MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

dokumen-dokumen yang mirip
MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON PRANATACARA SAHA SESORAH TUMRAP SISWA KELAS XI SEKOLAH MENENGAH ATAS NGANGGE ADOBE FLASH CS 5.5 SKRIPSI

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN SKRIPSI

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

PIWULANG SKRIPSI. dening

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

PANGANGGENING MAKSIM KECOCOKAN WONTEN NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI SKRIPSI

MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013 SKRIPSI

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA) SKRIPSI

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

Skripsi. KaaturakenDhumatengFakultasBahasadanSeni UniversitasNegeri Yogyakarta Minangka Salah SatunggalingSaratPikantukGelarSarjanaPendidikan

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

KALEPATAN SKRIPSI. Dening

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

CITRA SAHA KETIDAKADILAN GENDER TUMRAP WANODYA ING NOVEL PISUNGSUNG KANG WINGIT ANGGITANIPUN ATAS S. DANUSUBROTO

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

TEORI FUNGSI, LINGKUNGAN TINDAKAN,, CARA NEPANGAKEN PARAGA, SAHA SKEMA STRUKTUR DENING VLADIMIR PROPP ING DONGENG AJISAKA SAHA KI AGENG SELA SKRIPSI

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

ANALISIS SEMIOTIK CAKEPAN SEKAR CAMPURSARI ANGGITANIPUN DIDI KEMPOT ALBUM MUNAJAT TRESNA SKRIPSI

BASA KASAR WONTEN ING PENTAS LASKAR DAGELAN SKRIPSI

MODEL LEMBAR KERJA SISWA INTEGRATIF PEMBELAJARAN TEKS NARASI BAHASA JAWA KELAS VII KOTA MAGELANG

FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN SKRIPSI

SIPATING PARAGA ING CEBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA)

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

FUNGSI SIMULFIKS KANGGE NGGAMBARAKEN CITRA PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

BASA JAWI SUB DIALEK TEGAL ING WAYANG SANTRI LAMPAHAN LUPIT NGAJI DENING KI ENTHUS SUSMONO SKRIPSI

BASA KIAS ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN MANTHOUS SKRIPSI

DERDAHING BATOS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL RANGSANG TUBAN ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA Satunggaling Kajian Psikologi Sastra SKRIPSI

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

PANGANGGENIPUN LELEWANING BASA PERTENTANGAN WONTEN ING ROMAN CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

HUMOR DIALEK JAWA TIMURAN SALEBETING KEMPALAN VIDEO YOUTUBE ANGGITANIPUN BAYU SKAK SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

Transkripsi:

44 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 6, Juni 2017 MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII MEDIA LEARNING GAME "ULAR TANGGA CANGKRIMAN" WITH MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 PROGRAM FOR STUDENT CLASS VIII Dening: Nuryana Ainul Asfin, Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta Sarining Panaliten Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika (1) tataran angenipun damel media pasinaon dolanan ular tangga cangkriman kangge pamulangan cangkriman kanthi Macromedia Flash 8 Profesional; (2) evaluasi kualitas media pasinaon ingkang dipundamel kanthi Macromedia Flash 8 Profesional kangge siswa SMP kelas VII dening dosen ahli dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; saha (3) pambiji saha pamanggih saking guru basa Jawi saha siswa SMP kelas VII tumrap media pasinaon ular tangga kangge pamulangan cangkriman kanthi Macromedia Flash 8 Profesional. Panaliten menika migunakaken jinis panaliten Research and Development (R&D). Asiling panaliten nedahaken bilih (1) media dipundamel kanthi gangsal tataran inggih menika: analisis, design, development, implementasi, saha evaluasi (2) evaluasi kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji presentase 85% ingkang kagolong sae sanget, wondene biji kualitas media dening dosen ahli media pikantuk biji presentase 93% ingkang kagolong sae sanget, saha (3) pambiji media dening guru basa Jawi pikantuk rata-rata presentase 88% ingkang kagolong sae sanget wondene asiling pamanggih siswa pikantuk rata-rata presentase 86% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media pasinaon ular tangga kanthi Macromedia Flash 8 Profesional saged kangge sarana/media wonten ing pasinaon cangkriman. Pamijining tembung : Media Pasinaon, dolanan ular tangga cangkriman, Macromedia Flash 8 Profesional Abstract This study has three objectives, namely (1) the level of how to make game learning media snake ladder cangkriman using Macromedia Flash 8 Professional; (2) evaluating the quality of instructional media made using Macromedia Flash 8 Professional for VII grade junior high school students with expert lecturers and lecturers of media experts; and (3) assessment and opinion from Javanese language teacher and junior high school students of class VII using learning media of snake ladder for cangkriman material with Macromedia Flash 8 Professional.This research used Research and Development (R & D) research type. The results of the study explained that (1) the media was made through five levels: analysis, design, development, implementation, and evaluation (2) media quality evaluation with lecturers of material experts got 85% percentage which was very good, then media quality value with expert lecturer media got 93% percentage which was very good, and (3) media assessment with Javanese teachers got average of 88% percentage of which was excellent and the results of students opinions got average of 86% percentage that was classified as agreed. The results of this study explained that the learning media of a snake ladder using Macromedia Flash 8 Professional could be used as media in learning cangkriman.

