NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

dokumen-dokumen yang mirip
NARASI KELISANAN DALAM TRADISI NGLIWETI PARI DESA JURANGJERO REMBANG

GAYA BAHASA DALAM KUMPULAN CERITA MISTERI JAGADING LELEMBUT PADA MAJALAH DJAKA LODANG TAHUN 2001

ALURE CERBUNG GARISING PEPESTHEN ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL Dheininggar Gustida N.

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

CERITA RAKYAT KI SONDONG MAJERUK DAN KI SONDONG MAKERTI DALAM PERSPEKTIF GREIMAS

Andreanes Fismathika Primatama S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

Piwulang Agama Sajrone Naskah Kitab Thareq (Kajian Intertekstual) Reni Leiliawati

Novel Juminem Dodolan Tempe Anggitane Tulus Setiyadi (Tintingan Sosiologi Sastra)

Pengembangan Medhia Explosion Box Tumrap Kawasisan Nulis Teks Geguritan

ANALISIS WACANA SOSIAL MANTRANI PENGASIHAN DENING WARGA ILMU SEJATI ING PONOROGO

Pengaruh Medhia Smart Card kanthi Teknik TS-TS tumrap Kawasisan Nulis Pasangan Ca, Ja, Ma, Ba, Ka, Ta, La

Pangaribawane Media Movie Maker Tumrap Kawasisan Nulis Karangan Eksposisi Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Ngimbang Taun Ajaran

PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016

ANAFORA GRAMATIKAL DAN LEKSIKAL DALAM NOVEL GARUDA PUTIH KARYA SUPARTO BRATA

Nilai Sastra Sajrone Dongeng Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUD POP-UP BOOK SISWA KLAS IX SMP NEGERI 19 SURABAYA

Set Prabot Pawon Adhedhasar Makna Referensial SET PRABOT PAWON ADHEDHASAR MAKNA REFERENSIAL. Andi Susilo

PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013

PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE SUNARKO BUDIMAN: Tintingan Strukturalisme Genetik. Dhita Puspitasari Sukendro ABSTRAK

NILAI MORAL SAJRONE CRITA RAKYAT BOJONEGORO PRABU ANGLING DARMA KANG WICAKSANA ANGGITANE SUHARMONO K: TINTINGAN RESPSI SATRA

TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN MANGGA TRESNA BUDAYA RADIO MTB FM SURABAYA. Hendra Setiawan ABSTRAK

Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Dosen Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya.

PANGEMBANGAN MODHUL DHIGITAL ABASIS WEB TUMRAP ASIL PASINAON MACA TEKS AKSARA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SIDOARJO

NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

Elipsis Jejer sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA. Choirunnisa

SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C JURNAL

SKRIPSI. oleh. Nama. : Elok Wahyuni. : Bahasa dan Sastra Jawa NIM. Program. Jurusan FAKULTAS

Kontraksi Tembung Basa Jawa ing Cecaturan Masyarakat Wilayah Jombang

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

Moralitas Sajrone Cerbung Nggayuh Lintang Anggitane Tiyasti MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI

PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

ASPEK SOSIO-POLITIK SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PAGELARAN ANGGITANE J.F.X HOERY (TINTINGAN STRUKTUR BATIN LAN ASPEK STILISTIK) Dening:

LELEWANING BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITAN SALAM SAPAN SAKAGUNUNG GAMPING ANGGITANE NARYATA: Tintingan Stilistika

Ngundhakake Kawasisan Nulis Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Kanthi Teknik Bursa Kata Siswa Kelas VIII B SMP Negeri 3 Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

Ummi Mahmudah S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA dan

Dayane Media Audiovisual Slide Bersuara Tumrap Undhaking Kawasisan Ngapresiasi Crita Rakyat Siswa Kelas VIII SMP N 4 Ngawi Taun Ajaran

Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG SKRIPSI

TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

BENTUK DAN MAKNA NAMA-NAMA BANGUNAN POKOK DI KERATON KASUNANAN SURAKARTA SKRIPSI

Basa Jawa Siswa Kelas VII SMP Negeri 1 Pucuk Lamongan Taun Ajaran 2012/2013

PERJUWANGANE WANITA PLANYAHAN SAJRONE CERBUNG LINTANG-LINTANG DADI SEKSI ANGGITANE SAWITRI: Tintingan Dhekonstruksi

ASPEK KONJUNGSI DALAM CERITA BERSAMBUNG (CERBUNG) BASKARA MUNCAR PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA

MANTRA SAJRONE NASKAH SERAT RUWAT MURWAKALA LAN PROSESI RUWAT MURWAKALA

Aspek Pragmatik Maksim Kerjasama sajrone Humor ing Medhia Sosial Ketawa.com

PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (Tintingan Folklor)

KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN

t (, ) = 2,000 sajrone panliten II. Kaloro asil kasebut kagolong signifikan. Asil kasebut uga

MAKNA SAJRONE NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANE SUPARTO BRATA (Tintingan Struktural)

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA

Model Kooperatif Tipe Grop Investigasi Kanggo Ngundhakake Kawasisan Nulis Aksara Jawa

Purwaka Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya.

SRI HAPSARI PURWANTI

SESAMBUNGANE LEGENDHA DESA WOTANMAS JEDONG LAN CANDHI JEDONG ING KECAMATAN NGORO KABUPATEN MOJOKERTO (Tintingan Folklor)

MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAW

Meyra Hartantika Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

ASPEK FILOSOFIS SAJRONING CERGAM (CRITA GAMBAR) ASMARA PEGAT JIWA ANGGITANE ARIPURNA

MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA)

UPAYA NGGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR

Tatag Wiramustika Yudha Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya

NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

MAKNA SIMBOLIS BANYU TUK PITU ING TRADHISI RUWATAN RRI MADIUN (Tintingan Folklor)

ENDANG TRI WAHYUNINGSIH

A. RUMAH PANGGANG PE A. OMAH PANGGANG PE

PEMAKAIAN BAHASA JAWA MAHASISWA PENUTUR NGAPAK DI LINGKUNGAN FBS UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

PEPRINCEN SEMANTIS TEMBUNG KRIYA KANG NDUWENI TEGES NGOMONG

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMA KANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK

TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO, KECAMATAN PLUMPANG, KABUPATEN TUBAN

"Pidhato Basa Jawa Kanthi Modhel Pamulangan Langsung"

Ngundhakake Katrampilan Nulis Teks Pawarta Lumantar Medhia Foto Sawenehe Kagiyatan Siswa Klas VII D SMP Sukomoro Taun Pamulangan 2015/ 2016

BUPATI SEMARANG SAMBUTAN BUPATI SEMARANG PADA ACARA PAMERAN BUKU MURAH KABUPATEN SEMARANG TAHUN 2014 TANGGAL 27 NOVEMBER 2014

Ngundhakake Kawasisan Apresiasi Tembang Macapat Sinom Kanthi Modhel Pembelajaran Kooperatif Tipe STAD

UKBM BHS JAWA-3.1/4.1/1/1-1 BAHASA JAWA

Tintingan Postkolonial. Resistensi tumrap Kolonialisme sajrone Cerbung Racun-Racun ing Puri Buleleng Anggitane Suroso Bc. Hk.: Tintingan Postkolonial

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA FAKULTAS BAHASA DAN SENI JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

Piwulang Islam sajrone Naskah Israrul Ushul. Padriana Ayu Jayanti Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA

TRADHISI SURAN AGUNG WARGA PERSAUDARAAN SETIA HATI ING KUTHA MADIUN (Tintingan Sinkretisme Budaya) Muhammad Reza Anugerah ABSTRAK

LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN LINTANG ING LANGIT WENGI (NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA)

UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016

PARAGA WANITA SAJRONING CERBUNG TRESNAKU MUNG SEPISAN ANGGITANE ISMOE RIANTO : TINTINGAN KRITIK SASTRA FEMINIS

KADURJANAN SAJRONE CRITA TEMANTEN ADUS GETIH ANGGITANE SRI ADI HARJONO TINTINGAN STRUKTUR LAN ASPEK SOSIOLOGIS

Owah-Owahane Tegese Tembung ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate OWAH-OWAHANE TEGESE TEMBUNG ING BASA JAWA ADHEDHASAR DRAJATE

Dinamika Struktur Teks Lan Kapribadhene Paraga Utama Wanita Sajroning Cerbung Nuruti Karep Anggitane Wisnu Sri Widodo

ABSTRAK. Kata Kunci: Simbol, makna, ajaran, semiotik, Serat Suluk Kaga Kridha Sopana.

