MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH. Restian Nur Salikhin

dokumen-dokumen yang mirip
BAB III CARA PANALITEN. metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode

DAMEL MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI BASIS WEB TUMRAP SISWA VIII SMP

TRADHISI ABID-ABID ING DHUSUN TEGALREJO DESA PAHONJEAN KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CLACAP

TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP SKRIPSI

TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS SKRIPSI

MEDIA PASINAON DOLANAN ULAR TANGGA CANGKRIMAN MIGUNAKAKEN PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

KAPITADOSAN ING PASAREAN MBAH ASENG WONTEN DESA GOLAN KECAMATAN SUKOREJO KABUPATEN PONOROGO

TRADHISI ZIARAH NYADRAN PASAREYAN DALEM PARA NATA PAJIMATAN, DESA GIRIREJO, KECAMATAN IMOGIRI, KABUPATEN BANTUL. Monica Indah Era Pertiwi

PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA SKRIPSI

PIWULANG SKRIPSI. dening

RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG SKRIPSI

MEDIA PASINAON MAOS UKARA MAWI AKSARA JAWA KANTHI POP-UP BOOK KANGGE SISWA KELAS VII SMPN 1 IMOGIRI

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN

KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA SKRIPSI

UPACARA RUWAT RIGEN WONTEN ING KECAMATAN KLEDUNG KABUPATEN TEMANGGUNG

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO SKRIPSI

TRADISI ZIARAH MAKAM SUNAN PANDAN ARAN ING DESA PASEBAN KECAMATAN BAYAT KABUPATEN KLATEN. Agung Kurniadi

KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 SKRIPSI

LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA SKRIPSI

STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES SKRIPSI

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI SKRIPSI

DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA SKRIPSI

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI*

TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa) SKRIPSI

UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN SKRIPSI

WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN SKRIPSI

KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA SKRIPSI

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA SKRIPSI

Panganggening Dwibasa dening Siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara

STRUKTUR TEKS SERAT PANITIBAYA

PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK

KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN KHOTBAH JANGKEP ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) SKRIPSI

KAJIAN WACANA BASA JAWI WONTEN ING DISPLAY PICTURE BLACKBERRY MESSENGER

SIPATING PARAGA ING CEBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA)

ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG SKRIPSI

MEDIA DOLANAN TELU DADI PARIKAN NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (SosiologiPanganggit) SKRIPSI

KAJIAN INFERENSI SALEBETING WACANA MURAL BASA JAWI WONTEN ING KITHA YOGYAKARTA. Arif Rohmawan Mulyana

SKRIPSI. Dening: Ana Muslimati Amalia ( )

SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER DESEMBER TAUN 2013 SKRIPSI

MAKNA SIMBOLIS MOTIF BATHIK BUSANANING PARAGA WONTEN ING PAGELARAN SENDRATARI RAMAYANA BALLET PRAMBANAN SKRIPSI

DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP SKRIPSI

PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL. Kaaturaken Dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. Skripsi

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA SUNDA (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Sunda) Dina Rizqi Kamala

MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG SKRIPSI

SKRIPSI Dipunajengaken. dening

SKRIPSI. dening : Melin Indah Lestari NIM

TETANDHINGAN METODE COOPERATIVE SCRIPT SAHA METODE NUMBERED HEADS TOGETHER TUMRAP KASAGEDAN MAOS WACANA AKSARA JAWA SISWA KELAS X SKRIPSI

DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra) SKRIPSI

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng siang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

SKRIPSI. dening Anastasia Septianggi Sri Hartanti NIM

DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT ASMARADANA MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP. Indra Dharmawan

FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN SKRIPSI

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (Tinjauan Psikologi Sastra) SKRIPSI

PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA BAJANG KALADETE MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010 SKRIPSI

BAB II GEGARAN TEORI. 1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif. Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa

UPACARA TRADHISI SURAN WONTEN ING PETILASAN GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGO SKRIPSI

SKRIPSI. Dening: Dewi Pangestu Said NIM PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI

SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 SKRIPSI

TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG SKRIPSI

KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI

SETTING SAHA PARAGA SUPERNATURAL ING RUBRIK JAGADING LELEMBUT KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

UKARA CAMBORAN WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JULI-SEPTEMBER 2012 SKRIPSI

Mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013 SKRIPSI

REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING NOVELET MBOK RANDHA SAKA JOGJA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. SKRIPSI KaaturakenDhatengJurusanPendidikanBahasa Daerah

KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA) SKRIPSI

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

Assalamu alaikum Wr. Wb. Sugeng enjang, mugi kawilujengan, kasarasan saha karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

IMPLIKATUR ING HOMILI RAMA WONTEN ING MISA EKARISTI

HUMOR DIALEK JAWA TIMURAN SALEBETING KEMPALAN VIDEO YOUTUBE ANGGITANIPUN BAYU SKAK SKRIPSI

HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014 SKRIPSI

RITUAL ILMU KEJAWEN WONTEN ING KESENIAN EBEG TURONGGO JATI DESA KAMULYAN KECAMATAN BANTARSARI KABUPATEN CILACAP. Galih Prawita

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN SKRIPSI

ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION SKRIPSI

CITRA SAHA KETIDAKADILAN GENDER TUMRAP WANODYA ING NOVEL PISUNGSUNG KANG WINGIT ANGGITANIPUN ATAS S. DANUSUBROTO

ANALISIS SEMANTIK NAMA SUKET WONTEN ING DESA GROGOL PALIYAN GUNUNGKIDUL. Skripsi

MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X SKRIPSI

PEPALI PAGESANGAN TIYANG JAWI WONTEN ING DESA NUNGKULAN KECAMATAN GIRIMARTO KABUPATEN WONOGIRI

DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII SKRIPSI

BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA SKRIPSI

TEORI FUNGSI, LINGKUNGAN TINDAKAN,, CARA NEPANGAKEN PARAGA, SAHA SKEMA STRUKTUR DENING VLADIMIR PROPP ING DONGENG AJISAKA SAHA KI AGENG SELA SKRIPSI

RAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWA SKRIPSI. Kaaturaken Dhumateng Fakultas Basa dan Seni

2. Satleraman ngengingi Sastra Jawi Kina

UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG PAK GURU KALAWARTI DJAKA LODANG SKRIPSI

DAMEL BUKU SINAU MAOS SAHA NYERAT AKSARA JAWA KANTHI IRAH-IRAHAN CARAKA KANGGE SISWA SMP SKRIPSI

IMPLIKATUR WACANA DHAT NYENG WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO SKRIPSI

ANALISIS SEMANTIK LEKSIKAL NAMA-NAMA PISANG

BEDANIPUN METODE MAKE A MATCH SAHA PICTURE AND PICTURE TUMRAP KAPRIGELAN MAOS WAOSAN SINERAT MAWI AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP N 3 GODEAN SKRIPSI

KAJIAN JANGKEPING WACANA SOSIAL ING RUBRIK WANITA LAN KULAWARGA KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI SEPTEMBER-NOVEMBER 2014 SKRIPSI

MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013 SKRIPSI

SKRIPSI. Kasusun dening Rista Sapta Perwitasari NIM

Transkripsi:

MAKNA SIMBOLIS SALEBETING SESAJEN RIKALA DAMEL GRIYA ING DESA SIKASUR KECAMATAN BELIK KABUPATEN PEMALANG JAWA TENGAH Restian Nur Salikhin 12205244046 Sarining Panaliten Panaliten menika dipunadani wonten ing Desa Sikasur Kecamatan Belik, Kabupaten Pemalang. Panaliten menika gadhah ancas kangge sepisan, Ngandharaken menapa kemawon ubarampe ingkang sesajen rikala damel griya wonten ing desa Sikasur Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang Jawa Tengah, lan kaping kalih, kanggengandharaken menapa kemawon makna simbolis saking mapinten pinten Ubarampening sesajen ingkang dipunginakaken rikala damel griya wonten ing desa Sikasur Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang Jawa Tengah. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kalitatif. Caranipun ngempalaken data wonten ing salebeting panaliten menika ngginakaken observasi terlibat, wawancara mendalam saha dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika paniliti piyambak ingkang dipunbiyantu dening piranti perekam, kamera, foto saha buku cathetan. Caranipun ngesahaken data migunakaken triangulasi sumber lan metode. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika mawi teknik analisis induktif. Asiling panaliten nedhahaken bilih mula bikakipun tradhisi/adat istiadat paring sesajen rikala damel griya sampun wonten wiwit jaman rumiyin, kanthi dipuparagani dening Kanjeng Sunan Kalijaga. Ubarampe sesajen ingkang dipuncawisaken rikala damel griya menika kadosta: jajanan/juada pasar, kembang telon, wewedangan (teh manis, teh pait, kopi manis, kopi pait, toya wening, saha arang arang kambang), klapa/krambil, pantun, tebu, kisang 7 jinis, godhong salam, suket jampang priyas, rasukanipun tiyang setri, saha gendhera. Makna simbolis saking sedaya ubarampe sesajen rikala damel griya sakmenika beda beda ananging gadhah ancas ingkang sami, inggih menika minangka wujud raos sukur saha pangajab dhateng Gusti Allah supados griya ingkang sakmenika dipundamel saged lancar saha paring paedah kangge sinten kemawon mliginipun tiyang ingkang kagungan griya kasebat. Pamijining tembung: makna simbolis, sesajen, damel griya Abstract The Research arranged at Sikasur Village, Belik District, Pemalang Regency, Middle Java. The research was having a purpose first, to explain what needed equipment thats using for ritual offerings when make or build a house at Sikasur Village, Belik District, Pemalang Regency, Middle Java; number second, to explain meaning of simbolyc from equipment at ritual offerings when building a house on Sikasur Village, Belik District, Pemalang Regency, Middle Java. The research used qualitative method. The data was gathered using participant observation, in depth interview, and documentation. The research 1