Media Pasinaon Dolanan... Nuryana Ainul Asfin 45 PURWAKA Pasinaon basa Jawi dipundadosaken muatan lokal wajib. Adhedhasar Peraturan Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta nomer 64 Tahun 2013, ngengingi Mata Pelajaran Bahasa Jawa sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/Madrasah. Salah satunggaling materi sastra wonten ing kurikulum 2013 kangge SMP kelas VII inggih menika materi cangkriman. Kawontenan menika jumbuh kaliyan KI (Kompetensi Inti) inggih menika memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata, KD (Kompetensi Dasar) memahami cangkriman dan parikan. Miturut wawanpangandikan kaliyan salah satunggaling siswa inggih menika Fausta, ngandharaken bilih anggenipun sinau basa Jawi mliginipun materi cangkriman kirang greget. Guru nalika mucal awis migunakaken fasilitas sekolah kadosta LCD. Guru namung maosaken materi ing ngajeng kelas. Sarana ingkang dipunginakaken wonten ing pamulangan inggih menika buku pepak saha LKS. Asiling wawanpangandikan kaliyan guru basa Jawi inggih menika Ibu Th. Sumarni, S.Pd. ngrumaosi menawi wonten ing pasinaon siswa asring pasif. Guru ngersakaken inovasi model pasinaon kangge mucal materi cangkriman supados siswa langkung aktif, ananging guru tasih kangelan damel media. Adhedhasar saking perkawis wonten ing pamulangan menika, prelu sanget cara supados proses pasinaon cangkriman saged kalaksanan kanthi lancar. Salah satunggalipun kanthi cara migunakaken teknologi. Jaman samenika teknologi mangaribawani dhateng sadaya aspek wonten ing pagesangan masarakat, mliginipun aspek pendhidhikan. Wonten ing aspek pendhidhikan, teknologi menika saged dados sarana kangge damel media pasinaon. Media pasinon sampun kathah dipunginakaken wonten ing pamulangan basa Jawi mliginipun materi cangkriman. Salah satunggaling media pasinaon cangkriman ingkang sampun dipundamel inggih menika, saking panaliten Mar atun Khasanah taun 2012 migunakaken Adobe Flash CS 3. Mar atun maringi pamrayogi menawi media ingkang dipundamel dipunvariasi malih supados langkung narik kawigatosan. Tuwuh pamikiran saking panaliti kangge ngrembakakaken media pasinaon menika. Panaliti badhe damel migunakaken program Macromedia Flash Professional 8 ingkang langkung gampil saha interaktif dhateng siswa. Saksanesipun menika ugi dipunvariasi kanthi dolanan ular tangga. GEGARAN TEORI Dolanan menika prelu sanget wonten ing pasinaon. Ananging taksih sekedhik media pasinaon ingkang migunakaken variasi dolanan. Miturut Sadiman (2011:78) dolanan kangge media pasinaon gadhah kaluwihan inggih menika saged nuwuhaken raos ngremenaken saha kangge hiburan. Media pasinaon dolanan ingkang ndayani siswa remen, saged ndadosaken siswa remen ngantosaken materi ingkang dipunandharaken. Siswa langkung gampil