MITOS LAN LEGENDHA SAJRONE CERBUNG UMBUL SUNGSANG ANGGITANE AL ARIS PURNOMO (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA)

NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG KANTHI MODHEL NUMBERED HEADS TOGETHER LUMANTAR MEDHIA AUDIO SISWA KELAS 7 A SMPN 6 TULUNGAGUNG

SINESTESIA PADA TUTURAN MAHASISWA PBSJ FBS UNNES SKRIPSI

NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGAPRESIASI DONGENG KANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD SISWA KELAS 8B SMP NEGERI 6 TULUNGAGUNG

Tembung wigati: tindak tutur ngelem, masyarakat, cara medharake, pananggepe mitratutur, konteks sosial

Kapitayan Tradhisi Adeg Griya Madhep Ngalor ing Dhusun Jombok Desa Sembungin Kecamatan Bancar Kabupaten Tuban

LELEWANE BASA SAJRONE CRITA SAMBUNG WATESING KASABARAN ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN STILISTIKA) DWI LISTIANINGSIH

Legendha Pesarean Raden Ayu Putri Oncat Tandha Wurung ing desa Terung Wetan Kabupaten Sidoarjo

UKARA PAMRAYOGA JURNAL

METONIMI ING BASA JAWA MASYARAKAT DESA SOBONTORO, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG

Wujud Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa sajrone Antologi Cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana Pengelolaan

Transkripsi:

NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK ARIS TRIYANTO FBS UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Tiwiek S.A. mujudake pengarang sastra jawa gagrag anyar periode taun 1970an. Pengarang saka tlatah Tulungagung iki kalebu produktif, salah sawijining novel karyane Tiwiek S.A. kanthi irah-irahan Carang-Carang Garing. Novel CCG kalebu novel realisme tragis, ing sajrone novel ana unsur-unsur intrinsik kang narik kawigaten kanggo dionceki, sarta maknamakna ang kinandhut ing sajrone novel bisa dadi wejangan ing jrone urip, novel CCG uga narik kawigaten yen digoleki kepriye larah-larahe. Mula saka kuwi novel CCG iki bakal dionceki nganggo teori Strukturalisme Genetik. Panliten iki bakal nintingi novel Carang-Carang Garing adhedhasar teori strukturalisme genetik. Dene underane panliten yaiku (1) Kepriye struktur intrinsik novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A.? (2) Apa makna jrone novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A.? (3) Kepriye mula bukane Tiwiek S.A. bisa ngripta novel Carang-Carang Garing? Sacara umum, panliten iki nduweni tujuwan kepingin nintingi novel Carang-Carang Garing adhedhasar teori strukturalisme genetik. Dene sacara khusus, panliten iki nduweni tujuwan (1) Ngandharake kepriye struktur intrinsik novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A., (2) ngandharake Apa makna jrone novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A.lan (3) ngandharake kepriye mula bukane Tiwiek S.A. bisa ngripta novel Carang-Carang Garing. Adhedhasar tujuwan kasebut, panliten iki nduweni ancas bisa aweh sumbangsih kanggo pangrembakane kasusastran jawa gagrag anyar, mligine apresiasi sastra jawa utawa kritik sastra. Panliten iki migunakake rantaman metode diskriptif kualitatif kang kapandhu dening tintingan strukturalisme genetik. Sumber dhata ing panliten iki arupa novel CCG anggitane Tiwiek S.A. sadurunge dadi novel, CCG nate kapacak ing majalah Jaya Baya no 46-04 taun 1983 awujud cerbung lan didadekake novel ing taun 2009, novel iki nduweni 128 kaca lan 13 babag. Cara ngumpulake dhata yaiku nemoake unit analisis lan nyathet dhata, banjur dianalisis nganggo teori strukturalisme genetik. Asiling panliten iki cunduk karo underaning panliten, (1) struktur intrinsik novel CCG, ing sajroning novel CCG ana tema mayor lan tema minor. Unsur intrinsik kapindo yaiku ngenani paraga lan wewatakane. Ing jroning novel CCG paraga diperang dadi papat, antarane yaiku paraga protagonis, paraga antagonis, paraga samping lan parga tambahan. Alur sing digunakake yaiku alur campuran. Konflik sajrone novel CCG diperang dadi loro yaiku konflik eksternal lan

