UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

dokumen-dokumen yang mirip
PAMBUDIDAYA NGIPUK-IPUK SAHA MEKARAKEN UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI

BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

IDENTIFIKASI KETIDAKTEPATAN PENGGUNAAN UNGGAH-UNGGUH BAHASA JAWA MAHASISWA PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

menyusun teks lisan sesuai unggahungguh. berbagai keperluan. C. Tujuan Pembelajaran

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

VARIASI PEMAKAIAN BAHASA JAWA TENAGA MEDIS RANAH PUSKESMAS DI KECAMATAN WINONG KABUPATEN PATI (KAJIAN SOSIOLINGUISTIK)

1. Menerapkan unggah-ungguh jawa untuk berpamitan. 2. Menerapkan unggah-ungguh jawa untuk menyapa. 3. Menerapkan unggah-ungguh jawa untuk berkenalan.

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

KEMAMPUAN GURU DALAM TINGKAT TUTUR

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi KI Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

BAB I PENDAHULUAN. A. Latar Belakang Masalah. Bahasa merupakan suatu keunggulan kecerdasan manusia yang

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

PERGANTIAN MAKNA DALAM BAHASA JAWA KRAMA. Oleh: Kustri Sumiyardana ABSTRAK

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

KONFLIK KELUARGA WONTEN ING NOVEL KETEMU SUWIRANING DAGING ANGGITANIPUN CH. IS. SARDJOKO

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

menyusun teks lisan sesuai unggahungguh. berbagai keperluan.

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

PANGANGGENIPUN LELEWANING BASA PERTENTANGAN WONTEN ING ROMAN CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

UNDHA USUK BASA JAWI WONTEN ING SERAT PEDHALANGAN LAMPAHAN KRESNA DUTA SKRIPSI

ANALISIS KESALAHAN BERBAHASA PADA PENGGUNAAN UNGGAH-UNGGUH BASA DALAM WACANA DIALOG KARANGAN SISWA KELAS VII SMP NEGERI 16 SURAKARTA

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

BASA JAWI WALIKAN ING DHUKUH GANDON DHUSUN BALEGONDO KECAMATAN NGARIBOYO KABUPATEN MAGETAN

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA MADURA ADHEDHASAR BAUSASTRA JAWA KALIYAN KAMUS MADURA SKRIPSI

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

Caranipun Nggegulang Budi Pakarti. Tumrap Generasi Mudha. Lumantar Piwucalan Basa Jawi. Dening : Imam Riyadi. Abstrak

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

MORFOLOGI TEMBUNG-TEMBUNG BASA JAWI KINA ING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R. TG. JASAWIDAGDA SKRIPSI

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

SIPATING PARAGA ING CEBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA)

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PRANATANING GÊSANG ING SÊRAT PURWÅKARÅNÅ. Yesi Permata Eko Wardani

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang lan salam karaharjan tumrap kita sami.

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

ANALISIS PURWAKANTHI WONTEN ING CAKEPAN LAGU BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

KALEPATAN SKRIPSI. Dening

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

Dening : Muhamad Al Ma Arif NIM

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

SKRIPSI. Pandadarann. dening NIM PROGRAM BAHASA DAN SENI FAKULTAS

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

KISI-KISI PENULISAN SOAL

MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. Skripsi

PIWULANG SKRIPSI. dening

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

FUNGSI SIMULFIKS KANGGE NGGAMBARAKEN CITRA PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

SKRIPSI. Kasusun dening Rista Sapta Perwitasari NIM

Transkripsi:

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI* Dening Sutrisna Wibawa Universitas Negeri Yogyakarta 1. Pambuka Unggah-ungguhing basa mujudaken perangan ingkang baku soksintena ingkang ngginakaken basa Jawi. Tiyang dipunwastani sae basanipun, manawi piyambakipun saged ngecakaken unggah-ungguhing basa kanthi leres. Klentu anggenipun ngecakaken unggah-ungguhing basa, badhe dipunwastani tiyang ingkang boten mangertos unggah-ungguh utawi sopan santun. Inggih amargi wigatosaipun unggah-ungguhing basa wonten ing basa Jawi, pramila kedah wonten pambudidaya ingkang mirunggan kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguhing basa Jawi. Wujudipun unggah-ungguhing basa ing jaman samenika sampun beda kaliyan jaman rumiyin. Manawi jaman rumiyin, wujudipun unggah-ungguhing basa menika maneka warni, ing jaman samenika unggah-ungguh ingkang maneka warni menika sampun boten sadaya dipunangge ing madyaning masyarakat. Wonten Parepatan Kongres Basa Jawi I taun 1991 ingkang kapacak ing buku Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa (Sudaryanto ed., 1991:5), dipuntetepaken bilih unggah-ungguhing basa Jawi menika bakunipun wonten sekawan, inggih menika (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha (4) krama alus. Sajawining sekawan wujud menika, upami wonten (upaminipun madya) mujudaken basa padintenan ingkang boten baku. Ing makalah menika, badhe dipunrembag sekawan wujud menika.

