2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

dokumen-dokumen yang mirip
BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

SERAT SASTRA GENDHING DALAM KAJIAN STRUKTURALISME SEMIOTIK

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

PIWULANG SKRIPSI. dening

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG SKRIPSI

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

SKRIPSI Dipunajengaken. dening

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT ÉNDRÅLAKSITÅ

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

SKRIPSI FILOSOFI MRAPEN ABADHI ING KITHA GROBOGAN TUMRAP BEBRAYAN JAWI SKRIPSI. Dening : Sunarti PROGAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

MAKNA SIMBOLIS MOTIF BATHIK BUSANANING PARAGA WONTEN ING PAGELARAN SENDRATARI RAMAYANA BALLET PRAMBANAN SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Mugi karaharjan, kawilujengan lan kasarasan tansah Kajiwa kasalira kula panjenengan sami.

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

CITRA SAHA KETIDAKADILAN GENDER TUMRAP WANODYA ING NOVEL PISUNGSUNG KANG WINGIT ANGGITANIPUN ATAS S. DANUSUBROTO

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

Caranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

TANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 WARSA 2016

ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013 SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Ana Muslimati Amalia ( )

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

MODEL LEMBAR KERJA SISWA INTEGRATIF PEMBELAJARAN TEKS NARASI BAHASA JAWA KELAS VII KOTA MAGELANG

UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

SIPATING PARAGA ING CEBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA)

DERDAHING BATOS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL RANGSANG TUBAN ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA Satunggaling Kajian Psikologi Sastra SKRIPSI

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

BASA JAWI SUB DIALEK TEGAL ING WAYANG SANTRI LAMPAHAN LUPIT NGAJI DENING KI ENTHUS SUSMONO SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

Transkripsi:

Bab-bab Wigatos Ingkang Kamot Wonten Ing Sastra Jawi Kina Minangka Pambangun Pekertinipun Saha Watakipun Bangsa Dening: Titik Pudjiastuti [ 1 ] 1. Pambuka Ngrembag ngengingi sastra Jawi Kina tansah nengsemaken tumrap seperanganipim tiyang, mliginipun para panaliti kabudayan kina Indonesia. Kanthi nyata bilih basa Jawi Kina ing Jawi samenika panci sampun boten dipun ginakaken malih wonten gesangipun manungsa padintenan [ 2 ] Nanging anggenipun nggiyakaken bab sastranipun taksih tetep gesang [ 3 ]. Buktinipun rikala wontenipun pinten-pinten wedalan, panaliten, pelatihan, saha sarasehan - sarasehan ingkang gegayutan kaliyan sastra Jawi Kina, ingkang katindakaken boten nanumg panaliti Indonesia, nanging ugi panaliti manca negari. Kanthi dhasar bab menika, tuwuh pitakenan, menapa sejatosipun sastra Jawi Kina menika? Menapa jalaranipun tiyang kesengsem naliti bab wau? Ngemot babagan menapa mawon ing salebetipun sastra Jawi Kina? Menapa jumbuhipun babagan ingkang kamot ing sastra Jawi Kina kaliyan gesangipun manungsa jaman samenika? Menawi-jumbuh, kanthi cara menapa ingkang kedah kula lan panjenengan sedaya tindakaken supados babagan ingkang kamot wonten ing kamot ing sastra Jawi kina menika saged rumesep dhumateng para nem - neman, saha saged kasil anggenipun nanem pakerti miwah watakipun bangsa ingkang nggadahi kapribaden Indonesia. Pinten-pinten pitakenan menika boten gampil dipun wangsuli, nanging kula dhapur nyobi, ngandharaken wangsulan wonten makalah menika. Saderengipun kula badhe ngaturaken langkung rumiyin katrangan ringkes ngengingi sastra Jawi kina. 2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina 1