46 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 6, Juni 2017 mangretosi materi menika. Dolanan trep menawi dipunginakaken wonten ing materi cangkriman, amargi miturut Wibawa, dkk (1992:15) cangkriman mlebet dolanan bedhekan wonten ing tlatah Jawa. Dolanan sejatosipun sampun wonten ing jaman rumiyin. Dolanan menika dipunwastani dolanan tradhisional. Salah satunggaling dolanan tradhisional ingkang sampun kawentar inggih menika ular tangga. Sedaya kalangan saged nindakaken dolanan menika saha boten kathah aturan dolananipun. Dolanan menika wujudipun papan kothak-kothak ingkang dipunparingi gambar ula saha andha kangge gayutaken kothak satunggal kaliyan kothak sanesipun. Saben kothak wonten pitakenan ingkang kedah dipunwangsuli dening pemain. Ular tangga sampun asring dipunginakaken dados media pasinaon. Ular tangga ing media pasinaon biasanipun namung dipundamel kanthi wujud hardware. Ananing wonten ing panaliten menika media dipundamel migunakaken wujud software. Program ingkang dipunginakaken kangge damel inggih menika Macromedia Flash Professional 8. Media menika anggenipun damel migunakaken jinis panaliten Research and Development (R&D). Panaliten Research and Development (R&D) salah satunggaling panaliten ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken produk. CARA PANALITEN Panaliten menika migunakaken metode panaliten pengembangan utawi Research and Development ingkang dipunwastani ugi metode R&D. Miturut Sugiyono (2016:297) Research and Development (R&D) inggih menika metode panaliten ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken satunggaling produk tartamtu saha kangge nguji keefektifan saking produk kasebut. Kangge saged ngasilaken produk tartamtu, dipunginakaken panaliten ingkang gadhah sipat analisis kabetahan saha panaliten kangge nguji keefektifan produk kasebut supados saged mumpangat tumrap masarakat kathah. Produk ing panaliten menika awujud media cangkriman dolanan ular tangga kanthi program macromedia flash proffesional 8 ingkang berbasis komputer. Cara panaliten menika saking ngempalakaen data utawi informasi kangge damel media pasinaon dolanan ular tangga kanthi program macromedia flash proffesional 8 ingkang awujud CD (compact Disk). Salajengipun media pasinaon dipunvalidasi saha dipunrevisi miturut pamrayogi saking dosen ahli media saha ahli materi supados ngasilaken produk ingkang layak kangge uji coba. Salajengipun nyuwun pambiji saha pamanggih kaliyan guru basa Jawi saha siswa. Uji coba dipuntindakaken supados media saged dipunginakaken wonten ing pamulangan basa Jawi mliginipun cangkriman Miturut prosedur pengembangan model ADDIE, tataran-tataran R&D menika wonten gangsal. Asalipun saking sigkatan ADDIE, inggih menika Analisis, Desain, Development (pengembangan), Implementasi, saha Evaluasi (Mulyatiningsih, 2012: 200-201). ASILING PANALITEN Analisis kurikulum dipuntindakaken kanthi observasi saha maos kurikulum ingkang dipunginakaken wonten SMPN 1 Berbah. Asiling