devices were the researcher herself with the aid of recorder, photo camera and note book. The data verification method was by using resource triangulation and method triangulation. The data analysis technique was inductive analysis. The research outcomes show that, the be gining of that s offerings culture when making or building a house was exist from the pass, from Sunan Kalijaga period offerings prepare for instrumen when make a house are, tradisonal market snack, some kind flower, beverage, coconut, rice plant, suger trees, seven kind banana, salam leaf, jampang priyas grass, women cloths, and nation flag. Simbolyc meaning from all instrumen is have a diffrent meaning but was with have a same purpose pray and thanks for God, for smoothness when making or building a house, and can give more benafit for any one else, in particular people who having that house. Keywords: symbolic, offerings, build a house, Sikasur A. Purwaka Wujud kabudayan ingkang wonten ing tanah Jawi sakmenika cacahipun sampun kathah sanget, saben tlatah gadhah kabudayan ingkang beda beda ananging ancasipun sami. Ingkang dipundadosaken dhasar saha pandom awit saking kabudayan priyantun Jawi inggih menika kapitadosan/kepercayaan. Kapitadosan ingkang dipunanut dening masarakat Jawi sakmenika kathah ingkang beda ananging ugi wonten saperangan ingkang sami. Kapitadosan masarakat Jawi sejatosipun taksih adhedhasar kaliyan mitos saha paugeran saking leluhur/sesepuh jaman rumiyin. Tradhisi masarakat Jawi taksih asring dipuntindakaken dumugi sakmenika, biasanipun gadhah ancas kangge mengeti salah setunggaling prastawa ingkang wigatos, kangge nyambut priyantun ingkang dipunkurmati, kangge ndungkap raos syukur awit setunggaling kanikmatan ingkang dipunsukani dening Gusti, kangge perantara komunikasi antawisipun masarakat kaliyan jagading lelembut, lsp. Tradhisi ingkang gayut kaliyan jagading lelembut menika sampun pinesti gadhah mapinten pinten paugeran ingkang kedah dipungatosaken, kadosta kedah nggatosaken tata krama utawi tata cara ingkang dipunremeni dening lelembut, pandonga utawi jampi jampi, sesajen, lsp. Sesajen utawi salah setunggaling sarat ingkang kalebet tradhisi wonten ing masarakat Jawi sakmenika temtunipun gadhah ancas saha paedah ingkang wigatos sanget kangge ingkang nglampahi menapa dene ingkang nindakaken. Ancas saha paedah menika dipunginakaken minangka sarana kangge ndungkap raos syukur marang Gusti, ugi saged kangge sarana nuwun sewu marang makhluk gaib ingkang manggen wonten mriku, ananging kadhang kala taksih dipunsalah ginakaken kangge kawigatosan sanes. Gegaran Teori 1. Kabudayan Miturut elmu antropologi, kabudayan inggih menika sedaya sistem gagasan, tumindak saha asilipun karya manungsa kangge 2

