PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

dokumen-dokumen yang mirip
UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

IDENTIFIKASI KETIDAKTEPATAN PENGGUNAAN UNGGAH-UNGGUH BAHASA JAWA MAHASISWA PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

menyusun teks lisan sesuai unggahungguh. berbagai keperluan. C. Tujuan Pembelajaran

NILAI-NILAI LOKAL DALAM PEMBELAJARAN BAHASA JAWA DI SMA/SMK* Oleh: Sutrisna Wibawa

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

PENDEKATAN PEMBELAJARAN BAHASA, SASTRA, DAN BUDAYA JAWA. Sutrisna Wibawa FBS UNY

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

menyusun teks lisan sesuai unggahungguh. berbagai keperluan.

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

1. Menerapkan unggah-ungguh jawa untuk berpamitan. 2. Menerapkan unggah-ungguh jawa untuk menyapa. 3. Menerapkan unggah-ungguh jawa untuk berkenalan.

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

VARIASI PEMAKAIAN BAHASA JAWA TENAGA MEDIS RANAH PUSKESMAS DI KECAMATAN WINONG KABUPATEN PATI (KAJIAN SOSIOLINGUISTIK)

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

UNDHA USUK BASA JAWI WONTEN ING SERAT PEDHALANGAN LAMPAHAN KRESNA DUTA SKRIPSI

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

PIWULANG SKRIPSI. dening

Caranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

PERGANTIAN MAKNA DALAM BAHASA JAWA KRAMA. Oleh: Kustri Sumiyardana ABSTRAK

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

BASA JAWI WALIKAN ING DHUKUH GANDON DHUSUN BALEGONDO KECAMATAN NGARIBOYO KABUPATEN MAGETAN

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

PANGANGGENIPUN LELEWANING BASA PERTENTANGAN WONTEN ING ROMAN CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

PANGANGGENING MAKSIM KECOCOKAN WONTEN NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI SKRIPSI

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

ATUR PANGANDIKAN GUBERNUR JAWI TENGAH ING ADICARA PENGETEN ARI BASA IBU INTERNASIONAL PROVINSI JAWI TENGAH SEMARANG, 25 FEBRUARI 2016

BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

HUMOR DIALEK JAWA TIMURAN SALEBETING KEMPALAN VIDEO YOUTUBE ANGGITANIPUN BAYU SKAK SKRIPSI

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

KONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

REGISTER GRIYA ADAT JAWI ING KECAMATAN KALIANGKRIK KABUPATEN MAGELANG SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA MADURA ADHEDHASAR BAUSASTRA JAWA KALIYAN KAMUS MADURA SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

Transkripsi:

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI Dening Sutrisna Wibawa Universitas Negeri Yogyakarta-Indonesia Makalah kangge Seminar Internasional Basa Jawi Ingkang dipunadani dening Kedutaan RI Suriname Tanggal 28-29 Mei 2005 ing Paramaribo, Suriname

PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI Dening Sutrisna Wibawa Universitas Negeri Yogyakarta-Indonesia 1. Pambuka Unggah-ungguhing basa mujudaken perangan ingkang baku soksintena ingkang ngginakaken basa Jawi. Tiyang dipunwastani sae basanipun, manawi piyambakipun saged ngecakaken unggah-ungguhing basa kanthi leres. Klentu anggenipun ngecakaken unggah-ungguhing basa, badhe dipunwastani tiyang ingkang boten mangertos unggah-ungguh utawi sopan santun. Inggih amargi wigatosaipun unggah-ungguhing basa wonten ing basa Jawi, pramila kedah wonten pambudidaya ingkang mirunggan kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguhing basa Jawi. Kawontenan panganggenipun unggah-ungguhing basa ing masyarakat Jawi, mliginipun generasi muda ing titi wanci menika saestu taksih mrihatosaken. Panganggenipun unggah-ungguhing basa tataran krama (basa krama), kanthi cara ngramakaken awakipun piyambak taksih asring dipunprangguli ing salabeting bebrayan. Kawontenan menika saged ugi mujudaken salah kaprah pola pamulangan ing Sekolah Taman Kanak-kanak saha Sekolah Dasar, tuwin padatan tiyang sepuh ing griya. Wonten ing pamulangan TK saha SD, guru asring klentu anggenipun ngecakaken unggah-ungguhing basa dhateng siswa, bocah-bocah sedhela maneh kondur ya! utawi dipunwahyakaken ing lagu, ayo padha kondur kondur bebarengan. Wonten ing ngriya ugi makaten, tiyang sepuh nyukani tuladha