konflik internal. Latar utawa setting ing jrone Novel CCG sing digawe dening sastrawan yaiku telu, Tulungagung, Surabaya, lan Malang. Latar utawa setting digawe manekawarna supaya pamaos ora bosen anggone maca lan supaya ora monoton anggone nyritakake kadadeyankadadeyan. (2) makna kang ana ing sajrone CCG kayata, sapa sing salah bakal seleh. Ing jrone novel uga ngelingake marang wong sing milik marang bandhane liyan, merga melik kuwi mesthi nggendhong lali. Ing sajrone novel, Tiwiek S.A. uga nampilake babagan katresnan. Critane bisa dienggo sinau yen sapa sing nyebarake katresnan kudu ngati-ati, amarga yen wis kadhong cidra bisa dadi dhendham, kamangka dhendham kuwi mbebayani. (3) Larah-larahe reriptane novel Carang-Carang kawiwitan saka sambung tresna mudha mudhi. Babagan kang ana gegayutane karo judul yaiku wong cilik kang urip rekasa. Tiwiek S.A. uga nyritakake ngenani wong sugih ora nduwe anak merga ing bebrayan akeh kadadeyan wong sugeh sing ora nduwe anak. Dene larah-larah liyane yaiku ngenani mitos sing mbaureksa, ing jroning novel CCG mitos ngenani sing mbaureksa didadekake babagan kang mungkasi sakabehaning prakara. Uga sakabehe tumindak candhala mesthi bakal cilaka, tumindak candhala bakal cilaka kuwi pepuntone wong jawa.

A. Purwaka Karya sastra mujudake asil kreasine sastrawan kang tinulis nganggo piranti basa. Kanthi karya sastra kuwi para sastrawan bisa nyuntak gagasan utawa angen-angen kang ana sambung rapete karo kadadean ing sajroning uripe. Sabanjure, kadadean-kadadean kang dilakoni lan diweruhi dironce karo imajinasine sastrawan saengga bisa ngasilake karya sastra. Teeuw (1970:181) ngandharake yen jagading sastra kuwi kadadean saka imajinasi kang kompleks kang ing jerone ana pralambang kang dadi salah sawijining unsur estetik kang kudu dimangerteni dening pamaos. Mula saka kuwi, maknane karya sastra ora mesthi ditentokake dening sastrawan, jalaran pamaos uga nduweni imajinasi gegayutan karo karya sastra sing diwaca. Wellek lan Werren (1995: 109) ngandharake yen sastra kuwi ngandharna babagan urip lan panguripan kang lumrah ana ing bebrayan agung lan adhedhasar kahanan-kahanan sosial tartamtu. Sosiologi lan sastra mujudake babagan kang nduweni gegayutan kang raket saengga teks sastra bisa dikaji nganggo kajian sosiologi. andharan kuwi laras karo andharane Damono (1979: 7) ngandharake yen sosiologi kuwi kajian kang objektif lan ilmiah ngenani manungsa lan bebrayan, uga bisa ditelaah ngenani lembaga lan proses sosiale.sastrawanne sawijining karya sastra bisa mujudake kahanan sosial kang ingjrone antarane yaiku gegayutan antarane manungsa kelawan manungsa, bebrayan lan budayane. Novel yaiku carita kang awujud prosa kang dawa caritane, lan sajroning novel kasebut diceritakake panguripan sadina-dina. Sawijining novel nduweni kalodhangan kanggo njlentrehake karaktering paraga sajroning pirang-pirang wektu. Jembaring perangan wektu kasebut bisa ndadekake sastrawan novel supaya ora grusa-grusu anggone nepungake paraga lan nampilake kadadean kanthi luwih cepet. Novel menehi gambaran marang pamaos tumrap kahanan sastrawan nalika novel kuwi diripta. Najid (2002:19) ngandharake, novel uga bisa nampilake carita kanthi dawa, ngenani panguripane manungsa. Iku jalarane, prakaraprakarakang didadekake minangka tema sawijining novel malah luwih njlimet lan komplek. Nurgiyanto (1998:22) ngandharake yen novel kuwi minangka totalitas, novel nduweni perangan-perangan kang ana gegayutane antarane perangan sing siji lan perangan sijine lan padha-padha mbutuhake. Totalitas kuwi arupa tembung, basa lan unsur pambangun Nurgiyantoro (1998:23-24) nduweni pamawas yen ing sajrone karya sastra ana unsurunsur intrinsik lan ekstrinsik. Unsur-unsur intrinsik mau kang dadi titikane panliten karya sastra yaiku kadadean, carita, paraga, plot, tema, latar, sudut pandang panyritane, basa,