Media Pasinaon Dolanan... Nuryana Ainul Asfin 47 observasi bilih SMPN 1 Berbah mliginipun kelas VII migunakaken kurikulum 2013. Adhedhasar kurikulum ingkang dipunginakaken kangge kelas VII menika dipunmangretosi bilih materi cangkriman minangka materi ingkang kedah dipunwucalaken. Kompetensi Inti saha Kompetensi Dasar menika dados dhasar kangge damel media pasinaon cangkriman. Wondene Kompetensi Inti saha Kompetensi Dasar ingkang gayut kaliyan materi cangkriman inggih menika Kompetensi Inti memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata saha Kompetensi Dasar memahami cangkriman dan parikan. Wonten ing panaliten menika media ingkang dipundamel kangge pasinaon cangkriman kemawon. Adhedhasar saking Kompetensi Dasar lajeng dipundamel indikator inggih menika: a) siswa dapat menjelaskan pengertian cangkriman, b) siswa dapat menyebutkan bentuk-bentuk cangkriman, saha c) siswa dapat menyebutkan contoh cangkriman. Analisis kabetahan siswa dipuntindakaken kanthi cara observasi saha wawanpangandikan. Observasi dipuntindakaken panaliti nalika PPL wonten ing sekolah SMP N 1 Berbah. Asil kabetahan siswa saking wawanpangandikan dipuntindakaken dhateng guru saha siswa. Wawanpangandikan guru sumberipun saking Ibu Th. Sumarni, S.Pd, wondene wawanpangandikan siswa sumberipun saking Fausta. Adhedhasar wawanpangandikan bilih guru betahaken media ingkang interaktif supados siswa langkung aktif, wondene siswa betahakaken sarana kangge sinau materi cangkriman ingkang langkung narik kawigatosan. Adhedhasar observasi saha wawanpangandikan menika kedah dipunwontenaken media ingkang interaktif saha narik kawigatosan kangge materi cangkiman. Tataran desain dipunwiwiti kanthi cara ngempalaken referensi ingkang jumbuh kaliyan materi cangkriman. Asiling observasi, buku acuan ingkang dipunginakaken wonten ing pasinaon basa Jawi inggih menika buku LKS Sembada saha Wasitatama 1 kangge kelas VII SMP anggitanipun Warih Jatirahayu. Referensi ingkang sampun dipunkempalaken menika lajeng dipundadosaken dhasar kangge damel flowchart. Flowchart inggih menika diagram alur damel media. Wosipun flowchart menika tampilan media ingkang kaperang saking pambuka, menu utama, menu kompetensi, menu pandom, menu materi, menu dolanan ular tangga, menu profil, menu kapustakan, menu glosarium, saha panutup. Sasampunipun damel flowchart, lajeng damel naskah media. Wosipun naskah media menika ngewrat andharan saking tampilan wonten ing flowchart kanthi jangkep. Tampilan wonten ing naskah media menika kaperang dados 10 ing antawisipun: 1) pambuka media ingkang ngandharaken irah-irahan media saha identitas panulis; 2) menu utama ingkang ngandharaken sedaya sub menu media; 3) menu kompetensi ingkang wosipun kompetensi inti, kompetensi dasar saha indikator; 4) menu pandom ingkang ngandharaken pandom panganggening media; 5) menu materi ingkang ngandharaken materi cangkriman; 6) menu dolanan ular tangga

