KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

dokumen-dokumen yang mirip
BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013 SKRIPSI

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

PANGANGGENIPUN LELEWANING BASA PERTENTANGAN WONTEN ING ROMAN CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

PIWULANG SKRIPSI. dening

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI

SIPATING PARAGA ING CEBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA)

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

KAJIAN JANGKEPING WACANA SOSIAL ING RUBRIK WANITA LAN KULAWARGA KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI SEPTEMBER-NOVEMBER 2014 SKRIPSI

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

ANALISIS SEMIOTIK CAKEPAN SEKAR CAMPURSARI ANGGITANIPUN DIDI KEMPOT ALBUM MUNAJAT TRESNA SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

SKRIPSI. Kasusun dening Rista Sapta Perwitasari NIM

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA) SKRIPSI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

PANGANGGENING MAKSIM KECOCOKAN WONTEN NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI SKRIPSI

CITRA SAHA KETIDAKADILAN GENDER TUMRAP WANODYA ING NOVEL PISUNGSUNG KANG WINGIT ANGGITANIPUN ATAS S. DANUSUBROTO

TINDAK TUTUR PAKON ING NOVEL KUNARPA TAN BISA KANDHA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

IMPLIKATUR ING HOMILI RAMA WONTEN ING MISA EKARISTI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

KONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO

BASA KIAS ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN MANTHOUS SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

TEORI FUNGSI, LINGKUNGAN TINDAKAN,, CARA NEPANGAKEN PARAGA, SAHA SKEMA STRUKTUR DENING VLADIMIR PROPP ING DONGENG AJISAKA SAHA KI AGENG SELA SKRIPSI

BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

HUMOR DIALEK JAWA TIMURAN SALEBETING KEMPALAN VIDEO YOUTUBE ANGGITANIPUN BAYU SKAK SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

MAKNA SIMBOLIS MOTIF BATHIK BUSANANING PARAGA WONTEN ING PAGELARAN SENDRATARI RAMAYANA BALLET PRAMBANAN SKRIPSI

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

Transkripsi:

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA Arif Rohmawan 12205244039 Mulyana Sarining Panaliten Panaliten menika kangge ngandharaken bab inferensi salebeting wacana mural basa Jawi wonten ing Kitha Yogyakarta. Saking menika, ancasing panaliten, kangge ngandharaken jinising inferensi salebeting wacana mural basa Jawi adhedhasar wosing wacana. Salajengipun panaliten menika ugi kangge ngandharaken fungsi inferensi salebeting wacana mural basa Jawi wonten ing Kitha Yogyakarta. Perkawis menika dipunwastani mirunggan dipunandharaken supados makna salebeting wacana mural basa Jawi saged dipunmangertosi pamaos. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Asiling panaliten menika kaandharaken, jinising inferensi ingkang kapanggihaken salebeting wacana mural basa Jawi wonten ing Kitha Yogyakarta inggih menika, 1) inferensi wacana politik, 2) inferensi wacana sosial, 3) inferensi wacana ekonomi, 4) inferensi wacana budaya, 5) inferensi wacana hukum saha kriminalitas saha 6) inferensi wacana olahraga saha kasarasan. Jinising inferensi salebeting wacana mural basa Jawi ing Kitha Yogyakarta ingkang kathah kapanggihaken inggih menika inferensi wacana sosial. Dene jinising inferensi salebeting WMBJ ing Kitha Yogyakarta ingkang sekedhik kapanggihaken inggih menika inferensi wacana olahraga saha kasarasan. Salajengipun, fungsi inferensi ingkang kapanggihaken salebeting wacana mural basa Jawi wonten ing Kitha Yogyakarta inggih menika, minangka 1) sindiran, 2) panyaruwe, 3) pamrayogi saha 4) pangajeng-ajeng. Fungsi inferensi ingkang kathah kapanggihaken inggih menika minangka pamrayogi. Dene fungsi inferensi ingkang langkung sekedhik kapanggihaken inggih menika minangka pangajeng-ajeng. Pamijining tembung : kajian inferensi, wacana mural, Kitha Yogyakarta Abstract This research is to explain about the inference passage mural Javanese city of Yogyakarta. From here, Deluxe research, to describe a type of inference in discourse mural based on varying language discourse. Further research is also to explain the function of the inference passage mural Javanese city of Yogyakarta. This is considered unusual in the sense that he was not the passage murals can be seen in Javanese language readers. This research are descriptive study. The result of this study expresses, type inference is found in the passage murals Javanese city of Yogyakarta in is, 1) the inference of political discourse, 2) inference social discourse, 3) inference economic discourse, 4) cultural discourse inference, 5) legal discourse inference and crime, and 6) the inference passage sports and health. Type inference in discourse mural Javanese city of Yogyakarta in which many found was the inference of social discourse. The type inference in the city of BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 132