pagesangan masarakat ingkang dipundadosaken gadhahanipun manungsa kanthi sinau (Koentjaraningrat,1990: 180). Bab menika dipensengkuyung dening pamanggihipun S. Padmosoekotjo lumantar Herusatoto (2008: 8), bilih etimologikal (negesi tembung) saking tembung budaya asalipun saking wujuding akar tembung bu ingkang tegesipun sipat utawi kahanan, ewondene tembung daya ingkang tegesipun budi (kekiyatan nalar, utawi pamanggih); pramila budaya menika ateges sipat utawi kahanan saking budi ingkang dipunsebat nalar utawi pamanggih. Kalih tembung ingkang gadhah setunggal teges menika budi lan daya dipunwujudaken minangka tembung majemuk (kasaroja) dados budidaya, lan ewah/geser pocapanipun dados langkung singkat (mingsed) inggih menika budaya. 2. Folklor Folklore minangka budaya ingkang wonten ing madyanipun masarakat menika kalebet ciri khas ingkang dipunpanggihi wonten ing mapinten pinten pagesangan suku bangsa ing donya mliginipun wonten ing Indonesia. Budaya kasebat tuwuh sesarengan kaliyan ngrembakanipun pagesangan suku suku bangsa menika piyamabak kados dene ingkang dipunandharaken dening Titus (2013: 11) bilih Pangalaman lan piwulang para sesepuh saha anggota suku ingkang sakmenika dipunformulasikaken dados cariyos, dongeng ingkang dipunandharaken mawi lisan utawi boten lisan marang anggota kulawarga sukunipun ingkang teras ngrembaka cacahipun, tegespun inggih menika bilih folklore menika kalebet setunggaling budaya ingkang ngrembaka lumantar pangalaman saha piwulang ingkang dipundadosaken cariyos menapa dene dongeng ingkang sumebar mawi lisan utawi boten lisan tumrap anggota sukunipun adhedhasar kabudayan, tradhisi/adat istiadat ingkang wonten. Wonten ing paneliten menika adat/tradhisi ngawontenaken sesajen rikala damel griya kalebet folklor adat kebiasaan, amargi masarakat Desa Sikasur menika saperangan ageng sampun pinesthi nyawisaken sesajen rikala piyambakipun damel griya saengga bab kasebat sampun dados kebiasaan ingkang tansah dipuntindakaken saben prosesi damel griya kala wau. Sinaosa ingkang nindakaken adat/tradhisi namung saperangan ageng ananging menika sampun dados ciri khas/adat ingkang wonten ing Desa Sikasur amargi menika kala wau gumantung kaliyan kapitadosan ingkang dipunanut dening masarakatipun piyambak. 3. Makna Simbolis Miturut pamanggihipun Jose Ortega Y lumantar Herusatoto (2008: 16) minangka maknhluk budaya, manungsa kedah tansah madosi saha ngrembakaken sedaya bakat ingkang sampun wonten, menapa dene nyiptakaken kamungkinan kamungkinan enggal wonten ing pagesangan; ingkang awujud utawi kaperang saking pamanggih, simbol simbol, saha nilai nilai minangka asiling karya lan tumindak manungsa. Tembung simbol piyambak asalipun saking tembung Yunani inggih menika symbolos ingkang tegesipun tandha utawi titikan ingkang paring pangertosan setunggaling bab marang sanes (Herusatoto,2008: 17). 3

Wonten ing konteks menika simbolis wonten ing adat istiadat ngawontenaken sesajen rikala damel griya nujokaken kaginaan saha paedah salebetipn maneka werni ubarampe sesajen. Wujudipun sesajen ingkang wosipun maneka werni minangka sesembahan dhumateng Gusti Allah swt saha kangge rohipun sesepuh desa/nenek moyang. Sesajen sesembahan menika gadhah ancas kangge ngonjukaken raos syukur dhateng Gusti Allah saha nyeyuwun supados sadangunipun damel griya menika saged kalampahann kanthi lancar tanpa alangan menapa kemawon. 4. Sesajen Sesajen inggih menika akulturasi pikiran, pepinginan, saha pangraosing paraga kangge nyaketaken diri dhumateng Gusti. Wonten ing kamus lengkap bahasa Indonesia (2005: 635) ngandharaken bilih sesajen ugi dipunwastani dhedhaharan, maneka werni kembang, lsp ingkang dipunparingaken marang makhluk alus minangka sesembahan. Sesajen minangka sesembahan tansah dipunwontenaken saha dipuncaosaken minangka simbol semangat spiritualisme.kapitadosan ingkang dipunanut kaliyan masarakat sakmenika bilih sesajen gadhah setunggaling fungsi ingkang wigatos, fungsi sesajen miturut Koentjaraningrat (1984: 365)inggih menika minangka fungsi simbolik kangge pawicantenan kaliyan makhluk ghaib. Sesajen ugi asring dipunwastani sajian / hidangan. Sesajen gadhah nillai sakral wonten ing saperangan ageng masarakat kita wonten umumipun. Wonten salebeting panaliten menika sesajen ingkang dipunginakaken rikala damel griya menika maneka werni wujudipun kadosta dhedhaharan, unjukan, tetuwhan, lsp. sesajen ingkang dipunkawontenaken rikala damel griya menika gadhah ancas kangge ngonjukaken raos syukur dhateng ingkang paring pagesangan saha ingkang gadhah kekiyatan langkung inggil saking manungsa inggih menika Gusti Allah swt. B. Cara Panaliten Panaliten kanthi irah irahan Makna Simbolis Salebeting Sesajen Rikala Damel Griya Ing Desa Sikasur Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang Jawa Tengah sakmenika badhe dipunteliti ngginakaken metode panaliten kualitatif. kajian kualitatif inggih menika prosedur utawi cara panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif ingkang awujud tetembungan kaserat utawi lisan saking tiyang saha tumindak ingkang saged dipuntingali.kangge ngempalaken data lapangan menika paniliti ngginakaken metode wawancara mendalam, observasi berpartisipasi saha dokumentasi ingkang dipuntindakaken mawi alamiah kangge dipuninterpretasikaken data datanipun. Metode observasi partisipan dipuntindakaken kanthi ndherek nyengkuyung mawi langsung wonten ing griyanipun Bapak Riyanto kangge ndeskripsikaken setting, nyiapaken sesajen ingkang sakmangke badhe dipunpasang wonten griya saha nyerat jinisipun ubarampe sesajen menapa kemawon ingkang dipuncawisaken. Metode wawancara sakmenika 4