2. Wujudipun Unggah-ungguhing Basa Jawi Unggah-ungguhing basa Jawi inggih menika sistem ragam basa miturut sesambetanipun antawisipun pamicara (Kridalaksana, 1992:10). Wonten ing ilmu sosiolinguistik, unggah-ungguhing basa dipunwastani ragam fungsiolek, inggih menika ragam ingkang wonten sesambetanipun kaliyan swasana panganggenipun basa utawi tataran formalitas (Nababan, 1986:14). Blegeripun unggah-ungguh menika wonten kalih, inggih menika unggahungguh krama saha ngoko. Manawi dipuntingali saking aspek tataran basa atawi diglosia, wonten variasi inggil inggih menika tataran krama saha variasi andhap inggih menika tataran ngoko (Hudson, 1980:53). Antawisipun tataran krama saha ngoko wonten ragam madya ingkang mujudaken tingkat tutur inggil ingkang sampun ewah kanthi proses informalisasi saking ragam formal dhateng ragam informal. Manawi dipunrunut saking sejarah, wujudipun unggah-ungguhing basa Jawi menika wonten maneka warni, inggih menika: 1. Manut buku Karti Basa (Kementerian Pendidikan, Pengajaran dan Kebudayaan Republik Indonesia, 1946:64-87), unggah-ungguh menika wonten pitung tataran: a. Ngoko: (1) Ngoko lugu (2) Ngoko andhap (a) Antya basa (b) Basa antya b. Madya: (1) Madya ngoko

(2) Madyantara (3) Madya krama c. Krama: (1) Mudha krama (2) Kramantara (3) Wredha krama d. Krama inggil e. Basa kadhaton f. Krama desa g. Basa kasar 2. Manut buku Sarining Paramasastra Jawa (W.J.S. Poerwadarminta, 1953:9), unggah-ungguhing basa kaperang dados: a. Basa ngoko: (1) Ngoko lugu (2) Ngoko andhap b. Basa madya: (a) Madya ngoko (b) Madya krama (c) Madyantara c. Basa krama: (1) Mudha krama (2) Kramantara (3) Wredhakrama (4) Krama inggil

(5) Krama desa d. Basa kedhaton (bagongan) Ing buku menika dipunterangaken bilih unggah-ungguhing basa ingkang maneka warni menika ingkang asring dipunginakaken namung tiga, inggih menika: basa ngoko, mudha krama, saha krama inggil. 3. Manut panaliten ingkang dipunayahi dening Soepomo Poedjosoedarmo sakanca nalika taun 1979, (Poedjosoedarmo, 1979:13), unggah-ungguhing basa saged dipungerba kados ing ngandhap menika. a. Krama: (1) Mudha krama (2) Kramantara (sampun awis-wis kamiringaken) (3) Wredha krama (sampun awis-wis kamiringaken) b. Madya: (1) Madya krama (2) Madyantara (3) Madya ngoko c. Ngoko: (1) Basa antya (2) Antya basa (3) Ngoko lugu Saking maneka warni sumber (taun 1946 dumudi 1980-nan), wujudipun unggah-ungguhing basa mratahipun inggih kados ingkang katur ing nginggil. Nembe taun 1980-nan dumugi 1990-nan kathah parepatan-perepatan ingkang ngrembag bab unggah-ungguhing basa supados kadamel prasaja, boten kangelan anggenipun sinau,

saha saged dipuncakaken kangge sesambetan ing bebrayan, langkung-langkung tumrap generasi mudha. Wusuna, ing tahun 1991 wonten ing Parepatan Agung Kongres Basa Jawi I ingkang dipunpacak ing buku Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa (Sudaryanto ed., 1991:5), dipuntetepaken bilih unggah-ungguhing basa Jawi menika kaperang adhedhasar dipunginakaken lan botenipun tembung-tembung ingkang nggadhahi raos alus ing tataran ngoko menapa dene krama. Kanthi adhedhasar menika, unggah-ungguhing basa kaperang dados (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha (4) krama alus. Sajawining sekawan wujud menika, upami wonten (upaminipun madya) mujudaken basa padintenan ingkang boten baku. Dene ingkang dipunkajengaken raos alus inggih menika tembung-tembung ingkang klebet golonganing krama inggil. Tuladha: Ngoko (ngoko lugu) Ooo, yawis ta saiki crita liyane wae. Karo maneh ora apik bengi-bengi teka crita kaya ngono, wis, wis eh, mengko sedhela engkas yen wis kecekel rak tentrem Ngoko alus: Ibu tindak ngendi ta Yu? Kok ora kondur-kondur! Bapak ya ora ana ndalem, tindak ngendi ta? Krama (krama lugu) Inggih Pak, kula Darmanto. Kula badhe taken, menapa Bapak sumerep griyanipun Pak Agung? Krama alus Lajeng samenika Bapak badhe tindak pundi? Pakdhe badhe tindak menapa wonten ndalem?