Yogyakarta WMBJ pragmatism was found inference passage sports and health. Furthermore, the inference is found in the passage murals Javanese city of Yogyakarta in is, as 1) innuendo, 2) criticism, 3) any suggestions and 4) hope. Functions that are common inference is suggested as. The inference functions more fraction was found as hope. Keywords: survey inference, the passage murals, city Yogyakarta A. PURWAKA Basa minangka sarana kangge ngaturaken informasi salebeting komunikasi antawisipun manungsa. Lumantar basa asiling penggalih saged kaandharaken saha katampi maksudipun dening tiyang sanes. Asiling penggalih menika, kaandharaken lumantar basa lisan saha seratan. Wujud komunikasi mawi basa lisan tuladhanipunn mural. Wacana mural wujudipun ukara saha gambar paraga, perkawis saha prastawa gesang wonten ing masyarakat, ingkang dipunserat kanthi ancas ugi maksud tartamtu. Wacana mural asring kapanggihaken wonten ing Kitha Yogyakarta. Wujud wacana mural wonten ing Kitha Yogyakarta, seratan ukara mawi basa Jawi saha gambar-gambar ingkang nedahaken perkawis sosial, politik, kabudayan, ekonomi lan sanes-sanesipun. Wontenipun pesan salebeting wacana menika boten kathah pamaos ingkang nggatosaken, kejawi mekaten menawi pamaos boten saged mendhet dudutanipun. Ningali kawontenan mekaten wonten pambengan anggenipun nampi makna ingkang dipunewrat salebeting wacana mural basa Jawi ing wilayah Kitha Yogyakarta. Satemah wonten ing panaliten menika dhasar teori kajian inferensi kawastanan jumbuh dipunginakaken. Kajian inferensi kawastanan jumbuh menawi dipunginakaken minangka teori dhasar salebeting panaliten menika. Amargi inferensi menika proses ingkang kedah dipunlampahi dening pamiarsa utawi pamaos kangge mendhet dudutan saking satunggaling wacana. Minangka cara kangge mendhet inferensi saha ancasing panyeratan saking WMBJ, katemtukaken saking jinis inferensi saha fungsi inferensi. B. GEGARAN TEORI 1. Wacana Miturut Douglas (lumantar Mulyana, 2005: 3) wacana mila bukanipun saking basa Sansekerta, dipunpendhet saking tembung wac/wak/vak, tegesipun matur utawi ngendika. Salajengipun tembung menika ewah saha ngrembaka dados tembung wacana. Dene miturut Mulyana (2005: 3), bilih wacana tegesipun perkataan utawi tuturan. Dene Moeliono (1988: 34) ngandharaken bilih wacana inggih menika, renteten kalimat yang berkaitan sehingga terbentuklah makna yang serasi diantara kalimat itu. Salajengipun Kridalaksana (2011: 259), mrathelakaken bilih wacana inggih menika, perangan basa ingkang langkung jangkep unsur-unsur salebetipun, dipunwujudaken lumantar satuan BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 133

gramatikal ing saandhapipun wacana. Meh sami kaliyan ingkang dipunandharaken, Tarigan (1987: 27) mahyakaken bilih wacana inggih menika satuan basa ingkang langkung jangkep saha langkung inggil ugi paling ageng sainggilipun ukara utawi klausa, kanthi kohesi saha koherensi ingkang berkesinambungan, gadhah wiwitan ugi pungkasan ingkang cetha, dipunandharaken lumantar lisan menapa dene seratan. Saking sedaya pamanggih wonten ing inggil, saged dipunpendhet dudutanipun bilih wacana inggih menika, (1) andharan utawi tuturan satuan, (2) sedaya tuturan ingkang gegayutan saha gadhah makna (3) satuan basa ingkang relatif langkung kompleks, langkung inggil saha langkung jangkep, kanthi kohesi saha koherensi ingkang berkesinambungan. 2. Wetahing Struktur Wacana Wacana ingkang wetah miturut Mulyana (2005: 25) inggih menika wacana ingkang ngewrat perangan-perangan basa ingkang jangkep, ateges ngewrat aspek-aspek terpadu. Aspek-aspek menika antawisipun kohesi, koherensi, topik wacana, aspek leksikal, aspek gramatikal, saha aspek semantis. 3. Unsur-unsur Wacana Miturut Mulyana (2005: 7) wacana gadhah kalih unsur panyengkuyung ingkang utama, inggih menika unsur internal wacana saha unsur eksternal wacana. Unsurunsur kasebat inggih menika unsur internal wacana karantam saking tembung saha ukara. Salajengipun unsur-unsur eksternal wacana minangka panyengkuyung wetahipun wacana. Dene ingkang kalebet unsur-unsur eksternal wacana antawisipun, implikatur, presuposisi, referensi, inferensi saha konteks. a. Inferensi 1) Pangertosan Inferensi Miturut Echols saha Hasan (lumantar Mulyana, 2005: 19) tembung inferensi utawi inference kanthi leksikal tegesipun dudutan. Jumbuh kaliyan pamanggih ing inggil, Brown saha Yule (1996: 33) mrathelakaken bilih penganalisis wacana kadosta pamiarsa utawi pamaos boten saged mangertosi makna salebeting wacana kanthi langsung, utawi sesarengan kaliyan penutur ngandharaken wacana. Dados inferensi inggih menika proses mendhet dudutan ingkang kedah dipunlampahi dening pamiarsa utawi pamaos kangge mangertosi makna salebeting wacana ingkang boten kaandharaken kanthi langsung dening pamicara utawi panyerat adhedhasar situasi saha konteks wacananipun. 2) Jinising Inferensi Jinising inferensi adhedhasar klasifikasi wosing wacana miturut Mulyana (2005: 56) kaperang dados 7, inggih menika. a) Inferensi Wacana Politik Miturut Syaukani saha Thohari (2004: 21) tembung politik mila bukanipun saking basa Belanda politiek ingkang gadhah teges belied ingkang tegesipun kebijaksanaan. Salajengipun Syaukani saha Tohari (2004: 22) ngandharaken bilih politik inggih menika reroncening konsep, cara saha asas ingkang dados dhasar pamarentah saha pemimpin anggenipun nemtukaken kebijakan. BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 134