dipuntindakaken mawi langsung inggih menika kanthi ngginakaken daftar pitakenan/pedoman wawancara marang 5narasumber (informan).kangge nemtokaken informan menika panaliten ngginakaken cara purposive sampling (Moleong, 2006:165) inggih menika nemtokaken informan minangka sempel kanthi milet subyek ingkang saged paring data akurat. Lajeng metode dokumentasi dipuntindakaken kangge pados data bab sejarah/asal usul adat ngawontenaken sesajen rikala damel griya, prosesi pemasangan sesajen, papan ingkang dipunginakaken kangge pasang sesajen, saha ubarampe sesajen ingkang dipuncawisaken.papan ingkang mligi kangge nindakaken panaliten awujud griya ingkang taksih dipundamel/bangun wonten ing desa Sikasur inggih menika dalemipun Bp. Riyanto. Data ingkang sampun dipunkemapalaken dipunanalisis ngginakaken analisis induktif. Analisis induktif miturut pamanggihipun Endraswara (2006: 175) bilih analisis menika dipunginakaken amargi gadhah ancas supados informasi ingkang sampun dipunpendhet sakminaka cetha. Tekhink utawi cara kangge ngesahaken data wonten ing panaliten sakmenika ngginakaken teknik triangulasi sumbersaha triangulasi data. C. Asiling Panaliten saha Pirembagan 1. Asiling Panaliten Lokasi utawi papan dipunwontenaken adat/tradhisi paring sesajen rikala damel griya menika mawi geografis wonten ing desa Sikasur, kecamatan Belik kabupaten Pemalang jarakipun udakawis 32 kilometer saking pusat kutha Pemalang. Wonten ing sisih wetan bebatesan kaliyan desa Simpur, sisih kilen bebatesan kaliyan desa Kalisaleh, sisih ler bebatesan kaliyan kecamatan Randudongkal, lan sisih kidul bebatesan kaliyan desa Bulakan. Desa Sikasur sakmenika kalebet tlatah pegunungan ingkang endah lan subur. Asiling panaliten ngandharaken bilih adat/tradhisi paring sesajen rikala damel griya wonten ing Desa Sikasur dipunadani wiwit jaman rumiyin jamanipun sesepuh, sinaosa boten wonten ingkang mangertos taun saha wekdal ingkang jangkep ananging sampun saged dipunkinten kinten bilih adat/tradhisi menika kalampahan wiwit jaman panyebaran Islam wonten ing Tlatah Jawi kanthi paraganipun Kanjeng Sunan Kalijaga inggih menika salah setunggaling wali sanga ingkang gadhah tugas kangge nyebaraken agama Islam wonten ing Tlatah Jawi mliginipn Jawa Tengah. Miturut cariyosipun, Kanjeng Sunan Kalijaga ngginakaken cara paring sesajen rikala damel griya minangka salah setunggaling strategi kangge narik kawigatosanipun masarakat wonten ing Tlatah Jawi ingkang sakmenika taksih ngant agami Hindu-Budha supados purun sinau Agami Islam, strategi menika dipunpilah amargi masarakat jaman rumiyin taksih percados bab mistik/magis ingkang asalipn saking ajaran agama Hindu- Budha kala wau. Ananging wonten ing ajaran ingkang dipunsukakaken dening Kanjeng Sunan Kalijaga kala rumiyin objek/ingkang dipunsembah sampun beda saha anacas saking 5