ngginakaken basa kanthi cara mbasakaken awakipun piyambak, upaminipun Ayo Dhik siram dhisik! Saking tuladha menika, lare-lare lajeng nyonto ngginakaken tembung siram saha kondur kangge nyebat awakipun piyambak. Kangmangka tembung siram saha kondur kedahipun dipunginakaken kangge nyebat tiyang sanes ingkang dipunkormati. Kajawi kawontenan panganggenipun unggah-ungguhing basa ingkang taksih klentu, wujudipun unggah-ungguhing basa ing jaman samenika sampun beda kaliyan jaman rumiyin. Manawi jaman rumiyin, wujudipun unggah-ungguhing basa menika maneka warni, ing jaman samenika unggah-ungguh ingkang maneka warni menika sampun boten sadaya dipunangge ing madyaning masyarakat. Wonten Parepatan Kongres Basa Jawi I taun 1991 ingkang kapacak ing buku Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa (Sudaryanto ed., 1991:5), dipuntetepaken bilih unggah-ungguhing basa Jawi menika bakunipun wonten sekawan, inggih menika (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha (4) krama alus. Sajawining sekawan wujud menika, upami wonten (upaminipun madya) mujudaken basa padintenan ingkang boten baku. Lumantar makalah menika, badhe dipunrembag kalih perangan, inggih menika (1) Kadospundi wujudipun unggah-ungguhing basa Jawi?, saha (2) Kasdospundi pambudidaya ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguhing basa Jawi? 2. Wujudipun Unggah-ungguhing Basa Jawi Unggah-ungguhing basa Jawi inggih menika sistem ragam basa miturut sesambetanipun antawisipun pamicara (Kridalaksana, 1992:10). Wonten ing ilmu sosiolinguistik, unggah-ungguhing basa dipunwastani ragam fungsiolek, inggih

menika ragam ingkang wonten sesambetanipun kaliyan swasana panganggenipun basa utawi tataran formalitas (Nababan, 1986:14). Blegeripun unggah-ungguh menika wonten kalih, inggih menika unggahungguh krama saha ngoko. Manawi dipuntingali saking aspek tataran basa atawi diglosia, wonten variasi inggil inggih menika tataran krama saha variasi andhap inggih menika tataran ngoko (Hudson, 1980:53). Antawisipun tataran krama saha ngoko wonten ragam madya ingkang mujudaken tingkat tutur inggil ingkang sampun ewah kanthi proses informalisasi saking ragam formal dhateng ragam informal. Manawi dipunrunut saking sejarah, wujudipun unggah-ungguhing basa Jawi menika wonten maneka warni, inggih menika: 1. Manut buku Karti Basa (Kementerian Pendidikan, Pengajaran dan Kebudayaan Republik Indonesia, 1946:64-87), unggah-ungguh menika wonten pitung tataran: a. Ngoko: (1) Ngoko lugu (2) Ngoko andhap (a) Antya basa (b) Basa antya b. Madya: (1) Madya ngoko (2) Madyantara (3) Madya krama c. Krama: (1) Mudha krama

(2) Kramantara (3) Wredha krama d. Krama inggil e. Basa kadhaton f. Krama desa g. Basa kasar 2. Manut buku Sarining Paramasastra Jawa (W.J.S. Poerwadarminta, 1953:9), unggah-ungguhing basa kaperang dados: a. Basa ngoko: (1) Ngoko lugu (2) Ngoko andhap b. Basa madya: (a) Madya ngoko (b) Madya krama (c) Madyantara c. Basa krama: (1) Mudha krama (2) Kramantara (3) Wredhakrama (4) Krama inggil (5) Krama desa d. Basa kedhaton (bagongan)