lageyaning basa, lsp. Dene unsur ekstrinsik kuwi ngugemi pirang-pirang babagan ing jrone, kayata filsafat, sosiologi, moral, psikologi, lan sapinunggalane. Babagan-babagan kuwi ora bisa ilang jroning ngonceki karya sastra. Hutomo (1975:70) ngandharake yen novel kuwi mujudake corak anyar ing sajrone genre sastra Jawa. Jinising sastra iki minangka salah sawijining wujud sastra kang oleh daya pangaribawa langsung saka kulon, mligine sastra walanda. Kaya kang wus kawuningan, kasusastran Jawa wiwit ngrembaka ana ing nuswantara wiwit abad 20-an. Wektu iku daya pangaribawane sastra kulonan tumrap kasusastran Jawa ndadekake sastra Jawa wiwit wektu iku katelah sastra Jawa modern Kasusastran Jawa modern minangka sawijining babagan kasusastran Jawa sairing karo tuwuhe jinis-jinis ing sastra Jawa kang arupa novel, cerkak, cerbung, lan geguritan, lan jinisjinis karya sastra mau prasasat meh kabeh niru kasusastran Barat. Quinn (1995:44) ngandharake yen novel Jawa kuwi ngrembaka ing kahanan tartamtu, lan mung salin wujud saka kasusastran Barat nanging nyatane bisa ditampa caritane dening wong Jawa. Salah sawijining novel kang narik kawigaten kanggo dionceki yaiku novel Carang- Carang Garing reriptane Tiwiek S.A. Tiwiek S.A. mujudake sastrawan sastra Jawa dekade th 1970-an kang wis akeh ngasilake karya sastra. dheweke wiwit nulis ing taun 70-an bebarengan karo sastrawan-sastrawan gedhe liyane kayata Suharmono K, Suryadi W.S. Suryanto Sastraatmadja, Sri Suyono, RM Yunai, Aryono KD, Yes Ismie Suryaatmaja. Sing narik kawigaten saka novel CCG yaiku carane Tiwiek S.A. njlentrehake uripe kaluwargane Suyatman kang sarwa kacingkrangan. Ing jrone novel dicaritake kanthi jangkep kepriye kahanane wong kang ora nduwe, pamikiran-pamikiran cupet yen wong lagi kepepet prakara. Mula saka kuwi novel CCG narik kawigaten kanggo dianakake panliten, kaya kang diandharake Ratna (2004;172) Strukturalisme Genetik bisa ditrepake kanggo reriptan kang jangkep.mligine kanggo reriptan kang nduweni kadadean-kadadan jrone urip lan ing bebrayan, saengga bisa nuwuhake sawijining jagad kang diarani jagading pamikirane sastrawan lan sabanjure dadi jagad kanggo sastra kang diripta. Novel CCG uga nyuguhake babagan katresnan marang pamaos. Kayata carita katresnan antarane paraga Darmini lan Bambang kang wusanane ndadekake wanita kuwingandhut nganggur.kadadean kaya ngene yen ana ing bebrayan Jawa wis diarani ora lumrah, ateges kuwi nandhakake yen dheweke kuwi wanita kang ora bener, wanita

gampangan.bambang kang ora gelem tanggung Jawab lan mung isa janji-janji thok marang Darmini nanging janji kuwi ora ana terusane.konflik-konflik lan aluring carita CCG ora mulek luwih asipat sderhana lan kompleks, saka kuwi bisa dimangerteni yen novel CCG ringkes nanging nges yen dirasakna saengga struktur-struktur ing jrone bisa dianalisis kanthi gamblang. Sktrukturalisme Genetik yaiku sawijining tintingan sastra kang diwiwiti saka unsur intrinsik minangka dhata utamane, banjur nggayutake unsur mau kalawan kasunyatan ing bebrayan, lelandehsan strukturalisme miturut Goldmann (jroning Teeuw, 1988:i53) lelandhesane Strukturalisme Genetik miturut Goldman, yaiku pamawase jagading sastrawan sajroning ngripta asil karyae. Mula ing jrone panliten iki kang dadi punjere yaiku pamawas jagading sastrawan kalawan gegayutane karo jejere minangka wakil utawa perangan saka bebrayan. B. Metode Panaliten Metode panliten miturut Arikunto (1996:150) yaiku piranti, tata-cara, lan teknik kang digunakake panliti kanggo nindakake panliten. Kanthi nggunakake metode panliten kang pener saengga panliten ora nyimpang saka tata-cara ilmiah, saengga dhata kang digawe bisa objektif, magepokan karo bab kasebut, kang diandharake ing perangan iki ngenani ancangan panliten, dhata lan sumber dhata, metode pustaka, tata-cara nyampekake dhata, saha carane nganalisis dhata. 2.1 Ancangan Panliten Panliten ngenani novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A. mujudake panliten kualitatif. Ratna (2004:47) ngandharake yen panliten kualitatif menehi pangerten ngenani dhata alamiah,yaiku dhata kang gegayutan karo konteks panggonane. Sarehne panliten iki kanthi objek karya sastra, mula digoleki gegambaran karya sastra lan bebrayan kang ana gandheng rentenge karo prakara-prakara sosial sajrone bebrayan