sesajen kala wau ugi sampun dipunbedakaken inggih menika minangka srana/piranti kangge ngonjukaken raos syukur lan nyenywun dhateng Gusti Allah swt, sanes marang patung utawi sanesipun. adat utawi tradhisi menika wau kalampahan dumugi sakmenika dening masarakat ingkang taksih percados, ananging langkung kathah ingkang nindakaken sakmenika masarakat ingkang ngenut agami Islam mliginipn Islam Kejawen. Tradhisi/adat paring sesajen kala rumiyin boten namung kalampahan bilih damel griya kemawon, ananging wonten sedaya bab ingkang gayut kaliyan pagesangan, ananging dmugi sakmenika cara kanthi paring sesajen sampun awis awis dipuntindakaken amargi masarakat ing aman sakmenika sampun modern lan kathah ingkang boten percados bab kados mekaten. Wonten ing ngrembakanipun adat/tradhisi paring sesajen rikala damel griya sakmenika taksih dipuntindakaken dening masarakat Desa Sikasur kanthi arahan/tuntunan saking sesepuhsesepuh desa ingkang mangertos bab kasebat. wekdal/wanci ingkang dipunginakaken kangge paring/pasang sesajen inggih menika rikala badhe munggah molo. Asringipun pasang sesajen menika dipuntindakaken rikala siyang amargi sesajen dipunpasang sakbibaripun munggah molo. sesajen ingkang dipuncawisaken rikala masarakat Desa Sikasur damel griya sakmangke badhe dipunpanggenaken wonten ing salah setunggaling papan ingkang langkung wigatos saking peranganipun griya, inggih menika wonten ing kajeng ingkang dipunsebat Molo. Sesajen ingkang dipuncawisaken wonten ingkang dipungantungngginakaken tampahwonten ugi ingkang langsung dipunpanggenaken wonten ing kajeng 2. Pirembagan a. Ubarampe Sesajen Rikala Damel Griya Ubarampe sesajen rikala damel griya wonten ing Desa Sikasur Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang sakmenika boten temtu, tegesipun saben masarakat gadhah kapitadosan piyambak piyambak bab ubarampe ingkang sesajen, ananging gadhah ancas inkang sami. Cacah saha wjudipun sesajen boten wonten ingkang gadhah ukum wajib, tegesipun menawi sesajen kasebat boten jangkep, menika boten kenging menapa menapa, boten kedah dipungantos utawi dipunpadosi ngantos angsal. Werna werninipun ubarampe sesajen ingkang asring dipunginakaken inggih menika, wonten: (1) gendhera; (2) pisang7 jinis; (3) krambil; (4) tebu; (5) pantun; (6) kembang telon; (7) wewedangan (wedang teh manis, teh pait, kopi manis, kopi pait, toya wening, lan arang arang kambang); (8) suket jampang priyas; (9) godhong salam; (10) jajanan pasar; lan (11) raskan tiyang setri. Ubarampe sesajen ingkang kasebataken wonten ing nginggil menika boten kedah wonten utawi dipungantos kaliyan menapa kemawon bilih boten jangkep, amargi menika kala wau manut kaliyan kapitadosanipun tiyang ingkang gadhah damel. Ubarampe sesajen menika kala wau boten 6