Ing buku menika dipunterangaken bilih unggah-ungguhing basa ingkang maneka warni menika ingkang asring dipunginakaken namung tiga, inggih menika: basa ngoko, mudha krama, saha krama inggil. 3. Manut panaliten ingkang dipunayahi dening Soepomo Poedjosoedarmo sakanca nalika taun 1979, (Poedjosoedarmo, 1979:13), unggah-ungguhing basa saged dipungerba kados ing ngandhap menika. a. Krama: (1) Mudha krama (2) Kramantara (sampun awis-wis kamiringaken) (3) Wredha krama (sampun awis-wis kamiringaken) b. Madya: (1) Madya krama (2) Madyantara (3) Madya ngoko c. Ngoko: (1) Basa antya (2) Antya basa (3) Ngoko lugu Saking maneka warni sumber (taun 1946 dumudi 1980-nan), wujudipun unggah-ungguhing basa mratahipun inggih kados ingkang katur ing nginggil. Nembe taun 1980-nan dumugi 1990-nan kathah parepatan-perepatan ingkang ngrembag bab unggah-ungguhing basa supados kadamel prasaja, boten kangelan anggenipun sinau, saha saged dipuncakaken kangge sesambetan ing bebrayan, langkung-langkung tumrap generasi mudha. Wusuna, ing tahun 1991 wonten ing Parepatan Agung

Kongres Basa Jawi I ingkang dipunpacak ing buku Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa (Sudaryanto ed., 1991:5), dipuntetepaken bilih unggah-ungguhing basa Jawi menika kaperang adhedhasar dipunginakaken lan botenipun tembung-tembung ingkang nggadhahi raos alus ing tataran ngoko menapa dene krama. Kanthi adhedhasar menika, unggah-ungguhing basa kaperang dados (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha (4) krama alus. Sajawining sekawan wujud menika, upami wonten (upaminipun madya) mujudaken basa padintenan ingkang boten baku. Dene ingkang dipunkajengaken raos alus inggih menika tembung-tembung ingkang klebet golonganing krama inggil. Tuladha: Ngoko (ngoko lugu) Ooo, yawis ta saiki crita liyane wae. Karo maneh ora apik bengi-bengi teka crita kaya ngono, wis, wis eh, mengko sedhela engkas yen wis kecekel rak tentrem Ngoko alus: Ibu tindak ngendi ta Yu? Kok ora kondur-kondur! Bapak ya ora ana ndalem, tindak ngendi ta? Krama (krama lugu) Inggih Pak, kula Darmanto. Kula badhe taken, menapa Bapak sumerep griyanipun Pak Agung? Krama alus Lajeng samenika Bapak badhe tindak pundi? Pakdhe badhe tindak menapa wonten ndalem? Wujudipun unggah-ungguhing basa manut Buku Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa (Sudaryanto ed., 1991) menika lajeng dados pandom ing pamulanganpamulangan ing Pulo Jawi (DIY, Jawa Tengah, saha Jawa Timur).

3. Kawontenan Panganggeninipun Unggah-ungguhing Basa Jawi Wonten ing bebrayan Jawi samenika, unggah-ungguhing basa taksih lumampah kanthi sae, sinaosa panganggenipun taksih wonten ingkang klentu. Jer unggah-ungguhing basa menika mujudaken satunggaling subasita Jawi, kados ingkang sinawung ing sekar macapat ing ngandhap menika. Mungguh laku miwah hurip hiki, wis cinakup hing haksara Jawa, Jawa jawi lan jiwane, Jawa pikajengipun, Prasahaja walaka yekti, Jawi basa kramanya, Subasitanipun, Jiwaning budayanira, Jiwi hiku sawiji lawan Hyang Widhi, Purneng haksara Jawa. (Pakoe Boewana IX, lumantar Maryono, 2002: 207) Ing sekar menika Pakoe Boewana IX maringi penget bilih basa krama menika satunggaling wujud subasita. Pramila kasinggihan manawi unggah-ungguhing basa menika taksih gesang, amargi tiyang gesang menika mbetahaken sesambetan satunggal kaliyan satunggalipun, saha ing salebiting bebrayan menika mbetahaken ajen-ingajenan. Panalitenipun Suharti sakanca (1993) wonten satunggaling kulawarga Jawi ing Ngayogyakarta ingkang dumugi samenika taksih ngginakaken basa krama kangge sesambetan sadinten-dinten. Kawontenan menika nggadhahi ancas supados lare dipunkulinakaken ngajeni dhateng tiyang sanes. Ing panaliten menika ugi dipunpanggihaken, bilih pamilihipun wujud unggah-ungguh tartamtu, amargi kepengin ngajeni tiyang sanes, swasana sosial, sesambetan ingkang sampun rumaket, saha demokratisasi. Unggah-ungguh ingkang taksih dipunginakaken ingkang dominan