Dene titikanipun inferensi wacana politik: (1) Wacana politik ngginakaken istilah-istilah ingkang winates. (2) Wacana politik ngewrat kebijakan nagari, siasat, sistem pamarentah, strategi partai politik, panguwasa, lan sapinunggalanipun. b) Inferensi Wacana Sosial Miturut Hartono saha Arnian (1999: 329) perkawis sosial inggih menika perangan bab ingkang ngrembag perkawis-perkawis wonten ing lingkungan masyarakat kadosta pendidikan, Sumber Daya Manusia (SDM), winatesipun sumber daya alam (SDA) saha winatesipun lapangan kerja. Dene titikanipun inferensi wacana sosial: (1) Wacana sosial adatipun ngginakaken istilah-istilah ingkang gegayutan kaliyan bab gesang saben dinten. (2) Wacana sosial ngewrat bab ingkang gegayutan kaliyan kawontenan masyarakat saha perkawis-perkawis ingkang tuwuh ing lingkungan. c) Inferensi Wacana Ekonomi Miturut Hudiyanto (2004: 43) perkawis-perkawis ekonomi menika antawisipun, ngewrat kabetahan primer saha skunder manungsa, ngrembag babagan pendapatan rumah tangga saha lowongan pekerjaan. Dene titikanipun inferensi wacana ekonomi: (1) Wacana ekonomi adatipun ngginakaken istilah-istilah tartamtu. (2) Wacana ekonomi ngewrat kabetahan primer ugi skunder manungsa, lsp. d) Inferensi Wacana Budaya Miturut Suranto (2010: 55) perkawis-perkawis ingkang kawastanan budaya menika antawisipun, panganggenipun pirantos komunikasi, lan sapinunggalanipun. Dene titikanipun inferensi wacana budaya: (1) Wacana budaya adatipun ngginakaken istilah-istilah tartamtu. (2) Wacana budaya ngewrat bab kebiasaan ingkang asring dipuntindakaken dening masyarakat. e) Inferensi Wacana Militer Miturut Alwi (2005: 744) militer inggih menika sedaya ingkang magepokan kaliyan seluk beluk tentara, instansi keamanan saha perkawis-perkawis ing salebetipun. Dene titikanipun inferensi wacana militer: (1) Wacana militer ngginakaken istilah-istilah kemiliteran. (2) Wacana militer ngewrat perkawis ingkang gegayutan kaliyan dunya militer. f) Inferensi Wacana Hukum saha Kriminalitas Miturut Alwi (2005: 410) hukum inggih menika paugeran ingkang gadhah sipat mengikat saha memaksa. Hukum minangka tatanan tindak tandukipun tiyang gesang ing satunggaling wilayah. Dene kriminalitas miturut Alwi (2005: 600) inggih menika perkawisperkawis ingkang gadhah sipat kejahatan, tumindak ingkang boten patuh dhateng hukum. Titikanipun inferensi wacana hukum saha kriminalitas: (1) Wacana hukum saha kriminalitas ngginakaken istilah-istilah tartamtu.. BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 135

(2) Ngewrat bab ingkang gegayutan kaliyan hukum saha kriminalitas. g) Inferensi Wacana Olahraga saha Kasarasan Miturut Alwi (2005: 796) olahraga inggih menika gerak badan supados badan saged kiat saha sehat. Dene kasarasan miturut Alwi (2005: 1011) inggih menika kawontenan badan ingkang sae utawi boten gerah.. Titikanipun inferensi wacana olahraga saha kasarasan: a. Wacana olahraga saha kasarasan ngginakaken istilahistilah tartamtu. b. Ngewrat bab olahraga kadosta atletik, sepak bola, lan sapinggalanipun. c. Wacana ngewrat bab olahraga saha kasarasan. 3) Fungsi Basa Miturut Tarigan (1987: 5) basa gadhah fungsi komunikatif inggih menika minangka pirantos komunikasi antawisipun pihak satunggal minangka pamicara dhateng pihak sanesipun minangka pamiarsa. Salajengipun Fajriatun (2014: 22) mrathelakaken bilih fungsi tuturan salebeting wacana kaperang dados 4 antawisipun, minangka 1). sindiran, 2). panyaruwe, 3). pamrayogi saha 4). Pangajeng-ajeng. Pramila pancadaning fungsi inferensi salebeting panaliten menika ngginakaken pamanggih wonten ing inggil.. a) Sindiran Miturut Alwi (2005: 1069) sindiran inggih menika ejekan utawi nyacat ingkang dipunaturaken kangge tiyang sanes. Titikanipun sindiran: (1) Sindiran dipunandharaken ancasipun kangge ngala-ala. (2) Sindiran dipunandharaken kanthi cara boten langsung. (3) Sindiran padatanipun ngginakaken basa ingkang alus. b) Panyaruwe Miturut Alwi (2005: 601) panyaruwe inggih menika andharan ingkang awujud kecaman utawi tanggapan. Titikanipun panyaruwe: (1) Andharan panyaruwe awujud pambiji ingkang gadhah ancas sae. (2) Panyaruwe ngginakaken pertimbangan dhateng ala becikipun kawontenan. (3) Panyaruwe ngewrat solusi pemecahan kangge mungkasi perkawis. (4) Panyaruwe gadhah sipat mbangun, tegas saha paring daya pangaribawa. c) Pamrayogi Pamrayogi miturut Alwi (2005: 998) inggih menika pamanggih (usul, anjuran, cita-cita) ingkang dipunwahyakaken minangka pertimbangan. Titikanipun pamrayogi: (1) Pamrayogi ngewrat pamanggih utawi ngleresaken dhateng perkawis ingkang kawastanan lemah saha kirang prayogi. (2) Pamrayogi minangka usada kangge mungkasi perkawis tartamtu. (3) Pamrayogi ancasipun kangge mbangun saha nggulawenthah bab tartamtu. d) Pangajeng-ajeng Miturut Alwi (2005: 388) pangajeng-ajeng inggih menika satunggaling babagan utawi perkawis ingkang dipunangen-angen (dipunkajengaken) saged kaleksanan saha saged dados kasunyatan. Titikanipun pangajeng-ajeng: BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 136