gadhah sipat ingkang paten, tegesipun saged dipunkirangi, dipunewahi, dipuowahi, lsp. b. Makna Simbolis Salebeting Sesajen Rikala Damel Griya 1) Jajanan Pasar (Juada Pasar) Jajanan pasar utawi asring dipunsebat Juada pasar, sakmenika dipunginakaken minangka simbol kemasarakatan, amargi jinis/werninipun boten namung setunggal ananging kaperang saking mapinten pinten dhedhaharan pasar kadosta, wajik; arem arem; rengginang; kembang goyang, lsp. Wontenipun juada pasar ing ubarampe sesajen menika gadhah ancas supados tiyang ingkang sakmangke manggen wonten ing griya ingkang sakmenika taksih dipundamel saged tansah rukun saha bermasarakat wonten ing lingkungan 2) Pisang 7 jinis Pisang 7 jinis kasebat dipunginakaken wonten ing sesajen minangka simbol ingkang nggambaraken pepinginan utawi pangajab saking ingkang kagungan griya supados manggihi pagesangan ingkang gampil, amargi wit pisang menika menawi dipuntandur wonten pundi kemawon sampun mesthi saged tuwuh, saengga ancas saking dipunwontenaken pisang ing salebeting ubarampe sesajen rikala damel griya inggih menika supados tiyang ingkang gadhah griya menika saged gesang saha dipuntampi wonten pundi kemawon dening masarakat setempat. 3) Godhong Salam Godhong salam sakmenika minangka simbol kaslametan, ancasipun inggih menika supados tiyang ingkang sakmangke manggen wonten ing griya kasebat saged tansah dipunparingi kaslametan dunyo lan akherat. 4) Suket Jampang Priyas Suket jampang priyas menika gadhah ancas sami kaliyan godhong salam inggih menika minangka simbol kaslmetan. Saengga lumantar suket jampang priyas masarakat pitados bilih Gusti bakal paring kaslametan tumrap tiyang ingkang damel/gadhah griya kasebat. 5) Kembang Telon Kembang telon asring dipunpitados masarakat minangka srana kangge nimbali roh leluhur, amargi miturut sapeangan ageng masarakat Jawi ngandharaken bilih kembang telon menika dhedharan ingkang dipunremeni sanget dening leluhur mliginipun leluhur putri wonten ing tanah Jawi menika. Pramila kembang telon dipunginakaken masarakat Desa Sikasur kangge salah setunggaling ubarampe sesajen rikala damel griya minangka simbol raos kurmat marang roh leluhur ingkang baureksa wonten ing papan ingkang dipunginakaken kangge damel griya kasebat. 6) Klapa/Krambil krambil/klapa sakmenika gadhah makna simbolis minangka lambang serbaguna, tegesipun 7

kanthi parig sajen krambil menika masarakat Jawi percados bilih sakmangke priyantn ingkang kagungan griya kasebat saged migunani tumrap sinten kemawon wonten ing masarakat. 7) Wewedangan Wewedangan ingkang kaperang saking wedhang kopi manis, kopi pait, teh manis, teh pait, toya wening saha arang arang kambang sakmenika gadhah makna simbolis minangka wujud saking pepenginan manungsa ingkang werni werni. Ancasipun supados sakmangke menawi wonten sedherek utawi tangga teparo ingkang mertamu wonten griya saged paring sesuguhan ingkang dipunkersakaken. 8) Pari/pantun Pantun gadhah makna simbolis minangka tandha kemakmuran, ancasipun inggih menika supados priyantun ingkang kagungan griya tansah dipunparingi gampang gangsar anggenipun pados rejeki dening Gusti Allah swt. 9) Tebu tebu wonten ing salebeting ubarampe sesajen rikala damel griya inggih menika minangka wujud pepenginan supados griya ingkang sakmangke dipunpanggeni dening priyantun ingkang kagungan saged tansah bagya mulya gesangipun saha manis kados tebu kasebat. 10) Rasukan tiyang setri rasukan tiyang setri ingkang dipunginakaken kangge salah setunggaling ubarampe sesajen gadhah makna simbolis minangka wujd kaendhahan. Tegesipun griya menika gi gadhah raskan, rasukan kasebat awujud wosipun griya saha priyantun ingkang kagungan. Ancas saking ubarampe awujud rasukan tiyang setri menika inggih supados griya kasebat saged tansah ketingal endah lan ayu kados dene tiyang setri. 11) Gendhera Gendhera merah putih menika dipunpacang wonten ing perangan griya paling inggil, wonten ingkang dipunkibaraken saha wonten ugi ingkang namung dipunslampiraken ing kajeng utawi molo. Gendhera ing ubarampe sesajen menika simbol utawi tandha bilih tiyang ingkang damel griya kasebat kalebet tiyang Indonesia asli, gendhera kasebat ugi minangka tandha pakurmatan marang Bangsa lan nagari Indonesia. D. Panutup 1. Adat/tradhisi paring sesajen rikala damel griya wonten ing Desa Sikasur Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang Jawa Tengah menika dipunadani wonten ing dalemipun Bapak Riyanto. 2. Ubarampe sesajen rikala damel griya wonten ing Desa Sikasur Kecammatan Belik Kabupaten Pemalang inggih menika: Jajanan pasar (Juada Pasar), Pisang7 jinis, godhong salam, rumput jampang priyas, kembang telon, klapa, wewedangan (wedang teh manis, wedang teh pait, wedang kopi manis, wedang kopi pait, toya bening lan arang arang 8