inggih menika ngoko alus, krama alus, saha campuran antawisipun basa Jawi tuwin basa Indonesia. Menggah cak-cakaipun unggah-ungguhing basa pancen taksih wonten ingkang klentu. Kados panalitenipun Sutrisna Wibawa (1995) dhateng mahasiswa Program Studi Bahasa Jawa FBS UNY, manggihaken panganggenipun unggahungguhing basa ingkang taksih klentu kados ing ngandhap menika: Pawicantenan (1) (1.a) Tamu: Boten wonten napa-napa, kula namung kepengin sowan mawon. (1.b) Bu Budi: Inggih ngaten Bu, menggah perlunipun marak sowan dhateng Ibu, ingkang sepisan tuwi kawilujengan. (1.c) Bu Hadi: Manawi ingkang mundhut njenengan, nggih mangga. Panganggenipun tembung napa-napa saha mawon ing ukara (1.a) kedahipun menapa-menapa saha kemawon; tembung ngaten ing ukara (1.b) kedahipun makaten, saha tembung njenengan tuwin nggih ing ukara (1.c) kedahipun panjenengan tuwin inggi. Klentuning panganggenipun unggahungguhing basa wujud krama alus kados ukara (1.a) dumudi (1.c) amargi kadayan saking basa padintenan, kanthi cara dipuncekak (menapa-menapa dados napa-napa, kemawon dados mawon, makaten dados ngaten, panjenengan dados njenengan, saha inggih dados nggih). Keklentuan sanesipun inggih menika taksih dipunpanggihi ngginakaken tembung krama inggil kangge awakipun piyambak. Pawicantenan (2) (2.a) Tamu: Boten wonten menapa-menapa, kula namung badhe pinarak wonten ngriki. (2.b) Pak Krama: Manawi makaten mangga kula aturi tindak dhateng kantor, mangke Panjengan saged kula paringi buku caranipun nanem semangka. (2.c) Bagas: Kula nitih sepedha motor Pak!

Tembung pinarak wonten ing ukara (2.a) kedahipun mampir, tembung paringi ing ukara (2.b) kedahipun caosi, saha tembung nitih ing ukara (2.c) kedahipun numpak. Panalitenipun Darsiti Suratman (1991:22) manggihaken panganggenipun basa Jawi ing lingkungan kulawarga pasca proklamasi kemerdekaan, makaten: ngoko campur kaliyan krama inggil 60%, ngoko campur kaliyan basa Indonesia 15%, krama inggil 13%, ngoko lugu 6%, krama campur kaliyan basa Indonesia 1,7%, basa Indonesia 1,7%, saha ngoko campur basa asing 1,75%. Saking andharan bab kawontenan panganggenipun unggah-ungguh basa Jawi, saged dipunpendhet dudutanipun inggih menika kulawarga Jawi ing titi wanci menika taksih ngecakaken unggah-ungguhing basa kangge sesambetan. Namung kemawon, kedah dipunpeggalihaken bilih kajawi ngginakaken basa Jawi manut unggah-ungguhipun, tiyang Jawi ing pundi kemawon ugi ngginakaken basa sanesipun. Tiyang Jawi ing DIY, Jawa Tengah, saha Jawa Timur kajawi ngginakaken basa Jawi, ugi ngginakaken basa Indonesia tuwin basa asing. Tiyang Jawi ing Lampung kajawi ngginakaken basa Jawi, ugi ngginakaken basa Lampung-basa Indonesia-tuwin basa asing. Tiyang Jawi ing Suriname kajawi ngginakaken basa Jawi, ugi ngginakaken basa Welandi saha basa Inggris. Semanten ugi, tiyang Jawi ingkang mapan ing wilayah sanesipun kajawi ngginakaken basa Jawi, ugi ngginakaken basa ingkang gesang lan dipunangge ing wilayahipun. Ingkang menika perlu pambudidaya ingkang mirunggan amrih sadaya kabetahan sesambetan (pirantos komunikasi) saged kacekapan.

