken uji coba media dhateng siswa kelas VII. Anggenipun nindakaken uji coba menika kanthi merang gunggungipun siswa dados sakawan kelompok. Gunggungipun siswa kelas VII A menika wonten 29 siswa dados satunggal kelompok gunggungipun wonten 7-8 siswa. Lajeng saben kelompok menika dipunparingi satunggal buku pop-up. Para siswa maos saha mangretosi rumiyin cara ngecakaken media. Salajengipun mangretosi wosing materi ingkang cumawis. Siswa maos tuladha tetembungan ingkang sinerat mawi aksara Jawa rumiyin saderengipun maos tataran ukara. Saben kelompok gladhen maos ukara mawi aksara Jawa ingkang awujud waosan cariyos. Satunggal siswa saking saben klompok majeng kangge maos asiling gladhen. e. Tataran Evaluation (Evaluasi) Tataran ingkang pungkasan inggih menika tataran evaluasi. Tataran evaluasi menika dipuntindakaken kanthi ndamel analisis pambiji media dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha pamanggih siswa. Data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipunanalisis jumbuh kaliyan ancasipun produk. Wondene asiling rata-rata pambiji pungkasan angsal 90% ingkang kagolong sae sanget. Asiling analisis nedahaken bilih produk sampun jumbuh kaliyan ancasipun pasinaon saha layak dipunginakaken kangge pasinaon maos ukara mawi aksara Jawa. 1. Asiling Pambiji Pungkasan Kualitas Media Pasinaon Asiling validasi dening dosen ahli materi, dosen ahli media, pambiji dening guru basa Jawi, saha pamanggih siswa tumrap media pasinaon popup book maos ukara mawi aksara Jawa menika sampun sadaya dipuntindakaken. Asiling pambiji pungkasan menika dipunserat lumantar tabel kados ngandhap menika saking persentase-nipun saha kategori-nipun saben pambiji. Tabel 1. Asiling pambiji pungkasan Pambiji Media Persen- No Kategori Pasinaon tase 1. Dosen ahli materi 92,5% Sae sanget 2. Dosen ahli media 80% Sae 3. Guru basa Jawi 95% Sae sanget 4. Pamanggih siswa 92% Sarujuk sanget Asiling rata-rata persentase pambiji 90% Sae sanget Adhedhasar tabel ing nginggil, asiling pambiji pungkasaning media dening dosen ahli materi adhedhasar saking 8 indikator angsal biji presentase 92,5% ingkang kagolong sae sanget. Asiling validasi dosen ahli media adhedhasar saking 8 indikator angsal biji presentase 80% ingkang kagolong sae. Asiling pambiji media dening guru basa Jawi adhedhasar saking 8 indikator angsal biji rata-rata presentase 95% ingkang kagolong sae sanget. Asiling pamanggih siswa tumrap media pasinaon adhedhasar saking 8 indikator angsal biji rata-rata presentase 92% ingkang kagolong sarujuk sanget. Adhedhasar saking validasi dosen ahli media, dosen ahli materi, pambiji guru basa Jawi, saha pamanggih siswa kelas VII A SMPN 1 Imogiri tumrap media pasinon pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa rata-rata presentase 90% ingkang kagolong sae sanget. 2. Kaluwihan saha Kakirangan Media Pasinaon Pop-Up Book Asiling validasi kualitas media dening dosen ahli materi saha dosen ahli media menika dados dhasaring kangge ngasilaken produk media pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa ingkang sae.