(1) Pangajeng-ajeng ngewrat pamanggih perkawis ingkang dipunkajengaken. (2) Pangajeng-ajeng adatipun nggambaraken pangajab dhateng kawontenan ingkang sae. (3) Pangajeng-ajeng minangka wujud saking satunggaling perkawis. 1. Prinsip Pemahaman Wacana Mulyana (2005: 70) mahyakaken bilih kangge mangertosi maksud satunggaling wacana dipunbetahaken prinsip-prinsip pemahaman wacana. Prinsip pemahaman wacana menika kapirang dados kalih inggih menika prinsip analogi saha prinsip penafsiran lokal ingkang kaandharaken wonten andhap menika. a. Prinsip Analogi Brown saha Yule (1996: 64) mrathelakaken bilih prinsip analogi inggih menika cara menafsirkan wacana kanthi pengalaman utawi ilmu pengetahuan minangka cara kangge nganalisis kawontenan ingkang dipunpanggihi. Pamanggih menika dipunsengkuyung dening Mulyana (2005: 71) ingkang ngandharaken bilih prinsip analogi inggih menika cara mangertosi makna salebeting wacana adhedhasar nalar utawi pengetahuan umum, wawasan ingkang kathah utawi pengalaman dunya ingkang limrah (knowledge of world). b. Prinsip Penafsiran Lokal Brown saha Yule (1996: 58) ngandharaken bilih prinsip penafsiran lokal inggih menika cara menafsirkan wacana kanthi pamiarsa utawi pamaos boten perlu damel konteks ingkang wiyar saking ingkang dipunbetahaken kangge menafsirkan satunggaling wacana. Dene miturut Mulyana (2005: 72) prinsip penafsiran lokal inggih menika cara kangge mangertosi makna salebeting wacana adhedhasar konteks lokal ingkang nyengkuyung wacana menika. 2. Wacana Mural Basa Jawi Prayogo saha Alexander (2015) mahyakaken, tembung mural mila bukanipun saking basa latin, inggih menika saking tembung murus ingkang tegesipun tembok. Susanto (2002: 76) ingkang mahyakaken bilih mural inggih menika, lukisan utawi gambar ingkang mapan ing pirantos menapa kemawon kadosta temboktembok, minangka payengkuyung desain arsitektur bangunan. Adhedhasar pamanggih wonten ing inggil, WMBJ inggih menika lukisan ingkang mapan wonten ing ruang publik antawisipun temboktembok bangunan saha tembok pager, ingkang arupi gambar saha seratan reroncening ukara mawi basa Jawi ingkang manunggal, satemah mujudaken satunggaling makna ingkang wetah. C. CARA PANALITEN Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif. Panaliten menika badhe neliti bab kajian inferensi salebeting WMBJ ing Kitha Yogyakarta. WMBJ dipunteliti makna inferensi salebetipun, adhedhasar jinis-jinis inferensi saha fungsi inferensi, ananging boten ngewahi data aslinipun. Wonten ing panaliten deskriptif boten dipunmaksudaken kangge nguji hipotesis, ananging namung ngandharaken kanthi menapa wontenipun. Data salebeting panaliten menika awujud tuturan WMBJ. Sumbering data panaliten BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 137

menika saking observasi wonten ing papan ingkang ngewrat WMBJ ing wilayah kecamatan ing Kitha Yogyakarta. kanthi wekdal kirang langkung 2 wulan, antawis wulan Januari dumugi wulan Februari taun 2016. Cara ngempalaken data salebeting panaliten menika kanthi teknik maos, teknik dokumentasi saha teknik nyathet. Teknik maos ing panaliten menika dipunlampahi kanthi cara: 1) ningali mural ingkang kapanggihaken. 2) maos WMBJ, 3) maos kanthi permati saha teliti. Salajengipun teknik dokumentasi dipunlampahi kanthi cara mendhet foto saben WMBJ ingkang minangka data panaliten. Cara ingkang pungkasan inggih menika teknik nyathet. Teknik menika dipunlampahi kanthi cara nyathet wacana-wacana mural basa Jawi ingkang sampun dipunanalisis saha dipuntandhani wonten ing kartu data. Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika panaliti piyambak (human instrument), kartu data saha tabel analisis. Panaliti dados human instrument amargi peranan ingkang utama salebeting panaliten dipunlampahi dening panaliti piyambak. Kartu data dipunginakaken kangge nyerat data ingkang sampun kapanggihaken. Tabel analisis trep dipunginakaken kangge nglebetaken data saking kartu data. Salebeting panaliten menika anggenipun nganalisis data ngginakaken cara analisis deskriptif. Tahap analisis deskriptif dipunlampahi kanthi cara : 1) identifikasi, 2) klasifikasi saha 3) analisis WMBJ wonten ing Kitha Yogyakarta. Identifikasi data-data ingkang sampun kapanggihaken wonten ing kartu data. Data-data asilipun identifikasi salajengipun dipunklasifikasikaken, kanthi satunggal mbaka satunggal WMBJ kasebat dipunpantha-pantha miturut jinising inferensi saha fungsi inferensi. Tahap ingkang pungkasan inggih menika data dipunanalisis kanthi prinsip pemahaman wacana. Cara ngesahaken data salebeting panaliten menika ngginakaken validitas saha reliabilitas intrarater. Validitas data kanthi ngginakaken cara expert judgement utawi pertimbangan ahli. Dene reliabilitas intrarater wonten ing panaliten menika, dipunlampahi kanthi cara cek ricek utawi kajian berulang. Cara ngesahaken data ngginakaken cek ricek menika dipunlampahi kanthi cara panaliti ngambali data kanthi saestu saha tliti. D. ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN 1. Asiling Panaliten Asiling panaliten ing inggil menika, namung saged kapanggihaken 6 jinis inferensi salebeting WMBJ wonten ing Kitha Yogyakarta. Jinising inferensi ingkang kapanggihaken salebeting WMBJ wonten ing Kitha Yogyakarta inggih menika 1) inferensi wacana politik, 2) inferensi wacana sosial, 3) inferensi wacana ekonomi, 4) inferensi wacana budaya, 5) inferensi wacana hukum saha kriminalitas saha 6) inferensi wacana olahraga saha kasarasan. Dene fungsi inferensi ingkang kapanggihaken salebeting WMBJ wonten ing Kitha Yogyakarta inggih menika minangka 1) sindiran, BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 138