4. Pambudidaya Ngipuk-ipuk saha Mekaraken Unggah-ungguhing Basa Andharan ing nginggil nerangaken bilih tiyang gesang menika mbetahaken ajen-ingajenan satunggal kaliyan satunggalipun. Kangge mahyakaken raos ajeningajenan menika, ing bebrayan Jawi, tiyang Jawi ngginakaken basa ingkang cocog kaliyan unggah-ungguhing basa. Kadospundi anggenipun ngipuk-ipuk saha mekaraken supados tiyang Jawi ngginakaken basa Jawi cocok kaliyan unggahungguhing basa? a. Panganggenipun ing Kulawarga Kulawarga mujuduaken papan ingkang sepisanan nggladhi basa dhateng putra-putranipun. Minangka papan ingkang sepisanan, kulawarga Jawi kedah ngudi supados basa ingkang dipunginakaken ing salebeting kulawarga inggih menika basa Jawi. Wiwit alit lare-lare kedah dipunkulinakaken ngginakaken basa Jawi. Putra dhateng tiyang sepuh dipunkulinakaken basa krama alus, dene tiyang sepuh dhateng putranipun ngginakaken ngoko alus. Manawi wonten ing griya sampun dipunkulinakaken ngginakaken basa cocok kaliyan unggahungguhipun, pakulinan menika ugi badhe dipunginakaken ing papan sanes. Makaten ugi, nalika sesambetan ing masyarakat, lare ugi lajeng nggadhahi pakulinan ngginakaken basa Jawi. Ingkang menika, lare lajeng badhe manunggal kaliyan masyarakatipun. Budiono Heru Satoto (1995) ing Kedaulatan Rakyat nyerat makaten Apabila peranan sang ibu untuk mengajarkan kata demi kata bahasa Jawa kepada oroknya sejak ia dilahirkan dapat berjalan normal, dan melatih anak-anaknya sejak usia satu tahun tentang tata krama, adat dan kebiasaan Jawa, maka sampai dengan sang anak masuk ke sekolah formal tentulah sang anak akan dapat

dengan mudah pula mengikuti pelajaran bahasa Jawa yang diajarkan sebagai mata pelajaran muatan lokal tingkat Sekolah Dasar sampai SMK/SMU di wilayah Propinsi DUY, Jawa Tengah, dan Jawa Timur sebagai pelaksanaan dari Keputusan Kongres Bahasa Jawa III-2001 di Hotel Ambarrukmo Yogyakarta. Ing seratan menika, Heru Satoto mahyakaken wigatosipun ngulinakaken ngginakaken basa Jawi wiwit saking kulawarga. b. Panganggenipun ing Masyarakat Sesambetan (komunikasi) ing masyarakat Jawi sampun samesthinipun manawi ngginakaken basa Jawi. Dene wujud unggah-ungguh ingkang dipunginakaken inggih cocok kaliyan tatarannipun. Upaminipun sesambetan antawisipun tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem utawi sasamisami ngginakaken ngoko saha ngoko alus (gumantung sinten ingkang wicaantenan utawi O1, sinten ingkang dipunajak wicantenan utawi O2, saha sinten ingkang dipunraosi utawi O3). Komunikasi antawisipun tiyang enem kaliyan tiyang sepuh mesthinipun ngginakaken krama utawi krama alus (gumantung sinten ingkang wicantenan utawi O1, sinten ingkang dipunajak wicantenan utawi O2, saha sinten ingkang dipunraosi utawi O3). Dene manawi ing parepatan-parepatan, wiwahan, saha pengetan ingkang mirunggan kedah ngginakaken unggah-ungguhing basa ingkang wujud krama alus. Kados kawontenan samenika, wonten ing kitha-kitha sangsaya grengseng wontenipun upacara-upacara adat Jawi ingkang ngginakaken basa Jawi krama alus. Kawontenan menika temtu badhe nyengkuyung kawontenan ingkang Njawani, saengga masyarakat Jawi, mliginipun para mudha saged sami sinau basa Jawi saking masyarakat.