kambang), pantun, tebu, rasukan tiyang estri, lan gendhera. 3. Makna simbolis sesajen rikala damel griya wonten ing Desa Sikasur Kecammatan Belik Kabupaten Pemalang inggih menika: (1) Jajanan Pasar (Juada Pasar) simbol kemasarakatan ; (2) Pisang 7 jinisdipunginakaken minangka simbol pagesangan ingkang gampil, lan tansah dipuntampi dening masarakat wonten pndi kemawon; (3) Godhong Salamsakmenika simbol kaslametan; (4) Suket Jampang Priyas dipunginakaken minangka simbol kaslmetan; (5) Kembang Telon dipunginakaken minangka dhedhaharan ingkang dipunremeni dening rohing leluhur putri/ minangka sarana kangge nimbali rohing leluhur; (6) Klapa/Krambil tandha/pepinginan tiyang ingkang gadhah griya supados tansah mignani kangge masarakat wonten ing pundi kemawon; (7) Wewedangan tandha/pepinginaning manungsa ingkang werna werni. (8) Pari/pantungadhah makna simbolis minangka tandha kemakmuran; (9) Tebu menika tandha/simbol bagya mulya; (10) Rasukan tiyang setri pratandha kaendahan; (11) Gendhera dipunginakaken minangka tandha tresna tanah air/ kamardhikan. 4. Ancas saking dipunadani adat/tradhisi paring sesajen rikala damel griya ing Desa Sikasur Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang Jawa Tengah, inggih menika: a. kangge tambahan seserepan dumateng panaliti sanes saha masarakat Jawi mliginipun Desa Sikasur Kecamatan Belik Kabupaten Pemalang bab menapa kemawon ubarampe saha makna simbolis wonten saklebetipun sesajen rikala damel griya. b. minangka prasarana kangge nuwuhaken raos kurmat antawisipun tiyang ingkang gesang kaliyan Gusti Allah, saha rohing leluhur jaman kepengker. kangge nglestantunaken adat/tradhisi kasebat minangka salah setunggaling kabudayan ingkang kedah dipunjagi saha tansah dipuntidakaken dening masarakat Jawi, mliginipun masarakat Desa Sikasur Kecmatan Belik Kabupaten Pemalang Jawa Tengah. KAPUSTAKAN Arif, Syaiful. 2010. Refilosofi kebudayaan pergeseran pascastruktural. Jogjakarta: ar-ruzz media. Danandjaja, James. 1984. FolklorIndonesia. Jakarta: Grafiti Endraswara, Suwardi. 2006. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. 2006. Metode, Teori, Tekhnik Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta: Pustaka Widyatama 9

. 2009. Metodologi Penelitian Folklor; Konsep, Teori dan Aplikasi. Yogyakarta: Media Pressindo. 2010. Folklore Jawa macam, bentuk dan nilainya. Jakarta: Penaku Ghony, Djunaidi & Fauzan Almanshur. 2012. Metode Penelitian Kualitatif. Yogyakarta: AR-RUZZ MEDIA Herdiyansyah, Haris. 2010. Metode Penelitian Kualitatif. Jakarta: Salemba Humanika Herusatoto, Budiono. 2008. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Ombak. 2009. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Ombak. Koentjaraningrat. 1984. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Balai Pustaka. 1990. Ilmu Pengantar Antropologi. Jakarta: PT Rineka Cipta n Kualitatif Proses & Aplikasi. Jakarta: PT Indeks. Kuswarno, Engkus. 2010. Menulis Ilmiah Metodologi Penelitian Kualitatif. Jakarta: Yayasan Pustaka Obor Indonesia Moleong, Lexy J. 2006. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung:Rosdakarya. Mulyana. 2006. Spiritualisme Jawa Meraba Dimensi dan Pergulatan Religiusitas Orang Jawa dalam Jurnal Kebudayaan Jawa Kejawen Universitas Negeri Yogyakarta. 2012. Panduan Tgas Akhir TAS/TABS. Yogyakarta: UNY Perss Pekei, Titus & Natalis Pakage. 2013. Menggali Nilai Budaya Tradisi Lisan Dari Papua. Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B WOLTERS UITGEVERS MAATSCHAPPIJ N.V GRONINGEN Putera, Nusa. 2011. Penelitia 10