2) panyaruwe, 3) pamrayogi saha 4) pangajeng-ajeng. 2. Pirembagan a. Jinising inferensi Salebeting WMBJ wonten ing Kitha Yogyakarta 1) Inferensi Wacana Politik O1: Penak to le jamanku... korupsi iso rame-rame? O2: Nilai Macam Apa Yang Akan Kita Wariskan? Data (3/04-01-2016) Inferensi saking WMBJ saged dipunpendhet mawi prinsip analogi (PA) saha prinsip penafsiran lokal (PPL). Mawi PA inferensi salebeting data (3) korupsi inggih menika tumindak penyelewengan saha penyalahgunaan arta nagari ingkang dipunginakaken kangge dhiri pribadhi utawi golongan. Dene korupsi rame-rame menika tegesipun, korupsi ing jaman samenika boten namung dipuntindakaken piyambak, ananging saged satunggal kelompok utawi golongan wonten ing lingkungan pamarentah. Tumindak menika asring dipuntindakaken dening pemimpin, pejabat pamarentah saha pejabat nagari. Korupsi kalebet tumindak ingkang awon, satemah kalebet piwulang ingkang boten prayogi menawi dipunwarisaken dhateng generasi saha pejabat pamarentah ingkang badhe dhateng. Kawontenan menika nuwuhaken piwulang ingkang boten prayogi, inggih menika tumindak saking para pangarsa saha pejabat pamarentah minangka tuladha kangge rakyat. Dene mawi PPL data (3) nggambaraken pejabat kanthi mustaka ingkang nembe gemujeng sinambi ngendika bilih korupsi wonten ing jaman samenika saged sareng-sareng. Perkawis menika adhedhasar tuturan salebetipun data inggih menika penak to le jamanku? Korupsi iso rame-rame. Dene gambar tiyang kathi tuturan bab nilai ingkang dipunsebataken salebeting data (3) ing inggil, inggih menika nilai ala becik ingkang badhe dipunwarisaken kangge generasi ingkang badhe dhateng. Bab menika jumbuh kaliyan tuturan ingkang nyengkuyung data inggih menika nilai macam apa yang akan kita wariskan? Inggih menika piwulang menapa ingkang badhe dipunwarisaken. Mawi prinsip pemahaman wacana kados wonten ing inggil menika, data (3) saged dipunpendhet inferensi korupsi wonten ing jaman samenika dipuntindakaken kanthi cara sesarengan dening para pemimpin saha pejabat pamarentah, satemah nuwuhaken piwulang awon menawi dipunwarisaken. Inferensi menika kalebet jinis inferensi wacana politik. Titikanipun data (3) menika kalebet inferensi wacana politik inggih menika, 1) ngginakaken istilah-istilah ingkang winates dipunginakaken salebeting wacana politik, inggih menika KKN (korupsi, kolusi, nepotisme) dening para pemimpin saha pejabat, 2) ngewrat siasat para panguwasa saha KKN (korupsi, kolusi, nepotisme) ingkang dipuntindakaken dening para pejabat. Korupsi dening para pejabat pamarentah minangka tumindak awon, kalebet piwulang ingkang kirang prayogi menawi dipunwarisaken dhateng generasi ingkang badhe dhateng. 2) Inferensi Wacana Sosial Saking WMBJ ing inggil wonten tuturan kados menika: BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 139