48 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 6, Juni 2017 wosipun gladhen awujud dolanan ular tangga ingkang cacahipun 75; 7) menu profil ingkang ngandharaken profil panyerat saha dosen pembimbing; 8) menu kapustakan wosipun referensi ingkang dipunginakaken kangge acuan damel media; 9) Menu glosarium wosipun tetembungan ingkang mirunggan; saha 10) panutup ingkang ngandharaken atur panuwun. Tataran development dipuntindakaken kanthi cara ngecakaken naskah media ingkang sampun dipundamel wonten ing program Macromedia Flash Professional 8. Menawi sampun dados produk awal media, lajeng dipunvalidasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. Tataran validasi dipuntindakaken kangge mangretosi kualitas media dening dosen ahli. Dosen ahli materi saha dosen ahli media paring pambiji saha pamrayogi kangge dhasar nindakaken revisi media supados layak dipunuji coba wonten ing sekolah. Dosen ahli materi wonten panaliten inggih menika Bapak Afendy Widayat, M. Phil. Produk dipunvalidasi dening dosen ahli materi kanthi kalih tataran. Validasi tataran setunggal dipunparingi pamrayogi bilih gladhen dipunjumbuhaken kaliyan indikator, seratan dipunjumbuhaken kaliyan EYD, saha basanipun dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan siswa. Wonten tataran menika validator paring biji kanthi ngetang migunakaken pedoman lajeng dipunetang = 75% ingkang kagolong sae. Sasampunipun dipunrevisi miturut pamrayogi saking dosen ahli materi, lajeng nindakaken validasi tataran kaping kalih. Wonten tataran kaping kalih validator paring biji kanthi ngetang = 85% ingkang kagolong sae sanget. Tataran kaping kalih menika sampun pikantuk pasarujukan kangge uji coba kanthi boten wonten revisi. Sasampunipun dipunvalidasi dening dosen ahli materi lajeng dipunvalidasi kaliyan dosen ahli media. Dosen ahli media wonten ing panaliten menika Ibu Sri Hartiwidyastuti, M. Hum. Produk dipunvalidasi dening dosen ahli media kanthi tigang tataran. Validasi tataran sepisan dipunparingi pamrayogi bilih dipunparingi efek sound wonten ing dolanan, dipunparingi kategori point, tata panyeratan dipunjumbuhaken kaliyan EYD, dipunparingi dialog wonten ing dolanan, saha dipunparingi katrangan saben tombol. Wonten tataran menika validator paring biji kanthi ngetang migunakaken pedoman lajeng dipunetang = 70% ingkang kagolong sae. Sasampunipun dipunrevisi miturut pamrayogi saking dosen ahli materi, lajeng nindakaken validasi tataran kaping kalih. Validasi tataran kaping kalih dipunparingi pamrayogi bilih dipungantos warni seratan, kursor ingkang kirang ageng, saha gambar ingkang kirang ageng. Wonten tataran kaping kalih validator paring biji kanthi ngetang = 82,5% dipunbulataken dados 83%, ingkang kagolong sae sanget. Sasampunipun dipunrevisi miturut pamrayogi saking dosen ahli materi, lajeng nindakaken validasi tataran kaping tiga. Wonten tataran kaping tiga validator paring biji kanthi ngetang = 95% ingkang kagolong sae

Media Pasinaon Dolanan... Nuryana Ainul Asfin 49 sanget. Tataran kaping tiga menika sampun pikantuk pasarujukan kangge uji coba kanthi boten wonten revisi. Tataran implementasi saged kalaksanan adhedhasar pasarujukan dosen ahli materi saha media minangka validator media kangge uji coba. Uji coba dipuntindakaken nalika tanggal 20 Maret 2017 wonten ing SMPN 1 Berbah kangge mangretosi pambiji guru basa Jawi saha pamanggih siswa. Panaliti nyuwun pambiji dhateng guru basa Jawi wonten ing SMPN 1 Berbah inggih menika Ibu Th. Sumarni, S.Pd babagan kualitas media. Sasampunipun pikantuk pasarujukan dening guru basa Jawi, lajeng katindakaken pasinaon migunakaken media pasinaon dolanan ular tangga. Siswa ingkang dados objek panaliten inggih menika siswa kelas VII A SMPN 1 Berbah ingkang cacahipun 30. Proses uji coba dipundampingi kaliyan guru basa Jawi inggih menika Ibu Th. Sumarni, S.Pd. Uji coba dipunwiwiti panaliti kanthi maringi tuladha kadospundi migunakaken media mawi LCD wonten ing kelas. Salajengipun para siswa migunakaken media wonten ing laboratorium komputer kanthi cara gantosan, amargi cacahipun komputer namung 16 unit. Sasampunipun siswa sinau piyambak migunakaken media pasinaon ular tangga, lajeng gladhen wonten ing dolanan ular tangga. Suwasana nalika gladhen migunakaken media dolanan ular tangga cangkriman menika gayeng sanget. Media menika ndadosaken siswa gadhah sipat kompetitif, amargi siswa kepengen ngambali malih gladhen supados pikantuk point ingkang paling inggil. Siswa ingkang pikantuk point inggil menika sampun nguwaosi materi saged ugi amargi begjo. Wondene siswa ingkang pikantuk point andhap amargi dereng nguwaosi materi saged ugi kirang begjo. Siswa ingkang pointipun andhap taksih kathah lepatipun babagan wujud saha tuladha cangkriman. Sasampunipun gladhen lajeng para siswa dipundhawuhi diskusi kelompok. Saben kelompok dipunperang dados kalih, salajengipun dipunparingi gladhen supados sareng-sareng dipunwangsuli. Siswa ingkang pikantuk point ageng nalika dolanan ular tangga menika saha kelompok ingkang rikat mangsuli pitakenan pikantuk bebingah. Wondene siswa ingkang pikantuk point sekedhik dipunmotivasi malih supados sinau cangkriman kanthi temenan. Sasampunipun maringi bebingah lajeng siswa dipunsuwuni pamrayogi babagan media menika mawi angket. Asilipun pambiji saking guru sae sanget katitik presentase 87%. Wondene pamanggih saking siswa sarujuk sanget katitik presentase pambiji 86%. Adhedhasar uji coba saged dipunmangretosi bilih media menika saged ndadosaken siswa aktif saha gampilaken siswa sianu materi cangkriman. Katitik saking siswa nalika pasinaon cangkriman sinau piyambak wonten ing komputer migunakaken media menika, menawi wonten babagan ingkang boten mangertos nyuwun priksa kaliyan gurunipun. Nalika dipunparingi pitakenan kangge ngevaluasi pasinaon, siswa antusias sanget kangge mangsuli pitakenan kanthi ngacungaken asta. Guru ngrumaosi sasampunipun migunakaken media menika siswa langkung saged bedakaken wujud saha tuladha cangkriman. Wondene para siswa