Zoetmulder (1983: XII) eram dhumateng bangsa Indonesia, rikala wekdal rumiyin sampun kasil kanthi nengsemaken ing babagan kesenian, boten namung wujud monumen seni bangunan, kadosta candi Borobudur lan Prambanan, nanging ugi monumen basa. Wonten ing Pulo Jawi, miturut panjenenganipun (1983: XI), ing jaman rumiyin seni ngripta puisi dipun sebat kalangwan utawi kalangon, inggih menika kaendahan jalaran ngripta saha ngraosaken riptanipun tiyang sanes, kaangkat, lajeng medal saking diri pribadinipun piyambak saha kanyut wonten salebetipun kaendahan. Salebetipun buku Kalangwan (Zoetmulder, 1983: 21) saha Kapustakan Djawi (Poerbatjaraka, 1954: 2) dipun sebatken bilih sastra Jawi Kina kawiwitan abad IX inggih menika rikala jaman papretahanipun Dyah Balitung, ing nagri Mataram. Salebetipun andharan salajengipun Zoetmulder (1983: 25-27) ngendikakaken bilih giyakipun sastra Jawi Kuna ingkang mujudaken kabudayan Hindu Jawi namung lumampah dangunipun nem abad. Giyakipun sastra Jawi kinaing Jawi menika surut rikala kadadosan wanci pancaroba, saking Jawi dhateng Islam. Nanging rikala semanten kraton - kraton ing Bali tetep anjagi warisan kebudayan Hindu - Jawi saha sastra Jawi Kina lajeng kaserat miwah dipun sinau dening para brahmin, mila kanthi nyata dumugi samenika kula lan panjenengan sedaya taksih saged andarbeni kasiling riptan sastra Jawi Kina. Adhedhasar anggenipun nyuguhaken teksipun, riptan sastra Jawi Kina dipun rakit kanthi wujud gancar (prosa), tutur, parwa (epos) saha kakawin (puisi). Dipun tuweni saking basanipun, riptan sastra Jawi Kina panci pikantuk sawabipun saking sastra India, sabotenipun wonten gayutanipun kaliyan sastra miwah basa Sansekerta. Zoetmulder (1983), salebetipun Kalangwan ngandharaken pinten-pinten bab ngengingi sastra Jawi Kina, antawisipun sejarah basa Jawi Kina, sawabipun basa Sansekerta salebetipun sastra Jawi kina, bleger sejarahipun sastra Jawi Kina, sastra parwa, teknik sajak Jawi Kina (metrum kakawin), pujanggapujangga sastra Jawi Kina, kadosta Mpu Kanwa, Mpu Sedah, 2

Mpu Panuluh, Mpu Dharmaja, Mpu Monaguna, Mpu Triguna, Mpu Tantular, saha Mpu Tanakung miwah riptan - riptan panjenenganipun, dipun kompliti ringkesanipun cariyos riptan - riptanipun. Kajawi menika, panjenenganipun ugi nyaosi katerangan ngengingi kakawin minor, sastra kidung, saha warni warninipun pola metrum kakawin. Dene Poerbatjaraka (1954) ing salebetipun bukunipun ingkang mawi irah - irahan Kapustakan Djawi merang riptan sastra Jawi Kina dados tigang golongan, inggih menika: serat-serat Jawi Kina ingkang golongan sepuh, kadosta: Serat Candara Karana, Serat Ramayana, Sang Hyang Kamahayanikan, Brahmandapurana, Agastyaparwa, Ujakandi, Adiparwa, Sabhaparwa, Wirataparwa, Kunjarakarna, Swargarohanaparwa lan sapanunggalanipun, Jawi Kina ingkang mawi sekar, kadosta : Arjunawiwaha, Kresnayana, Smaradahana, Bhomakawya, Bharatayuddha, Hariwangsa, Lubdaka, Wrettasancaya, lan sapanunggalanipun, saha serat - serat Jawi kina ingkang golongan enem, kadosta: 3

Brahmandapurana, Nagarakretagama, Arjunawijaya, Parthayadnya, Nitisastra, Darmasunya, lan sapanunggalanipun. Sadaya riptan sastra Jawa Kina ingkang golongan enem, kadosta : Brahmandapurana, Nagarakretagama, Arjunawijaya, Parthayadnya, Nitisastra, Darmasunya, lan sapanuggalnipun. Sedaya riptan sastra Jawi Kina ingkang dipun sebataken ing salebtipun buku menika dipun kompliti mawi katrangan ngengingi cariyos saha panaliti ingkang nate ngrembag riptan kasebat. Dumugi samenika, riptan sastra Jawi kina sampun radi kathah ingkang dipun taliti, dipun sunting, saha dipun pertal dening para panaliti Indonesia menapa dene mancanegari. Ing ngandhap menika saperangan riptan sastra Jawi Kina ingkang sampun kataliti saha dipun wedalaken. 1. Ramayana kakawin. Kaendahanipun Ramayana kakawin Jawi kina(3) sampun dangu nengsemaken saha dados kawigatosanipun para panaliti Jawi Kina, antawisipun Kern (1900) ingkang ngedalaken edhisi kritis Ramayana kakawin, Juynboll (1922 1936) ingkang mertal teks Ramayana kakawin dhateng basa Landi, Hooykaas (1955) saha Zoetmulder (1983) damel ringkesanipun cariyos saha maringi katrangan ngengingi prototip, wancinipun ngripta, saha pangripta Ramayana Jawi Kina, lan Soewito Santoso (1980) ingkang ngedalaken suntingan teks saha pertalan Ramayana kakawin dhateng basa Inggris. 2. Kunjarakarna, sastra prosa (gancar) Jawi Kina sampun dipun sunting saha dipun pertal dhateng basa Landi dening H.Kem (1901). Taun 1983, Willem van der Molen ugi nyunting lan mertal dhateng basa Landi saha naliti ngangge teori 4