Lucunya Negeri Ini O1: Endi Sek Indonesia? Jare Wes Merdeka! O2: (Samseng Made In Korea), (Oploo Shirt Made In Usa), (Levizz Made In Usa), (Apel Kecokot Made In Usa) Data (44/06-02-2016) Inferensi saking WMBJ saged dipunpendhet mawi prinsip analogi (PA) saha prinsip penafsiran lokal (PPL). Mawi PA data (44) saged dipunmangertosi bilih masyarakat Indonesia kawontenanipun kawastanan lucu. Samenika taksih dipunjajah dening nagari sanes, amargi barang-barang ingkang sami dipunangge masyarakat Indonesia langkung kathah dipundamel njawi nagari. Antawisipun samseng menika minangka plesetan saking samsung tegesipun merk telpon saking Korea, oploo shirt menika minangka plesetan saking polo shirt tegesipun kaos saking Amerika, Levizz menika minangka plesetan saking levis tegesipun merk celana saking Amerika saha Apel Kecokot menika minangka plesetan saking aple tegesipun merk tablet telpon saking Amerika. Masyarakat Indonesia remen ngginakaken barang-barang menika. Kathah masyarakat ingkang mastani barang-barang saking njawi nagari langkung sae tinimbang barang-barang ingkang dipundamel tiyang Indonesia, kepara wonten pamanggih bilih sumber daya manusia (SDM) ing Indonesia dereng saged damel barang-barang kados ingkang dipundamel nagari sanes. Kawontenan menika nuwuhaken perkawis sosial ingkang njalari sumber daya manusia (SDM) masyarakat Indonesia boten saged ngrembaka, amargi langkung remen mundhut saking njawi nagari tinimbang damel. Dene mawi PPL data (44) nggambaraken kalih tiyang ingkang nembe wawanpangandikan, ingkang sepisan wonten gambar kanthi tuturan endi sik Indonesia jare wis merdeka, jumbuh kaliyan tuturan ingkang nyengkuyung data inggih menika lucunya negeri ini. Salajengipun wonten tiyang ingkang ngasta saha ngangge barang-barang tartamtu saking njawi nagari, ketingal saking tuturan ingkang nedahaken barang-barang menika dipundamel saking nagari tartamtu. Mawi prinsip pemahaman wacana kados ing inggil menika, data (44) saged dipunpendhet inferensi nagari Indonesia taksih dipunjajah kanthi barang-barang saking nagari sanes ingkang dipunginakaken dening masyarakat Indonesia. Inferensi menika kalebet jinis inferensi wacana sosial. Titikanipun data (44) menika kalebet inferensi wacana sosial inggih menika, 1) ngginakaken istilahistilah ingkang gegayutan kaliyan bab gesang saben dinten mliginipun bab sandhang saha kabetahan sanes, inggih menika istilah merk kadosta samseng, oploo, levizz saha apel kecokot, 2) ngewrat bab ingkang gegayutan kaliyan kawontenan masyarakat saha perkawis-perkawis ingkang tuwuh ing lingkungan padintenan inggih menika masyarakat Indonesia ingkang langkung remen ngginakaken barang-barang saking njawi nagari. 3) Inferensi Wacana Ekonomi Jos Guuede Tenan Lebih Besar, Gurih Muuuantep Tenan www. djarum76.com BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 140

Data (43/06-02-2016) Inferensi saking WMBJ saged dipunpendhet mawi prinsip analogi (PA) saha prinsip penafsiran lokal (PPL). Mawi PA data (43) saged dipunmangertosi bilih jos guede tenan minangka plesetan saking jos gedhe tenan, inggih menika tuturan kangge ngandharaken raos marem dhateng satunggaling kawontenan utawi barang. Dene djarum 76 inggih menika salahsatunggaling merk rokok ingkang kathah dipunsade wonten ing pundi-pundi papan. Djarum 76 dipunremeni tiyang kathah amargi kawentar rokok ingkang wujudipun ageng saha wosipun madhet. Dene mawi PPL data (43) nggambaraken rokok ingkang wujudipun ageng saha mantep. Perkawis menika jumbuh kaliyan tuturan jos guede tenan saha dipunsengkuyung mawi tuturan lebih besar, gurih muantep tenan. Rokok menika dipunwastani langkung ageng saha gurih, satemah nuwuhaken raos sekeca, remen saha marem dhateng tiyang ingkang ngrokok. Mawi prinsip pemahaman wacana kados ing inggil menika, data (43) saged dipunpendhet inferensi rokok djarum 76 langkung jos saha mantep amargi wujudipun ingkang ageng saha raosipun ingkang gurih. Inferensi menika kalebet jinis inferensi wacana ekonomi. Titikanipun data (43) menika kalebet inferensi wacana ekonomi inggih menika, 1) ngginakaken istilahistilah mligi bab wacana ekonomi inggih menika merk dagang rokok djarum 76, 2) ngewrat kabetahan primer ugi skunder manungsa, inggih menika bab rokok minangka barang kabetahan skunder ingkang dipunbetahaken tiyang. 4) Inferensi Wacana Budaya Tep Kalem, Monggo Mas Rasah Kemaki Lan Ojo Kemlinthi Rasah Ngrasani Tanggane Nek Lewat Mbok Ya Aruh-Aruh O1: Budayakan Tegur Sapa O2: Anda Sopan Kami Segan Data (29/23-01-2016) Inferensi saking WMBJ saged dipunpendhet mawi prinsip analogi (PA) saha prinsip penafsiran lokal (PPL). Mawi PA data (29) saged dipunmangertosi bilih kemaki saha kemlinthi inggih menika tembung ingkang asring katrepaken dhateng tiyang ingkang sombong saha boten gadhah unggah-ungguh. Dene budayakan tegur sapa (dibudayakake sapa aruh) Adatipun tiyang Jawi menawi miyos wonten ngajengipun tiyang kedah sapa aruh saha klamit. Ewah gingsiripun jaman adat menika ical amargi pikantuk daya pangaribawa saking majengipun jaman. Kathah tiyang jaman samenika mliginipun para wiranem ingkang boten mangertos bab unggah-ungguh. Salajengipun anda sopan kami segan tegesipun menawi kurmat saha nguwaosi dhateng tiyang sanes, tiyang sanes ugi kurmat saha nguwaosi dhateng piyambakipun. Dene mawi PPL data (29) nggambaraken raos prihatosipun tiyang, amargi ningali kawontenan jaman samenika tiyang Jawi sampun boten gadhah unggah-ungguh. Perkawis menika jumbuh kaliyan tuturan aja kemaki, aja kemlinthi saha nek liwat mbok ya aruh-aruh. Bab menika ugi dipunsengkuyung mawi tuturan budayakan tegur sapa saha anda sopan kami BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 141