50 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 6, Juni 2017 sasampunipun migunakaken media ngraosaken remen sinau materi cangkriman amargi saged narik kawigatosan katitik saking asil pamanggih siswa kanthi dipunprisani saking asiling angket wonten kolom pamrayogi. Tataran ingkang pungkasan inggih menika tataran evaluasi. Tataran evaluasi menika katindakaken kanthi analisis kualitas media. Analisis menika saking biji angket saking validasi, guru basa Jawi, saha siswa. Pambiji saking dosen ahli materi pikantuk presentase 85% ingkang kagolong sae sanget, pambiji saking dosen ahli media pikantuk presentase 95% ingkang kagolong sae sanget, pambiji saking guru basa Jawi pikantuk presentase 88% ingkang kagolong sae sanget, saha pamanggih saking siswa pikantuk presentase 86% ingkang kagolong sarujuk sanget. Adhedhasar angket nedahaken bilih media ingkang dipundamel sampun layak dipunginakaken wonten ing pasinaon materi cangkriman. Katitik saking asiling rata-rata pambiji pungkasan pikantuk presentase 89% ingkang kagolong sae sanget. Salajengipun media menika dipundamel produk akhir ingkang awujud CD mawi program macromedia flash professional 8 kangge materi cangkriman. Asiling pungkasan saking pambiji validasi dosen ahli media, dosen ahli materi, pambiji guru basa Jawi, saha pamanggih siswa saged dipunmagretosi wonten tabel ing ngandhap menika Tabel. Asiling pambiji pungkasan Pambiji Persentase ri Katego No Media Pasinaon 1. Dosen ahli 85% Sae materi sanget 2. Dosen ahli Sae 95% media sanget 3. Guru basa Sae 88% Jawi sanget 4. Pamanggih Sarujuk 86% siswa sanget Asiling rata-rata Sae persentase 89% sanget pambiji Asiling pambiji pungkasan ing nginggil menika saking asiling validasi dosen ahli media, dosen ahli materi pambiji guru basa Jawi, saha pamanggih siswa. Asiling validasi dosen ahli materi paringi pambiji adhedhasar saking 8 indikator. Tataran validasi ingkang pungkasan dening dosen ahli materi pikantuk biji presentase 85% ingkang kagolong sae sanget. Asiling validasi dosen ahli media paringi pambiji adhedhasar saking 8 indikator. Tataran validasi ingkang pungkasan dening dosen ahli media pikantuk biji presentase 95% ingkang kagolong sae sanget.asiling pambiji media dening guru basa Jawi adhedhasar saking 8 indikator. Asiling pambiji ingkang pungkasan saking guru basa Jawi rata-rata presentase 88% ingkang kagolong sae sanget. Asiling pamanggih siswa tumrap media pasinaon adhedhasar saking 7 indikator. Asiling pamanggih siswa rata-rata presentase 86% ingkang kagolong sarujuk sanget. Adhedhasar saking validasi dosen ahli media, dosen ahli materi, pambiji guru basa Jawi, saha pamanggih siswa kelas VII A SMPN 1 Berbah tumrap media pasinon dolanan ular tangga cangkriman pikantuk rata-rata presentase