2.2 Dhata lan Sumber Dhata 2.2.1 Dhata Panliten Dhata ing kene awujud tembung, firasat, lan ukara-ukara ing sajrone novel CCG kang gegayutan karo underaning panliten, tujuwane panliten uga katrangan sejarah uripe sastrawan lan saka kasunyatan saiki. Laras karo andharan kuwi, panliten kanthi objek novel CCG anggitane Tiwiek S.A., dhata awujud tetembungan lan ukara kang gegayutan karo (1) Struktur intrinsik novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A., (2) Makna jrone novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A., (3) mula bukane Tiwiek S.A. bisa ngripta novel Carang-Carang Garing. 2.2.2 Sumber Dhata Sumber dhata ing panliten iki arupa novel CCG anggitane Tiwiek S.A. sadurunge dadi novel, CCG nate kapacak ing majalah Jaya Baya no 46-04 taun 1983 awujud cerbung lan didadekake novel ing taun 2009, novel iki nduweni 128 kaca lan 13 babag. Kajaba novel, sumber dhata liyane awujud asil wawancara, artikel lan sapinunggalane. Sumber penunjang ing panliten iki arupa panliten sadurunge lan buku literatur kanggo lelandhesan analisis. 2.3 Tata Cara Ngumpulake Dhata Dhata digawe minangka bahan baku ing panliten. Panjupuke dhata saka sumber nduweni metode lan cara-cara tartamtu. Saben metode kang beda, tata cara ngumpulake dhata uga beda. Mula saka kuwi, ing panliten iki tata cara kang digawe kanggo ngumpulake dhata kaya ing ngisor iki. Tata cara kang digunakake kanggo ngumpulake dhata miturut Endaswara (2003:162-163) diperang dadi 3 yaiku. 1. Nemtokake unit analisis Saka kabeh dhata kang wis dikumpulake, diperang dadi loro yaiku perangan ciik karo luwih rinci kanggo nggampangake panliti anggone nglasifikasekake dhata kang arep ditliti. 2. Nemtokake dhata

Yen karya sastra kuwi arupa novel mula luwih dhisik ditemtokake sapa sastrawane, taun terbit, jnenge penerbite, lan apa bae kang ana gegayutane karo novel kuwi. 3. Nyathet dhata Ing panliten sastra mligine sastra tulis, dhata kang arep ditliti arupa dhata simbolik lan perlu anane cathetan-cathetan. Anggone nyathet dhata ana saperangan pituduh sing perlu digatekake, yaiku latihan lan persiapan kang mateng saengga bisa nyathet kanthi pener, nyathet bab kang ngemu pesen lan makna simbolik, lan nyathet tetembungan kang ora dimangerteni. Adhedhasar tata cara kang diandharake ing dhuwur, carane ngumpulake dhata ana saperangan trap-trapan yaiku: kapisan, tuku utawa fotokopi novel CCG anggitane Tiwiek S.A. Kapindho, maca bola-bali novel mau saengga bisa mangerteni isine carita. Katelu, nengeri tetembungan kang dianggep kata kunci nganggo pensil. 2.4 Tata Cara Analisis Dhata Tata cara nganalisis dhata yaiku yaiku cara kang digunakake kanggo nganalisis dhata, Arikunto (2002:233). Panliten iki nggunakake teknik analisis deskriptip. Metode deskriptip digunakake nalika analisis dhata. Bab kasebut ditengenake amerga metode iki digunakake kanggo ndeskripsikake kanthi cara objektif ngenani kahanan kang ana ing bebrayan ngenani kadadean kang dumadi sajroning novel CCG kasebut. Ing ancangan panliten mau analisis kang digunakake yaiku analisis sing diandharake Ratna (2004:339-340). Analisis kasebut ditindakake kanthi cara nintingi prakara-prakara kang kinandut ana ing sajroning reriptan sastra kasebut. Sawise iku digayutake karo kasunyatan ing sajroning bebrayan. Mula saka iku, panliten iki anggone nganalisis ditindakake kanthi trap-trapan kaya ing ngisor iki: 1) Maca lan nyinaoni dhata kanthi tliti lan nengeri ukara utawa tetembungan kang wigati lan dianggep kata kunci. 2) Nengeri lan nyathet (identifikasi) perangan-perangan carita kang ngemu surasa wigati. 3) Nggawe klasifikasi adhedhasar tanda lan cathetan kang digawe salaras karo masalah panliten. 4) Nggawe analisis dhata kang wis diklasifikasekake, yaiku:

a. Nintingi struktur intrinsik ing novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A. b. Nintingi makna jrone novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A. c. Nintingi kepriye larah-larahe novel Carang-Carang Garing bisa diripta dening Tiwiek S.A. C. Asile Panliten Salah sawijining prakara kang wigati tumrap panliten kanthi tintingan Strukturalisme Genetik yaiku kudu bisa mangerteni apa kang bisa dionceki nganggo tintingan kuwi mau. Strukturalisme Genetik ora bisauwal saka anane unsur intrinsik lan ekstrinsik. Saka underan kapisan yaiku ngenani struktur intrinsik novel CCG, ing sajroning novel CCG ana tema mayor lan tema minor. Tema mayor mbahas ngenani lelakone Darmini lan Bambang, Darmini dadi wanita sing wis dicidrani dening Bambang jalaran satemene dheweke kuwi wanita sing ringkih ananging yen atine wis serik bisa nglakoni tumindak rajapati. Dene tema minor yaiku ngandharake kahanane wong cilik sing pengin mulya uripe kanthi cara gampang sing wusanane malah ndadekake kasurang-surang. Unsur intrinsik kapindo yaiku ngenani paraga lan wewatakane. Ing jroning novel CCG paraga diperang dadi papat, antarane yaiku paraga protagonis, paraga antagonis, paraga samping lan parga tambahan. Kang kalebu paraga protagonis yaiku Darmini lan Heru, watake Darmini kuwi nriman, mentalan lan nekad, dene watake Heru kuwi sabar, nduweni pangapura kang gedhe, tresna marang kulawarga lan rakyate. Paraga antagonis yaiku Suyatman lan Bambang, watake Suyatman kuwi kaku, mbrengkela, gampang nesu, dene watake Bambang kuwi sneng ngapusi lan ora nduweni tanggung Jawab. Paraga samping sing mungkasi konflik kuwi Adriyanto, paraga 100 samping nduweni guna kanggo mungkasi prakara-

prakara kang kadadeyan ing novel. Dene paraga jejangkep yaiku Darminah lan Sumi, paraga jejangkep dianakake kanggo njangkepi crita lan anane paraga jejangkep merga ana paraga utama. Alur sing digunakake yaiku alur campuran. Crita saka wiwitan banjur ing satengahing crita, crita mbalik nyritakake kedadeyan sing kepungkur, sawise dirasa cukup crita banjur diterusake nganti pungkasan. Konflik sajrone novel CCG diperang dadi loro yaiku konflik eksternal lan konflik internal. Konflik eksternal ngandharake ngenani larahlarahe nganthi tumekane patine Wawan. Dene konflik internal ngandharake konflik batin paraga Darmini. Latar utawa setting ing jrone Novel CCG sing digawe dening sastrawan yaiku telu, Tulungagung, Surabaya, lan Malang. Latar utawa setting digawe manekawarna supaya pamaos ora bosen anggone maca lan supaya ora monoton anggone nyritakake kadadeyankadadeyan. Maknakang kinandhut jrone novel CCG yaiku nebarake katresnan kudu ngati-ati, ing kene sing dibahas yaiku ngenani paraga Darmini sing ora ati-ati anggone nebarake katresnan kang wusanane diapusi dening Bambang. sabanjure yaiku dhendham kesumat kuwi mbebayani, Ing bab iki bakal diandharake ngenani dhendham kesumate Darmini marang Bambang. Darmini dhendham merga dheweke kuciwa marang Bambang sing wis mblenjani janjine yaiku saguh ngrabi Darmini, nganthi dhendhame kuwi ndadekake Darmini tage merjaya Bambang. maknakang ana gegayutane karo panguripane wong cilik kuwi melik nggendhong lali. Suyatman sing melik marang bandhane Heru nganthi lali marang paugeranpaugeran agama sing ndadekake dheweke nganthi merjaya Wawan. Makna sabanjure yaiku sapa sing salah bakal seleh, ing kene sing salah yaiku Suyatman lan Bambang, merga salahe Suyatman dikunjara lan Bambang nemahi pati.