segan. Perkawis menika nedahaken bilih menawi kepanggih tiyang sanes sapa aruh saha klamit, amargi tumindakipun dhiri pribadhi ingkang njalari tiyang sanes saged kurmat utawi nguwaosi dhateng piyambakipun. Mawi prinsip pemahaman wacana kados ing inggil menika, data (29) saged dipunpendhet inferensi menawi kepanggih tiyang sanes kedah sapa aruh saha klamit, amargi tiyang sanes saged kurmat saha nguwaosi jalaran unggahungguhipun pribadhi tiyang menika. Inferensi menika kalebet jinis inferensi wacana budaya. Titikanipun data (29) menika kalebet inferensi wacana budaya inggih menika, 1) ngginakaken istilah-istilah ingkang gegayutan kaliyan kabudayan, sikap hidup saha upacara-upacara adat inggih menika aruh-aruh, tegur sapa saha unggah-ungguh (anda sopan kami segan), 2) ngewrat bab kebiasaan ingkang asring dipuntindakaken dening masyarakat inggih menika tindak tanduk ingkang tuwuh saha ngrembaka ing kelompok masyarakat tartamtu. 5) Inferensi Wacana Olahraga saha Kasarasan PSIM Jogja 86 PSIM Warisane Simbah Sugeng tanggap warsa PSIM PSIM jape methe ora ale (Data no. 34/27-02-2016) Mawi PA data (34) saged dipunmangertosi bilih PSIM cekakan saking persatuan sepak bola Indonesia mataram, inggih menika salahsatunggaling paguyuban olahraga sepakbola saking Kitha Yogyakarta. Paguyuban sepakbola menika sampun wonten wiwit jaman penjajahan Belanda, satemah saged dipunwastani paguyuban saking warisanipun simbah. Salajengipun PSIM jape methe menika slogan ingkang dipungadhahi dening paguyuban sepakbola PSIM, menawi ale menika slogan saking paguyuban sepak bola sanes inggih menika PSS cekakan saking persatuan sepak bola Sleman. Dene mawi PPL data (34) nggambaraken tiyang sepuh ingkang nedahaken gambar salahsatunggaling paguyuban sepak bola. Wacana menika nggambaraken paguyuban sepakbola menika sampun madeg dangu. Bab menika jumbuh kaliyan tuturan PSIM warisane simbah saha sugeng tanggap warsa PSIM 86. Mawi prinsip pemahaman wacana kados ing inggil menika, data (34) saged dipunpendhet inferensi PSIM ingkang nembe ambal warsa kaping 86 minangka paguyuban sepakbola warisan turun tinurun, kanthi slogan jape methe sanes ale. Inferensi menika kalebet jinis inferensi wacana olahraga saha kasarasan. Titikanipun data (34) menika kalebet inferensi wacana olahraga saha Kasarasan inggih menika, 1) ngginakaken istilahistilah tartamtu ingkang gegayutan kaliyan olahraga sepakbola inggih menika persatuan sepak bola Indonesia (PSIM), 2) ngewrat bab olahraga inggih menika olahraga paguyuban (klub) sepak bola. b. Fungsi Inferensi Salebeting WMBJ wonten ing Kitha Yogyakarta 1) Sindiran Data (3) saged dipunpendhet inferensi korupsi wonten ing jaman samenika dipuntindakaken kanthi cara sesarengan dening para BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 142