c. Panganganggenipun ing Paguyuban-paguyuban Wonten ing masyarakat Jawi, mliginipun ing wewengkon DIY saha Jawa Tengah, taksih kathah paguyuban-paguyuban seni Jawi, kadosta paguyuban macapatan, paguyuban kethoprak, paguyuban karawitan, paguyuban campur sari, paguyuban jathilan, lan sanes-sanesipun. Kajawi menika, paguyuban-paguyuban pamong budaya ugi taksih wonten, upaminipun paguyuban ingkang mligi sinau basa lan seni Jawi, saha paguyuban ingkang mandhegani upacara-upacara adat Jawi. Saking paguyuban-paguyuban menika temtu saged pinangka ajang ingkang ces pleng (efektif) kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken basa Jawi. Panganggenipun basa Jawi ing paguyuban-paguyuban menika adatipun sami dipunudi laras kaliyan unggah-ungguhing basa. Ingkang menika saged kangge patuladhan dhateng masyarakat Jawi, langkung-langkung tumrap para nemneman ingkang nembe nggladhi basa ngginakaken basa Jawi cocok kaliyan unggah-unguhing basa. d. Kawegigan Ngginakaken Basa Jawi Wonten ing masyarakat Jawi samenika, kathah para mudha ingkang kirang kawegigaganipun ngginakaken basa Jawi amargi ajrih klentu, mliginipun ajrih manawi klentu ngginakaken basa Jawi krama inggil. Kawontenan menika pancen ndadosaken keprihatosan kita. Menapa malih tumrap para sepuh, asring para sepuh nggadhahi raos-pangraos dhateng para mudha bilih para mudha samenika basa Jawinipun sampun risak.

Kangge mbengkas kawontenan menika, masyarakat Jawi, mliginipun para sepuh kedah mbudidaya saha nyengkuyung supados para mudha nggadhahi kawegigan ngginakaken basa Jawi. Ingkang baku, para mudha gumregah ngginakaken basa Jawi langkung rumiyin. Bab leres lan botenipun anggenipun ngginakaken basa, dipunudi kaliyan mlampah. Malah ing ngriku, para sepuh kedah nyukani tuladha kadospundi basa ingkang sae lan leres. Manawi para mudha lepat anggenipun ngginakaken basa, lajeng enggal-enggal dipunleresaken. Kanthi menika, para mudha pinangka generasi ingkang nglajengaken nggesangaken basa Jawi sangsaya sae lan leres anggenipun ngginakaken basa Jawi. d. Panganggenipun ing Media Massa Media massa mujudaken pirantos ingkang ugi ces pleng (efektif) kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguh basa Jawi, awit lulamtar media massa sadaya wujudipun unggah-ungguh saged dipuncakaken miturut konteksipun. Ing ngriku, masyarakat Jawi saged sinau ngginakaken basa Jawi ingkang cocok kaliyan unggah-ungguhipun. Namung kemawon, media massa basa Jawi taksih winates. Ing Ngayogyakarta, wonten kalawarti kalih cacahipun ingkang taksih gesang, inggih menika Kalawarti Joko Lodhang saha Mekarsari (Mekarsari kababar sesarengan kaliyan Kadulatan Rakyat saben dinten Kemis). Kajawi kalih menika, ugi wonten kalawarti ingkang kababar dening Pemda DIY saha Sanggar Sastra Jawi, namung oplahipun winates sanget. Ing Jawa Timur wonten Kalawarti Panyebar Semangat saha Jaya Baya. Kajawi media massa ingkang arupi kalawarti, ing Ngayogyakarta wonten televisi lokal ingkang nggadhahi adicara ingkang ngginakaken basa Jawi. Ing