enggal. Buku van der Molen menika sampun kawedalaken malih saha dipunpertal dhateng basa Indonesia. (2011). 3. Adiprawa, sastra parwa dipun sunting dening Juynboll (1906) 4. Wirataparwa, sastra parwa, dipun sunting dening Juynboll (1912) 5. Arjunawiwaha kakawin riptanipun Mpu Kanwa dipunsunting saha dipun pertal dening Poerbatjaraka (1926). Taun 1990 Kuntara Wiryamartana ugi nyunting lan mertal Arjunawiwaha. 6. Siwaratrikalpa kakawin riptanipun Mpu Tanakung, dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening Teeuw, Robson, (lalestin, lan Worsley (1969) 7. Jnanasidhanta, sastra tutur Jawi Kina dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening Haryati Soebadio (1971). 8. Arjunawjjaya kakawin riptanipun Mpu Tantular dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa lnggris dening Supomo, (1977). 9. Kunjarakarna Dharmakatana kakawin riptanipun Mpu Dhusun, dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening Teeuw lan Robson (1981) 10. Bharatayuddha kakawin, riptanipun Mpu Sedah lan Mpu Panuluh, dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening S. Supomo (1993). Kajawi gegiyak ingkang sipatipun panaliten kanthi ngawontenaken wedalan - wedalan sastra Jawi Kina, kados conto -conto ing nginggil, ugi dipun wontenaken gegiyak sanes rupi sarasehan utawi lokakarya ingkang gegayutan kaliyan sastra Jawi Kina, antawisipun ingkang pungkasan inggih menika Lokakarya Internasional Ramayana Jawi Kina ingkang dipun wontenaken ing taun 2009 wonten KITLV, Jakarta. 3. Nglestantunaken bab - bab wigatos ingkang kamot wonten ing sastra Jawi Kina dhatcug para nem - neman 5

Lumantar ringkesanipun cariyos ingkang kamot wonten ing buku Kalangwan saha Kapustakan Djawi miwah teks - teks sastra Jawi Kina ingkang sampun dipun sunting saha dipun wedalaken, kula lan panjenengan sadaya saged njinggleng kaendahan ingkang mrentul wonten ing riptan riptan sastra Jawi Kina. Kaendahan ingkang boten namung dipun tedahaken lumantar basa ingkang dipun ginakaken wonten teksipun, nanging ugi katitik saking bab - bab wigatos ingkang gegepokan kaliyan budaya ingkang kamot kanthi ngegla utawi boten ngegla salabetipun riptan sastra wau, kadosta: kawicaksanan, katresnan, kasetyan, keadilan, kaprawiran, ketrampilan perang, kawula ingkang setya, kepemimpinan, ajaran moral, lan sanes-sanesipun. Kadospundi caranipun nanem bab - bab wigatos wau lan nglestantunaken dhateng pan nem - neman supados dados pedoman saha kasil mujudaken pekerti saha watakipun bangsa? Bab menika tartamtu boten gampil, jalaran para nem - neman samenika langkung remen dhateng budaya mancanegari katimbang budayanipun piyambak ingkang sipatipun tradhisisional lan kina. Mila, supados para nem - neman wau langkung pitados, dipun betahaken cara - cara mirunggan ingkang jumbuh kaliyan kawontenan jaman lan raosipun nem - neman wau. Ing ngandhap menika saperangan usulan (pamrayogi) ingkang saged dipun tindakaken kangge mujudaken ancas kasebat, inggih menika : Para guru SMP lan SMA prayoginipun ndugekaken cariyos - cariyos ingkang sumberipun saking riptan sastra Jawi Kina wonten ing kelas (mata pelajaran basa, sastra, lan budaya). Ngindhakaken giyakipun ektra kurikuler awujud: sendratari, tarian, drama klasik utawi modern ngangge tema (gegelidan) ingkang sumberipun saking riptan-riptan sastra Jawi Kina. Ngawontenaken lomba (sayembara) mertal, nedhak cariyos, utawi nyerat sekar ingkang sumberipun saking riptan-riptan sastra Jawi Kina. Lan sanes-sanesipun Budidaya ing nginggil tartamtu mbetahaken wanci ingkang dangu saha sabaripun para guru. Nanging tumrap ancas ingkang luhur, boten wonten lepatipun menawi budidaya menika dipun tindakaken, saengga dumugi wanci ingkang sampun dipun temtokaken para nem - neman Indonesia gadhah pekerti lan watak bangsa ingkang jumbuh kaliyan kabudayan Indonesia. 6