Media Pasinaon Dolanan... Nuryana Ainul Asfin 51 88,5% ingkang dipunbulataken dadaos 89% ingkang kagolong sae sanget. Asiling validasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media ngasilaken produk ingkang pungkasan. Produk menika saderengipun sampun diputindakaken revisi jumbuh kaliyan pamrayogi dosen ahli media, dosen ahli materi, saha dosen pembimbing. Satemah ngasilaken media pasinaon ingkang gadhah kualitas sae. Wondene asiling tampilan pungkasan media pasinaon saged dipunpriksani wonten lampiran. Media pasinon menika wonten kaluwihan saha kekiranganipun, saged dipunandharaken kados mekaten. Kaluwihan media pasinaon dolanan ular tangga cangkriman, wonten ing ngandhap menika. a) Media layak dipunginakaken wonten ing sekolah kanthi materi cangkriman kangge siswa SMP kelas VII. Katingal saking asiling validasi kualitas media dening dosen ahli materi, dosen ahli media, pambiji guru basa Jawi, saha pamanggih siswa ingkang pikantuk rata-rata persentase 89% menika kagolong sae sanget. b) Media menika saged dipunginakaken kangge sinau basa Jawi kanthi materi cangkriman ingkang ngremenake awujud dolanan ular tangga. c) Media menika saged dipunginakaken kanthi klasikal wonten ing pamulangan kanthi migunakaken LCD (Liquid Crystal Display), saged ugi dipunginakaken kanthi mandhiri. d) Media menika saged nggampilaken guru anggenipun ngandharaken materi wonten ing pamulangan. e) Gladhen wonten ing media menika saged kangge nambah pangertosan siswa. Sasampunipun mangsuli gladhen dipunjangkepi kaliyan kunci jawabanipun. f) Media menika ndadosaken siswa gadhah raos kompetitif satemah siswa remen sinau. g) Media pasinaon dolanan ular tangga cangkriman menika gampil dipuncopy. h) Siswa saged ngambali malih gladhen kanthi raos remen amargi gladhenipun wujud dolanan. Kekirangan media pasinaon dolanan ular tangga cangkriman wonten ing ngandhap menika. a) Media menika kalebet jinis media ingkang adhedhasar multimedia, kedah migunakaken komputer utawi laptop. Menawi migunakaken komputer kedah betahaken sambungan listrik. Menika dadosaken pangangening media winates sanget. b) Anggenipun migunakaken media menika betahaken wekdal ingkang dangu. c) Guru saha siswa kedah paham anggenipun migunakaken komputer. d) Media menika kathah pandomipun kangge dolanan satemah kedah maos pandom dolanan kanthi premati. DUDUTAN Ing panaliten menika migunakaken jinis panaliten R&D (Research and Development). Produk ingkang dipundamel inggih menika media pasinaon ular tangga cangkriman migunakaken program macromedia flash professional 8. Adhedhasar asiling pirembagan saha panaliten saged dipunpendhet dudutan inggih menika:

52 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 6, Nomor 6, Juni 2017 1. Cara anggenipun damel media menika migunakaken prosedur ADDIE ingkang wonten gangsal tataran inggih menika: (a) Tataran analisis katindakaken kanthi analisis kurikulum saha analisis kabetahan siswa; (b) Tataran design katindakaken kanthi cara ngempalaken referensi ingkang jumbuh kaliyan materi lajeng dipundadosaken dhasar kangge damel flowchart saha naskah media; (c) Tataran development katindakaken kanthi cara ngecakaken naskah wonten ing program Macromedia Flash Professional 8. Asiling menika dados wujud produk awal media lajeng dipunvalidasi kaliyan dosen ahli materi saha dosen ahli media. Sasampunipun dipunvalidasi lajeng media menika dipunrevisi miturut pamanggih dosen ahli materi saha dosen ahli media; (d) Tataran implementasi katindakaken kanthi uji coba wonten ing SMPN 1 Berbah kaliyan siswa lajeng dipunsuwunaken pambiji dening guru basa Jawi; (e) Tataran evaluasi katindakaken kanthi analisis kualitas media saking validasi dosen ahli, guru, pamanggih siswa, saha asil uji coba. Salajengipun media menika dipundamel produk akhir ingkang awujud CD mawi program macromedia flash professional 8 kangge materi cangkriman. 2. Evaluasi kualitas media dolanan ular tangga cangkriman kanthi macromedia flash professional 8 dipuntindakaken kanthi cara validasi dosen ahli materi saha dosen ahli media. Pambiji kualitas media dening dosen ahli materi validasi tataran I pikantuk presentase biji 75%, ingkang kagolong sae saha validasi tataran II pikantuk presentase biji 85%, ingkang kagolong sae sanget. Salajengipun pambiji kualitas media dening dosen ahli media validasi tataran I pikantuk presentase biji 70% ingkang kagolong sae, validasi tataran II pikantuk presentase biji 82,5% dipunbulataken dados 83% ingkang kagolong sae sanget, saha validasi tataran III pikantuk presentase biji 95% ingkang kagolong sae sanget. 3. Asiling pambiji media dening guru basa Jawi pikantuk rata-rata presentase 88% ingkang kagolong sae sanget. Asiling pamanggih siswa pikantuk rata-rata presentase 86% ingkang kagolong sarujuk sanget. PAMRAYOGI Saking asiling media ingkang dipundamel pamrayoginipun inggih menika: 1. Siswa saged sinau kanthi mandhiri migunakaken media menika kangge sinau materi cangkriman ingkang sampun dipunjumbuhaken kaliyan Komptensi Dasar. Siswa ugi kedah maos materi saha pandom kanthi saestu supados saged pikantuk point ingkang inggil nalika dolanan ular tangga. 2. Guru dipunajab saged migunakaken media dolanan ular tangga cangkriman wonten ing pamulangan kanthi efektivitas wekdal ingkang sae saha kedah ngandharaken pandom dolanan kanthi gampil dipunmangertosi siswa. Fasilitas wonten ing sekolah ugi kedah jangkep kadosta LCD utawi komputer. Guru dipunajab saged migunakaken program macromedia flash professional 8 kangge damel media wonten materi sanesipun.

Media Pasinaon Dolanan... Nuryana Ainul Asfin 53 3. Panaliti sanes dipunajab saged damel media pasinaon migunakaken program macromedia flash professional 8 kangge materi basa Jawi sanesipun ingkang langkung kreatif saha sae. KAPUSTAKAN Khasanah, Mar atun. 2012. Pengembangan Media Pembelajaran Cangkriman dengan Software Adobe Flash CS3 untuk Siswa SMP Kelas VII. Skripsi. S1. Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta. Mulyatiningsih, Endang. 2012. Metode Penelitian Terapan Bidang Pendidikan. Yogyakarta:Alfabeta. Peraturan Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta Nomor: 64/ KEP/ 2013 Tentang Mata Pelajaran Bahasa Jawa Sebagai Muatan Lokal Wajib. Sadiman, Arief S., dkk. 2011. Media Pendidikan: Pengertian, Pengembangan,dan Pemanfaatannya. Jakarta: Rajawali Pers.. Sugiyono. 2016. Metode Penelitian Kuantitatif, Kualitatif, dan R&D. Bandung: Alfabeta. -------. 2011. Metode Penelitian Administrasi. Bandung:Alfabeta. Wibawa, dkk. 1992. Cangkriman. Jakarta: Departmen Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Jendral Kebudayaan Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional Bagian Proyek Penelitian dan Pengkajian Kebudayaan Nusantara.