Media Pasinaon Maos... Destiya Novia 71 Saderengipun dados produk ingkang pungkasan saha angsal pasarujukan kangge uji coba, sampun katindakaken revisi media jumbuh kaliyan pamrayogi saking dosen ahli materi saha dosen ahli media. Adhedhasar pamrayogi menika saged ngasilaken media pasinaon pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa ingkang gadhah kualitas sae sarta saged dipunginakaken wonten ing pamulangan basa Jawi. Wondene asiling tampilan pungkasan media pasinaon pop-up book maos ukara mawi aksara Jawa menika saged dipuntingali wonten lampiran. Media pasinaon ingkang awujud pop-up book menika ugi wonten kakirangan saha kaluwihanipun. Kaluwihan media pasinaon popup, antawisipun wonten ing ngandhap menika. 1) Media menika layak dipunginakaken minangka sarana wonten salebeting proses pamulangan maos ukara mawi aksara Jawa kelas VII SMP. Layak-ipun media saged dipunmangretosi saking kualitas media mawi validasi dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha pamanggih siswa kelas VII ingkang angsal rata-rata persentase 90% menika kagolong sae sanget. 2) Media menika ngewrat materi aksara Jawa ingkang jangkep saha jumbuh kaliyan kabetahan siswa kelas VII. 3) Media pasinaon po-up maos ukara mawi aksara Jawa menika ugi ngewrat tuladha tetembungan ingkang sinerat mawi aksara Jawa kangge nuntun siswa nguwaosi materi. 4) Gladhen ingkang awujud cariyos seratan aksara Jawa ugi dipunsengkuyung kaliyan gambar pop-up ingkang unik satemah saged nuwuhaken kawigatosan siswa. 5) Siswa saged nyumerepi garapan siswa sanesipun saha saged ngindhakaken kaprigelan siswa anggenipun maos ukara mawi aksara Jawa awit saking andharan cariyos wonten ing salebeting gladhen media pasinaon pop-up. 6) Media menika gampil dipunginakaken satemah saged nambah raos greget sinau dhateng siswa kanthi kelompok menapa dene mandhiri. Media pasinaon pop-up book ugi wonten kakiranganipun. Wondene kakirangan media pasinaon pop-up menika kados wonten ngandhap menika. 1) Anggenipun ndamel media pasinaon pop-up menika mbetahkaken wekdal ingkang dangu amargi kedah tlaten saha sabar wiwit saking ndamel sket dumugi proses perakitan supados saged mujudaken produk media ingkang sae. 2) Dlancang ingkang dipunginakaken saha proses pencetakan ingkang langkung berkualitas ndadosaken pop-up menika mbetahakaen bea ingkang kathah. 3) Media pasinaon ingkng awujud pop-up menika gampil risak manawi boten dipunrumat kanthi sae. 4) Anggenipun ngecakaken media pop-up kirang efektif manawi dipunginakaken kanthi kelompok ageng. Langkung efektif manawi dipunginakaken antawisipun 2-4 siswa saben kelompok. PAMRAYOGI Saking asiling media ingkang dipundamel pamrayoginipun inggih menika: 1) media pop-up book langkung efektif dipuncakaken menawi dipuncetak cacahipun kathah.

72 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 8, Agustus 2017 2) anggenipun ndamel media menika saged ngginakaken material ingkang prasaja kemawon supados boten mbetahaken beaya ingkang kathah. 3) media menika langkung efektif dipuncakaken kanthi kelompok alit, satunggal buku dipunginakaken 2-4 siswa saben kelompok. 4) panaliti sanesipun saged ndamel inovasi pengembangan media pasinaon pop-up ngginakaken aplikasi software supados saged dipun-instal wonten komputer. KAPUSTAKAN Asmani, Jalam Ma mur. 2011. Tuntunan Lengkap Metodologi Praktis Penelitian Pendidikan. Yogyakarta: Diva Press. Emzir. 2007. Metodologi Penelitian Pendidikan Kualitatif dan Kuantitatif. Jakarta: PT. Raja Grafindo Wijaya. Indriana, Diana. 2011. Ragam Alat Bantu dan Media Pengajaran. Yogyakarta: Diva Press. Mulyatiningsih, Endang. 2013. Metode Penelitian Terapan Bidang Pendidikan. Bandung: Alfabeta.