4. Nggiyakaken nedhak Sastra Jawi Kina dhateng jagadipun lare. Umur balita -- 12 taun mujudaken wanci ingkang langkung sae tumraping kula lan panjenengan sadaya nepangaken riptan sastra Jawi Kina, saengga bab wigatos ingkang gegayutan kaliyan ajaran luhur wonten salebetipun, saged katanem wonten jiwanipun lare - lare. Nanging jalaran jagadipun lare menika jagad lelangen, mila sastra Jawi Kina prayoginipun dipun tepangaken dhumateng lare - lare wau kanthi cara ingkang jumbuh kaliyan jagadipun lare - lare menika. Mila wonten seperangan cara ingkang saged dipun tindakaken, antawisipun lumantar media: Film: kanthi cara damel film kartun animasi utawi sinetron kangge lare kanthi tema (gegelidan) cariyos - cariyos ingkang kapethik saking sastra Jawi Kina. Wedalan (terbitan) wujutipun buku cariyos, buku cariyos mawi gambar, buku mawi werni, saha komik ingkang sumberipun saking sastra Jawi Kina. Alat - alat dolanan (permainan): kadosta gambaran, scramble, game on line, lan sanes sanesipun ingkang sumberipun cariyos cariyos sastra Jawi kina. Dipun angkah, lumantar media menika, bab-bab wigatos ingkang kamot wonten ing sastra Jawi Kina saged dipun mangertosi dening lare - lare. Kanthi menika, dipun gadhang para nem - neman ingkang badhe nglajengaken bangsa Indonesia wanci ingkang badhe dhateng, minangka nem - neman ingkang kapribadenipun mujudaken pekerti saha watakipun bangsa Indonesia, 5. Paedahipun bab - bab wigatos ingkang kamot wonten salebetipun sastra Jawi Kina tumrap gesang bebrayan donya. Kanthi-maos riptan riptan sastra Jawi Kina kula lan panjenengan sadaya saged methik paedahipun ingkang kamot ing lebetipun, bilih wonten gesang bebrayan donya bab - bab wigatos, kadosta: kawicaksanan kaprawiran kejujuran kasetyan kepemimpinan 7

tresna dhateng Gusti Ingkang Maha Agung, jagad raya, lan sesamining gesang ajaran moral, lan sanes - sanesipun taksih jumbuh sanget saha boten badhe telas saha risak jalaran owah gingsiripun jaman ingkang modern kados menapa menapa mawon, salebetipim gesang bebrayan ingkang katindakaken dening manungsa. 6. Penutup Sastra Jawi Kina menika jagadipun sastra jaman rumiyin. Boten gampil mangertosi bab - bab wigatos ingkang kamot salebetipun, dipun betahaken kawruh (seserepan) ngengingi lingkungan kabudayan, caranipun mikir, aturan (norma) estetis (kaendahan), mliginipun kawruh ngengingi bab basa. Sanajan mekaten, panaliten ingkang gegayutan kaliyan sastra Jawi Kina tetep lumintu, para panaliti kabudayan kuna Indonesia tetep nggethu nekuni 1 Dosen Fakultas Ilmu Pengetahuan Budaya Universitas Indonesia, saged dipun sambeti lumantar email: titikpujiyahoo.com. Matur nuwun sanget dhateng Mas Darmoko, M.hum ingkang sampun mertal makalah menika. 2 Miturut Poerbatjaraka (1954:x) ingkang dipun wastani basa Jawi Kina menika basa Jawi kala jaman kina, tiyang Jawi jaman samangke mastani basa kawi. Cirinipun basa Jawi kina menika -- wiwit kaserat sapisan sampun kecampuran tembung - tembung Sansekerta. 3 Ngengingi kaendahanipun Ramayana, Poerbatjaraka (Kapustakan Djawi, Djambatan, 1952: Mratelakaken eraniipun kanthi ngendika: serat Ramayana punika sae sanget, kathah piwulangipun, sae - sae rerengganipun, tur basanipun bregas. Sajeg kula gesang dereng nate maos serta Jawi ingkang saenipun bab basa, rerenggan isp kados sent Ramayana. 8