Wujudipun unggah-ungguhing basa manut Buku Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa (Sudaryanto ed., 1991) menika lajeng dados pandom ing pamulanganpamulangan ing Pulo Jawi (DIY, Jawa Tengah, saha Jawa Timur). 3. Panganggeninipun Unggah-ungguhing Basa Jawi ing Masyarakat Wonten ing bebrayan Jawi samenika, unggah-ungguhing basa taksih lumampah kanthi sae, sinaosa panganggenipun taksih wonten ingkang klentu. Jer unggah-ungguhing basa menika mujudaken satunggaling subasita Jawi. Panalitenipun Darsiti Suratman (1991:22) manggihaken panganggenipun basa Jawi ing lingkungan kulawarga pasca proklamasi kemerdekaan, makaten: ngoko campur kaliyan krama inggil 60%, ngoko campur kaliyan basa Indonesia 15%, krama inggil 13%, ngoko lugu 6%, krama campur kaliyan basa Indonesia 1,7%, basa Indonesia 1,7%, saha ngoko campur basa asing 1,75%. Saking panalitenipun menika, saged dipunpendhet dudutan bilih kulawarga Jawi ing titi wanci menika taksih ngecakaken unggah-ungguhing basa kangge sesambetan. 4. Cak-cakanipun Unggah-ungguhing Basa ing Pamulangan Caranipun mulangaken kedah langsung praktek ngginakaken basa manut unggah-ungguhipun. Pamulangan basa Jawi ingkang sampun mataun-taun ngapalaken jinising unggah-ungguh saha ngapalaken tembung tembung ngoko dados krama tuwin krama dados ngoko, kedah dipungantos pamulangan ingkang langsung mraktekaken utawi ngecakaken basa laras kaliyan unggah-ungguhipun. Manawi kacocokaken kaliyan kurikulum ingkang lumampah samenika, kurikulum berbasis kompetensi, cak-cakanipun wulangan unggah-ungguh basa Jawi kedah

saged ndamel siswa trampil ngginakaken basa ingkang laras kaliyan unggahungguhing basa, saengga murid nggadhahi kompetensi komunikasi basa Jawi. 5. Panutup Unggah-ungguh basa mujudaken perangan ingkang baku soksintena ingkang ngginakaken basa Jawi. Tiyang dipunwastani sae basanipun, manawi piyambakipun saged ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi leres. Unggah-ungguhing basa Jawi bakunipun kaperang adhedhasar dipunginakaken lan botenipun tembung-tembung ingkang nggadhahi raos alus ing tataran ngoko menapa dene krama, inggih menika (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha (4) krama alus. Sajawining sekawan wujud menika, upami wonten (upaminipun madya) mujudaken basa padintenan ingkang boten baku. Dene ingkang dipunkajengaken raos alus inggih menika tembung-tembung ingkang klebet golonganing krama inggil. Caranipun mulangaken kedah langsung praktek ngginakaken basa manut unggah-ungguhipun.

DAFTAR PUSTAKA Hudson, R. A. 1980. Sosiolinguistics. Cambridge: University Press. Kridalaksana, Harimurti. 1982. Kamus Linguistik. Jakarta: Gramedia. Kementerian PP dan K RI. 1946. Kartibasa. Djakarta. Nababan, P.W.J. 1986. Sosiolinguitik suatu Pengantar. Jakarta: Gramedia. Poerwadarminta, W.J.S. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff Kolff. Poedjosoedarmo, Soepomo, dkk. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa. Sudaryanto (editor). 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press. Suratman, Darsiti, 1991. Pembinaan Bahasa Jawa di Lingkungan Keluarga Semarang: Kongres Bahasa Jawa I. * Makalah kangge Pengabdian kepada Masyarakat Guru-guru SD

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI Dening Sutrisna Wibawa Universitas Negeri Yogyakarta Makalah kangge Pengabdian kepada Masyarakat Ing Cabang Dinas P & K Kecamatan Tepus-Gunungkidul Tanggal 2005