pemimpin saha pejabat pamarentah, satemah nuwuhaken piwulang awon menawi dipunwarisaken. Inferensi saking data (3) gadhah fungsi inferensi minangka sindiran kangge para pemimpin saha pejabat pamarentah ingkang asring korupsi kanthi cara pribadhi menapa dene sesarengan. Titikanipun data (3) minangka sindiran inggih menika, ingkang sepisan dipunandharaken ancasipun kangge ngala-ala, ingkang wujudipun celaan saha ejekan kangge para pemimpin saha pejabat pamarentah ingkang asring korupsi. Titikan ingkang angka kalih inggih menika ngginakaken basa ingkang alus ananging, ancasipun andharan menika kangge ngala-ala tumindakipun para pemimpin saha pejabat pamarentah ingkang asring korupsi. (2) Panyaruwe Data (30) saged dipunpendhet inferensi dana driyah Kitha Yogyakarta kangge warisan mangsa ingkang badhe dhateng, boten kepareng dipunsade dening pamarentah dhateng pihak swasta menapa dene tiyang njawi nagari. Inferensi saking data (30) gadhah fungsi inferensi minangka panyaruwe kangge pamarentah ingkang asring damel kebijakan sadean dana driyahipun Kitha Yogyakarta. Titikan data (30) minangka panyaruwe inggih menika, ingkang kaping satunggal awujud pambiji ancasipun sae kangge ngeleresaken kebijakan pamarentah ingkang asring sadean dana driyahipun Kitha Yogyakarta ingkang boten prayogi. Titikan ingkang kaping kalih ngewrat solusi pemecahan kanthi tuturan Jogja boten kepareng dipunsade kangge mungkasi perkawis kebijakan pamarentah ingkang lepat. Titikan ingkang pungkasan gadhah sipat mbangun, tegas saha paring daya pangaribawa dhateng perkawis kebijakan pamarentah ingkang boten prayogi kanthi sadean dana driyahipun Kitha Yogyakarta. (3) Pamrayogi Data (6) saged dipunpendhet inferensi prayoginipun pamarentah boten kepareng damel kebijakan sadean dana driyahipun nagari. Inferensi saking data (6) gadhah fungsi inferensi minangka pamrayogi dhateng pamarentah gegeyutan kaliyan kebijakan sadean dana driyahipun nagari ingkang dipunwastani boten prayogi. Titikan data (6) minangka pamrayogi inggih menika, ingkang kaping satunggal ngewrat pamanggih kangge ngleresaken kebijakan pamarentah ingkang kawastanan lemah saha kirang prayogi kanthi asring sadean dana driyahipun nagari, ananging boten ngedahaken pamanggih menika dipuntampi saha dipunginakaken dening pamarentah. Titikan ingkang kaping kalih minangka salah satunggaling usada kangge mungkasi perkawis pemerintah ingkang lepat damel kebijakan kanthi sadean dana driyahipun nagari ingkang kedah dipunleresaken supados saged lumampah sae. (4) Pangajeng-ajeng Data (16) saged dipunpendhet inferensi semangat gotong royong minangka upiya kangge damel majengipun Kitha Yogyakarta, ing dinten ambal warsa kaping 259. Inferensi saking data (16) gadhah fungsi inferensi kangge ngandhareken pangajeng-ajeng dhateng kawonten Kitha Yogyakarta BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 143

ingkang langkung majeng saha sae kanthi semangat gotong royong. Titikan data (16) minangka pangajeng-ajeng inggih menika, ingkang kaping satunggal ngewrat pamanggih dhateng ingkang dipunkajengaken, inggih menika kawontenan Kitha Yogyakarta ingkang langkung sae saha majeng kanthi semangat gotong royong. Titikan ingkang kaping kalih inggih menika minangka wujud saking perkawis ingkang dados pangajab supados saged kaleksanan, inggih menika saged mujudaken Kitha Yogyakarta ingkang majeng mawi semangat gotong royong. E. DUDUTAN Adhedhasar asiling panaliten saha pirembagan ngengingi kajian inferensi salebeting WMBJ wonten ing Kitha Yogyakarta saged dipunpedhet dudutan,iggih menika: 1. jinising inferensi salebeting WMBJ adhedhasar wosing wacana ing wilayah Kitha Yogyakarta kapanggihaken wonten 6 jinis, inggih menika 1) inferensi wacana politik, 2) inferensi wacana sosial, 3) inferensi wacana ekonomi, 4) inferensi wacana budaya, 5) inferensi wacana hukum saha kriminalitas saha 6) inferensi wacana olahraga saha kasarasan. Jinising inferensi wacana militer boten kapanggihaken salebeting WMBJ ing Kitha Yogyakarta. 2. fungsi inferensi WMBJ ingkang kapanggihaken minangka, 1) sindiran, 2) panyaruwe, 3) pamrayogi saha 4) pangajengajeng. KAPUSTAKAN Alwi, Hasan, dkk. 2005. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka. Brown, Gillian saha Yule, George. 1996. Analisis Wacana. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama. Terjemah: I. Soetikno. Chaer, Abdul. 2003. Psikolinguistik Kajian Teoritik. Jakarta: Rineka Cipta. Cummings, Louise. 2007. Pragmatik: Sebuah Perspektif Multidisipliner. Yogyakarta: Pustaka Pelajar. Fajriatun, Dwi P. 2014. Kajian Inferensi Wacana Kartun Editorial wonten ing Kalawarti Djaka Lodang Wedalan Mei- Desember 2013. Skripsi S1. Yogyakarta: Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni UNY. Hartono, H saha Azis, Arnian. 1999. Ilmu Sosial Dasar. Jakarta: PT Bumi Aksara. Hudiyanto. 2004. Ekonomi Politik. Jakarta: PT Bumi Aksara. Indratama, Samuel, dkk. 2008. Kode Pos Art Project. Yogyakarta: Jogja Mural Forum (JMF). Kridalaksana, Harimurti. 2011. Kamus Linguuistik: Edisi Keempat. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama. Mulyana. 2005. Kajian Wacana: Teori, Metode & Aplikasi Prinsip-prinsip Analisis Wacana. Yogyakarta: Tiara Wacana. Prayogo, Elvino saha Alexander. 2015. Sejarah Mural. Yogyakarta: http://citralekha.com/mural/. BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 144

Dipunpendhet titi wanci 15 April 2016. Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij Groningen. Suranto, A.W. 2010. Komunikasi Sosial Budaya. Yogyakarta: Graha Ilmu. Susanto, Mike. 2002. Diksi Rupa. Yogyakarta: Kanisius. Syaukani, Imam saha Thohari, A. Ahsin. 2004. Dasar-dasar Politik Hukum. Jakarta: PT. Raja Grafindo Persada. Tarigan, H.G. 1987. Pengajaran Wacana. Bandung: Angkasa Bandung. Wijana, I Dewa Putu saha Rohmadi, Muhammad. 2011. Analisis Wacana Pragmatik: Kajian Teori dan Analisis. Surakarta: Yuma Pustaka. BENING Volume 5, Nomer 2, Maret 2016 145