Tiwiek S.A. ngripta novel CCG adhedhasar kayata ngenani sambung tresna mudha mudhi. Ing bebrayan babagan sambung tresna pancen wis lumrah, mula babagan kuwi dilebokake kanggo nambahi nges ing crita. Uga ngenani wong cilik kang urip rekasa, panguripane wong cilik ing jrone novel CCG diibaratake karo carang-carang garing sing ora migunani. Ing bebrayan nasibe wong cilik ya kaya mangkono, ora diajeni marang liyan. Uga ngenani wong sugih ora nduwe anak. Ing bebrayan akeh kadadeyan wong sugih sing ora nduwe anak, masiya dheweke sugih ananging omah-omahe durung jangkep merga ora nduweni anak. Kuwi kaya critane Heru lan Tutik. Babagan liyane yaiku mitos sing mbaureksa, ing jroning novel CCG mitos ngenani sing mbaureksa didadekake babagan kang mungkasi sakabehaning prakara. Bisa uga sastrawan nggawe mitos sing mbaureksa merga mitos ngenani sing mbaureksa pancen wis ana ing saben-saben dhaerah. Awit saka kuwi kanggo nggampangake pamaos ngerteni crita mangka pungkasaning crita dipungkasi nganggo mitos. Makna novel yaiku ngenani mula bukane novel CCG ngenani tumindak candhala bakal cilaka, tumindak candhala bakal cilaka kuwi pepuntone wong Jawa. Tiwiek S.A. nglebokake babagan kuwi kanggo makna ing jrone novel. D. Saran Panaliten iki isih adoh saka kasampurnaan amarga mung diwatesi nliti ing unsure strukturalisme genetik sajrone novel Carang-Carang Garing. Mula sejatine isih akeh kang bisa ditliti utawa dianakake panliten liya, apa saka kajian sosiologi sastra, psikologi sastra utawa budaya, supaya bisa nuwuhake panliten-panliten liya ing babagan iki kang luwih sampurna lan bisa kanggo majokake ilmu sastra lan nambah khasanah kasustraan Indonesia utamane Jawa yaiku ngenani novel jawa

E. Daftar Pustaka Aminuddin. 2004. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo Arikunto, Suharsimi. 1996. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktek. Jakarta: Rineka Cipta Arikunto, Suharsimi. 2002. Prosedur Penelitian. Jakarta: Cipta Damono, Sapardi Djoko. 1979. Sosiologi Sastra: Sebuah PengntarRingkas. Jakarta: Pusat Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Depdikbud Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra. Jakarta: PT Buku Kita Endraswara, Suwardi. 2008. Metode Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Media Pressindo Endraswara, Suwardi. 2010. Falsafah Hidup Jawa. Yogyakarta: Cakrawala. Faruk. 2003. PengantarSosiologi Sastra dari Strukturalisme Genetik Sampai Post- Modernisme. Yogyakarta: Pustaka Jaya Offset Hutomo, Suripan Sadi. 1975. Telaah Kasusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Koentjaraningrat. 1990. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Balai Pustaka Koentjaraningrat. 1996. Pengantar Antropologi 1. Jakarta: Balai Pustaka Koentjaraningrat. 2000. Kebudayaan Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama Najid, Moh. 2002. Apresiasi Prosa Fiksi dan Drama. Surabaya: Taman Nadiyah Azzala Najid, Moh. 2002. Mengenal Apresiasi Prosa Fiksi. Surabaya: University Press bekerja sama dengan Kreasi Media Promo Nurgyantoro, Burhan. 1998. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press Pradopo, dkk. 2002. Metode Penelitian Sastra. Yogyakarta: Hanindita

PASARUJUKAN Panliten dening :.Aris Triyanto NRM :.082114207 Irah-irahan : Novel Carang-Carang Garing Anggitane Tiwiek S.A. Kawawas Saka Teori Strukturalisme Genetik Dosen Pembimbing, Drs. Sugeng Wiyadi. NIP 196412081994031002196810051994031001