TVRI Ngayogyakarta wonten giaran Pangkur Jenggleng, Angkringan, saha Pawartos Basa Jawi. Ing Joga TV ingkang nggadahi moto tradisi tiada henti wonten wartos basa Jawi, campur sari, saha giaran kesenian Jawi. Kawontenan menika temtu sangsaya nggrengsengaken mekaripun budaya Jawi. d. Cak-cakanipun Unggah-ungguhing Basa ing Pamulangan Wonten ing pawiyatan sekolah dasar dumugi pawiyatan luhur, pamulangipun basa Jawi kedah ngecakaken unggah-ungguhing basa. Caranipun mulangaken kedah langsung praktek ngginakaken basa manut unggahungguhipun. Pamulangan basa Jawi ingkang sampun mataun-taun ngapalaken jinising unggah-ungguh saha ngapalaken tembung tembung ngoko dados krama tuwin krama dados ngoko, kedah dipungantos pamulangan ingkang langsung mraktekaken utawi ngecakaken basa laras kaliyan unggah-ungguhipun. Manawi kacocokaken kaliyan kurikulum ingkang lumampah samenika, kurikulum berbasis kompetensi, cak-cakanipun wulangan unggah-ungguh basa Jawi kedah saged ndamel siswa trampil ngginakaken basa ingkang laras kaliyan unggah-ungguhing basa, saengga murid nggadhahi kompetensi komunikasi basa Jawi. 5. Panutup Unggah-ungguh basa mujudaken perangan ingkang baku soksintena ingkang ngginakaken basa Jawi. Tiyang dipunwastani sae basanipun, manawi piyambakipun saged ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi leres. Klentu anggenipun ngecakaken unggah-ungguh basa, badhe dipunwastani tiyang ingkang boten mangertos unggahungguh utawi sopan santun. Ingkang menika, kedah wonten pambudidaya ingkang mirunggan kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguh basa.

Unggah-ungguhing basa Jawi bakunipun kaperang adhedhasar dipunginakaken lan botenipun tembung-tembung ingkang nggadhahi raos alus ing tataran ngoko menapa dene krama, inggih menika (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha (4) krama alus. Sajawining sekawan wujud menika, upami wonten (upaminipun madya) mujudaken basa padintenan ingkang boten baku. Dene ingkang dipunkajengaken raos alus inggih menika tembung-tembung ingkang klebet golonganing krama inggil. Pambudidaya ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguhing basa saged lumantar: (a) panganggenipun ing salebeting kulawarga, (b) panganggenipun ing masyarakat, (c) panganganggenipun ing paguyuban-paguyuban, (d) kawegigan ngginakaken basa Jawi, (e) panganggenipun ing media massa, saha (f) cakcakanipun unggah-ungguhing basa ing pamulangan. DAFTAR PUSTAKA Dwiraharjo, Maryana. 2002. Transhirarkhi dalam Bahasa Jawa dan Masyarakat Tuturnya. Proseding Kebahasaan Kongres Bahasa Jawa. Yogyakarta: Pemda DIY. Herusatoto, Budiono. 2005. Era Baru Kontemporer bagi Budaya Jawa dalam Kedaulatan Rakyat, Minggu Pahing 15 Mei 2005. Hudson, R. A. 1980. Sosiolinguistics. Cambridge: University Press. Kridalaksana, Harimurti. 1982. Kamus Linguistik. Jakarta: Gramedia. Kementerian PP dan K RI. 1946. Kartibasa. Djakarta. Nababan, P.W.J. 1986. Sosiolinguitik suatu Pengantar. Jakarta: Gramedia. Poerwadarminta, W.J.S. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff Kolff. Poedjosoedarmo, Soepomo, dkk. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa. Sudaryanto. 1989. Pemanfaatan Potensi Bahasa. Yogyakarta: Kanisius. Sudaryanto (editor). 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press.

Suharti, dkk. 1993. Kajian Unggah-ungguh Bahasa Jawa dalam Keluarga Jawa di Yogyakarta. Yogyakarta: Lembaga Penelitian. Sutrisna Wibawa, 2005. Identifikasi Ketidaktepatan Penggunaan Unggah-ungguh Bahasa Jawa pada Mahasiswa Program Studi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Bahasa dan Seni. Suratman, Darsiti, 1991. Pembinaan Bahasa Jawa di Lingkungan Keluarga Semarang: Kongres Bahasa Jawa I.